Tampilkan postingan dengan label Parik'an. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Parik'an. Tampilkan semua postingan

13 Mar 2017

12 Mar 2017

11 Mar 2017

10 Mar 2017

15 Des 2016

Parikan Kadang Waras

12/15/2016 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
~godong klaras
godong pandan
~kadang waras
kadang edan

~godong pandan dironce ronce
~sing edang ndang mrapat mrene
( tak suntikne)


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

7 Agu 2016

Parikan Edan Kangmen Edisi POKEMON

8/07/2016 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men


-Godong ijo godonge melon
-Di pangan walang kari sak bungkol
-duwe bojo gendeng pokemon
-isi kotang di odol odol
(Iki ngono pokemone anakmu!!!)

-Tuku melon disigar sigar
-Melon pentil di rubung laler
-Golek pokemon blusuk'an kamar
-Ngodal ngadil mlebu neng daster
(Iku gek pokemon model opo???)

Sugeng rehat dulur dulur teng thaiwan,hongkong,singapore,brunai,malaysia & saudi


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[Kang men]

13 Des 2015

Parikan Edan Kangmen Edisi Ketemu Mantan

12/13/2015 Posted by Unknown No comments
~Mangan ketan ngombene susu
Lingguh sendenan neng pinggir tugu

~Ketemu mantan
Pas dino minggu
Arep mangan nganti ora kolu (nganti sereten)


(Kelingan jaman biyen durung enek sms'an isone mung surat suratan)


By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Des 2015

Parikan Versi Rabi Disek

12/02/2015 Posted by Unknown No comments
Parik'an Edan Kang Men

~mangan TAHU rasane ASIN
tuku sukun budal neng pasar
~rondo ping telu kok isin-isin
tak kiro ngesun tibakne nyakar

Mangkane rabi disek ben oleh ngesun
ojo ngesun baru rabi...
Opo yo ngono luuurrrr???


By
.
.
.
[[Kang Men]]

23 Nov 2015

Parikan Edan Kangmen Versi Tanggal Tuwek

11/23/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
~Iwak peyek jangane tewel
Sambel korek segone wadang
~Tanggal tuwek bojone ngomel
Duwite entek
Blonjone kurang
(Edisi tanggal setengah tuwo)

~Jangan tewel lombok'e rawit
Iwak klotok di cantolne cagak
~bojo rewel njaluk duwit
Suarane koyok Radio rusak
(Suaramu dik,tambah boros)

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Nov 2015

Paijo JR duel Parikan karo Mbah Paiman

11/22/2015 Posted by Unknown , , , No comments
PAIJO JR VS MBAH PAIMAN
Mbah paiman iki umure 90thn,lagi naksir rondo semok omahe sebelah deso
Wektu arep mangkat mbah paiman di kandani putu lanange jenenge paijo jr

PAIJO JR : mbah,arep neng ngendi

PAIMAN : Biasa le,mbah arep ngapeli Rondo bahenol muehe...he...he....(guyu bencong tomboy)

PAIJO JR : opo jek mampu mbah
~Klambi lorek pinggire bedah
~wes tuwek ora usah kakean polah

PAIMAN : iku kan biyen nek sak iki bedo le
~klambi bedah pinggire krah
~nek ora polah ora dadi bocah

PAIJO JR : opo yo mampu to mbah
~iku ora bedah nanging suwek pinggire
~kuwat munggah paling mung sak ronde

PAIMAN : Jiangkrik putu g@t€lis@si,
Durung ngerti kemampuane si mbah
~kayu glugu ojo gawe pajangan
~aku wes ngombe jamu ndok saktarangan

PAIJO JR : jamune iku opo ora salah to mbah,
~kayu glugu di tali kawat
~kuwi jamu gawe asam urat

PAIMAN : bocah cilik dikandani kok ora kenek
~Isuk lawuh tahu sore lawuh tempe
~ora gawe jamu mbah kuwat 10 ronde

PAIJO JR : oalah mbah ora usah di pekso
~Asale tempe iku teko dele
~kuwat 10 ronde terus mlebu UGD

PAIMAN : WOW J*NC*KKK!sASi
(Golek tugelan boto jur ngantem paijo jr)

sugeng dalu sahabat dumay

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

20 Okt 2015

Parikan Edan Edisi Butuh Duwit

10/20/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN
Edisi B.U(butuh uwit) tanggal setengah tuwo
~Tuku ndok sak tarangane
~Ndok bebek lonjong bentuk'e
~Mangan telo G¤BL¤K sak kulite
~telone entek Ninggal G¤BL¤K'e

sakno rekkk

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Jul 2015

Sugeng Riyadin 1436H

7/16/2015 Posted by Unknown , No comments
Minal aidzin walfaidzin mohon ma'af lahir dan batin

Menawi wonten lepat lan luputipun kang men beserta CREW GUYONAN JOWO KANG MEN nyuwun pangapuro ingkang kathah

