31 Okt 2013

Paijo Pacaran Karo Srintil Seng Dadi TKI

10/31/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo pacaran karo srintil wes suwe banget nanging ora tau kepethuk
mergo  srintil kerjo dadi TKI
wes enek 5 thn srintil lagi muleh, wong loro iku ketemuan  neng alun alun

PAIJO : siap meluncur neng alun alun
Wesss....wesss...wesss....(gandol trek gandengan)

SRINTIL : wes ngenteni suwi (Nganti awak'e lumuten),
paijo teko neng alun alun wong loro jur rangkulan jan romantis ( koyok ketek ngerti kacang muehe...he...he...)

PAIJO : sri,piye kabare sampean(karo ngelus rambute srintil)

SRINTIL : kabarku apik mas,aku kangen mas karo sampean hik...hik...(nangis opo klelekan pentol)

PAIJO : podo sri,aku yo kangen (karo nyekel tanganane srintil)

SRINTIL : mas,aku sak iki wes teko kene kenopo sampean ijek nglarani aku

PAIJO : salah ku  opo nganti nglarani sampean,opo aku kurang setio marang sampean (nyucup mbunbunane srintil)

SRINTIL : ora iku ,aku percoyo karo sampean mas, (srintil nangis malah berok berok)

PAIJO : wis meneng sri, aku njaluk sepuro nek aku duwe salah(karo ngesun bathuk'e srintil)

SRINTIL : aku ora bakalan meneng nangisku  mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NEK SIKILKU PANGGAH KOK IDEK KARO SEPATU BROKMU

PAIJO : Waduh aku ora nyawang sri.mergo mripatku klilipen(alasan merakyat)

SRINTIL : Mrene mas tak delok'e, mripatmu,iki klilipan
.
.
.
PAIJO : lemah sri,mergo aku numpak motore ngebut
.
.
.
SRINTIL : ora mas,
.
.
.
PAIJO : mripatku opo enek kewanne sri,(ngeles se poro member)
.
.
.
SRINTIL : iki klilipen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BAN TREK GANDENG MAS( koyok aku ora tau kebiasaanmu mas gandolan trek)



Saknaliko Paijo ngrikiti ban serep
.
.
.


[[ kang men ]]

30 Okt 2013

Paijo Saiki Duwe Hape

10/30/2013 Posted by Unknown No comments
Biasane wae angon wedus karo ngarit
Paijo sak iki duwe handphone merk cruooott ben iso gaya sitik joss
Paijo nyobo telpon cewek sing neng jakarta, sebut wae cewek kuwi jenenge srintil

PAIJO : Hallo beb piye kabare(telpon karo jungkir walik)

SRINTIL : UNTUK...

PAIJO : (paijo langsung nyaut),
wes ngerti dik cintaku hanya untukmu,opo perlu enek syarate

SRINTIL : SATU...

PAIJO : aku bakal setia marang sliramu(janji jampel panci)

SRINTIL : dua

PAIJO : (ora kesuwen langsung nrocos lambene)
Aku ora bakal ninggalne kowe sak lawase(rayuan gombalisasi)

SRINTIL : TIGA

PAIJO : (telpon karo ngemut handphone)
Mangan ora mangan sing penting saben dino iso kelon eh kliru maksudku iso kumpul(gombalan negoisasi)

SRINTIL : EMPAT

PAIJO : oalah dik kenopo telponmu kok tutup
Intine nek ngecek pulsa, operatore ojo kok ajak ngomong
Tinimbang kowe di arani wong edan anyaran



(Muehe...he...he...paijo ngrikiti tower)
by
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Okt 2013

Paijo Jr Mampir Neng Omahe Paiman

10/29/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo karo anak'e paijo jr dolan neng omahe paiman

PAIJO : bruakk...bruak...bruaak...kulo nuwun(nutuk lawang gawe watu)

PAIMAN ; monggo mlebet,
woalah kadal mesir fir'aun to iki mau(mringis ngece)

PAIJO : Wooow, demit jembatan ancol(podo ngecene)

PAIMAN : Dengaren kowe rene

PAIJO : iki lho paijo junior ngejak dolan mrene

PAIMAN : anakmu wes gede jo,
kelas piro kowe sak iki le...

PAIJO JR : kelas 2 SD(karo ngelap umbel)

PAIMAN : pinter koyok ibune,(paijo ngempet nangis),
Wingi munggah kelas ora

PAIJO JR : ora munggah( karo kukur kukur dengkul)

PAIMAN : goblook koyok gerangane(paijo mewek krukupan kaos )
Wes iso moco opo durung

PAIJO JR : wes iso moco

PAIMAN : kowe pancene cerdas koyok ibune(paijo semaput jur tangi maneh)

PAIJO : lha bagian ku sing apik ngendi to man

PAIMAN : mengko disek anakmu tak takonane disek,
Nek ganteng mu koyok artis PASHA UNGU nurun sopo le...

PAIJO JR : sing jelas yo nurun bapak
.
.
.
.
.
PAIJO : (ngoco neng spion motor)
Koyok sopo
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : koyok bapak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : (nyisir rambut karo benakne krah klambi)
Ngomong wae le ora usah wedi karo bapak
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : KOYOK BAPAK PAIMAN,iku JARENE IBU SRINTIL NEK NGUDANG AKU
saknaliko paijo muleh ngungkal arit

Jebule paijo mung angge orong orong : ora melu gawe melu ngemong
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Nemu Lampu Ajaib

10/29/2013 Posted by Unknown No comments
Pas lagi mlaku mlaku neng dalan Paijo nemu lampu ajaib jur muleh neng omah

Tekan omah lampu kuwi di gosok gosok metu jin ne

JIN : huo ho...ho...ho....(guyu serem)

PAIJO : (paijo kaget tibo guling)
Wooo...jin ndal ndul,kowe sopo

JIN : aku jin sing nunggu jerone lampu ajaib,kowe arep njaluk opo,sebutne kepengenanmu

PAIJO : ngene lho jin ,ngerti dewe to nek aku iki elek penggawean yo ora duwe arep mangan wae angel kabeh wong podo wedi karo hik...hik...hik...(karo mewek)

JIN : anggetanmu aku gendak'anmu opo piye kok malah curhat karo aku,
Wes ndang sebutne 3 kepengenmu

PAIJO : tenan kowe iso

JIN : ORa uSah kakean cangkem,aku selak...

PAIJO : selak opo jin

.
.
.
.
.
.
.
.
.
JIN : selak senep nyawang rupomu sing luweh serem tinimbang aku

PAIJO : sing nomer 1,
Aku kepengen awakku iki dadi mulus putih

JIN : walah gampang kuwi,terus opo maneh

PAIJO : sing nomer 2 iki,kabeh wong sing nyawang aku podo seneng ben ora gilo

JIN : terus sing terakhir opo

PAIJO : sing nomeR 3 aku kepengen urip di rubung karo wong wedok wedok(gaya sitik joss,karo benakne begel untu dikawat bangunan)

JIN : nek ngono kowe ndang merem,ngitung nganti ping telu kowe jur melek'o

1
.

2
.
.
.
3
.
.
.

PAIJO : kriyip kriyip mripate,
Awakku sak iki wes maleh putih(ngelus ngelus pipine)

Wong kabeh kok podo nyawang aku xi...xi...(mringis bangga)

Jan aku di rubung wong wedok wedok tenan iki(mringis codot )

Nanging aku kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DADI TAHU NENG TENGAH PASAR NGENE YO hik...hik...hik..(mewek nelongso)
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Okt 2013

Paijo Dadi Tersangka

10/28/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo dadi tersangka di gowo neng kantor polisi

paijo di takoni karo polisi jenenge paiman

PAIMAN : jenengmu sopo

PAIJO : jeneng palsu opo sing lengkap

PAIMAN : ora usah ndagel,timbang tak pistol dengkulmu,jeneng asli sopo

PAIJO : paijo leonardo de caprio

PAIMAN : jenengmu apik tapi sayange
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rupomu ora mendukung muehe...he...(mringis wedus),
Alamat omahmu ngendi...

