17 Agu 2013

Latihan Dadi MC

8/17/2013 Posted by Unknown No comments
Wektu enek acara hari kemerdekaan indonesia 17 agustus 1945 paijo di tunjuk dadi MC neng desone

sakdurunge acara di mulai paijo latihan karo jemblung

Paijo munggah neng panggung jemblung sing hadir neng acara iku lan ngoReksi paijo cocok dadi MC opo ora

PAIJO : TES TING TES TING
Jangan kates paling penting

JEMBLUNG : kowe arep dodolan janganan(nyawat sandal raine paijo )

PAIJO : Iki iSih jajal MIC muni opo ora mblung

Iki tak mulai
.
.
.
~HADIRIN HADIROT ENGKANG KULO HORMATI
Hadirin sing kathok'e mlorot ora di sabuk'i

JEMBLUNG : WOI,kowe MC opo ngajak gelut,nek sing hadir pejabat polisi iso di tembak SNIPER gundulmu

PAIJO : yo wes tak ganti lione

~PORO SEDEREK DULUR SEDOYO

~isih arek lan sampun tuo ojo godo bojone tonggo

JEMBLUNG : aduh utek ku iso kopyor nek Mc ne kowe,nek sing hadir poro KYAI iso di berondong karo SURAT YASIN KOWE mlebu
.
.
.
.
.
PAIJO : SURGO
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.surgone mbah mu kuwi,sing mesti intip NEROKO

PAIJO : wes tak ganti maneh yo

~SAUDARA SAUDARI ENGKANG KULO TRESNANI
~SAUDARA KATHOK'E BEDAH NGAREP MBURI DERENG DI TAMBALI

JEMBLUNG : Duh gusti duwe dulur uteke sing di gawe kok kiwo(kiri),nek sing hadir mbah mbah rupamu iso di sawat konde

PAIJO : yo wes lah mblung iki sing terakhir,nek ora bener aku tak mundur dadi MC

ASSALAMUALAIKUM WR.WB
.

.
Jemblung guyu bangga

PAIJO : SAK DERENGE ACARA KITO MULAI,

ACARA kemerdekaan niki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

KULO TUTUP

JEMBLUNG : jo sundul karo sirahmu (di bandem tugelan boto)

Paijo glundung teko nduwur panggung

MERDEKA...
MERDEKA...
MERDEKA...

Perang melawan hawa nafsu

[[ kang men ]]

Parik'an Goyang

8/17/2013 Posted by Unknown No comments
Sopo iki sing durung turu...
Ayo parik'an
karo kang men
.
.
.
>~Wong lanang ojo seneng ndodok
~Nek katokmu sigar tengah'e

~Ojo gampang ngenyek marang wong wedok
~Senajan lemu sing penting goyangane

>~Wong lanang kuru kerjo isuk nganti sore
~Duwite warnane abang hasil kerjone
~bojo lemu sing gede bokonge
Di goyang ping telu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AMBLEK AMBENE

Jan eram tenan koyok opo goyangan

~Iki gentong opo baskom
~Kuwi bokong opo sumpele BOOOM

[[ kang men ]]

14 Agu 2013

Turis

8/14/2013 Posted by Unknown No comments
Dasare Paijo wong ndeso lungo neng kuto

Ngerti gedung jejer jejer gumun
Ngerti bangunan gede yo gumun

Paijo mandek nguwasi toko roti sing lawange enek tulisane OPEN

Lha pas ketepak'an enek bule sing awak'e putih mulus mlebu neng toko roti

WOiii,
wong bule ojo mlebu kono
(paijo bayangne rotine gedene sak piro yo,OPEN rotine wae gede),

ora suwe wong bule iku mau metu teko toko roti

Lha,lak tenan dikandani ojo mlebu kono bareng metu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GOSONG AWAK'E KETAP KETIP MUNG KETOK MRIPATE BULE TEKO AFRIKA

[[ kang men ]]

12 Agu 2013

Parik'an Tresno

8/12/2013 Posted by Unknown No comments
Iki mung PARIK'AN GUYONAN JOWO
dadi nek salah lan klirune ojo salah tompo

Monggo di simak lur...

1.~Gowo sajen di dekek neng pendopo
~Jare wong biyen tresno iku soko kulino

2.~enek sing kondo I LOVE YOU iku
~Goro goro mergo duwitmu

3.~paijo tau kondo nek wong tresno
~Amergo soko resleting sing mengo

4.~soro yo soro tapi ojo kendat neng wit kelor
~tresno yo tresno ngerti sepeda ngendi motor

5.~seneng sepisan marai neng ati loro
~Ijek lagi kenalan wes takok tumpak'an mu opo?

6.~asale wong tresno teko moto nyawang busono
~ dompetmu isine opo nek kenalan wanimu piro

Parik'an sing cocok karo pengalamanmu nomer piro?
sing hadir absen kolormu ukurane piro?

[[ kang men ]]