7 Apr 2013

Kang Men Curhat

4/07/2013 Posted by Unknown No comments
Sabtu sore,nek arek enom ngarani malam minggu aku wes siap siap dadan arep budal kencan

Ora nyongko lan ora di undang udan deres malah sing teko

Atiku bingung ora iso kencan,atiku pegel celono karo kaos tak sampirne,neng duwur kasur awakku tak rebahne

Mripat wes gak iso melek sesosok sing lembut gerayahi awakku

Kowe tego tenan gerayai sirahku medun neng gulu awak lan sikilku

Aku lagi ngerti yen maksudmu iku mung siji kepengen ngepek darahku

Sak iki kowe guya guyu mergo wes puas jupuk darahku sing kececer nek awak lan duwur kasurku

Dasar ora duwe ngesakne awan bengi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AWAKKU KOK DICOKOT LAN DIKERUYUK KEWAN TINGGI

(IKI CURHATKU SOKO JERO ATIKU LUR
By mohtarida@yahoo)

6 Apr 2013

Merk Mobil

4/06/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng injing menjelang siang lur...

Sore iku mendunge peteng udan deres jemblung dolan neng omahe kang paijo

Senambi ngobrol guyonan karo ngombe kopi jan mantep tenan lur...

PAIJO : woi mblung kowe mari tekan ngendi...

JEMBLUNG : tekan ngomah jo arep dolan mrene

PAIJO : nek dolan mrene biasane
Wetengmu keluwen,kono ndang mangan neng buri enek lawuh pakan kucing maksudku iwak pindang mblung(kwakwakwakwakwak guyu bebek)

JEMBLUNG : I'm sorry jo aku wes mari BMW

PAIJO : Kwakwakwak rupo maesan bahasa inggris barang,opo BMW iku...

JEMBLUNG : BAR MANGAN WAREG kik...kik...kik guyu *S* kecepit lawang)

PAIJO : oalah mblung koyok ora ngerti sopo kowo,biasane kowe kan PANTHER

JEMBLUNG : Lha opo maneh iku PANTHER...

PAIJO : PANGANANMU BANTHER (guk...guk...guk...guyu golong golong neng latar)

JEMBLUNG : senajan aku MERSI tapi aku ora gragas koyok kowe to jo

PAIJO : Iku kan wes gawanmu tekan lahir nek kowe
MERSI : PAMER GUSI ALIAS MRONGOS(kwakwakwakwakwak karo nyruduki pager omah)

JEMBLUNG : ora usah kakean ngommg,aku iki tamu ndang di gawekne
ISUZU : KOPI + SUZU

PAIJO : si...siap mas JEEP

JEMBLUNG : opo maneh kok gawe boso JEEP barang

PAIJO : JEEP iku,..
JEMBLUNG : maksudmu siip

PAIJO : ora kuwi maksudku,JEEP iku

JEMBLUNG : aku wes ngerti paling SIAP to

PAIJO : ora kuwi,JEEP iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JEMBLUNG
ELEK
EDAN
PENGANGGURAN

Saknaliko Jemblung geblak kijang kijang(kejang kejang)

Cerito iki di request by kebru'an gedhek judule merk mobil

Mohtarida@yahoo.com

4 Apr 2013

Jemblung Maling

4/04/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng injing luuur

Bengi iku jemblung arep maling neng omahe paijo

sore wes direncanakne bengi tinggal ngelaksanakne

Jam 1 bengi jemblung siap maling jur mlebu neng omahe paijo,ora di sengojo jemblung nyenggol panci GLONDANG...GLONGDANG

PAIJO : tangi turu woiii...kuwi kucing oPo maling...

JEMBLUNG : saking bingunge golek panggon delik(ngumpet) karo jawab Kucing (guyu karo ora ambekan)

PAIJO : ooo kucing to jebule,doyan lontong opo ndas pindang(karo gowo pentung)

JEMBLUNG : lontong enek jangane(kik...kik...guyu demit)

PAIJO : cing kucing kono ndang mangan neng mejo makan

JEMBLUNG : ngeong alias siappp

Wes oleh 15 menit karo paijo di takoni

PAIJO : wes wareg opo durung

JEMBLUNG : urung,..ijek kurang

PAIJO : kuwi weteng opo joglangan

JEMBLUNG : makSudte ijek kuRang urung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Disangoni duwit

PAIJO : kowe delik neng ngendi

JEMBLUNG : neng ngisor cendelo

PAIJO : Njaluk sangu piro

JEMBLUNG : aku njaluk sangu nol kabehe limo

PAIJO : nyoh iki tampanono neng ngisor cendelo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DIUNCALI(LEMPAR) TUGELAN BOTO KABEHE LIMO

JEMBLUNG : MLAyu muleh karo oleh sangu bathuk'e mentol limo

Kiro kiro rupone jemblung koyok opo yo lur mari keblekan boto...
CERITO IKI DIREQUEST BY BOYAN JUDULE JEMBLUNG MALING

(Mohtarida@yahoo.com)