PAIJO : Alamat omahku jalan ndangdut koplo,kecamatan goyang ceizar,
Kabupaten goyang ngebor,propinsi goyang gergaji(karo jogetan neng ngarepe paiman)

PAIMAN : (jungkir walik tibo teko kursi jur tangi maneh)

Jiiiangkrik,kuwi alamat opo arep tanggapan orkes ndangndut,

PAIJO : lagi musim pak xi...xi(mringis titik joss)

PAIMAN : (wooo ketek bunting), penggawean saben dino opo

PAIJO : penggawean sing tetep opo sing serabutan

PAIMAN : penggawean tetep opo

PAIJO : nginceng wong adus

PAIMAN : nek penggawean serabutan

PAIJO : nyolong kotang neng pemean tonggone xi...xi...(mringis ngece)

PAIMAN : sing wes tau kok inceng jenenge sopo wae

PAIJO : jenenge paijem,
Body semox

PAIMAN : jan siiip tenan

PAIJO : wonge montok

PAIMAN : cocok kuwi

PAIJO : ukuran kotang 38 b

PAIMAN : bener

PAIJO : Ukuram S€MP@k XL

PAIMAN : Ngisi peluru pistol

PAIJO : gawe nembak opo pak

PAIMAN : gawe nembak manuk,karo
Ngungkal arit

PAIJO : nek arit kuwi gawe opo pak

PAIMAN : iki tak gawe nugel manuk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MANUK'E SING NGINCENG BOJOKU PAIJEM

Paijo mlebu penjoro tanpo dikongkon karo ngemut pentunge polisi
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Okt 2013

Paiman Rodok Bolot

10/27/2013 Posted by Unknown 4 comments
Bengi kuwi paiman karo paijo lagi jogo neng pos kampling

Pas jam 12 bengi sing jogo mung wong 2,
jenenge paiman iki kupinge rodok loro alias budek di takoni karo paijo

PAIJO : lho man, opo kowe mari tuku sandal jepit

PAIMAN : opo jo??? Enek demit,(karo ngamplok dekep paijo)

PAIJO : sopo sing takon demit,
aku iku takon sandal jepitmu(bengok gawe mic)

PAIMAN : opo jo,demite jejer telu( karo krukupan sarung)

PAIJO : waduh man Utekku iso kendo NGRASAKNE KOWE,
kuwi sandal jepit opo nemu neng embong?

PAIMAN : opo??? demite sundel bolong

PAIJO : saraf ku iso pedot iki,kowe kuwi nemu sandal jepit neng embong opo kenteran teko kali?

PAIMAN : tenan to jo,sundel bolong arep marani

PAIJO : utekku tambah kopyoooor , man kupingmu pancene buuudeeekkk

PAIMAN : iyo jo,irungku yo mambu BADEK

PAIJO : aduh gusti duwe konco paiman kupinge kok booolooot

PAIMAN : (tambah ndusel ndusel paijo),opo enek to jo sundel bolong mlakune ngesot

PAIJO : WOooiii(bengok neng sandinge kupinge PAIMAN)
kowe ngerti iki opo???(wenehi eruh duwit 10ewu gone paiman)

PAIMAN : emange kenopo karo duwit 10ewu iki

PAIJO : duwit iki arep tak tukokne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KOTANG 10 EWU OLEH 3 TRUS DI CENTELNE NENG KUPINGMU BEN TAMBAH BUDEK G¤BL¤K

Paijo bengok bengok wetenge keluwen karo ngrikiti kentongan

Sing wes hadir kolormu ukurane piro by
.
.
.

[[ Kang men ]]

Paijo Malem Minggu Ngendangi Kang Men

10/27/2013 Posted by Unknown 2 comments
Malam minggu paijo sing akut jomblo lagi dolan neng omahe kang men

KANG MEN : lho jo arep neng ngendi kowe

PAIJO : arep dolan neng omahe sampean kang men xi...xi...

KANG MEN : lingguh kene jo,tak suguhi wedang kopi

Karo ngombe wedang kopi paijo ngejak bedek bedek'an

PAIJO : matur suwun kang men,
aku duwe bedek'an sampean iso jawab ora kang,..

KANG MEN : opo kowe wes kuliah S3 kok bedek'i aku

PAIJO : aku malah wes kuliah S4
S1 : Es degan
S2 : es teh
S3 : es campina
S4 : es campur

KANG MEN: ojo ndagel,kowe kuliah opo bakulan es

PAIJO : bakul es xi...xi...(ngrikiti klopo),
Bedek'anku ngene kang men
Kewan opo ndas se neng sirah,sikile neng sirah nganti ngendok yo neng sirah

KANG MEN : nek iku gampang jo,arek TK iso jawab kuwi

PAIJO : jawab pe opo kang

KANG MEN : jawabpe Kewan TUMO

PAIJO : bener kang men xi...xi.,

KANG MEN : nek ngono ganti aku sing nguwei pertanyaan,
kowe iso itung itungan ongko siji nganti sepuluh gak

PAIJO : kuliah S4 yo mesti iso to

KANG MEN : pertanyaane ngene,
Nek aku ngomong
PE kowe mung nerusne SIJI DOT
PAIJO : walah gampang iku kang men

KANG MEN : sak iki terusne yo,
Pe

PAIJO : loro dooot(jawab karo rokok'an)

KANG MEN : pe

PAIJO : telu dooot (jawab karo nyruput kopi)

KANG MEN : pe

PAIJO : papat doot (jawab karo njabuti jenggot)

KANG MEN : sak iki kupingmu rungokne tenanan,
Paijo koyok PE
.
.
.
.
.
.

.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
PAIJO : LIMO DOOOT

KANG MEN : sing ngomong ora aku lho jo nanging kowe dewe.

Saknaliko Paijo muleh karo krukupan katok

Salam kangen damel konco sing kerjo neng luar negeri by
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Okt 2013

Warung Bakso Paiman

10/26/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo lagi pacaran karo srintil,
Wong 2 muter muter neng kuto jur mampir neng warung baksone paiman

SRINTIL : mas,bakso 2 di pangan kene

PAIMAN : iyo mbak,kok pesene 2,kan wonge mung siji

SRINTIL : sing siji pacarku iki mas(paijo neng sandinge srintil)

PAIMAN : oalah mbak,tak kiro kuwi mau wong
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ngemis arep njaluk duwit,lha potongane koyok gembel

Paijo jungkir walik neng duwur rombong

SRINTIL : xi...xi...(ngempet guyu),ojo lali es teh 2 mas

Singkat cerito Paijo karo srintil mari mangan jur bayar

PAIJO : sri sing bayar tak aku wae,
mas bayare piro,bakso 2 ngombene 2

PAIMAN :
bakso 2 : 10.000
Es teh 2 : 5.000
tambah opo maneh?

PAIJO : tambah lontong siji

PAIMAN : lontonge ora usah bayar

PAIJO : (bisik bisik neng kupinge srintil, sing dodol iki konco ku sri,apik to wonge),

Tenan mas lontong iki ora oleh tak bayar

PAIMAN : tenan mas ora usah di bayar,iku lontong
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WES SEMINGGU MAMBU WAYAH'E GUWAK

saknaliko paijo gelut karo paiman neng ngarep warung
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Okt 2013

Gombalan'e Paijo

10/25/2013 Posted by Unknown 8 comments
Wektu iku paijo karo srintil lagi pacaran neng ngisor wit ringin,wong loro lagi mesra mesraan

PAIJO : sri,nek kelingan rupamu sing unyu unyu ,
Aku jan kepengen...

SRINTIL : kepengen opo mas...

PAIJO : Kepengen nyetot bokongmu(guyu mayit)

SRINTIL : aku maleh isin ngene iki xi...xi...(mringis karo nyisir poni untu)

PAIJO : sri,yen aku nyawang andeng andeng ning pinggir lambemu malah aku angel lali karo sliramu,sampeanmalah tambah IMUT-IMUT,
Aku jan mentolo...

SRINTIL : mentolo nyapo

PAIJO : Mentolo nutuk gusimu ben roto(guyu kecut)

SRINTIL : sampean jan romantis kok mas xi...xi...(karo benakne begel untu)

PAIJO : siji maneh dik sri, marai aku ora iso turu
Nyawang rupane sampean sing...

