30 Nov 2015

Kesatuan 008 Angkatan Pasir

11/30/2015 Posted by Unknown , , No comments
Jemblung iki dadi komandan neng kesatuan 008 angkatan pasir muehe...he...he...
duwe anak buah 3 jenenge paiman,paimo lan paijo
Anak buah telu iku mau arep di tugasne neng bedo negoro
Wektu persiapan berangkat, anak buah 3 iku ditakoni karo komandan jemblung

JEMBLUNG : man,nek seumpomo kowe tak tugasne neng negoro ethopia bekal opo sing kok gowo

PAIMAN : aku gowo rantang tak isi sego karo jangan

JEMBLUNG : argghgh....goblokkkk kuadrat rumangsamu arep rekreasi,alasanmu opo gowo rantang

PAIMAN : aku wedi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kenek busung lapar komandan

JEMBLUNG : langsung koprol maju mundur duwur mejo,
Nek paimo tak kirim neng jepang,bekal opo sing gowo?

PAIMO : aku gowo bekal
.
.
.
.
.
.
.
CAMERA komandan

JEMBLUNG : jiangkrikkkk anak buah ora enek sing waras,terus kok gawe opo CAMERANE

PAIMO : tak gawe
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Selfi bareng M@r!@ ©z@w@, komandan

JEMBLUNG : hadeh!!! Tambah srtessss aku duwe anak buah kowe,paijo kowe anak buah paling pinter tak kirim neng negoro arab ,bekal opo sing kok gowo?

PAIJO : aku gowo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Payung komandan,ben ora kepanasen

JEMBLUNG : anak buah edan,kepanasen, kringeten,kuwi wes dadi tugasmu cokkk

PAIJO : bekal siji maneh komandan

JEMBLUNG : opo iku

PAIJO : nek kringeten aku gowo obat
.
.
.
.
.
.
.
FANU jarene wong arab,neng kulit ben ora jamuren

JEMBLUNG : duh! Gusti paringono pistol

PAIJO : niki komandan pistole

JEMBLUNG : dorrrrt...

PAIJO : hore ora sido berangkat tugas (seneng karo jogetan goyang itik


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ kang men ]

29 Nov 2015

Dadi MC?

11/29/2015 Posted by Unknown , No comments
Wektu enek acara pengajian AKBAR,
paijo di tunjuk dadi MC neng desone
sakdurunge acara di mulai paijo latihan karo jemblung
Paijo munggah neng panggung jemblung sing hadir neng acara iku lan ngoReksi paijo cocok dadi MC opo ora

PAIJO : TES TING TES TING
Jangan kates paling penting

JEMBLUNG : kowe arep dodolan janganan(nyawat sandal raine paijo )

PAIJO : Iki iSih jajal MIC muni opo ora mblung
Iki tak mulai
.
.
.
~HADIRIN HADIROT ENGKANG KULO HORMATI
~Hadirin sing kathok'e mlorot ora di sabuk'i

JEMBLUNG : WOI,kowe MC opo ngajak gelut,nek sing hadir pejabat polisi iso di tembak SNIPER gundulmu

PAIJO : yo wes tak ganti lione
~PORO SEDEREK DULUR SEDOYO
~isih arek lan sampun tuo ojo godo bojone tonggo

JEMBLUNG : aduh utek ku iso kopyor nek Mc ne kowe,nek poro KYAI teko kowe iso diberondong karo SURAT YASIN terus mlebu
.
.
.
.
.
PAIJO : SURGO
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.surgone mbah mu kuwi,sing mesti intip NEROKO

PAIJO : wes tak ganti maneh yo
~SAUDARA SAUDARI ENGKANG KULO TRESNANI
~SAUDARA KATHOK'E BEDAH NGAREP MBURI DERENG DI TAMBALI

JEMBLUNG : Duh gusti duwe dulur lanang uteke sing di gawe kok kiwo(kiri),nek sing hadir mbah mbah rupamu iso di sawat konde

PAIJO : yo wes lah mblung iki sing terakhir,nek ora bener aku tak mundur dadi MC
ASSALAMUALAIKUM WR.WB
.
.
Jemblung guyu bangga

PAIJO : SAK DERENGE ACARA KITO MULAI,
ACARA pengajian niki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KULO AKHIRI alias di TUTUP

JEMBLUNG : jo sundul karo sirahmu (di bandem tugelan boto)

Paijo glundung teko nduwur panggung

LIKE & BAGIKAN ‪#‎guyonanjowokangmen‬
by
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Nov 2015

TEST IQ EPISODE #1

11/27/2015 Posted by Unknown , , , No comments
TEST IQ EPISODE #1

Neng SD Ora Sido Waras ngenekne TEST IQ, bocah seng pinter-pinter sak ndunyo IQ'ne roto-roto 200 munggah dikumpulne.

pesertane iki enek telu Paijo Jr, Paiman, Paidi. TEST IQ iki enek telung babak yoiku :
~BABAK 1 "takon langsung njawab"
~BABAK 2 "cepet cepetan njawab"
~BABAK 3 "jawaban oleh dilempar"

seng ngunjungi TEST IQ iki Prof. Dok. Jemblung teko Amerika lan DEWAN JURIne yoiku ANGELIA SRINTIL LAVIGNE teko Jamaika

teng... teng... teng... ronde 1 (BABAK 1)

SRINTIL : Pertanyaan gawe Paidi, kewan opo sing jenis e lanang kabeh ora ono wedoke?