Mugo mugo member Sing cilik akeh salahe

Member Sing enom akeh laline

Member Sing tuwek akeh lupute

Member Sing tuwek nemen akeh bolote muehe...he...he...dosone di pangapuro kabeh amin...3X
Sak durunge budal takbir kulo tak parik'an disek

~mbak yu paiten nguntal cendelo
~cekap semanten pangatur kulo

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[kang men]]

27 Mar 2015

Parikan Edan Kangmen Edisi Jomblo

3/27/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
parik'an edisi ''jomblo''


  1. ~Duwe ternak ngingune kebo
    Kandange angker ora enek maling
    ~Ora penak dadi wong jomblo
    Turune mlungker koyok tergiling
    (Kademen ta kon iku)
  2. ~Beras ketan campur pertolo
    Bungkus telo gawe godong tales
    ~kangen mantan mung nyawang poto
    Ora kroso kathok'e teles
    (Kebanteren nek mikir ta cak)
  3. ~wit kambojo kembange kuning
    Godonge ombo kenek gawe tombo
    ~golek bojo sing Prawan ting ting
    Nek kepekso rondo, yo ora opo
    (Mumpung enek lur)
  4. ~tuku bolu kliru srabi
    Roti rangin dirubung laler
    ~Sirah ngelu mikir rabi
    Nganti kepengin Direwangi ngiler
    (Ngidam ta mas)


Pilih parik'an sing menurutmu cocok



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Mar 2015

Parik'an Edan Kang Men Edisi Nembak Cewek

3/14/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
*NEMBAK CEWEK*

~Sandal teklek warnane abang
Srampate ireng
Di gawe amoh
~Nembak cewek neng pinggir kandang
Cewek'e meneng sapine emmmoh
(Kok nemene,koyok ora enek panggonan liyo)

~Tuku sepeda ora kuwat tuku bensin
Gadekne kathok dalem
mung payu seket
~Ku bilang cinta Dekne Mesam mesem
lambene malah nggayangi suket
( Jane sing sapi oki sopo)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Jan 2015

Parik'an Edan Kang Men Edisi Carane Milih Bojo Kanggo Wong Wedok

1/04/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
Iki TIP Kanggo wong wedok carane milih bojo

~Wit rawe ombo godonge
Godong sirih pahit rasane
~Podo gantenge podo nduwure
Mendingan milih
Sing enek brengose
(Koyok raden gatot koco)

~Mepe kasur ditumpangne ondo
Di olak alik nganti sore
~gedi duwur koyok arjuno
Kacek sak itik
Pilih duwite
(Jaman sak iki Nyawang wong ganteng ora wareg)

~Enek kethek neng wit witan
Anak kethek gelantungan ~bojo tuwek ojo gawe tangisan
Senajan elek akeh warisan
Sing kepengen nambahi monggo



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Jan 2015

Parik'an Edan Kang Men Edisi Bojo Minggat

1/03/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

'' BOJO MINGGAT''

~Kembang turi gawe pajangan
Godong pakel
Wes podo garing
~Saben bengi turu dewean
Turu ndusel ngeloni guling
(Kok ora muleh muleh neng ngendi to dik)

~udan udan wayahe ngembang
Kembange duren
Warnane putih
~wes pirang ulan bojoku ilang
Pamit neng gaden lakok gak mulih
(Jane barang opo ae to dik sing kok gadekne)



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

31 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Tanggal Tuwek

12/31/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

''edisi tgl tuwek''

~Klambi lorek jarene batik
Garise miring warnane kuning
~Tanggal tuwek bojone purik
Dandange miring di senggol kucing
(Sepurane dik,durung kuwat tuku beras)

~Jarik kendit corak'e ombo
Tuku telu diwadai kranjang
~bojo njerit ora di blonjo
Aku mlayu gadekne KOTANG



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Selingkuh

12/29/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

'' SELINGKUH''

~eker eker lemah mlakune mundur
Enek kirik golek'i anak'e
~sing Neng omah sukete subur
Kok yo nglirik suket tanggane
(Opo sukete bojomu kurang subur)

~gusi abuh kok ngombe BODREX
Tambah abuh rasane nyut nyutan
~Wong selingkuh tujuane ngeSEX
Ora enek selingkuh mung arep petan


Monggo dilanjut parik'ane lur...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Rondo

12/23/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Sikil ondo di cokot kewan
Kewane gedi dowo sungune
~Enak rondo tinimbang prawan
Urung di tari wes mlumah dewe

~sikil ondo di pangan codot
Mangan jambu sisane codot
~Dijawil rondo kathok ku mlorot
Mergo kolorku taline pedot
(Pasang kolor kawat)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Kathok

12/17/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDANG KANG MEN

~Godong simbuk'an diremes remes Ombo godonge dipangan marmut
~udan udan kathok'e teles Bareng di pepe dirubung semut
(Kathok opo gulo kok dirubung semut)

~godong tales gawe pakan marmut
Godong luntas warnane iju
~kathok teles dirubung semut
Bareng di entas gambare pulau
(Paling kathok'e ketumplekan wedang gulo )

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]