SRINTIL : sing opo mas

PAIJO : sing AMID-AMID, JABANG BAYI,
aku jan kepengen
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : gowo neng ketok magic,mermak rupaku (guyu ngece)
.
.
.
.
.
.
PAIJO : ora sri,aku tenanan iki
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : gowo neng salon,rebonding rambutku(mringis bangga)
.
.
.
.
.
PAIJO : ora sri,aku kepengen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGIJOLNE BRAMBANG BAWANG NENG PASAR WAE SRI

SRINTIL : (geblak semaput jur tangi maneh)
mas...mas...nek ngerti lambene sampean aku kepengen
.
.
.
PAIJO : nyokot,(karo ngelap iler)

SRINTIL : ora mas

PAIJO : kepengen tak cipika cipiki to

SRINTIL : ora mas,aku kepengen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TAK PANCALNE JARAN karo tak KAMPLENG Kambi GERBONG SEPUR(duwe lambe ora tau di slameti)

Saknaliko paijo mlayu muleh karo nibo nangi
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Malem Jum'at

10/25/2013 Posted by Unknown No comments
~Duwe jimat
Wadai kantongan
Ora di rumat
Di guwak neng joglangan
~Malam jum'at wayah'e sarungan
Budal mangkat
Oleh undangan

~aji gandrung pancene hebat
Krukupan karung mergone kumat
~Mampir neng warung budale telat
Muleh Nyincing sarung karo gowo berkat

Jarene paijo,rejeki ora adoh karo wong elek
.
.
.
[[kang men ]]

23 Okt 2013

Srintil Kirim Paketan Tekan Luar Negeri

10/23/2013 Posted by Unknown 4 comments
Mumpung enek jasa pengiriman murah luar negeri karo dalam negeri neng

INDO JAVA Express

Srintil sing dadi TKI sering kirim barang neng bojone paijo,
Srintil jur telpon neng omah

Kruing...kruing...kruuuuing

PAIJO : hallo,iki sopo

SRINTIL : aku bojomu ,mas paketan barange wes teko durung

PAIJO : wes teko isuk mau

SRINTIL : sampean seneng ora karo barang sing tak paketne

PAIJO : Oalah sri koyok neng kene ora enek
.
.
.
ANAK'AN KUCING ae nganti kok paketne

Seminggu maneh srintil telpon neng omah

SRINTIL : mas kiriman ku wes teko durung

PAIJO : wes teko dik sri,nanging kuwi kiriman
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ANAK ASU gawe opo

SRINTIL : kan yo kenek gawe konco turu eh kliru maksudku di gawe jogo nek sampean turu xi...xi...(mringis codot)

PAIJO : sampean nek kirim mbok sing apik ora anak kewan kok kirim neng omah,iki omah ora kebon binatang tapi omahe uwong

Jarak sak ulan srintil telpon neng omah maneh

SRINTIL : mas kiriman ku wes teko durung

PAIJO : wes teko dik sri

SRINTIL : mas iku hadiah ulang tahunne sampean,seneng ora

PAIJO : seneng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Dengkulmu ANJLOK KUWI

SRINTIL : iku hadiah special lho kanggo sampean

PAIJO : special
.
.
.
.
.
.
.
UNTU AMBROL KUWI

SRINTIL : opo kliru sing tak kirim mas

PAIJO : sing kok kirim iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ANAK'E SOPO

SRINTIL : kuwi anakku mas,sumbangan teko paiman tonggone dewe sing dadi TKI

Jarene sampean ora oleh kirim anak kewan,kuwi tak kirimi anak uwong jenenge PAIJO JUNIOR

Paijo gantung diri neng ngisor wit cepluk'an
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Okt 2013

Kaos Kang Men Edisi #1

10/22/2013 Posted by Unknown No comments

Kaos Kang Men Edisi #1

Sikil Ondo
Dipangan Codot
Dijawil Rondo
Kolorku Pedot

Seng pengen pesen monggo!!!

Petunjuk Pemesanan :
-Lewat Facebook via Private Message ke [Kang Men]
-Lewat email'e [Kang Men] juga bisa
Mohon menyertakan alamat facebook/email
untuk dicetak di produk Kang Men
(ben gak dicolong wong hehehe...)
[khusus wilayah pare dan kota kediri langsung diantar Kang Men]

Paijo Sunnah Rosul Episode 2

10/22/2013 Posted by Unknown No comments
paijo karo srintil asale teko ndeso wong loro iki podo lugune tur ora tau metu teko ngomah

Mari dadi manten Wes enek seminggu Srintil iki lagi metu tekan omah karo koncone di takoni

PAIMAN : mbak, rasane malam pertama piye wes di apakne wae karo mas paijo...(xi...xi....guyu pengen)

SRINTIL : ora di apak apakne mas

PAIMAN : ngene lho mbak tak kandani,engko bengi sampean nek arep turu ngomongo gone mas paijo ngene ''MAS AREP APEM''engko mas paijo mesti langsung ngerti

Bengi iku srintil nguwei tondo neng gone paijo

SRINTIL : arep mapan turu nawari paijo 'MAS AREP APEM'

PAIJO : malah di tinggal turu mlungker,
sesok'e karo srintil di tawari maneh ''MAS AREP APEM''paijo ora nyauri malah ngeloni guling,

nganti seminggu di tawari paijo ora enek reaksi utowo respon

Sesok'e paijo takon gone koncone paiman

PAIJO : Sakjane bojoku iku kok bendino mesti nawari aku ngene 'MAS AREP APEM' iku tondone opo?

PAIMAN : oalah bojomu kuwi njaluk Kikuk...Kikuk...nek urung faham njaluk sunah rosul

Wes ngene ae jo, engko bengi awak mu ngomongo neng gone srintil ''DIK AKU NJALUK APEME''bojomu mesti wes fahan

PAIJO : ngenteni srintil neng njero kamar mapan turu ora lali ngombe jamu

Srintil mlebu kamar arep mapan turu paijo langsung ngomong ''DIK AKU NJALUK APEME''

SRINTIL : APEME
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WES ENEK SEMINGGU IKI MAMBU TAK GUWAK DI PANGAN ASU


PAIJO KRUKUPAN SARUNG PLONGA PLONGO NENG NDUWUR KASUR KOYOK KETHEK GOLEK'I KACANG
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Okt 2013

Paijo Ketilang

10/21/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo lagi pacaran karo srintil muter muter neng kuto numpak sepeda motor NINJA 4TAK
Tekan perempatan lampu abang ijo kuning enek operasi polisi
Paijo ditakoni karo polisi jenenge Paiman

PAIMAN : sore pak,tulung surat surat ditokne

PAIJO : bukak dompet jupuk surat,iki pak surate

PAIMAN : jiaaangkrik ,aku opo gendak'anmu kok wei surat cinta

PAIJO : (nyengir jaran)
lha surat opo maneh pak

PAIMAN : maksudku STNK mu ketek ngendok

PAIJO : xi...xi...pak polisi dagel yo,iki pak STNK ne

PAIMAN : iki baru bener,lha SIM MU ngendi

PAIJO : waduh pak nek iku aku ora duwe

PAIMAN : nek ngono kowe kenek tilang

PAIJO : ora iso pak,mosok ora duwe SIM kenek tilang

PAIMAN :WOIII nek ora duwe SIM gak usah numpak sepeda motor,
Sesok ndang gawe SIM

PAIJO : iyo sesok aku tak gawe ,
nanging ojo banter banter nek ngomong enek pacarku mengko krungu

PAIMAN : emange opo hubungane pacarmu karo SIM

PAIJO : mrene pak tak bisik'i,
AKU ORA GAWE MERGO
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SIMPAK KU IJEK TELES MARI TAK KUMBAH (xi...xi...guyu kunti)
Paiman eker eker lemah karo ngemut gagang pistol
.
.
.
[[ kang men ]]

Tugas Nggambar

10/21/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo jr sekolah kelas 5 neng SD MAJU MUNDUR
wektu iku enek pelajaran gambar
Sing ngulang bu guru srintil

SRINTIL : murid murid ayo podo ndang gambar koyok conto 3 neng ngarep iki pilih salah siji

PAIJEM : kulo sampun mari gambar bu

SRINTIL : apik jem gambarmu,pak tani lagi macul

PAIMAN : kulo nggih sampun bu

SRINTIL : gambarmu yo apik,wong lagi jebol telo,
Jo kowe wes mari opo durung

PAIJO JR : sampun bu,

SRINTIL : iki gambar opo jo

PAIJO JR : niki gambar gunung  bu

SRINTIL : apik jo gambaranmu,tapi gununge kok cilik jo

PAIJO JR : lha contone nggih cilik bu

SRINTIL : yen ngono gambar maneh,gununge di ganti sing gede

PAIJO JR: mboten saget di ganti bu,

SRINTIL : Kenopo ora iso di ganti

PAIJO JR : mergine niku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
UKURANe 32 B bu gambar kembang,pun podo karo gone BU SRINTIL
saknaliko srintil muleh karo krukupan kresek
.
.
.
[[ kang men ]]

20 Okt 2013

Bokonge Sopo

10/20/2013 Posted by Unknown 4 comments
Paijo karo paiman lagi ngobrol neng warung kOPi

PAIJO : man, rene tak critani

PAIMAN : awakmu arep crito opo,wes ndang crito kene aku tak mangap

PAIJO : jiangkrik ,aku arep crito kowe malah mangap, rungokne kupingmu

PAIMAN : iyo ndang crito tak rungokne

PAIJO :  malam minggu wingi dolan neng koncoku liwat dalan gang sing sempiiit,
pas liwat gang iku mau ngarep ku enek bokonge wong wedok sing gede ngebak'i dalan

PAIMAN : ora gelem ngomong kawit mau nek arep crito bokong hi...hi...hi...,lha terusane piye...