PROF. DOK. JEMBLUNG : (melu mikir sampek sirahe mletek)

PAIDI : (njawab malah karo koprol neng duwur mejo) jawabane iwak lele, alasane ora enek iwak liyane sing diceluk nduk-nduk muehehehehe....

SRINTIL : BETUL!!! Nilai satus gawe Paidi, saiki pertanyaan gawe Paiman, jenenge asli Ibu Kita Kartini sopo?

PROF. DOK. JEMBLUNG : (melu mikir karo njeboli jenggot)

PAIMAN : Harum buuuu.... nek ora percoyo aku tak nyanyi.
munggah mejo jur nyanyi... "ibu kita kartini HARUM namanya"

SRINTIL : BETULLL!!! Nilai seratus gawe PAIMAN,
saiki pertanyaan gawe Paijo Jr., sebutno anggota awak ngarepe 'K' 6 huruf mburine 'L'? ciri-cirine akeh ulune tp kadang yo mulus, warnane enek seng ireng yo enek seng putih, ayo gek dijawab PAIJO Jr....

PROF. DOK. JEMBLUNG : (bathuke kemringet karo ngeleg idu)

PAIJO JR. : (jawab karo koprol maju mundur peng suwidak likur) jawabane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...KENTOL Buuuu!!!!! muehe...he...he...he...

PROF. DOK. JEMBLUNG : WOOOOOOEEEEYYYY.... BUYAR BUYARRR!!! titelku seng renteng-renteng ae ora iso jawab, nek tak terusne neng kene utek ku iso keseleo.

dirantos luur TEST IQ EPISODE #2

dulur... seng ketinggalan ceritone kang men monggo mampir teng halamane niki Guyonan Jowo Kang Men

monggo di LIKE & BAGIKAN!!! ngoten mawon muehehehe....
By
.
.
.
[[Kang Men]]

26 Nov 2015

Paijo Lan Tuyul

11/26/2015 Posted by Unknown , No comments
malem jumat cerito tuyul lurrr...
Iki cerito mung guyonan ben ora stress.
Paijo iki kepengen sugeh jur ngingu anak buah TUYUL

PAIJO : piye yul,kerjomu mambengi oleh hasil piro...

TUYUL : lumayan pak lek

PAIJO : pak lek bokongmu kisut kuwi,nek nyelok aku iku SI BOS,ngerti ora

TUYUL : ngerti SI BOS alias
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SILITE NGOBOS

PAIJO : JIANGKRIK kowe #@&%(tibo glundung ngemut jempolan),
gowo rene hasilmu dino iki oleh duwit piro...

TUYUL : dino iki oleh 100 ewu bos

PAIJO : kok sitik

TUYUL : tenang wae bos iki ijek enek tambahan

PAIJO : WHAT! tambahane piro

TUYUL : tambah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
25 bos

PAIJO : woi kuwi ora tambahan wedus gembel,yo wes ora opo kenek gawe tuku lombok muehe...he...he...(guyu kethek ngesot)

TUYUL : BOS wetengku luwe sedino durung mangan,
tak mangan disek yo

PAIJO : kowe njaluk mangan opo...

TUYUL : aku kepengen mangan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SOTO karo ES TEH bos

PAIJO : hadech! Ngingu kowe ora sugeh malah bangkrut
Bengine tuyul dines trus sesok'e di takoni karo paijo

PAIJO : piye yul hasilmu dino iki

TUYUL : sorry bos dino iki mung oleh sitik

PAIJO : mangkane nek kerjo iku sing sregep,jane enek opo olehmu kok mung sitik

TUYUL : masalahe
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ora kok tukokne KATOK LAN KAOS bos, mosok nyolong karo bugil aku yo isin bos disawang menungso

PAIJO : kowe iku demit COKKK@*%#
kejet kejet ayane kumat
.
.
.
[[ ‪#‎guyonanjowokangmen‬ ]]

Pak Guru Paiman Kalah Bedhekan

11/26/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Pak guru paiman mikir gawe bedhek'an nganti mumet,ben paijo junior ora iso jawab

PAIMAN : dek wingi singkatane KTP,nek sak iki singkatane KTPB opo jo

PAIJO JR: opo ora enek bedhek'an sing angel to pak guru

PAIMAN : brutu kethek ora usah kakean cangkem,
Iso jawab bedhek'anku ora

PAIJO JR : yo iso to pak guru,
Singkatane KTPB iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
K©T@N9 Tã„©ã„©P P€NT¡L BL©KKK%#&*

PAIMAN : wedus gembel gurune di undang G@BL@K,
Bedhek'anku sing terakhir(mikir karo jabuti kelek)

PAIJO : walah kesuwen BL@K,
Ganti aku sing bedhek'i

PAIMAN : bedhek'anmu opo

PAIJO JR : pak guru mesti tau nonton film DORAEMON to...

