9 Jul 2013

Paijo Dadi Konglomerat

7/09/2013 Posted by Unknown No comments
Konco konco sugeng dalu
Iki crito gawe sing durung turu

#CRITONE PAIJO DADI KONGLOMERAT#

Paijo duwe konco akrab jenenge paiman,pas neng dalan paijo karo paiman ketemu, mergo wes enek 10 thn ora kepethuk

PAIJO : man,piye kabare?

PAIMAN : aku panggah apik senajan dadi wong kere gak duwe penggawean,sak iki tumpakan mu mobil jo kerjomu sak iki opo?

PAIJO : aku sak iki dadi bos ROSOK biyen awale yo dadi pemulung guk...guk...guk...(guyu asu),ayo mampir neng omahku

PAIMAN : kwakwakwak (guyune bebek)pemulung numpak mobil jo,
Banjur tekan omah paiman kaget gede banget omahmu enek tamane karo kolam renange,lha bojomu ndi?

PAIJO : ora usah gumun (karo mlintiri brengos)aku jek arepe rabi,awakmu turu kene wae man timbang muleh engko kebengen,paijo karo paiman ngobrol crito ngalor ngidul nganti bengi trus keturon kabeh

PAIMAN : jo...jo...tangi jo iki wes isuk

PAIJO : krukupan sarung karo ngomong,ora opo anggepen iki omahmu dewe

PAIMAN : Iyo aku ngerti tapi IKI NENG

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
EMPERAN TOKO JO AREP DI BUKAK TOKONE AYO PINDAH PANGGON,KOWE KI NGIMPI OPO?

PAIJO : man,AKU GAK SIDO SUGEH KARO RABI NEK KOK GUGAH

-AWAN AWAN GORENG KOPI DI GORENG AMBUNE SANGIT
-SUGEHE PAIJO MUNG NGIMPI TIMBANG NGIPI DI UBER DEMIT

BENER OPO BETUL?
(Nek mari moco like & jempol)

*admin by kang men*

0 komentar:

Posting Komentar