PAIJO : aku teko mburine arep liwat ora iso, bokonge wong kuwi mau jan gede , nganti aku...

PAIMAN : arep disik'i bokonge gede kuwi mau to, terus kok senggolne titik,kelakuanmu jo pengen nyenggol wae

PAIJO : ora ngono man,bokonge sing gede iku mau moro moro mandek ndadak terus aku

PAIMAN : nabrak bokonge
''PLUUUuuK'' empuk to rasane

PAIJO : ora ngono man,lha bokong sakmono gedene aku

PAIMAN : nyekel bokong sing gede kuwi mau to

PAIJO : kandani ora man pikiranmu jan fiktor(fikiran kotor),
 AKU
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SEMPET MIKIR,BOKONG GEDENE SAK MONO IKU SING DI GEMBOL OPO YO Man?

PAIMAN : WEDUUUS KOWE JO,Mosok arep gembol  omah semut  jo,sing mesti yo
.
.
.
Jawab dewe lur kanti jujur lan iklas .
.
.
[[ kang men ]]

19 Okt 2013

Paijo Jr Neng Musium

10/19/2013 Posted by Unknown No comments
Srintil muring muring karo paijo goro gorone paijo jr ngejak neng musium ora dituruti

Akhire wong telu iku mau tetep budal neng musium

PAIJO JR : buk sing enek sungune kuwi kewan opo

SRINTIL : kuwi ngono jenenge kewan badak cula siji,podo to karo bapakmu nek nesu metu sungune( lambene mrengut telung centi)

PAIJO : masang rupo melas

PAIJO JR : buk,nek kewan sing gedi kuwi jenenge opo

SRINTIL : kuwi jenenge kewan gajah afrika,enek tlalene dowo,ora koyok tlalene bapakmu mengkeret(karo nglirik paijo)

PAIJO : mripate mbrebes mili arep nangis

PAIJO JR : BU...bu...

SRINTIL : enek opo bocah ganteng koyok paiman(karo ngece)

PAIJO JR : iku kewan opo jenenge,aku kok durung pernah ngerti

SRINTIL : ngendi to le...

oalah Iku ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ANAK KETEK LAGI NGOCO

Paijo ngrawuk'i raine dewe neng ngarep koco
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Okt 2013

Paijo Versus Kang Men

10/18/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo dolan neng omahe [kang men]

KANG MEN : jo,kowe sak iki dadi artis neng guyonan jowo,member akeh sing ngomong nek kowe pinter

PAIJO : iyo kang men selama iki aku durung enek sing nandingi (kwakwakwak guyu bangga karo nyisir gingsule pitu likur)

KANG MEN : aku kepengen ngerti  kepinteranmu

PAIJO : wes ngene wae kang men,sampean iso jawab bedek'an ku ora...

KANG MEN : bedek'an mu opo,jajal tak jawabpe

PAIJO : bedek'an ne ngene:
Metune alon mlebune banter opo

KANG MEN : nek iku jawabane wong umbelen : umbele nek metu alon nek di sedot mlebune banter,bener opo ora

PAIJO : bener iku,iki enek bedek'an maneh,
Di cokot bongkote sing kurang pucuk'e

KANG MEN : iku kan wong ngrokok,bener ora

PAIJO : bener kang men,wes aku nyerah

KANG MEN : sak iki kowe tak takoni,nek aku takon iyo kowe jawabpen ora,nek aku takon ora jawabpen iyo,
wes ngerti durung kowe jo

PAIJO : Nek ngono yo gampang to kang men

KANG MEN : sak iki takonku ngene,
Jo kowe opo ora tau ngerti telek kebo

PAIJO : iyo ngerti

KANG MEN : bentuk'e telek kebo iku  cilik iyo

PAIJO : ora gede

KANG MEN : kiro kiro nek jek tas nelek opo ora anget

PAIJO : iyo anget

KANG MEN : nek kowe wes ngerti telek kebo iku anget,kenopo ora kok EMPLOKKK

PAIJO : IYO TAK EMPLOK

KANG MEN : Rasane ora enak to,,

PAIJO : IYO ENAAAKKK,

KANG MEN : aku ngono ku opo iyo kok turah'i

PAIJO : ORA TAK TURAH'I,
Sak naliko paijo kejang kejang kenek STROKE STADIUM 9
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Okt 2013

Paijo Kenalan Karo Turis

10/17/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo karo paiman lagi liburan neng bali
Tekan bali paijo nyawang cewek cewek turis sing lagi mepe awak jur ngejak kenalan

PAIMAN : jo kowe opo iso bhs inggris

PAIJO : wes to lambemu menengo,aku iki sekolah neng sandinge UNIVERSITAS WASINGTON BLBK : BAKUL LOWAK BESI KARAT(Xi...xi...guyu maho),kabeh bahasa wes tak kuasai

PAIMAN : ojo mung ngomong,kae enek turis cewek ndang kenalan
 Aku pengen ngerti...
Paijo jur kenalan cewek turis teko inggris

PAIJO : yu  koowe a sale ney go ro end DI?

TURIS : sirahe mantuk mantuk(koyok ketek ketulup ora ngerti blaas)

PAIMAN : Artine opo jo

PAIJO : artine asale negoromu teko ngendi

PAIMAN : bhs inggris mu jan sip tenan jo,tapi iku kan wong inggris,
Nek turis cewek sing teko CINO kae iso ngomong gak kowe
Paijo jur kenalan karo cewek turis cino

PAIJO : woooiiii, woooooooong aaaaaayyyuuuu
Koooo weeeeee mriiiiiiiiing mring....iiiiiiis noooopoooo
Ajj jeeeeeeeeeeng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngiii
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngiiiiiiiis Siiiiiiiiiing
Sing....sing.....sing

TURIS : SING...SING...

PAIMAN : ngerti artine jur(koprol maju mundur nganti sirahe mumet)
JIANGKRIK KOWE JO,BOSO CINO PODO KARO JOWO
Yo

PAIJO :
Kowe kok yo goblok to man,awak'e dewe biyen nek sekolah kan karo angon kebo kok isek percoyo (huo...ho...ho....mringis ngece)
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Okt 2013

Srintil Mbalik Neng Negoro Asale

10/16/2013 Posted by Unknown 2 comments
Iki mung cerito guyonan

Srintil dadi TKI neng luar negeri jur telpon bojone jenenge paijo

SRINTIL : mas kabare sampean piye?

PAIJO : kabarku apik dik sri

SRINTIL : duwit kirimanku wes teko durung mas

PAIJO : wes teko dik,duwite tak gawe mbangun omah

SRINTIL : nek ngono duwite karo gawe tuku sepeda motor

PAIJO : iyo dik,lha terus duwit turahane tak tabung neng paijem,

SRINTIL : Yo wes mas nek ngono,
aku di celuk karo gendruwo manak(juragan sing kereng)muuuach cayang

PAIJO : muuuach...muach cayank

Telung tahun srintil muleh jur takon paijo

SRINTIL :mas omahe gede apik yo

PAIJO : iyo dik (karo ngelus ngelus brengos),

SRINTIL : Sepeda motore apik yo NINJA 4TAK,
Lha duwit tabungane ngendi

PAIJO : lha turahane duwit tak tabung neng gone paijem hasile oleh
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO JUNIOR IKI,nek ku rabi karo paijem

Saknaliko srintil ngrawuk'i raine paijo

Sugeng rehat sing enek neng negoro tonggo salam kangen by
.
.
[[ kang men ]]

15 Okt 2013

Paijo Njaluk Ambung Srintil

10/15/2013 Posted by Unknown 4 comments
Naliko paijo njaluk ambung srintil

PAIJO : dik sri,sak tenane aku iki kepengen ngambung pipimu

SRINTIL : sampean opo wani,paling yo mung O.O.T :
Omong omong tok

PAIJO : aku tenanan kok dik(WOHO...HO...guyu buto )

SRINTIL : sampean jan pinter nek ngrayu cewek,pengen ngambung pipi kiwo opo sing tengen

PAIJO : aku njaluk ngambung pipi kiwo mmmuuuach (karo lambene nyosor bebek)

SRINTIL : piye rasane mas...