PAIMAN : aku tau nonton,hore aku iso jawab(munggah mejo jur tepuk sikil)

PAIJO JR : WOIIi...kethek ngesot,bedhek'ane ora iku

PAIMAN : lha terus opo

PAIJO : bedhek'ane iku,BAPAK LAN IBU ne DORAEMON iku jenenge sopo

PAIMAN : (ngetokne bendero putih) wes aku nyerah,jawabane opo jo?

PAIJO JR : jawabane iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DORANGERTI & DORAWERUH

PAIMAN jur eker eker lemah karo ngrawuk'i raine dewe mergo isin

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Nov 2015

Wong Mendem VS Wong Edan Waras Endi?

11/25/2015 Posted by Unknown , , No comments
Sore iku paijo,paiman lan jemblung lagi mendem oplosan neng pos kampling
Wong telu(3) iku mau keturon nganti bengi trus kepengen muleh

PAIJO : man,sak iki iku awan opo wes bengi

PAIMAN : sak iki iku bengi

PAIJO : nanging kok padang yo man

PAIMAN : lha awakmu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng ngisor lampu BLOKKK!

paijo tetep wae ngengkel ora percoyo nek wes bengi jur takon kancane jemblung

PAIJO : mblung,sak iki awan opo bengi

JEMBLUNG : iki wes bengi jo

PAIJO : kok mataharine gede mblung

JEMBLUNG : kae ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BULAN ora matahari COKKK

Paijo tetep wae ora percoyo nek wes bengi

Ketepak'an enek wong liwat sebut wae jenenge BEJO lulusan teko O.L.J (Rumah LORO JIWA/EDAN)
Bejo iku mau di takoni karo paijo

PAIJO : mas...mas.,sak iki awan opo wes bengi

BEJO : kok takon aku

PAIJO : emange kenopo mas

BEJO : sepurone mas,aku neng kene iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WONG ANYARAN,dadi ora ngerti

sak naliko paijo muntah rodo becak

Cobo bedek'en Kiro kiro wong mendem VS wong edan WARAS SING NGENDI?


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Nov 2015

Riwayat Kematian

11/24/2015 Posted by Unknown , , 1 comment
Paijo mati nanging ora suwe koncone sing jenenge paiman yo melu mati,
Wong 2 iku mau ketemu neng akhirat

PAIMAN : lho jo kapan kowe mati

PAIJO : lagi wingi aku mati

PAIMAN : kenopo kowe mati jo

PAIJO : aku kakean ngombe banyu

PAIMAN : muehe...he...he...ngombe banyu kok iso mati

PAIJO : mergo Ngombe banyu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sak kecemplunge neng sumur, nek kowe mati mergo opo man

PAIMAN : wektu iku aku muleh kerjo trus mlebu kamar,
ngerti bojoku ora cawetan karo gak kotangan aku curiga bojoku selingkuh

PAIJO : lha trus wong lanang iku ketemu ora

PAIMAN : wong lanang iku tak golek'i neng lemari,njero gentong,njero kentongan,pojok'ane omah tikus,neng kandang pitik,nduwur omah,ngisor longan

PAIJO : trus kapan matimu

PAIMAN : aku mati mergo kekeselen golek'i wong lanang sing selingkuh karo bojoku,jantungku kumat jur kejet kejet

PAIJO : kowe kudu sabar man,
wong lanang iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng njero sumur
Muehe...he....he..

Saknaliko raine paijo di krawuk'i paiman

Seng ketinggalan cerito monggo mampir neng blog'e kangmen http://guyonanjowo.com

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Ngemong Paijo JR

11/24/2015 Posted by Unknown , , No comments
Isuk iku paijo dikongkong momong anak'e sing umure telung tahun kurang seprapat jenenge paijo jr

SRINTIL : pak'e anak iki momongen

PAIJO : lha sampean arep neng ngendi

SRINTIL : Aku arep masak

PAIJO : anakmu colno ae ben dolanan tinggalen masak

SRINTIL : Mengko anakmu nyekeli barang terus diemplok piye

PAIJO : jenenge ae arek cilik bune

SRINTIL : lha nek nyekel gelas trus diemplok piye

PAIJO : malah peneran koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
jaranan,ora makani sego muehe...he...he...

