28 Jul 2014

Sepurone Seng Akeh Luuur

7/28/2014 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

Lanang utowo wadon iku jenenge menungso,
Kabeh mesti ora luput karo sing jenenge doso

~Mangan kupat
Lawuh rempelo
~Menawi lepat
Kang men nyuwun ngapuro

Mugo mugo doso kulo lan panjenengan sedoyo di ngapuro ENGKANG MOHO KUOSO
kang men lan CREW GUYONAN JOWO ngucap aken MINAL AIDZIN WALFAIDZIN



By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Jul 2014

Pitik Part #1

7/26/2014 Posted by Unknown No comments
PITIK PART# 1
Akeh sing podo ora ngerti nek paijo iki iso boso kewan
Isuk iku paijo gowo sego mambu moro neng kandang arep makani pitik

PAIJO : iki jatahmu mangan ora usah kakean cangkem

PITIK : walah,sego mambu maneh aku ora doyan

PAIJO : kowe ora kerjo tinggal mangan ae ora gelem

PITIK : aku ora doyan mergo mambu(karo eker eker sego)

PAIJO : gowo roti sing wes jamuren kadaluarsa telung ulan jur di pakakne pitik

PITIK : oalah mas bro,barang mambu kok pakakne aku

PAIJO : ora usah rewel ndang di pangan

PITIK : rotine ora di pangan malah di pidek pidek
Paijo jur muleh takon bojone srintil

PAIJO : Sri...sri...kowe neng ngendi

SRINTIL : aku neng mburi mu pak

PAIJO : tak kiro kucing kowe mau muehe...he...he...
pitikmu kenek penyakit(sakit),ora gelem mangan

SRINTIL : nek ngono ketepak'an mas

PAIJO : pitik penyakiten kok malah ketepak'an

SRINTIL : maksudku ketepak'an,pitik'e
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ndang di beleh(disembelih)gawe lawuh

PAIJO moro neng kandang nginguk pitik'e

PAIJO : tik...pitik...sego mambune neng ngendi

PITIK : meneng wae

PAIJO : lha rotine sing kadaluarsa neng ngendi

PITIK : meneng wae ora jawab

PAIJO : ngerti gak sego mambu karo rotine

PITIK : tak pangan bro,timbang aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku kok beleh,diarani pitek penyakiten
Ora gelem mangan

Paijo jur ngandani bojone,nek pitik'e sak iki wes waras maneh doyan mangan


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Jul 2014

Parikan Godong Nongko

7/21/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Godong nongko
Di pangan enthung
~Mugo sing poso
Pahalane ora kenek di itung

~Kapal mabur
Mabure ngetan
~Sak iki saur
Engko Jam pitu sarapan
(Muehe...he...he.....)

Saur...saur....saur...


By
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Jul 2014

Pesen'e Kang Men Luur

7/09/2014 Posted by Unknown No comments
Tolong iki di woco ben ora ketinggalan berita
Iki pesen gawe sing nyoblos presiden ben sah :

1.nek Arep budal nyoblos iku adus disek,ojo tangi turu opo maneh ora raup,mosok nyoblos karo ngantuk ngantuk marai kliru nek nyoblos

2.Nek antri iku neng TPS sing di sediani,
ojo antri neng warung mengko malah oleh wedang kopi(eleng iki ulan poso)

3.mangkane nek gowo surat pemilihan ojo kliru gowo surat cinta,surat nikah opo maneh gowo surat gaden iku yo ora oleh utowo gak SAH

4.nek wes oleh surat pilihan teko RT iku di ijolne neng petugas TPS ojo malah kok untel untel rumangsamu kuwi gombal,opo maneh gawe bungkus sego

5.Nek budal nyoblos ora usah ngundang tonggo utowo dulur (koyok arep khajatan ae ngundang wong barang)

6.arep nyoblos iku dungo disek,nek perlu sungkem neng wong tuone mugo mugo sing di coblos kepilih,ojo kok coblosi kabeh

7.nek arep nyoblos iku ora usah nafsu utowo merem merem mengko malah kliru nek nyoblos,koyok arep nyoblos opo ae rek mendesah barang

8.wes mari nyoblos trus ndang metu teko bilik,ganti liyone ojo malah turu(rumangsamu kuwi kamarmu dewe)

9.karo petugas TPS wes di kandani,nek nyelupne neng tinta iku driji siji, kabeh wong wes percoyo nek kowe mari nyoblos,lha nyapo sirah nganti kok celupne(opo arep dadi komedi kethek)

10.Nek muleh ora usah bengok bengok
Contone
''HORE AKU MARI NYOBLOS''opo maneh karo koprol maju mundur

11.sing Di pilih no 1 utowo no 2,ora usah milih no 23 koyok gambarmu dewe

12.pastekno nek arep nyoblos kowe ora loro jiwo

13.Wes cukup sak mono wae,mugo mugo manfaat gawe sing nyoblos,nek kepengen nambahi monggo...



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Jul 2014

Parikan Edan Goleki Sopo

7/06/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~sego tumpeng
Di wadai layah
~neng pendopo mulehe bengi
~~Klimpang klimpeng
neng ngarep omah
~jane sopo sing arep kok golek'i

1.ngenteni rondo anak siji

2.golek'i omahe kenalan anyar

3.arep nagih utang

4.arep moro,wedi karo brengose bapak'e

5.nyolong kotange tonggo

Jawab sak penak'e udelmu....(jujur ojo nyonto koncone)


By
.
.
.
[[ kang men ]]