30 Jul 2013

Paijo Mendem

7/30/2013 Posted by Unknown No comments
Bengi iku paijo lagi mabuk nganti teler mlakune sempoyongan

Pas jam setengah limo (04.30) paijo krungu adzan neng masjid

Sak naliko paijo budal neng masjid pengen tobat (mugo mugo di ngapuro dosone yo lur )

Tekan ngarep masjid di takoni ustad paiman

USTADZ PAIMAN : jo kowe arep neng ngendi

PAIJO : kulo ajenge sholat shubuh pak ustadz

USTADZ PAIJO : sholat subuh enek pirang rokaat?

PAIJO : enek telung (3) rokaat pak ustadz

USTADZ PAIJO : nek ngono awakmu mulio mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SARAFMU ENEK SING KESLEO ALIAS PEDOT

paijo nelongso jur mlaku muleh,
Wayah tekan dalan paijo ketemu koncone jenenge jemblung arep budal sholat subuh

PAIJO : woiii mblung,kowe arep neng ngendi

JEMBLUNG :neng masjid sholat subuh

PAIJO : sholat subuh enek pirang rokaat

JEMBLUNG : Enek rong (2) rokaat

PAIJO : wes kowe mulio,aku mau di takoni ustadz paiman tak jawab telung rokaat aku di kon muleh,
OPO MANEH KOK
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KURANGI SIJI,OPO KOWE AREP KORUPSI

Paijo muleh karo glegeen becak

[[ kang men ]]

Parik'an Sambel

7/30/2013 Posted by Unknown No comments
Arep buko enek'e mung sambel jarene paijo sambele kurang pedes

Monggo disimak parik'ane paijo
.
.
.
.
.
.
.
~Banyu segoro ombak'e deres
Ombak deres goyangne kapal
~Mangan sego sambele kurang pedes
Nek kurang pedes kamplengen SANDAL

~Enek Kapal mlakune kalem
Warnane abang kabotan muatan
~di kampleng sandal jek kurang marem
Mlebu neng kandang pancalne JARAN

~Neng tengah segoro udane deres
Krukupan kloso jek panggah bocor
~goro goro pengen sambel pedes
Lambene paijo malah NYONYOR

[[ kang men ]]

28 Jul 2013

Obat Kuat

7/28/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo sing awak'e lagi lemes tandang gawe kepengen ngombe jamu sehat kuat,

teko ngarep depot jamune paiman,paijo pesen jamu di gawe kesel,malez,intine paijo ngombe jamu ben semangat kerjo

PAIJO : mas enek jamu

PAIMAN : ora enek,kene bakul semen gawe nyemen rupomu kwakwakwakwak (guyu demit),yo mesti enek mas jenenge depot jamu

PAIJO : aku pesen jamu sehat

PAIMAN : beres mas,ora kepengen ramuan ben kuat lelaki

maksudku tahan lama alias kejantanan

PAIJO : lho enek to mas,kiro kiro kuat tahan pirang jam?

PAIMAN : yo enek to mas,nek ramuanku iki kuat 8 jam ora turu turu hi...hi...

PAIJO : yo wes lah aku pesen di ombe kene yo

PAIMAN : oke,Pokok'e maknyos tenan ramuanku iki

PAIJO : langsung ngombe jamune,pancen seger jamune sampean mas opo maneh rasane engko bengi kik...kik(nyengir munyuk)

Tit tiiiiit...tit tiiiit paijo oleh sms teko srintil

PAIMAN : mas kenopo wajahe sampean abang ireng opo isin karo aku hi...hi...(mringis jaran)

PAIJO : bojoku sms mas,gek jamune iki wes bereaksi xi...xi...(rupo melas)

PAIMAN : sampean yo ndang muleh buktekne ramuan jamuku

PAIJO : carane buktekne piye mas,
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
,
.
.
.
BOJOKU SMS LAGI PALANG SEPUR

KIRO KIRO PAIJO NGEREM OPO DI TERJANG....???

[[ kang men ]]

26 Jul 2013

Lambe Wedok

7/26/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo isuk mau numpak sepeda liwat neng ngarep omahe srintil

Monggo di simak ceritone

SRINTIL : eh Mas paijo sampean teko ngendi? (Mringis kuro)

PAIJO : Mari ngopi dik srintil,lha sampean mari teko ngendi?