SRINTIL : rumangsamu anakmu dadi jaranan, lambemu kuwi sing di pakani beling

PAIJO : (muehe...he...he...mringis codot)
Wes tinggalen masak anakmu tak momonge

Ora suwe paijo malah keturon,lha paijo junior bukak lemari karo nyokot roti

SRINTIL : pak'e anakmu neng ngendi

PAIJO : lha iku dolanan

SRINTIL : wes tak kandani anakmu sawangen,nek nyekel barang mesti di emplok

PAIJO : paling yo ngemplok panganan

SRINTIL : opo?Panganan, NDokmu glundung kuwi,
Anakmu nyokoti ROTI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KEMPITKU(softex)

PAIJO : sing penting ora sing seken to muehe...he...he...


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Nov 2015

Parikan Edan Kangmen Versi Tanggal Tuwek

11/23/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
~Iwak peyek jangane tewel
Sambel korek segone wadang
~Tanggal tuwek bojone ngomel
Duwite entek
Blonjone kurang
(Edisi tanggal setengah tuwo)

~Jangan tewel lombok'e rawit
Iwak klotok di cantolne cagak
~bojo rewel njaluk duwit
Suarane koyok Radio rusak
(Suaramu dik,tambah boros)

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo JR Tumbas Trasi

11/23/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Jenenge arek cilik iku nek dikongkon gampang lali
Wektu iku paijo jr dikongkon ibuk'e tuku TRASI neng warunge kang paiman

SRINTIL : le,tulung tukokne trasi neng warunge kang paiman

PAIJO JR : sak iki opo sesok buk'e,

SRINTIL : sesok ae ngenteni KETHEK NGENDOK,
yo jelas sak iki to le...arep tak gawe nyambel

PAIJO JR : kulo siap mangkat

SRINTIL : ojo lali jenenge trasi
Teko tengah dalan paijo jr lali opo sing arep di tuku

PAIJO JR : kang paiman aku tuku...

PAIMAN : tuku opo le

PAIJO JR : sik,tak eling elinge jenenge aku lali

PAIMAN : kowe muleh disek,takokne ibumu arep tuku opo

Paijo jr muleh takon ibuk'e

PAIJO JR : bu,aku lali arep tuku opo

SRINTIL : iki tak gawani bungkuse trasi,mengko wenehne eroh(kasih tau) kang paiman
paijo jr mbalik neng warunge kang paiman nanging bungkuse trasi iku ilang

PAIJO JR : kang paiman aku golek....

PAIMAN : golek opo jo,kowe mesti lali maneh

PAIJO JR : (bingung karo kukur kukur)
Elingku ambune koyok neng tanganku iki

PAIMAN : (ngambu tangane paijo jr)
Iku jenenge TRASI jo

PAIJO JR : bener iku kang paiman

PAIMAN : kowe oleh ambu trasi kuwi teko ngendi

PAIJO JR : aku mari kukur kukur
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
S|L|T mergo bokongku gatel mari dolanan pasir,ambune kok podo karo trasi


Saknaliko paiman blokek'an muntah rodo becak

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men]]

22 Nov 2015

Paijo JR duel Parikan karo Mbah Paiman

11/22/2015 Posted by Unknown , , , No comments
PAIJO JR VS MBAH PAIMAN
Mbah paiman iki umure 90thn,lagi naksir rondo semok omahe sebelah deso
Wektu arep mangkat mbah paiman di kandani putu lanange jenenge paijo jr

PAIJO JR : mbah,arep neng ngendi

PAIMAN : Biasa le,mbah arep ngapeli Rondo bahenol muehe...he...he....(guyu bencong tomboy)

PAIJO JR : opo jek mampu mbah
~Klambi lorek pinggire bedah
~wes tuwek ora usah kakean polah

PAIMAN : iku kan biyen nek sak iki bedo le
~klambi bedah pinggire krah
~nek ora polah ora dadi bocah

PAIJO JR : opo yo mampu to mbah
~iku ora bedah nanging suwek pinggire
~kuwat munggah paling mung sak ronde

PAIMAN : Jiangkrik putu g@t€lis@si,
Durung ngerti kemampuane si mbah
~kayu glugu ojo gawe pajangan
~aku wes ngombe jamu ndok saktarangan

PAIJO JR : jamune iku opo ora salah to mbah,
~kayu glugu di tali kawat
~kuwi jamu gawe asam urat

PAIMAN : bocah cilik dikandani kok ora kenek
~Isuk lawuh tahu sore lawuh tempe
~ora gawe jamu mbah kuwat 10 ronde

PAIJO JR : oalah mbah ora usah di pekso
~Asale tempe iku teko dele
~kuwat 10 ronde terus mlebu UGD

PAIMAN : WOW J*NC*KKK!sASi
(Golek tugelan boto jur ngantem paijo jr)

sugeng dalu sahabat dumay

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Pesan Moral versi Kang Men, "Update Status"

11/22/2015 Posted by Unknown , , No comments
sososial media iku enek manfaate yo akeh sing dilalekne
contone:
-arep budal lungo,update status disek " OTW...."
-ora lali "selfi selfi "ben di arani wong duwe
-tekan tujuan wetenge luwe(nge"TAG",lg di warung sate)
-arep mangan fotone di unggahne ben kethok enek lawuhe nganti lali karo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DONGONE(pesan moral)

ngono kuwi opo yo tau kok lakoni lurrrrr......


