6 Apr 2013

Merk Mobil

4/06/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng injing menjelang siang lur...

Sore iku mendunge peteng udan deres jemblung dolan neng omahe kang paijo

Senambi ngobrol guyonan karo ngombe kopi jan mantep tenan lur...

PAIJO : woi mblung kowe mari tekan ngendi...

JEMBLUNG : tekan ngomah jo arep dolan mrene

PAIJO : nek dolan mrene biasane
Wetengmu keluwen,kono ndang mangan neng buri enek lawuh pakan kucing maksudku iwak pindang mblung(kwakwakwakwakwak guyu bebek)

JEMBLUNG : I'm sorry jo aku wes mari BMW

PAIJO : Kwakwakwak rupo maesan bahasa inggris barang,opo BMW iku...

JEMBLUNG : BAR MANGAN WAREG kik...kik...kik guyu *S* kecepit lawang)

PAIJO : oalah mblung koyok ora ngerti sopo kowo,biasane kowe kan PANTHER

JEMBLUNG : Lha opo maneh iku PANTHER...

PAIJO : PANGANANMU BANTHER (guk...guk...guk...guyu golong golong neng latar)

JEMBLUNG : senajan aku MERSI tapi aku ora gragas koyok kowe to jo

PAIJO : Iku kan wes gawanmu tekan lahir nek kowe
MERSI : PAMER GUSI ALIAS MRONGOS(kwakwakwakwakwak karo nyruduki pager omah)

JEMBLUNG : ora usah kakean ngommg,aku iki tamu ndang di gawekne
ISUZU : KOPI + SUZU

PAIJO : si...siap mas JEEP

JEMBLUNG : opo maneh kok gawe boso JEEP barang

PAIJO : JEEP iku,..
JEMBLUNG : maksudmu siip

PAIJO : ora kuwi maksudku,JEEP iku

JEMBLUNG : aku wes ngerti paling SIAP to

PAIJO : ora kuwi,JEEP iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JEMBLUNG
ELEK
EDAN
PENGANGGURAN

Saknaliko Jemblung geblak kijang kijang(kejang kejang)

Cerito iki di request by kebru'an gedhek judule merk mobil

Mohtarida@yahoo.com

0 komentar:

Posting Komentar