PAIJO : jan plong atiku dik,sak iki ganti sing tengen dik sri(mripate merem merem koyok ketek ngantuk)

Mmm...

SRINTIL : Sek...sek...mas

PAIJO : enek opo dik kok ora sido

SRINTIL : enek gendruwo manak nyelok(panggil) aku

PAIJO : sopo dik gendruwo manak iku

SRINTIL : GENDRUWO MANAK IKU
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JURAGANKU NENG HONGKONG IKI,
Wes yo mas,ngambung pipi sing tengen sesok wae aku tak korah korah sesok telpone disambung

PAIJO : Mmmuuuach ngemut handphone

Intine gunakno wektu sempitmu
Mugo mugo dulur sing neng luar negeri diparingi sehat akeh rejeki
.
.
.
[[ kang men ]]

Bedek'an Episode 1

10/15/2013 Posted by Unknown 2 comments
dulur-dulur [kang men] duwe bedek'an. sopo sing iso jawab hadiah e :
1. neng BALI numpak pesawat budal muleh mangku kethek
2. budal neng LoS AnglEs numpak pesawat tanpo pilot
3. budal neng menara Eipel numpak pesawat nek mudun langsung nyeblok
4. wis pilihen salah siji

Bedek'an e :

kelap kelip warna ne putih neng duwur gunung

jawabane ditutup paling akhir jam enem (6) mengko sore


Pemenange yoiku mas Dalijo Songkro jawabane :
"Pak haji kemping/munggah gunung kelap kelip ketok kopyah e."
https://www.facebook.com/dalijo.songkro
.
.
.
.
[[Kang Men]]

14 Okt 2013

Woro-Woro Qurban

10/14/2013 Posted by Unknown 6 comments
WORO WORO

Gawe umat muSlim Sak iki ora jamane QUrban mung perasaan nanging iso qurban wedus

Sing duwe niatan qurban kewan wedus
Paijo Iki duwe tips Syarate qurban wedus yoiku:

1.wedus iku lanang tenan ora wedus sing jadi jadian alias MAHO koyok wedus sing gawene mangkal neng prapatan

2.wedus sing untune powel,ojo wedus sing untune di pasang kawat utowo begel ben ketok ganteng iku malah ora oleh gawe qurban

3.ojo milih wedus sing loro ati mari di putus pacare opo maneh lagi galau

4.pastekno weduse rela berkorban wani mati terus mlebu surgo

5.tuku wedus neng bakule ojo tuku wedus neng bakul sate iku jenenge wes mateng

6.milih wedus ojo sing cilik opo maneh durung baligh contone wedus ijek umbelen

7.wedus sing duwe pacar ojo di gawe qurban, mengko nek pacare golek'i piye,timbangane kowe kon ganteni dadi pacare gelem ora...

8.Sing paling penting iku niat ALLAH SWT,Ojo mung statusisasi utowo mung gombalisasi,jebule ora sido qurban

Wes sakmono wae sing kepengen nambahi monggo

SELAMAT HARI RAYA IDUL ADHA.
.
.
[[kang men ]]

13 Okt 2013

Paijo Kenek Semprit

10/13/2013 Posted by Unknown 5 comments
PAIMAN : priiit...priiit,krungu sempritan ora kupingmu

PAIJO : krungu pak,enek opo aku kon mandek

PAIMAN : kowe ngerti pelanggaran ora

PAIJO : yo jelas ngerti to pak

PAIMAN : kowe gowo STNK ?

PAIJO : ora gowo pak( dingkluk karo benakne katok)

PAIMAN : duwe SIM ora?

PAIJO : ora duwe pak( kukur kukur sirah)

PAIMAN : nek ngono kowe Pelanggaran

PAIJO :
W
O
i
i
I
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KOWE WASIT BAL BALAN OPO POLISI

PAIMAN : xi...xi...sory mas brow,tapi nek bal balan ojo
.
.
.
.
.
.
.

PAIJO : ojo opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : OJO GAWE SEPATU KULI BANGUNAN

Saknaliko paijo ngrikiti gawang kiper

GARUDA JAYA DI DADAKU,
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Okt 2013

Biro Jasa Lowongan Kerja Luar Negeri Karo Dalam Negeri

10/12/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo juR nglamar kerjo neng PT MLARAT JAYA
Ketemu langsung karo bos sing jenenge paiman

PAIMAN : mas,sampean kepengen kerjo neng luar negeri opo dalam negeri
PAIJO : dalam negeri wae pak

PAIMAN : nek ngono sampean dadi tukang resik resik gelem ora?
bayarane sak ulan 5jt

PAIJO : matur suwun pak aku gelem,bayarane jan akeh tenan(paijo mbatin kerjo setahun iso tuku NINJA 4tak)

PAIMAN : nanging kerjone iku nek isuk resik resik
.
.
.
.
.
.
.
UNTUNE MACAN SING AREP SARAPAN,mergo dek wingi wes wong telu dipangan macan

PAIJO : (jungkir walik teko kursi jur tangi maneh),
oalah pak kerjo liyone opo ora enek

PAIMAN : nek kanggo sampean tetep enek,kerjone iki gampang sampean mung gowo timbo gawe nguras banyu,
Lha bayarane 10jt sak ulan

PAIJO : aku gelem pak(paijo mbatin kerjo sak setahun kenek gawe munggah haji)

PAIMAN : nek sampean gelem sak iki ndang budal
.
.
.
.
.
.
.
NGURAS KALI CILIWUNG

PAIJO : jungkir walik neng nduwur mejo,
Wes aku tak kerjo neng luar negeri dadi TKI enek ora

PAIMAN : kawit mau ora gelem ngomong nek kepengen kerjo luar negeri,
Bayarane sak ulan 25jt bonuse yo gede

PAIJO : yo iku kerjo sing tak golek'i,kerjone opo pak...

PAIMAN : keRjone iku
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
MISAH AFGANISTAN VS AMERIKA

saknaliko paijo balik kanan muleh karo ngelapi untune sing mrongos
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Okt 2013

Paijo Dadi Tukang Becak

10/11/2013 Posted by Unknown 7 comments
senajan srintil statuse rondo tapi jek ayu lan semok nganti mripate paijo ora kedep nek nyawang

profesine paijo iku MBECAK saben isuk ngeterne mbok rondo neng pasar,kiro kiro jarak omahe teko pasar iku enek 30kilo

SRINTIL : gawe rok mexy pendek malah awak'e  kethok sexy nek mlaku bokonge iso megal megol,
mas paijo aku terne neng pasar?

PAIJO : (saking semangate) sampean numpak mbak srintil,tak genjote eh kliru tak becak'e
 
SRINTIL : mas mbayare piro?

PAIJO : kanggo tonggo dewe,sampean ora usah bayar

SRINTIL : sesok'e  jaluk tulung kon ngeterne neng pasar maneh,
Mbayare piro mas?

Paijo : ora usah mbayar,(jenenge wong seneng  karo paijo ora oleh mbayar)
saben dino paijo ngeterne srintil neng pasar,
Lha iki wes enek telung dino paijo ora tau moro neng omahe srintil,srintil marani neng omahe paijo

SRINTIL : mas sampean enek telung dino kok ora tau neng omahku enek opo?

PAIJO : mbak aku sak iki wes dadi wong berhasil dadi ora becak maneh

SRINTIL : emange hasile sampean opo kok ora gelem becak maneh?

