16 Des 2016

Woro Woro TIMNAS AFF 2016

12/16/2016 Posted by Unknown No comments
Pengumuman!
Sing arep dukung timnas neng thailan monggo berangkat bareng bareng tanpa di pungut biaya ,iki fasilitase

  1. numpak pesawat budal muleh ora enek pilote
  2. nginep neng emperan omah utowo toko
  3. tikete gratis asal kowe iso menek stadion
  4. ora usah bontot wes di sediani karo panitia,menu panganane nasi RAMES(ora mesti enek) ngombene teh botol SORO
  5. π€£17 √π£° •£ ¶π|•• [_]=~π°`°


(Sepurane lur terjemahno dewe sing no.5 boso thailan neng boso jowo tulisen neng komentar)

Salam koclok ae


LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[ kang men ]

15 Des 2016

Parikan Kadang Waras

12/15/2016 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
~godong klaras
godong pandan
~kadang waras
kadang edan

~godong pandan dironce ronce
~sing edang ndang mrapat mrene
( tak suntikne)


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

3 Des 2016

Srintil Neng Omah Dewean (17+)

12/03/2016 Posted by Unknown , , , No comments
Bengi iku paijo moro neng omahe srintil,wong 2 iku lagi indehoy...hoy...

PAIJO : beb neng omah kok sepi,bapakmu lagi neng ndi?

SRINTIL : bapak lagi pengajian mas

PAIJO : lha ibukmu neng ndi?

SRINTIL : lagi arisan mas,

PAIJO : (mbatin kesempitan alias kesempatan muehe...he...he...)
Beb aku oleh nyekel tanganmu ora?

SRINTIL : awak dewe kan durung muhrim mas

PAIJO : tapi aku wes duwe KTA beb

SRINTIL : opo iku mas?

PAIJO : (surat tanda apel muehe..he..he )beb,aku oleh ngesun pipimu ora?

SRINTIL : tapi awak dewe durung muhrim mas

PAIJO : aku kan wes duwe KTP beb

SRINTIL : opo iku mas

PAIJO : ( surat tanda pacaran) muehe..he..he..
Beb... Beb...smpean wes ngerti durung nek awak dewe iku oleh penghargaan?

SRINTIL : penghargaan opo mas?

PAIJO : penghargaan teko MURI,nek cintaku limited edition marang sampean

SRINTIL : mas paijo iso ae nek ngrayu(karo eker eker raine paijo)

PAIJO : beb aku pacarmu ora lemah kok eker eker

SRINTIL : sepurane mas,ngene iki atiku seneng banget.
Mas paijo wes ngerti durung nek sampean iku oleh penghargaan di dunia?

PAIJO : kok aq durung ngerti yo beb

SRINTIl : sampean oleh penghargaan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rupo sing remuk dewe jare guiness world record

PAIJO ; sak durunge aku pamit muleh tak koprol disek beb...( muleh karo mewek)

salam kangen lurrr


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[Kang men ]

27 Nov 2016

13 Nov 2016

Mbah Paijem Ditekani Malaikat

11/13/2016 Posted by Unknown , 2 comments
Mbah paijem umur 73 thn kenek penyakit stroke,asam urat,
darah tinggi pokok'e penyakite jangkep tur lengkap.
Mbah paijem mlebu rmh sakit koma enek 7 dino ditekani malaikat

MBAH PAIJEM : kiro kiro matiku jek suwi ora

MALAIKAT : jek suwi mbah, 17 thn 7 ulan punjul 3 dino maneh uripmu

Saknaliko mbah paijem langsung operasi plastik,keperawanan,silikon lan suntik pemutih
Metu teko rumah sakit mbah paijem kecelakaan di tubruk truk langsung mati
Mbah paijem ditekani malaikat maneh

MBAH PAIJEM : jarene matiku jek suwi

MALAIKAT : sak jane iku jek suwi mbah,tapi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PANGkLiNg tak kiro jek enom


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
[ kang men]

15 Sep 2016

Belajar Nyanyi

9/15/2016 Posted by Unknown , No comments
Paijo junior dikon nyanyi karo pak guru

PAK GURU : paijo maju neng ngarep

PAIJO : arep nyapo pak

PAK GURU : kowe belajaro nyanyi tak rungokne

PAIJO : enek sing nyawer gak pak

PAK GURU : opo nyawer???? Nyawer mbah mu kiper

PAIJO :lha nyanyi opo to pak

PAK GURU : nyanyi sak isomu cokkk!!! Kakean ngomong

PAIJO : cicak cicak di dinding

PAK GURU : sing gede blokkk

PAIJO : kadal kadal di dinding

PAK GURU : gedekno blokkkk

PAIJO : boyo boyo di dinding

PAK GURU : suara mu gedekno ojo kewane,opo enek boyo neng dinding

Gurune muleh langsung opname


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

8 Sep 2016

Radio

9/08/2016 Posted by Unknown , , , No comments
Paijo duwe bojo jenenge srintil kerjo neng luar negeri,srintil iki duwe sifat cemburuan saben bengi telpon karo paijo

SRINTIL : beb....lagi nyapo iki?

