31 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Tanggal Tuwek

12/31/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

''edisi tgl tuwek''

~Klambi lorek jarene batik
Garise miring warnane kuning
~Tanggal tuwek bojone purik
Dandange miring di senggol kucing
(Sepurane dik,durung kuwat tuku beras)

~Jarik kendit corak'e ombo
Tuku telu diwadai kranjang
~bojo njerit ora di blonjo
Aku mlayu gadekne KOTANG



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Selingkuh

12/29/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

'' SELINGKUH''

~eker eker lemah mlakune mundur
Enek kirik golek'i anak'e
~sing Neng omah sukete subur
Kok yo nglirik suket tanggane
(Opo sukete bojomu kurang subur)

~gusi abuh kok ngombe BODREX
Tambah abuh rasane nyut nyutan
~Wong selingkuh tujuane ngeSEX
Ora enek selingkuh mung arep petan


Monggo dilanjut parik'ane lur...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Rondo

12/23/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Sikil ondo di cokot kewan
Kewane gedi dowo sungune
~Enak rondo tinimbang prawan
Urung di tari wes mlumah dewe

~sikil ondo di pangan codot
Mangan jambu sisane codot
~Dijawil rondo kathok ku mlorot
Mergo kolorku taline pedot
(Pasang kolor kawat)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Kathok

12/17/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDANG KANG MEN

~Godong simbuk'an diremes remes Ombo godonge dipangan marmut
~udan udan kathok'e teles Bareng di pepe dirubung semut
(Kathok opo gulo kok dirubung semut)

~godong tales gawe pakan marmut
Godong luntas warnane iju
~kathok teles dirubung semut
Bareng di entas gambare pulau
(Paling kathok'e ketumplekan wedang gulo )

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Des 2014

Paijo Disambati Ingonane

12/16/2014 Posted by Unknown No comments
Ojo kondo sopo sopo lur,jebule Paijo iki ngerti bosone kewan
Iki curhate kewan marang paijo

PITIK : mas brow,saben dino ndok ku kok jupuk'i daginge kok pangan nanging aku ora tau kok pakani

PAIJO : iki tak pakani beras,nek wes wareg ndang turu kono

PITIK : nek aku wes wareg tak langsung mapan turu yo

PAIJO : ora usah kakean ngomong,matane ndang merem(nyusahne wong urip ae kowe iki)
Sak iki giliran wedus

WEDUS : mas brow,mongso udan ngene iki aku kademen mosok ora kok wei slimut karo di gawekne kandang

PAIJO : iki tak wei slimut,sesok wae tak gawekne kandange

WEDUS : nek ngono aku tak turu disek yo

PAIJO : Ojo kakean ngomong,ndang merem kono(ngrepotne menungso wae)

SAk iki giliran Sapi

SAPI : mas brow,saben dino susu ku kok elus-elus trus diremet-remet nganti kemeng

PAIJO : trus penjaluk opo,
Opo njaluk di pakani koyok pitik

SAPI : ora,aku ojo mung kok pakani ae

PAIJO : opo jaluk selimut koyok wedus

SAPI : ora,aku ora butuh selimut

PAIJO : wes ora usah kakean cangkem,njalukmu opo

SAPI : aku mung njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tanggung jawabmu kapan AKU KOK RABI, wes ngelus ngelus lan ngremet ngremet susuku mosok ora gelem tanggung jawab

PAIJO : jancokkk! rumangsamu aku lanangan sapi@%¤#

Saknaliko paijo minggat soko ngomah




Monggo di LIKE & BAGIKAN ‪#‎guyonanjowokangmen‬
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Des 2014

Parik'an Ora Wani Rabi

12/10/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
Parik'an ora wani rabi

1.~golek welut nyambi ngemut gelali
~isane mung gelut
Wis ora usah rabi

――≠――

2.~Tuku kebab asli turki
Wadahe besek mergone gedi
~ora tanggung jawab
kok njaluk rabi
Nganti tuwek teruso onani

――≠――

3.~Etan kali gununge pegat
Akeh kayune podo gapuk
~arep rabi yo kudu ragat
Ora jamane mung modal manuk

――≠――

4~golek jangkrik nemune bolongan ulo
~ditinggal pacare purik
Ngentekne kloso

5.~Asale areng,teko bakaran kayu
~Opo artine ganteng
Nek ora payu payu

――≠――

6~Teko solo numpak kereto
Oleh olehe telo diandumne tonggo
~golek bojo sing gelem dijak soro
Saben dino gelem nyitak boto




By
.
.
.
[[kang men]]

5 Des 2014

Paijo Sibuk Neng Luar Kota

12/05/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko paijo kerjo neng luar kota durung tau muleh muleh
Paijo jur telpon bojone sing neng deso jenenge srintil
Monggo di simak telpone paijo marang bojone srintil