PAIJO : hasilku becak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SIKIL KU LUMPU.H, bendino becak 30kilo
.
SRINTIL : @???!!!! Ngrakoti ban serep becak
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Iso Boso Kewan

10/11/2013 Posted by Unknown 4 comments
Kabeh member akeh sing durung ngerti nek paijo iki duwe ilmu iso ngerti bahasane kewan

Lha wektu iku paijo lagi pacaran karo srintil neng sandinge kandang sapi

PAIJO : dik sri,nek seumpomo sampean tak rabi njaluk mobil HONDA JAZZ opo Mobil XENIA
SAPI : GOM...GOM.,GOMBALISASI

PAIJO : WOiii,kuwi camkem iso meneng ora

SAPI : walah brow pacaran neng kandang sapi opo ora enek panggon lione

PAIJO : ayo dik sri golek panggon neng gubuk kono

Dik sri,nek sampean nyawang aku koyok ARIL NOAH opo mirip AFGAN

TEKEK : koyok...koyok...ketek.,ketek

PAIJO : jiaaangkrik Kuwi lambe opo pedal,nek pedal tak pancale

TEKEK : yo lambe to brow,sampean iki nek pacaran koyok ora enek CAFE bukak wae

PAIJO : kabeh kewan kok podo ora setuju nek aku pacaran

ayo dik sri,golek panggon ngisor wit ringin kono

Wektu paijo cekel cekelan tangan karo srintil,batuk'e paijo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TLEPOK...keceblok'an Telek manuk

PAIJO : Woiii jiancuuuk sopo neng nduwur wit

MANUK : aku brow,enek opo

PAIJO : matamu opo ora nyawang neng kene enek wong pacaran

MANUK : yo sory iki selak kebelet brow...

PAIJO : yo wes ndang ngaleh tinimbang tak tembak ndasmu

SRINTIL : sabar to mas ora usah nesu

PAIJO : iyo dik sri aku besyukur
KEWAN SING MIBUR IKU MANUK,NEK KEWAN SING MIBUR IKU
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : kewan opo mas
.
.
.
.
.
.
.
GAJAH SING MIBUR,RAIKU KECEBLOK'AN TELEK'E KOYOK OPO
.
.
.
.
,
.
.
Wes jawabpen dewe luuur...kanti jujur lan iklas monggo di comentari
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Okt 2013

Srintil Dadi TKI

10/10/2013 Posted by Unknown No comments
Cerito iki mung guyonan jowo damel ngibur konco ingkang kerjo neng negoro liyo
menawi wonten kisah nyotone kang men nyuwun ngapuro

Mergo konco konco neng ndeso podo akeh sing mergawe neng negoro liyo

asale srintil teko ndeso adoh kuto maleh kepengen melu kerjo

Srintil arep pamitan si mbok disek mergo arep cepet cepet mangkat lungo

SRINTIL : Mbok anakmu wedok iki arep lungo kerjo ADOH,aku njaluk dungo mugo mugo kerasan neng kono

SI MBOK : yo mesti tak dungakno to nduk,ati ati neng kono mergo adoh dulur karo keluarga,nek wes teko kono gek kabar kabar yo nduk

SRINTIL : yo wes mbok aku pamit tak mangkat sak iki,mergo konco konco wes podo ngenteni

Singkat cerito srintil teko neng penampungan TKI,mergo budale neng luar negeri ijek suwi dienteni neng penampungan

Neng penampungan srintil kenal karo sing jenenge paijem

PAIJEM : mbak sri... iki asale opo teko ndeso ?

SRINTIL : kok sampean ngerti mbak

PAIJEM : ngetoro sandale sampean srampate ora podo,omahe sampean mesti adoh teko pasar to?

SRINTIL : sampean kok ngerti to mbak

PAIJEM : barange sampean enek sing podo karo gonanku biyen,paling biyen iku yo warah warahane mbokmu

SRINTIL : opone to mbak sing podo?


PAIJEM : lha neng sampiran iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TALI KOTANGE NEK PEDOT DI GANTI TALI RAFIA

SRINTIL : +*#¿% kik...kik...IYO MBAK PODO TALI KOTANGE
.
.
.
[[ kang men]]

Paijo Arep Budal Merantau

10/10/2013 Posted by Unknown No comments
Monggo di simak ceritane
Paijo arep lungo pamitan karo mbah kakunge sing jenenge paiman,mugo mugo paijo karo mbahe di sangoni yo luuurr

PAIJO : Mbah putune jenengan niki ajenge pamitan pados pendamelan

PAIMAN : lha budalmu kapan jo?

PAIJO : saking griyone mbah barniki kulo langsung bidal,kulo nyuwun pamit bade bidal sak niki mbah

PAIMAN : sek...sek...mbah ngrogoh sakune  (paijo seneng karo jogetan) mbah njupuk mbako teko sak karo ngomong,awakmu wes mantep tenan budal kerjo?

PAIJO : rupane wes abang ireng,sampun mbah,kulo ajenge bidal sak niki lho mbah

PAIMAN : sek...sek...mbah ngrogoh sak maneh ( paijo jogetan goyang gergaji,nek iki mesti arep di sangoni)mbah njupuk korek arep nyumet rokok,awakmu budal karo sopo?

PAIJO : uteke mulai kesleo,kulo bidal kiambak mbah,nek ngoten kulo tak bidal sak niki njih mbah

PAIMAN : sek...sek...mbah ngrogoh sak maneh nganti suwi(paijo mbatin,mau njupuk mbako karo korek nek iki mesti duwit nek ngrogoh sakUNE ngetoro suwi) jo,mbah durung panen aku mung iso nyangoni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DUNGO MUGO MUGO KERASAN NENG KONO
PAIJO : Koprol maju mundur ping 27 likur
[[ kang men ]]

Parik'an Kotang

10/10/2013 Posted by Unknown 2 comments
K¤T@NG

→Sego wadang wingi sore
Ndang adang kari mangane
→Tuku kotang apik gambare
Warnane abang sexy digawe

→iwak codot di bumbu tumbar
Ojo di cokot malah di sigar
→kotang pedot di tali tampar
Nyonggo sing abot
Taline udar

→sore sore ketemu tuyul
Cilik bocah'e gowo pacul
→udar taline jenenge ucul
Lawong isine pating gembrandul

Jarene paijo : jan eram tenan
Gembrandul koyok woh wohan
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Okt 2013

Mandor PT Mlarat Jaya

10/09/2013 Posted by Unknown No comments
Paiman sing dadi mandor neng PT MLARAT JAYA,ngecek siji siji karyawane

Pas lagi ngecek karyawane paiman ngerti paijo sing lagi enak enak'an rokok'an

PAIMAN : Woiii,iki jam kerjo ora malah nyantai neng kene,iki pabrik gone mbahmu opo piye

PAIJO : tenang wae man,sing penting kan
DUREN CANGKOK'AN = LINGGUH LEREN KARO ROKOK'AN xi...xi...(malah guyu cengengesan)

PAIMAN : Dengkulmu kuwi sing di CANGKOK

PAIJO : oalah man, kowe kuwi dadi MANDOR KAWAT wae gaya

PAIMAN : aku iki mandor neng PT MLARAT JAYA

PAIJO : koyok aku ora ngerti kowe kan
MANDOR KAWAT = KERJO KENDOR MANGAN KUWAT xi...xi...(guyu ngakak

PAIMAN : jiangkriiik,kowe niat kerjo opo cangkruk'an

PAIJO : yo jelas kerjo,mosok arep dodolan K¤T@NG neng pabrik

PAIMAN : yo wes nek ngunu bayaran ulan ngarep
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : arep kok tambah'i
.
.
.
.
.
PAIMAN : tambahi untumu mletek kuwi
.
.
.
.
PAIJO : AREp kok wei bonus
.
.
.
PAIMAN : bonusi gingsulmu pitu likur kuwi
.
.
.
.
PAIJO : LHA terus arep kok wei duwit opo

PAIMAN : nek kerjomu koyok ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
DUWIT SANTUNAN KEMATIAN WAE GAWE MBAYARI KOWE

Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngrikiti pendoso
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Maho

10/09/2013 Posted by Unknown No comments
~Ndok bulus buntelan koran
~Ngerti pupu mulus kepengen kenalan
(lambene karo ngiler)

~Untune gigis ojo gampang nyengir
~Nyawang bocah manis brengose mlintir
(mlintir koyok tali tampar)

~Duwit sewu gawe tuku rokok
~Petuk arek ayu irunge mekrok
(nanging ojo nyruduk)

Iku jenenge lanang temenan
Ora lanang guyonan(MAHO)
.
.
.
[[ kang men ]]

8 Okt 2013

Penyakite Srintil

10/08/2013 Posted by Unknown No comments
Wektu pacaran paijo iki jan setia,sayang lan perhatian marang srintil