PAIJO : lagi ngrungokne radio beb...

SRINTIL : jajale suoro radione di banterne

PAijo ; wes krungu durung?

SRINTIL : wes krungu beb,yo wes ndang turu ojo dolan ae anak'e di ramut
Sesok'e srintil telpon maneh

SRINTIL : hallo beb...lagi nyapo?

PAIJO : lagi ngrungokne radio beb

SRINTIL ; jajal suarane radio dibanterne

PAIJO : siap beb,wes krungu durung

SRINTIL : wes krungu,yo wes ndang turu,ojo lali anak'e di openi
Oleh seminggu srintil muleh nanging tanpo sepengetahuane paijo
SRintil takon marang anak'e sing jenenge paiman

SRINTIL : le,bapakmu neng ndi?

PAIMAN : bapak lungo karo mbak paijem gowo....

SRINTIL : gowo opo le....

PAIMAN : gowo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
RADIO

Srintil langsung bantingi weduse sak kandang



LIKE & NAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

6 Sep 2016

Kadaluwarsa

9/06/2016 Posted by Unknown , , No comments
SRINTIL : moco opo pak,kok sajak'e serius tenan

PAIJO : iki lho buk'e moco surat nikah

SRINTIL : emange kenopo surat nikah'e

PAIJO ; kok ora podo karo SIM,KTP,ATM ,ora enek
.
.
.
.
.
.
.
.
Tgl kadaluarsane yo buk'e

SRINTIL : your eye picek picek,karo koprol maju mundur



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

28 Agu 2016

Rebonding

8/28/2016 Posted by Unknown No comments
Pak kyai : nduk rambutmu kok apakne kok lurus

Anak : saking salon pak,direbonding

PAK KYAi : mmm ngono yo,ben lurus di rebonding

ANAK : injih,leres niku pak
Pak kyai langsung budal neng masjid arep ngimami sholat

PAK KYAI :sak derenge sholat kulo mulai,monggo poro jamaah sof nipun di
.
.
.
.
.
.
.
.
REBONDING

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

15 Agu 2016

Woro-woro Kangge Jomblo Sejati

8/15/2016 Posted by Unknown , No comments
WORO WORO(pengumuman)
Aq mung ngandani sing dewean,kijenan utowo boso kerene iku JOMBLO sejati

1. wes mapan duweni kendaraan,nanging mung di gawe goncengi suket

2. malem minggu metu karo minyak'an, ambune koyok mayit anyaran di ambu dewean

3. kowe urip neng donyo iki golek gandengan ojo urip dewean,rumangsamu neng donyo iku mung
kok gawe panggonan uji nyali

4. nek kurang akeh komentaro


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[Kang men]

14 Agu 2016

Lowongan Kerjo

8/14/2016 Posted by Unknown , No comments
Telah di buka pendaftaran baru,cepat kabari kerabat & sanak family keluarga anda tanpa di pungut biaya. Berikut daftarnya:
1.pendaftaran AD
2.pendaftaran AL
3.pendaftaran AU
4.DOKTER
5.BIDAN
6.satpam
7.guru
8.karyawan bank
9.pegawai KAB
10.pegawai kec dll
Hubungi segera
.
.
.
.
.
.
.
Panitia karnaval setempat


NB: ora usah umek neng komentar
LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.[kang men]

12 Agu 2016

Pitakonan Konco

8/12/2016 Posted by Unknown , No comments
Nek awakmu di takoni tonggo utowo koncomu jawaben ae

Konco : kapan kowe rabi?

Jawab : lha kapan kowe mati

MARI RABI

Tonggo : wes hamil durung ?

Jawab : padakne nyitak boto ae langsung dadi

MARI WES DUWE ANAK SIJI

Konco ; kapan tambah maneh?

Jawab : lha kowe bendino oleh rejeki piro,kok ngitungi rejeki ku



Jodoh,rejeki & mati gusti ALLAH sing ngatur,dadi tonggo utowo koncomu ojo oleh melu melu ngatur

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men]

8 Agu 2016

Kang Parlan

8/08/2016 Posted by Unknown No comments
Pancene repot duwe tonggo jenenge parlan

Kang men : kang parlan neng omah g?(karo gedor gedor lawang)

PARLAN : enek opo?

Kang men :arep nyileh....

PARLAN : nyileh opo...?

Kang men : nyileh ONDO...Lan,enek g?

PARLAN : duwe loro ,tp sing siji wes rusak

(Aq mung batin nyileh ONDO,,,...lan sing apik)

ONDO = tangga

7 Agu 2016

Parikan Edan Kangmen Edisi POKEMON

8/07/2016 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men


-Godong ijo godonge melon
-Di pangan walang kari sak bungkol
-duwe bojo gendeng pokemon
-isi kotang di odol odol
(Iki ngono pokemone anakmu!!!)