SRINTIL : kring..kring..kring..
assalamualikum,
iki sopo yo

PAIJO : walaikum salam,iki aku dik

SRINTIL : nyelok aku dak.dik..dak..dik..emange aku bojomu

PAIJO : mosok lali karo aku

SRINTIL : LHA kowe sopo

PAIJO : ( kumat ayane jur waras maneh )
aku paijo dik,mosok lali

SRINTIL : oalah sampean to mas,nganti lali karo suaramu

PAIJO : opo mergo suaraku merdu koyok RHOMA IRAMA muehe..he..he

SRINTIL : ora mas,nanging koyok

PAIJO : koyok suarane ARIL NOAH(ngelek idu)

SRINTIL : ora mas,nanging koyok

PAIJO : koyok vokalise GIGI ( nyisir untune sing gondrong)

SRINTIL : malah ora babar blas mas

PAIJO : walah kesuwen,suaraku maleh koyok sopo

SRINTIL : maleh koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KETHEK NGOCEH MAS

PAIJO : (tibo teko kursi nganti gerah POLO )
sampean iki enek wae,
piye kabare dik

SRINTIL : kabare elek mas

PAIJO : maksudte elek piye to dik

SRINTIL : maksudku
Elek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Koyok rupamu mas

PAIJO : jiangkrik&%#&(wes di arani kethek sak iki elek)
Maksudku kabare sampean piye,
tambah kuru opo tambah lemu

SRINTIL : aku sak iki tambah lemu

PAIJO : ojo lemu lemu to dik,mengko aku nek muleh bingung

SRINTIL : bingung kenopo to mas

PAIJO : bingung nek ku bedakne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Iki Gajah angkrem opo kethek ngendok

Srintil langsung menek tower sak kesele



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men]]

4 Des 2014

Paijo Curhat Marang Srintil

12/04/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko paijo bebojoan karo srintil
Wong 2 iku curhat curhatan masalah mantane biyen

SRINTIL : mas,sampean biyen pacaran ping piro

PAIJO : mantanku biyen mung sitik kok dik

SRINTIL : sitik iku mung piro

PAIJO : mung rolas (12) kok dik

SRINTIL : Tenan iku mas

PAIJO : yo tenan to dik mosok ngapusi muehe...he...he...(isin karo krukupan kresek)

SRINTIL : buktine opo mas?

PAIJO : buktine S*MP*K ku kabehe 12,mergo saben ulang tahun aku di kado S*MP*K karo mantan pacarku muehe...he...he...(guyu bangga)

SRINTIL : sampean pancene hebat mas

PAIJO : nek sampean biyen duwe mantan pacar piro dik

SRINTIL : aku mung 2

PAIJO : buktine opo nek mantan pacare sampean mung 2

SRINTIL : Buktine jek tak simpen mas,biji jagung 2 iki karo duwit 12 ewu

PAIJO : aku ngerti,berarti nek sampean nyimpen biji jagung siji mantane sampean siji,nek sampean nyimpen biji jagung 2 berarti mantane sampean 2

SRINTIL : Tumben polone sampean waras mas xi...xi...xi...(isin karo ngrikiti kuku jempolan)

PAIJO : nek duwit 12 ewu iku bukti opo dik

SRINTIL : nek iku buktine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku dodolan jagung sak kilo payu 12 ewu mas

Saknaliko paijo ayane kumat




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Ngayal

12/03/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Tuku semongko neng kuto paris
Semongko siji di sigar sigar
~Gak nyongko duwe pacar manis
Tetep legi wasio ngombe teh tawar
(Lambene Ngempet pahit)

~Mongso rendeng kembange mekar
Kembang turi isine ireng
~Lingguh bareng disanding pacar
Mangan iwak teri
Rasane bandeng

Opo yo ngono to lur...



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Des 2014

Gombalan Gagal Paijo

12/02/2014 Posted by Unknown No comments
Gombalane paijo ngrayu srintil versi gagal

PAIJO : Sri,bapakmu bakulan petaSan yo

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : suarane camkemu marai rame tur ngentekne duwit

SRINTIL : mlayu neng pawon jupuk pacul nguber paijo

――≠――

PAIJO : dik sri,sampean ngerti menara pisa

SRINTIL : yo,ngerti to mas

PAIJO : miringe menara podo karo utekmu dik sri

SRINTIL : ngungkal arit jur nguber paijo

――≠――

PAIJO : sri ibukmu mesti penyanyi yo

SRINTIL : sampean ngerti ae mas

PAIJO : pancene bener nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ENTUTMU PANCENE MERDU

SRINTIL : (ngelus dodone)
Bapak sampean mesti bakulan wit pring to mas

PAIJO : lho kok ngerti

SRINTIL : MERGANE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rupamu koyok gogrokan GEDHEK

Paijo nguntal baygon sak wadahe



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]