SRINTIL : mari tekan pasar ,tak kandani mas ,mulai ulan poso barang barang podo larang sak iki beras mundak,lombok ,gedang ,bawang ,kentang sampek taline kotang yo larang (xi...xi...xi...mringis buto)

PAIJO : aku iki mung takon sampean teko ngendi,ora takok rego barang, lombok,gedang bawang,kentang sampek tali kotangmu (kwakwak ngelek idu)

SRINTIL : aku kan mung ngandani sampean ben ngerti nek belanjani bojo

PAIJO : sampean iki mau teko pasar blonjo opo?

SRINTIL : aku ngubengi pasar mung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TAKON TAKON REGO BARANG

PAIJO : COCOK NEK LAMBEMU LORO TIL...SRINTIL

Nb : SAK JANE IKU COCOKE SING CEREWET LAMBE LANANG OPO LAMBE WEDOK ?

(Jawab neng komentar)

[[ kang men ]]

21 Jul 2013

Paijo Kepingin Sunnah Rosul

7/21/2013 Posted by Unknown No comments
Bengi kuwi paijo mripate ora iso merem luuur jur gugah bojone jenenge srintil golek kesibukan

PAIJO : dik...dik...aku arep njajal oleh ora kik...kik...(MRINGIS MUNYUK)

SRINTIL : sampean nek njajal iku jan ora ngerti wayah kokmas,isuk,awan,bengi kok pengen njajal ae

PAIJO : sediluk ae to dik mosok ora oleh...

SRINTIL : iyo iki wes tak bukakne
Ndang di jajal

PAIJO : ngene iki mripatku byar ora sido ngntuk dik,kene tak lebokne blesss

SRINTIL : piye mas rasane

PAIJO : dik rasane jan koyok isek perawan Tenan

SRINTIL : sampean ki jan iso ae nek ngrayu aku kik...kik..(isin krukupan sawal bantal)


PAIJO : tenan kok dik rasane ijek seret seret,angelmen nek ku nglebokne

SRINTIL : yo alon alon pokok lak kelakon to mas

PAIJO : iyo dik jan kempitane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SANDAL JEPIT SING SAMPEAN NUKOKNE PENAK TENAN LHO DIK

Wusss lego...

[[ kang men ]]

9 Jul 2013

Paijo Dadi Konglomerat

7/09/2013 Posted by Unknown No comments
Konco konco sugeng dalu
Iki crito gawe sing durung turu

#CRITONE PAIJO DADI KONGLOMERAT#

Paijo duwe konco akrab jenenge paiman,pas neng dalan paijo karo paiman ketemu, mergo wes enek 10 thn ora kepethuk

PAIJO : man,piye kabare?

PAIMAN : aku panggah apik senajan dadi wong kere gak duwe penggawean,sak iki tumpakan mu mobil jo kerjomu sak iki opo?

PAIJO : aku sak iki dadi bos ROSOK biyen awale yo dadi pemulung guk...guk...guk...(guyu asu),ayo mampir neng omahku

PAIMAN : kwakwakwak (guyune bebek)pemulung numpak mobil jo,
Banjur tekan omah paiman kaget gede banget omahmu enek tamane karo kolam renange,lha bojomu ndi?

PAIJO : ora usah gumun (karo mlintiri brengos)aku jek arepe rabi,awakmu turu kene wae man timbang muleh engko kebengen,paijo karo paiman ngobrol crito ngalor ngidul nganti bengi trus keturon kabeh

PAIMAN : jo...jo...tangi jo iki wes isuk

PAIJO : krukupan sarung karo ngomong,ora opo anggepen iki omahmu dewe

PAIMAN : Iyo aku ngerti tapi IKI NENG

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
EMPERAN TOKO JO AREP DI BUKAK TOKONE AYO PINDAH PANGGON,KOWE KI NGIMPI OPO?

PAIJO : man,AKU GAK SIDO SUGEH KARO RABI NEK KOK GUGAH

-AWAN AWAN GORENG KOPI DI GORENG AMBUNE SANGIT
-SUGEHE PAIJO MUNG NGIMPI TIMBANG NGIPI DI UBER DEMIT

BENER OPO BETUL?
(Nek mari moco like & jempol)

*admin by kang men*