Pirang pirang dino iki srintil loro(sakit),paijo jur sambang srintil neng omahe

PAIJO : dik sri sampean opo loRo

SRINTIL : (nangis neng pundak'e paijo)
Hik...hik...iyo mas

PAIJO : yo sing sabar dik sri

SRINTIL : Hik.,hik...mas,penyakitku iki arep tak operasi

PAIJO : tak dongakne mugo mugo wektu operasi sampean slamet

SRINTIL : tapi mas,nek seumpomo wektu operasi aku mati piye

PAIJO : huzz,ojo ngomong koyok ngono to dik( karo ngelus ngelus rambute srintil)

SRINTIL : matur suwun mas,wasio sampean duwe pacar koyok aku,duwe penyakit koyok ngene tapi sampean tetep wae setia

PAIJO : iyo sampean tetep tak pertahanne,
dik sri sakjane penyakite sampean iku opo kok nganti di operasi

SRINTIL : tolong sampean ojo ngomong sopo sopo,
Mrene mas tak bisik'i,
AKU kENEK PENYAKIT
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
paijo masang rupo kaget
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : penyakit...penyakit...
.
.
.
.
.
.
.
Paijo siap Siap histeris
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PENYAKIT PANU NENG BOKONG

saknaliko paijo ngrawuk'i raine dewe

PAIJO : dik sri penyakite sampean iku ora usah di operasi,
Mreneo dik SRi tak bisik'i penyakitmu iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
IJEK ADOH(JAUH) KARO NYOWO,GOWO MRENE TAK KEROK'E GAWE PACUL
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Okt 2013

Metu Tekan Garasi

10/07/2013 Posted by Unknown No comments
Sore iku paijo kepengen muter muter neng kuto karo paiman

PAIJO : man mesine ndang di uripne

PAIMAN : mlaku karo dingkluk mlebu neng garasi

PAIJO : man nek ngundurne alon alon ben aku ora kunduran

PAIMAN : ngundurne alon alon( karo ngelus ngelus dodone)

PAIJO : man,nek ngundurne karo sawangen SPIONE

PAIMAN : WOiii!!!
Jo reneo

PAIJO : enek opo man

PAIMAN : KOWE PANCENE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JIANCUUUK,
OPO ORA NYAWANG NEK IKI SEPEDA ONTHEL

Xi...xi...ben rodok gaya sitik man,
paijo guyu ngakak karo mancal mancal kathok'e paiman
.
.
.

[[ kang men ]]

6 Okt 2013

Woro - woro

10/06/2013 Posted by Unknown 2 comments
Sugeng dalu duluuur,iki enek woro woro

Sing jenenge setan iku Ora kabeh setan iku duweni sifat elek contone :

TUYUL : senajan isek cilik tapi sregep nyambut gawe

KUNTILANAK : senajan ora duwe duwet opo maneh lagi susah tetep wae guya guyu nganti ngakak

POCONG : wasio menungso gawe klambi model anyar lan sing lagi ngetren pocong tetep wae ora meri lan njaluk ganti

GENDERUWO : rupane elek rambut awut awutan klambine bolong kathok'e tambalan ora tau adus ambune jan lebus koyok wedus tapi sregep moco BLOG iki nganti buyar
IYO OPO ORA?

Parik'an Pinggir Embong

10/06/2013 Posted by Unknown No comments
-manuk derkuku neng pinggir embong
enek kethek neng jero tong
-dino minggu dompete kosong
duwite entek lambene ndomblong

-beras ketan diwadahi karung
disunggi ngetan kok malah glundung
-arep mangan tuku neng warung
mangan gorengan karo krukupan sarung

-ngisor gunung akeh wit witan
nyawang pemandangan neng sebelah etan
-neng warung karo rokokan
ora usah bingung sing penting ninggal catetan

.
.
.
[kang men]

5 Okt 2013

Tugas Boso Jowo

10/05/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo junior kelas 3 SD,karo gurune di wei tugas (PR) boso jowo kon gawe parik'an

Paijo (jr) iki njaluk warah gone pak lek'e sing jenenge paiman

PAIJO JR : lek man,aku arep njaluk tulung enek tugas sekolah iki karo guruku kon gawe parik'an boso jowo kabehe telu,
warah ono yo lek man...?

PAIMAN : wes kene tak warah'i contone loro sing siji engko garapen dewe ,iki contone sing pertama

~Bintang neng langit biru siji sing ketok terang
~Enek wong wedok ayu mung siji sing tak sayang

(Paijo jr golong golong neng latar)

PAIJO jr: ngrungokne karo ngowoh

PAIMAN :Iki contone sing ke loro (2)

~Enek bintang neng langit biru sing terang mung sandinge bulan
~Akeh wong wedok ayu tapi jarang sing jik perawan

PAIJO jr : woiii...
lek man,aku isek SD parik'ane kok gawe arek wes gede to lek

PAIMAN : wes ora usah kakean ngomong, iku kan mung contone jo,sak iki awakmu gawe parik'an dewe mengko tak koreksine

Setengah jam maneh paijo jr moro neng pak lek'e

PAIJO JR : lek man, nek parik'ane sing ke 3 ngene iki oleh opo ora

~NEK AWAN LANGITE WARNANE BIRU NEK SORE WARNANE ABANG
~LEK PAIJO KENEK OPO RAIMU
KOK AKEH BINTANG

PAIMAN : jiaaangkrik lambe ora tau di slameti...
iki ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KUKUL (jerawat) jo ora bintang
KEPLAK NDASMU PISAN

PAIJO JR : MELAYU METU TEKO NGOMAH KARO mlorot KATHOK'E GEK Parik'aN

~DUL GEMUK DUL PAIJAH
~PAK LEK NGAMUK NGEDENI BOCAH

PAIMAN : +%*#@ BOCAH LUPUT SUWUK PODO KARO GERANGANE
.
.
.
[[ kang men ]]

Tambal Ban

10/05/2013 Posted by Unknown No comments
Malam minggu paijo mangkat ngapeli pacare numpak sepeda motor

sepeda motore di tuntun jur moro neng omahe paiman sing profesine tukang tambal BAN

PAIMAN : jo,arep nambal opo piye xi...xi...

PAIJO : ora man,aku arep pesen oseng oseng ruji ..

PAIMAN : Xi...xi...ngono wae nesu jo.,jo...
Iki sing bocor ban ngarep opo ban sing mburi

PAIJO : sing bocor bane sepur man xi.,.xi...
Yo didelok kono

PAIMAN : lha kowe nambal ban opo ngejak gelut

PAIJO : wes ora usah kakean cangkem ndang di tambal

Enek sak jam paiman golek'i ban sePeda motore paijo Sing bocor

PAIMAN : jo sepeda motor mu ora enek sing bocor

PAIJO : sing arep nambal iku sopo

PAIMAN : lha kowe rene arep nambal opo

PAIJO : aku iki Rene arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

NAMBAL KATOK KU SING BOLONG ISO ORA

PAIMAN : jiangkriiik wedus kowe gawe emosi aku tak tambal KNALPOTMU RAISO NGENTUT KOWE
.
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Okt 2013

Iki Ilmune Paijo

10/04/2013 Posted by Unknown No comments
~Gawe bakiak
Lambene karo mesam mesem
~cinta di tolak
Ngetokne aji semar mesem

Kanggo wong sing lagi jomblo ojo kuatir
Paijo duweni ilmu
Pelet ampuh Sing poro member selama iki ora ngerti

''Iki ilmune paijo''

aji Ajiku semar mesem
sing nyawang aku mesam mesem
Esemanku katon manis
Mesti Kesemsem yen nyawang aku,
Jabang bayi kakang adi ari ari
KRISDAYANTI mesti
Kumintil kintil neng njero ati

sikile paijo sing tengen diGeduk gedukne neng lemah ping telu
(Sing penting ojo geduk gedukne gawe bathukmu jo)
Jenenge awak lagi mujur enek artis lagi liwat langsung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MPOK NORI ngampiri paijo
.
.
[[ kang men ]]

3 Okt 2013

Parik'an Rino Wengi

10/03/2013 Posted by Unknown No comments
~Enek kawat
Gawe glantongan codot
Kawate mentiung
Codote gembrandul