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

Belajar Moco

11/22/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo jr murid neng SD maju mundur duwe guru paiman sing ora tau akur mesti ngejak geger
Langsung wae neng TKP lurrr...

PAIMAN : Woi...brutu kethek ojo rame

PAIJO JR : guru edan,muridte di celuk(panggil) kethek,
Wonten nopo pak

PAIMAN : ayo maju neng ngarep,neng papan tulis iku di woco

PAIJO JR : injih tumo kethek

PAIMAN : bocah edan,gurune di celuk tumo,cepet ndang di woco
Paijo moco ngejrah huruf neng ngarep karo nyawang papan tulis

PAIMAN : K......U di woco opo?

PAIJO JR : di woco KU

PAIMAN : D......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco DA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo?

PAIJO : yo di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JARAN

PAIMAN : pancene bocah G*T€L*sasi pancene gerah polo

PAIJO JR : Bedane kuda karo jaran opo pak

PAIMAN : sak jane yo podo muehe...he...he...
Sak iki M.......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco MA

PAIMAN : T.....A di woco opo

PAIJO JR : di woco TA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo

PAIJO : Di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MATAMU

PAIMAN : murid J*NC*KKK#@*%,gurune di mata matane,
Kowe tak hukum koprol maju mundur ping selawe likur,pus up ping sepuluh kurang sak ugel

PAIJO JR : gurune yo edan,sepuluh kok kurang sak ugel

Paijo jr karo pak guru paiman akhire gelut neng njero kelas prakkk...brukkk...gedabrusss

Poro member jago paijo jr opo paiman? muehe....he...he...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Nov 2015

Kenalan neng SosMed

11/21/2015 Posted by Unknown , , No comments
srintil oleh kenalan soko SOSMED(facebook)
jeneng samaran srintil yoiku $1 c3wek cu3ntill
singkat cerito srinti inbox cowok akun facebook jenenge mr X

SRINTIL : oleh kenalan karo sampean ora mas?

MR X ; m'f mbak,bisa pake bhs indo

SRINTIL ; (batine srintil,iki mesti wong jakarte punye muehe...he...nyengir codot) bisa kok ,mas ganteng udah krj blm

MR X ; dh krj kok mbak

SRINTIL : dah nikah blm(muehe....he.....nyengir jaran)

MR X : blm mbak masih perjaka tuing...tuing...,mbak namanya siapa ya?

SRINTIL : nama aq sritil,nama mas cp?

MR X : mmm
.
.
SRINTIL : michael ya
.
.
MR X : bukan mbak
.
.
SRINTIL : robet kah
.
.
.
MR X : jenengku PAIJO mbak

wong 2 langsung logout bareng bareng

LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[ kang men]

20 Nov 2015

Paijo JR Keturunan Rusia

11/20/2015 Posted by Unknown , , No comments
Salah sawijining dino paijo jr murid anyar,mlebu neng SD maju mundur
Wektu enek pendataan,paijo jr di takoni karo pak guru paiman

PAIMAN : jeneng lengkapmu sopo le...?

PAIJO JR : jeneng lengkap kulo
'' PAIJO SEGIROLSONOV ''

PAIMAN : (guling teko kursi jur tangi maneh)
Rupamu ora imbang karo jenengmu le,koyok wong rusia,
Emange bapakmu blesteran teko ngendi?

PAIJO JR : hasil blesteran jowo karo londo

PAIMAN : nek mbokmu jenenge sopo?

PAIJO JR : Srintil,
Hasil blesteran jowo karo rusia

PAIMAN : lak tenan to...kowe mesti duweni keturunan darah rusia

PAIJO JR: kok saget ngoten pak?

PAIMAN : di delok teko jenengmu ae PAIJO SEGIROLSONOV,mesti kowe keturunan rusia

PAIJO JR : nek SEGIROLSONOV Niku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SELOSO LEGI TANGGAL ROLAS WAYAH POSO ULAN NOVEMBER Muehe...he...he...

