16 Des 2016

Woro Woro TIMNAS AFF 2016

12/16/2016 Posted by Unknown No comments
Pengumuman!
Sing arep dukung timnas neng thailan monggo berangkat bareng bareng tanpa di pungut biaya ,iki fasilitase

  1. numpak pesawat budal muleh ora enek pilote
  2. nginep neng emperan omah utowo toko
  3. tikete gratis asal kowe iso menek stadion
  4. ora usah bontot wes di sediani karo panitia,menu panganane nasi RAMES(ora mesti enek) ngombene teh botol SORO
  5. π€£17 √π£° •£ ¶π|•• [_]=~π°`°


(Sepurane lur terjemahno dewe sing no.5 boso thailan neng boso jowo tulisen neng komentar)

Salam koclok ae


LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[ kang men ]

15 Des 2016

Parikan Kadang Waras

12/15/2016 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
~godong klaras
godong pandan
~kadang waras
kadang edan

~godong pandan dironce ronce
~sing edang ndang mrapat mrene
( tak suntikne)


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[ kang men ]

3 Des 2016

Srintil Neng Omah Dewean (17+)

12/03/2016 Posted by Unknown , , , No comments
Bengi iku paijo moro neng omahe srintil,wong 2 iku lagi indehoy...hoy...

PAIJO : beb neng omah kok sepi,bapakmu lagi neng ndi?

SRINTIL : bapak lagi pengajian mas

PAIJO : lha ibukmu neng ndi?

SRINTIL : lagi arisan mas,

PAIJO : (mbatin kesempitan alias kesempatan muehe...he...he...)
Beb aku oleh nyekel tanganmu ora?

SRINTIL : awak dewe kan durung muhrim mas

PAIJO : tapi aku wes duwe KTA beb

SRINTIL : opo iku mas?

PAIJO : (surat tanda apel muehe..he..he )beb,aku oleh ngesun pipimu ora?

SRINTIL : tapi awak dewe durung muhrim mas

PAIJO : aku kan wes duwe KTP beb

SRINTIL : opo iku mas

PAIJO : ( surat tanda pacaran) muehe..he..he..
Beb... Beb...smpean wes ngerti durung nek awak dewe iku oleh penghargaan?

SRINTIL : penghargaan opo mas?

PAIJO : penghargaan teko MURI,nek cintaku limited edition marang sampean

SRINTIL : mas paijo iso ae nek ngrayu(karo eker eker raine paijo)

PAIJO : beb aku pacarmu ora lemah kok eker eker

SRINTIL : sepurane mas,ngene iki atiku seneng banget.
Mas paijo wes ngerti durung nek sampean iku oleh penghargaan di dunia?

PAIJO : kok aq durung ngerti yo beb

SRINTIl : sampean oleh penghargaan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rupo sing remuk dewe jare guiness world record

PAIJO ; sak durunge aku pamit muleh tak koprol disek beb...( muleh karo mewek)

salam kangen lurrr


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[Kang men ]