~Saben Malem jumat
kolore katok mesti pedot
Gawe sarung
Kok malah mumbul mumbul

~Ojo plonga plongo
Nek diuber asu
Lawange mengo
Asune ucul

~Menga mengo
Tonggo wes podo turu
Wes pantes durung yo,
Nek yah mene krukupan kemul

Ojo lali dongo ayo di awali bukak clono,sak piturute terus dilanjutne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MLEBU WC( jan penak tenan karo rokok'an)

Paijo ora ngomong neng arep sunah rosul lho yo tapi selak kebelet
.
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Galau

10/03/2013 Posted by Unknown No comments
~Jaran kepang mangani pari
Jaranane adus nyemplong segoro
~Jarene sayang
Tapi kok nglarani
Mending putus
Tinimbang atine loro

~Enek ketek mangan duren
Timbang golek mending balen

~Biyen yo biyen sak iki yo sak iki
~Balen yo balen tapi ojo nglarani

~Nyigar degan
Kliru klopo
Klopo di tugel
Di pakakno manuk
~petuk mantan
DiGandeng wong liyo
Atine pegel
Lambene ngomong JIANCUUUK

yen ora percoyo Njajalo dewe
Nek durung ngandel ploroten katok'e paijo
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Nembak Cewek

10/03/2013 Posted by Unknown No comments
Senajan paijo rupo awut awutan nyambut gawe serabutan

tapi nek masalah seneng karo cewek paijo semangate koyok pejuang 45

Nembak cewek ping 13 di tolak ping 15 kik...kik...kik
monggo di simak perjuangane paijo

PAIJO : Eh dik sri, kang mas mongros eh kliru kang mas paijo I love you

SRINTIL : wes tak kandani yen aku ora seneng marang sliramu

PAIJO :
~anak kancil nyemplung neng banyu
~dik srintil i miss you

SRINTIL : emoh mas lambe mu mambu

PAIJO :
~Anak kancil Neng ngisor wit waru
~dik srintil I kiss you

SRINTIL : emoh mas ababmu amis mrongos untumu

PAIJO :
~Anak kancil neng ngisor wit pring
~dik srintil i love you daRling

SRINTIL : yo mesti to mas nek modar gak eling
Katek darling barang

PAIJO : Dik sri,Jane sampean iso bhs inggris ora?

SRINTIL : BLASSS ora ngerti,Ngerti Ku mung YES karo NO

PAIJO : opo artine yes karo no?

SRINTIL : ARTINE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
.
NEK JEK REMBES NDANG RAUP KONO

PAIJO : AJURRR tenan bhs inggrismu dik sri,

YO TADES TALLEN?

SRINTIL : artine opo mas paijo?

PAIJO : YO TADUS TALLEN artine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
YO TAI WEDUS UNTALLEN

Paijo suweeeneng karo jogetan
.
.
.
[[ kang men ]]

Ilmu Pelet Paijo

10/03/2013 Posted by Unknown 3 comments
Nek jarene mbah dukun iku gawe melet cewek kudu nyolong S€MP@K iku wes biasa

Bedo nek paijo karo mbah dukun di kongkon nyolong K¤T@NG

DUKUN : le nek pengen ritualmu sempurno bengi iki jam12 nganti jago kluruk kowe kudu nyolong K¤T@NG€ arek wedok sing kok senengi

Bengi kuwi paijo langsung bergerilya,brangkang nganti mepet neng tembok ben ora konangan

PAIJO : kulo si...siap mangkat nyolong mbah,ngemati neng pemean sing pating gembrandul

Paijo Nganti bingung nek milih mergo wedi konangan karo bapak'e srintil

paijo langsung nyaut siji Barang sing gembrandul di wadai kresek

DUKUN : piye le,wes oleh urung

PAIJO : sampun mbah,niki kulo buntel plastik kresek

DUKUN : nek wes oleh,mlebuwo kamar K¤T@NG kuwi mau usapno neng raimu ben tambah bagus)

PAIJO ; merem merem karo moco jopo montro raine di usep usep karo K¤T@NG

Wes mari nek ngusapi paijo metu teko kamar
Mbah dukun nganti bingung ngerti rupone paijo

DUKUN : kowe sopo?kok mlebu kamar kono

PAIJO : kulo paijo mbah,nopo rupo kulo pun maleh kados aril NOAH mbah
Hue...he...he(mringis bangga)

DUKUN : durung le,sak iki rupomu wes maleh
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : koyok PRIMUS mbah huaha...ha...ha...(guyu ngece)
.
.
.
.
DUKUN : ora le,tapi mirip koyok
.
.
.
.
.
PAIJO : ANDI LAU Mbah,huaha...ha...ha...(koprol maju mundur ping telu)
.
.
.
.
.
ORA Le,tapi koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.ANAK'AN GENDRUWO

PAIJO : nopo syarate kurang mbah

DUKUN : aku kan wes ngomong,kowe nyolongo K¤T@NG kok kowe malah nyolong
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
GOMBALE KOMPOR

Paijo jogetan neng embong
.
.
.
Cerita lama bersemi lagi

[[ kang men ]]

2 Okt 2013

Morotuo

10/02/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo sak keluarga sambang menyang morotuone srintil, jenenge paiman

Wektu paijo leyeh leyeh neng ngarep emperan srintil nyelok paijo teko njero omah

SRINTIL : mas...mas mbok aku dipijeti,awakku kesel kilo

PAIJO : oalah sri...sri...nek nyelok ora usah banter banter aku ora budek,

Kon nyapo sri...(karo njabuti jenggot)

SRINTIL : mijeti aku maS...

PAIJO : kowe iki jan eram ngalem tenan koyok anak'e lurah njaluk pijet(paiman morotuone mung ngelus dodo)

SRINTIL : nek ora gelem mijeti mbok aku di rewangi ngirisi lombok

PAIJO : opo ngiRisi lombok,
Ngongkon aku koyok kowe anak'e menteri wae(paiman sing krungu omongane paijo nyakari raine dewe)

SRINTIL : nek ora gelem,kono neng kebon macul nandur wit telo

PAIJO : opo!!!
Aku kon macul,wegah sri tinimbang boyok ku kumat maneh,

Wes tak kandani kowe ora usah ngongkon aku,koyok kowe anak'e polisi wae ngongkon aku sak penak udelmu tak tembak jempolanmu pisan nek ngongkong maneh(paiman pegel karo kukur kukur bokong)

SRINTIL : mas mbok ojo ngomong ngono

PAIJO : emange kenopo nek aku ngomong ngono

SRINTIL : Eleng karo morotuomu mas

PAIMAN : nduk...nduk...

SRINTIL : injih pak,wonten nopo

PAIMAN : ojo kesuwen bapak jupukne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : Nopo pak
.
.
.
.
.
.
.
.
TEMBAKKU PISTOL POLISI GAWE NEMBAK BATUK'E BOJOMU

Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngemut danganan pistol
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Okt 2013

Srintil Ulang Tahun

10/01/2013 Posted by Unknown No comments
Dino iki paijo ngrayakne ulang tahune srintil,jur ngapeli neng omahe

Paijo gowo kembang karo roti ngrayu Srinthil

PAIJO : dik sri nek seumpomo aku dadi kumbang sampean dadi opo???

SRINTHIL : aku yo mesti dadi kembang to mas

PAIJO : kik...kik...iyo dik aku ben iso ngisep madumu(fikirane paijo lagi ngeres),
nek aku dadi coklat arep sampean apakne???

SRINTHIL : tak cokot trus diemut sampek lemes

PAIJO : (paijo mripate merem melek)ngerti ae sampean dik sri,aku tambah sayang karo sampean (karo ngelus rambute srinthil tapi fikirane kotor),

nek aku dadi KUNCI sampean dadi opone???

SRINTHIL : yo aku dadi GEMBOK to mas ben iso gandeng terus kik...kik...

PAIJO : nek seumpomo KUNCI ku ilang piye dik?

SRINTHIL : yo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NYELOK TUKANG KUNCI GEMBOK'E DIRUSAK TERUS TAK KON NGEDEL NGEDEL GEMBOK KU BEN KENEK DI BUKAK

paijo ginjal ginjal neng latar
Karo ngrikiti watu

SRINTHIL : emange kenopo mas karo gembok'e

PAIJO : lha terus aku opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KEBAGIAN GEMBOK SING WES LOWER GAREK AMOH'E

Tinimbang gembok'e di di rusak karo tukang kunci,
Saknaliko paijo nguntal gembok sak kuncine
.
.
.
.
[ kang men ]