Paiman langsung ngrawuk'i raine dewe(jebule jowo ndeso)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Nov 2015

SMS Ngapusi Hadiah Mobil Kidjang

11/19/2015 Posted by Unknown , No comments
paijo lagi leyeh leyeh neng ngisor wit cepluk'an,ora suwe handphone paijo muni kloneng-kloneng (nada alarn)
oleh sms wocone ngene,

MR X :"panjenengan angsal mobil kidjang,syarate kirim duwit 50 jt gawe biaya kirim"
karo paijo di kerjain,bls di sms

PAIJO : sepurane pak aku ora seneng kidjang nek diwei kucing aku gelem(paijo guyu nganti goling goling)

MR X : iki oleh mobil mas ora teko kebun binatang,mobil kidjang iki nek di tumpak'i penak mas

PAIJO : paling paling ragate kidjang iku larang pak

MR X : ora mas,nek iki ngirit ora larang ragate

PAIJO : aku tetep milih kucing mas

MR X : emange ragate kidjang karo kucing opo bedane

PAIJO : nek kidjang larang,nek kucing mung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
di pakani balur (guyu nganti ngompol ngompol)

MR X : arrrrgggggg ngamuk banting anak'an ASU


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

17 Nov 2015

Paijo Budal Neng Jakarta Numpak Pesawat

11/17/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo numpak peSawat jurusan suroboyo arep neng jakarta
neng njero pesawat paijo salah kursi, manggon neng ngarep kelas bisnis kudune paijo manggon neng nduwur pesawat mergo kelas ekonomi muehe...he...he...

PAIMAN : mas,sampean salah kursi,panggone sampean neng mbuRI

PAIJO : ora iso mas,masalahe aku teko disek dadi panggonku neng ngaREp

Paiman nyeluk (panggil) pramugaRi

PRAMUGARI : bapak,panjenengan kursine neng mburi

PAIJO : samPean sopo,ngongkong aku neng mburi

PRAMUGARI : kulo PRAMUGARI

PAIJO : pramugari tugase opo

PRAMUGARI : Tugase pelayan Pak

PAIJO : oalah,saMpean babu,nek ngono sampean muleh ae mbak korah korah piRing neng omah

Ora suwi pilot pesawat marani paijo

PAIJO : sampean sopo

PILOT : kulo pilot pak

PAIJO : pilot tugase opo?

PILOT : kulo tugase nyopir pesawat

PAIJO : oalah,tak kiro Sampean mau tukang parkir peSawat,kok gaya gawe seragam lan topi
Podo podo penumpange Jemblung marani paijo jur bisik bisik neng kupinge
Sak naliko paijo langsung ngaleh karo lambene ngomel ngomel

PILOT : wong iku sampean bisik'i opo mas

JEMBLUNG : aku mung nakoni,sampean medun jurusan ngendi

PAIJO : jurusan jakarta

JEMBLUNG : nek jakarta panggone neng mburi mas,sing sampean panggoni iku jurusan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PASAR WONOKROMO

Iki pengalamane paijo luR


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Nov 2015

Mantan Iku Koyok...

11/14/2015 Posted by Unknown , , No comments
1.Mantan iku koyok utang,nek di eling eling marai nyesek nanging di butuhne
2.Mantan iku koyok sambel,nek kelingan rasane pedes nanging pengen nambah maneh
3.Mantan iku koyok permen karet,nek di buang sembarangan

Iso nempel neng atine wong liyo,contone di temu konco dewe
Sing rumongso tau duwe mantan komeno lurrrt..
.
.
.
.
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Dijak Macul Karo Mbah Paiman

11/14/2015 Posted by Unknown , , No comments
Isuk iku paijo jr Diajak neng kebon Marang Mbah kakunge jenenge paiman
Jenenge arek ijek cilik paijo jr takon gone mbah kakunge

PAIJO JR : mbah sing di gowo iku jenenge opo

PAIMAN : iki jenenge pacul le,gunane gawe ngeduk lemah

PAIJO JR: nek iki jenenge opo mbah

PAIMAN : iki ngono jenenge meteran le,gunane gawe ngukur

PAIJO JR: nek iki jenenge opo mbah

PAIMAN : iki ngono jenenge kembang melati gunane gawe

PAIJO JR : hik...hik...hik.,paijo jr nangis golong golong neng kebonan

PAIMAN : cup...cup...cup...wes meneng yo le,enek opo kowe kok nangis

PAIJO JR ; HIK...hik...hik...(nangis karo ngelap umbel)
Mbah opo wes kroso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : wes kroso opo le...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : mbah opo wes kroso AREP MATI kok gowo pacul meteran karo kembang


Sak naliko PAIMAN Ngemut danganan pacul

Monggo di LIKE & BAGIKAN ‪#‎guyonanjowokangmen‬
By
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Nov 2015

Paijo Nglamar Kerjoan

11/13/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo juR nglamar kerjo neng PT MLARAT JAYA
Ketemu langsung karo bos sing jenenge paiman