-Tuku melon disigar sigar
-Melon pentil di rubung laler
-Golek pokemon blusuk'an kamar
-Ngodal ngadil mlebu neng daster
(Iku gek pokemon model opo???)

Sugeng rehat dulur dulur teng thaiwan,hongkong,singapore,brunai,malaysia & saudi


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[Kang men]

11 Mei 2016

Dukun Kabul

5/11/2016 Posted by Unknown , , No comments
Paijo dadi dukun kabul
Iki nyritakne jaman jek lawas durung enek dokter
Paijo iki duwe ilmu sing ora di duweni wong liyo
Wektu iku omahe Paijo rame sing podo antri arep njaluk tombo
Pasien nomer 1 yo iku paijem

PAIJO : sampean loro opo nduk

PAIJEM : loro untu mas(paijo jek abg tua lurrr)

PAIJO : kene tak sebulane pipimu karo ngesun pipine paijem muaaachhh,wis mari durung nduk?

PAIJEM : sampun waras mas
Pasien nomer2 jenenge markonah artis jaipong,nek jaman sak iki yo artis dangdut

PAIJO : loro opo nduk ?

MARKONAH : bathukku ketatap lawang mas

PAIJO : nek iku gampang nduk,kene tak sebulane karo ngesun bathuk'e markonah muuuuuach,waras durung nduk?

MARKONAH : SAmpun waras mas
Pasien nomer 3 jenenge mbah PAIMAN wonge tuwek kiro kiro wes umur 70thn

PAIJO : loro nopo mbah

PAIMAN : aku isin mas arep ngomong penyakitku

PAIJO : ora usah isin mbah, kene tak sebulane sing loro ben ndang waras

PAIMAN : langsung nguwei eroh penyakite
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AMBEIEN, ndang di sebul mas gek penyakitku ndang waras muehehehe

Sak naliko paijo langsung G€πD€Ng ndadak

Like & bagikan
By
.
.
.
[Kang men]

9 Mei 2016

Cerito 17+ Njajan Neng Njobo

5/09/2016 Posted by Unknown , , , , No comments
Paijo nyuwun icik icik ehemmm. Bengi iku howone pancene adem,dadi wes lumrahe wong lanang njalok di keloni muehehehe

PAIJO : sri...sri...aq oleh icik icik ehem ora

SRINTIL : oleh mas,nanging ojo sak iki

PAIJO : lha emange kenopo sri?

SRINTIL : awakku lagi remuk mas

PAIJO : nek ngono aku tak jajan neng jobo oleh ora?

SRINTIL : nek sampean kebelet tenan yo ra opo mas

PAIJO : sampean tenanan ta?

SRINTIL : yo tenan to mas

PAIJO : aq mangkat sak iki yo
Paijo langsung mangkat,kiro kiro enek 1jam paijo lagi muleh jur langsung mlebu kamar

SRINTIL : sampean jajan neng ndi mas kok cepet nek muleh

PAIJO : neng tonggo sebelah omah sri,karo paijem bojone kang paiman

SRINTIL : ngono kuwi bayar piro mas?

PAIJO : bayar 100 ewu sri

SRINTIL ,: kok larang mas

PAIJO : lha biasane piro sri

SRINTIL : biasane iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kang paiman ora tau bayar nek rene muehehehe

Paijo langsung bantingi weduse sak kandang



LIKE &BAGIKAN
By
.
.
.
[Kang men]

30 Apr 2016

Bahasa Inggris Belajaran

4/30/2016 Posted by Unknown No comments
Bhs inggris belajaran
1.REMEK is my body
2.BALUNGAN there nyes there nyes
3.My sikil is linu linu
4.Ndas check out check out
5.boyok is mreteli and ajiurrr

Nek salah benerno lurrrr ben ora salah paham

Pesenku mung siji, ojo pacaran malam minggu nek gak duwe pacar

by
.
.
.
[ kang men ]

3 Mar 2016

Undangan Manten

3/03/2016 Posted by Unknown , , 1 comment
Kurang telung dino srintil arep rabi nanging malah sedih tur nelongso neng njero kamar,
Srintil ditakoni ibune sing jenenge paijem

PAIJEM : paijo kuwi kan calon bojo pilihanmu dewe,opo kowe getun?

SRINTIL : ora buk'e,,aku ora getun

PAIJEM : opo paijo kurang ganteng?

SRINTIL : nek masalah rupone mas paijo iku wes tak trimo,senajan rupone ngapret pas pasan

PAIJEM : kenopo kowe kok iseh nangis

SRINTIL : lha mosok undangan kok salah cetak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TURUT MENUNGGANG
1.Bpk RW
2.Bpk RT
3.bpk lurah dan perangkatnya
4.bpk camat dan perangkatnya
5.bpk KORAMIL

Awakku gak kuatttttt lak remukkkk tenan buk'e


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ KANG MEN ]