28 Sep 2013

Parik'an Cemburu

9/28/2013 Posted by Unknown 1 comment
~Pilih duku
Opo pilih jambu
Arep tuku
Regone sewu
~Malam minggu
Eling marang sliramu
Bocah ayu
Gandolane atiku

~Sawo Sepet
Di imbu ngisor suket
Legi rasane
Didol larang regane
Awak kemringet
Bathuk'e anget
Mergo gendak'ane
Mlaku karo koncone

~lingguh neng teras
Karo mangan jambu
Kipas kipas
Karo buku
~ geni iku pancene panas
Mati nek di siram banyu
Atiku luwih panas
Nek kadung cemburu

Jare paijo,nek ngerti ngono tak antem watu
Ben sempal bathuk'e
.
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Sep 2013

Parik'an Prau Layar

9/19/2013 Posted by Unknown No comments
~Prau layar
Nyebrang bengawan
Gowo tampar
Gawe cekelan
~Manten anyar
Dulang dulangan
Atiku ambyar
Tansah kelingan
(Leyeh leyeh karo Turu mlumah ngijir genteng)

~Menek jambe
Ngunduh manggar
Buahe gede
Didol neng pasar
~Aduh enak'e
Dadi kemanten anyar
Ijek sore
Klosone wes di gelar
(arep kik.,kuk...kik...kuk)

~Kuwi manuk doro
Opo manuk tilang
Nek ucul
Anggepen ilang
~Wong kadung tresno
Kudu di sayang
Pamit macul
Pipine njaluk di sayang

jare paijo,opo yo ngono lur...?
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Sep 2013

Srintil Lagi Gendakan neng Alun-alun

9/17/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo moro neng omahe srintil arep dolan neng alun alun

Paijo bonceng Srintil numpak sepeda motor NINJA

wong loro(2) iku pacaran neng nduwur sepeda motor ngisor wit ringin alun alun

SRINTIL : mas,sampean kerjo neng ngendi

PAIJO : aku kerjo neng bengkel,
Emange kenopo sri

SRINTIL : sak durunge sampean rabi aku oleh to takon kerjone sampean,
jenenge bengkel sampean opo mas

PAIJO : jenenge bengkel KARTO

SRINTIL : (xi...xi...guyu karo ngrikiti kuku)
jenenge bengkel sampean koyok jenenge mbahku yo KARTO

PAIJO : maksudku bengkel KARTO iku
.
.
.
,
.
.
.
.
.
.
.
ISO BONGKAR ORA ISO NOTO
XI...xi....(guyu ngece)

SRINTIL : GROBYAKKK,Geblak neng mburi teko sepeda motor ketatap watu
Jur tangi maneh

PAIJO : waduh sri watune ora cuwil to

SRINTIL : Untung wae watune ora cuwil mas( karo masang rupo kecut)

Mas,sampean umur piro...?

PAIJO : tenang wae sri umurku 25thn,ijek tetep ganteng to(karo nyisir brengos)

SRINTIL : nanging wajah sampean kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : koyok arek umur 17thn isek unyu unyu
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : ora mas
.
.
.
.
.
.
PAIJO : koyok ARIL NOAH (karo ngoco neng SPION sepeda motor)
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : ora mas

PAIJO : lha terus piye

SRINTIL : nanging wajah sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KOK BOROS KOYOK UMUR 99Thn

Paijo jempalik'an ngemut knalpot
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]