PAIMAN : mas,sampean kepengen kerjo neng luar negeri opo dalam negeri

PAIJO : dalam negeri wae pak

PAIMAN : nek ngono sampean dadi tukang resik resik gelem ora? bayarane sak ulan 5jt

PAIJO : matur suwun pak aku gelem,bayarane jan akeh tenan(paijo mbatin kerjo setahun iso tuku NINJA 4tak)

PAIMAN : nanging kerjone iku nek isuk resik resik
.
.
.
.
.
.
.
UNTUNE MACAN SING AREP SARAPAN,mergo dek wingi wes wong telu dipangan macan

‪#‎guyonanjowokangmen‬
PAIJO : (jungkir walik teko kursi jur tangi maneh), oalah pak kerjo liyone opo ora enek

PAIMAN : nek kanggo sampean tetep enek,kerjone iki gampang sampean mung gowo timbo gawe nguras banyu, Lha bayarane 10jt sak ulan

PAIJO : aku gelem pak(paijo mbatin kerjo sak setahun kenek gawe munggah haji)

PAIMAN : nek sampean gelem sak iki ndang budal
.
.
.
.
.
.
.
NGURAS KALI CILIWUNG

PAIJO : jungkir walik neng nduwur mejo, Wes aku tak kerjo neng luar negeri dadi TKI enek ora

PAIMAN : kawit mau ora gelem ngomong nek kepengen kerjo luar negeri, Bayarane sak ulan 25jt bonuse yo gede

PAIJO : yo iku kerjo sing tak golek'i,kerjone opo pak...

PAIMAN : keRjone iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MISAH AFGANISTAN VS AMERIKA

saknaliko paijo balik kanan muleh karo ngelapi untune sing mrongos


Monggo dipun LIKE + BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Yen Sok Wes Rabi

11/13/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo lagi pacaran karo srintil neng ngisor wit cempluk'an
Paijo ngrayu srintil sing paling romantis,wong 2 bayangne nek wes bebojoan

PAIJO : dik sri,nek seumpomo awak dewe dadi wong ndeso aku kepengen nyeluk (panggil) sampean ibu (mlintiR brengos)

SRINTIL : yen ngono aku bapak(masang rupo unyu unyu)

PAIJO : nek seumpomo awak dewe dadi wong arab,kepengenku nyeluk UMI( nyisir brengos)

SRINTIL : Sing mesti aku ABI mas(masang rupo imut imut)

PAIJO : nek awak dewe dadi wong inggris aku nyeluk sampean MOM(kukur kukur panu)

SRINTIL : aku nyeluk DAD(mbatine rupo koyok ganjel trek gandeng)

PAIJO : Nek awak dewe dadi wong sugeh,kepengenku sampean tak celuk MAMI ( guyu bangga)
Sampean kan yo ngerti to dik,nek aku dadi ustadz neng kampung kene

SRINTIL : yo sampean tak celuk AA' mas

PAIJO : nek ngono aku ora usah nyeluk sampean dik

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku ora mentolo dik

SRINTIL : kan yo ben Serasi mas

PAIJO : mosok aku nyeluk sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
EE' dik,pancene awak dewe jodo

saknaliko Srintil brakoti godong cepluk'an

Monggo di LIKE & BAGIKAN
‪#‎GUYONANJOWOKANGMEN‬
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Nov 2015

Paijo Njanjeni Oleh-oleh Soko Jakarta

11/12/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Timbang susah Cerito disek lur,..
Paijo iki wes suw e kerjo neng jakarta,
Paijo telpon keluargane sing neng ndeso anak lan bojone

PAIJO : hallo,piye kabare le

PAIJO JR : apik pak'e,kabeh podo waras

PAIJO : sekolahmu piye le

PAIJO JR : alhamdulillah pak,aku ora tau munggah kelas(suweneng jingkrak jingkrak munggah mejo )

PAIJO : bocah EDDAN!!!ora munggah kok seneng,kenopo kowe malah seneng ora munggah kelas

PAIJO JR : iku tondone bu guru sayang aku

PAIJO : tambah koclok ae kowe le,
Bapak arep muleh kowe njaluk oleh oleh opo?

PAIJO JR : aku njaluk HP bluberry

PAIJO : blackberry blokk,karo opo maneh

PAIJO JR : motor motoran pak'e

PAIJO : tambah maneh ora

PAIJO JR : karo laptop sing gede

Mari telpon anak'e Paijo jur telpon bojone sing jenenge srintil

PAIJO : sampean njaluk Opo sri

SRINTIL : aku njaluk K¤T@NG koyok gone britney pak'e

PAIJO : ojo njaluk iku to sri,penjalukmu opo ora enek liyone sri

SRINTIL : nek ngono aku njaluk S€MP@K koyok artis luar negeri pak'e

PAIJO : liyone maneh opo ora enek sri

SRINTIL : Pengenku mung iku ora enek liyone,
Opo sampean ora kuwat tuku

PAIJO : ora ngonone sri,barang sing kok njaluk iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Angel JAMBRETANE sri

Saknaliko srintil ngrawuk'i raine dewe mergo isin

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[kang men]

11 Nov 2015

Hobi Bunga

11/11/2015 Posted by Unknown , , No comments
Pak guru jemblung iki ngulang neng SD MAJU MUNDUR
''pak guru jemblung iki kepengen kenalan karo murid murid kabeh''

Arek arek Sebutne jenengmu lan hobymu opo?

