27 Nov 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Budal Kencan

11/27/2014 Posted by Unknown No comments
OJO LALI KARO KEBUDAYAAN PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Watu akik warnane biru
Batik ungu kuwi klambimu
~Parasmu dik, pancene ayu
Nekmu guyu ngrontokne atiku

~Batik lurik gambare manuk kenari
Gowo telu ngumbah neng kali
~dolan neng omahmu dik,aku jek wedi
Mergo Bapakmu, galak koyok ASUne POLISI PATROLI


(Malem jum'at ora sido kencan,IJek tekan ngarep lawang wes GUK...GUK...GUK...)



By
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Nov 2014

Penangkal Modus Versi Kang Men

11/11/2014 Posted by Unknown No comments
Nek ketemu wong lanang sing senengane (modus) ojo kwatir lur.,
Iki penangkal gawe wong wedok ben ora kenek moduse wong lanang

PAIJO : mbak,aku arep takon(modus)

SRINTIL : takon opo mas

PAIJO : nek teko juanda suroboyo mlaku nganti Senayan bung karno pirang kilo mbak?

SRINTIL : lha opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mlaku,Dengkulmu pengen anjlok sikilmu iso ngoyot mas,enek pesawat kok mlaku
(Paijo raine krukupan kresek)

PAIJO : Mbak,jeneng sampean sopo muehe...he...he...

SRINTIL : jenengku sri,nek jeneng lekapku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRIADI,profesiku dodolan gedhek karo ondo neng pojok'an pasar
(Saknaliko paijo nyuwili gogrokan gedhek)

PAIJO : mbak,kiro kiro menara eifel duwure pirang meter yo (modus)

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku mung pengen takon

SRINTIL : tak kirane sampean arep nyeblok teko nduwur

PAIJO : ora mbk,tapi anu...

SRINTIL : ora usah nulis surat wasiat,aku percoyo karo rupane sampean sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPRET rejeki seret paling bondomu yo cupet,dadi sampean ora usah nulis surat wasiat



Mugo mugo tip iki manfaat yo lurrr...
Nek kepengen nambahi monggo




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Nov 2014

Ora Usah Nesu Nesuan Yen Wes Bebojoan

11/05/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko wes bebojoan iku ora usah nesu nesuan
Senajan sego sak kepel kudu di pangan wong 2

Kisah ceritone paijo lan srintil bebojoan wektu nesu nesuan,wong 2 iku ora omong omongan enek seminggu

Bengi iku paijo muleh kerjo bengi,bojone sing jenenge srintil wes turu angkler mlungker mlungker glantong koyok codot muehe...he...he...

Sak durunge paijo mapan turu nulis surat,tulisane ngene
'' sri,sesok isuk aku gugahen jam pitu (7) isuk,mergo aku arep neng kantor enek pelantikan ketua RT
Lan RW'

Surat iku mau di tempelne neng lawang kamar

Sesok awan paijo tangi jam 12 awan atine grundel tur mangkel,

Paijo oleh balesan surat teko srintil sing di tempelne neng lawang,paijo langsung ndelok surat teko sritil,balesane ngene

''WOI TANGI TANGI JARENE KONG GUGAH IKI WES JAM 7,WONG TURU KOYOK GAJAH ANGKREM''

Sak naliko paijo koprol maju mundur sak mumete

Sing duwe bojo mugo mugo lageng sing durung duwe ndang oleh bojo




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Nov 2014

Pesene Kang Men Edisi Tawuran

11/03/2014 Posted by Unknown No comments
Gawe arek arek sing jek sekolah senengane tawuran
Paijo duwe tip tawuran sing aman

1.sak durunge tawuran di adakne rapat, ketua tawuran rundingan disek,kudu enek seksi bendahara,seksi konsumsi,seksi kesehatan dll

2.panggon tawuran iku ditentokne ojo neng dalan dalan marai gangu wong liwat,nek iso golek panggon pegunungan utowo neng pantai,dadi nek kesel iso leren refresing disek

3.peserta tawuran di itung disek ben imbang,ojo 20 peserta kok musuhne 1500

4.golek sponsor sing akeh,dadi kowe tetep oleh bayaran

5.stasiun TV kon nyiarne LIVE utowo radio radio

6.jam tawuran ditentokne ketua kubu,mergojad walmu facebookan,wayah ngarit,angon wedus ora ke ganggu

7.ora usah ngombe alkohol,no drugs opo maneh gawe SAJAM( senjata tajam,tugelan boto ,utowo watu)

8.sak durunge tawuran dimulai kudu enek pembukaan,drum band,tari tradisional utowo nanggap wayang

9.terus ketua tawuran nguwei sambutan sing apik apik

10.sing terakhir dongo menurut agama lan kepercayaan diterusne acara selametan gawe sego tumpeng

Mugo mugo tip iki manfaat gawe sing seneng tawuran


SELAMAT TAWURAN !
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]