27 Jun 2013

Ilmu Pelet Paijo

6/27/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng Dalu luuur,,,
kepanggih maleh kaleh PAIJO,,,
Nek jarene mbah dukun iku gawe melet cewek kudu nyolong Cawet iku wes biasa,,, Bedo nek paijo, karo mbah dukun di kongkon nyolong KoTaNG

MBAH DUKUN : le nek pengen ritualmu sempurno bengi iki jam12 nganti jago kluruk kowe kudu oleh KoTaNGe arek wedok sing kok senengi,,

""paijo langsung mangkat nyolong neng omahe srintel ngemati neng pemean(jemuran) sing pating gembrandul,
paijo Nganti bingung nek milih mergo wedi konangan wong-wong,,
paijo langsung nyaut siji kotange, langsung di wadai plastik kresek karo mlayu,,,,

MBAH DUKUN : piye le,wes oleh urung,,,

paijo : sampun mbah,niki kulo buntel plastik kresek

MBAH DUKUN : nek wes oleh,mlebuwo kamar KoTaNG kuwi mau gawenen raup (usapono neng raimu ben tambah bagus)

"paijo merem merem karo moco jopo montro,,,
raine di usep usep kotang,,
sak wis e ngusap rai ne,,, paijo metu soko kamar,,,
mbah dukun nganti bingung ngerti rupone paijo

MBAH DUKUN : kowe sopo,,,? kok mlebu kamarku

paijo : kulo paijo,,,, nopo rupo kulo pun maleh bagus mbah

MBAH DUKUN : wes le,kowe sak iki wes maleh
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
.
KOYOK ANAK'AN GENDRUWO

paijo : nopo syarate wonten sing kliru mbah,,,

MBAH DUKUN : aku kan wes ngomong,kowe nyolongo Kotang,,, kok kowe malah nyolong
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GOMBAL LAP KOMPOR
,
,
,
sing OL soko kutho ngendi,, ojo lali jempole kanggo perseduluran,,,
,
,
,
[Kang Men]

19 Jun 2013

Bojo Loro (2)

6/19/2013 Posted by Unknown No comments
Bengi bengi neng njero kamar paijo ngrayu srintel,
nek paijo ngrayu biasane enek sing di karepne

paijo : dik Sri,,, kok sawangane sampean pirang pirang dino kok
katon kesel(ngrayu karo mijit mijit pundak'e srintel)

srintel : iyo mas,ngurusi anak,neng dapur,urung nek PKK neng
kampung

paijo : ngono to dik abot temen penggaweane,
dik ngendi maneh iki sing kesel(karo mijiti sikil)

srintel : yo mesti abot mas penggaweane wong wedok neng
ngomah iku

paijo : dik aku arep ngomong karo sampean,,,,

srintel : arep ngomong opo,ora uSAh sungkan...

Paijo : ngene lho,anak'e dewe kan weS gede, wes sekolah aku iki
pengen nambah...

Srintel : olah mas nek tambah, sopo sing ngurusi anak siji wae aku
wes kewalahan

paijo : maksudku Mengko nek awak'e dewe nambah kan iso
ngewangi tandang gawene sampean

srintel : yo ora to mas malah remuk kabeh awakku,,,

paijo : wes to dik ora ora nek sampean kesel,,,,
aku wani jamin penggaweane sampean bakal ringan,enteng kabeh,,,
nek sampean ngijini aku nambah .
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
BOJO LORO (2),KAN ISO DI BAGI TUGASE

""Srintel mencak mencak karo mangan guling""

srintel : ngono to mas penjaluk'ane sampean,tapi enek syarate

paijo : (atine paijo lego plong neng njero dodo karo mesem mesem
ngelus jenggote) syarate opo dik bakal tak turuti,,,,

srintel : syarate gampang kok mas,aku ora njaluk
omah,mobil,utowo bondo

paijo : wes ora usah kakean ngomong opo syarate,,,,

srintel : syarate sampean gelem
.
.
.
.
. .
.
.
,
.
. .
.
.
SUNAT PING LORO MANEH,KAN SAMPEAN NJALUK BOJO LORO(2)

""paijo mlayu karo dekep manuk CUCAK ROWONE""
.
.
.
[Kang Men]