PAIMAN : jeneng kulo paiman pak hoby bunga...

PAK GURU : arek lanang kok seneng bunga koyok wong ae,
Sing mburine paiman kuwi irunge sing bangir neng mburi jenenge sopo?

PAIMO : jeneng kulo paimo,hoby bunga pak

PAK GURU : kowe iki opo ALAY hoby kok bunga,
Lha nek sing untune mrongos koyok pagere negoro kuwi jenenge sopo?

PAIJO JR : Jeneng paijo jr pak hoby kulo nggih bunga

PAK GURU : duwe murid kok jeneng ngarep huruf P kabeh hobyne yo podo,
Emange sing kok senengi karo bunga iku opo?

PAIJO JR : mergine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUNGATIYEM niku senengane damel rok mini wonge sexy (wali kelas)

Pak guru jemblung mrongos ngemut pojok'an mejo


Monggo Di LIKE & BAGIKAN ‪#‎guyonanjowokangmen‬
by
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Nov 2015

Paijo Jr Kebelet Nyanyi

11/10/2015 Posted by Unknown , , , No comments
cerito boso jowo
ceritane paijo iki duwe anak jenenge PAIJO JR umure 4thn,
awan awan PAIJO JR wetenge loro jur marani ibune sing jenenge srintil penggaweane dodolan neng warung

PAIJO JR : buk'e...buk'e,wetengku loro alias sakit,aku kebelet ngising (BAB)

SRINTIL : husss ,nek enek wong lagi mangan neng warung ojo ngomong ngising

PAIJO JR : lha terus ngomong opo?

SRINTIL : ngomong wae aku arep nyanyi

PAIJO JR : Oooo....ngono yo buk'e
wayah bengi PAIJO JR turu karo bapak'e paijo

PAIJO JR : pak'e....pak'e...aku oleh nyanyi PAIJO ; yo oleh to le....le.....

PAIJO JR : aku nyanyi neng ndi pak'e

PAIJO : kene nyanyi sandinge
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.KUPINGE bapak tak rungokne(paijo mripate merem merem mergo ngantuk)

PAIJO JR langsung ndodok neng sandinge kupinge paijo MBROOOOOTTTT metu sak gedang goreng

LIKE & BAGIkAN
by
.
.
.
.
.
.
[kang men ]

3 Nov 2015

Paijo Ketemu Calon Moro Tuo

11/03/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Paijo lg ngapeli pacare sing jenenge srintil,paijo ora ngerti yen bapak'e srintil iku galak koyok ASUne polisi patroli

Tekan ngarep omahe srintil,paijo langsung gedor gedor lawang

PAIJO : kulo nuwun...kulo nuwun...

PAIMAN : Monggo mas,mlebu omah

PAIJO : injih pak,matur suwun
Wong 2 iku langsung ngobrol ngalor ngidul
PAIMAN : kowe mrene arep golek'i sopo le

PAIJO : madosi srintil pak

PAIMAN : opo kowe koncone srintil muehe...he...he...

PAIJO : injih ,wonten nopo pak kok guyu ngekek

PAIMAN : aku guyu rupamu

PAIJO : (Langsung nyisir poni karo ngambusi kelek)ganteng geh pak calon mantune jenengan

PAIMAN : opo!!!Ganteng mbahmu kiper kuwi,untumu sak pacul-pacul kok arep ngesir anakku

PAIJO : nangis mewek karo golong golong

PAIMAN : AKu iki ngerti opo sing kok senengi,contone panganan favoritmu opo jal?

PAIJO : arep ditukokne to pak

PAIMAN : ditukokne dengkulmu mluntir jan aku ora sudi

PAIJO : favorit kulo mangan kikil pak

PAIMAN : bener to tebak'anku nek senenganmu mangan kikil
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mejo,kursi lan sak pituture

PAIJO : nelongso pitung turunan,niku sikil ora kikil?

PAIMAN : podo ae,asale podo teko sikile,nek kowe arep dadi mantuku syarate kudu iso nyanyi

PAIJO : ngapunten pak kulo ora penyanyi

PAIMAN : wes ngerti BLOKKK! nek kowe ora iso nyanyi,mergo suaramu koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KETHEK NGOCEH

PAIJO : pak kulo nyuwun pamit,(paijo langsung muleh karo ngesot)

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ kang men ]