5 Okt 2013

Tugas Boso Jowo

10/05/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo junior kelas 3 SD,karo gurune di wei tugas (PR) boso jowo kon gawe parik'an

Paijo (jr) iki njaluk warah gone pak lek'e sing jenenge paiman

PAIJO JR : lek man,aku arep njaluk tulung enek tugas sekolah iki karo guruku kon gawe parik'an boso jowo kabehe telu,
warah ono yo lek man...?

PAIMAN : wes kene tak warah'i contone loro sing siji engko garapen dewe ,iki contone sing pertama

~Bintang neng langit biru siji sing ketok terang
~Enek wong wedok ayu mung siji sing tak sayang

(Paijo jr golong golong neng latar)

PAIJO jr: ngrungokne karo ngowoh

PAIMAN :Iki contone sing ke loro (2)

~Enek bintang neng langit biru sing terang mung sandinge bulan
~Akeh wong wedok ayu tapi jarang sing jik perawan

PAIJO jr : woiii...
lek man,aku isek SD parik'ane kok gawe arek wes gede to lek

PAIMAN : wes ora usah kakean ngomong, iku kan mung contone jo,sak iki awakmu gawe parik'an dewe mengko tak koreksine

Setengah jam maneh paijo jr moro neng pak lek'e

PAIJO JR : lek man, nek parik'ane sing ke 3 ngene iki oleh opo ora

~NEK AWAN LANGITE WARNANE BIRU NEK SORE WARNANE ABANG
~LEK PAIJO KENEK OPO RAIMU
KOK AKEH BINTANG

PAIMAN : jiaaangkrik lambe ora tau di slameti...
iki ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KUKUL (jerawat) jo ora bintang
KEPLAK NDASMU PISAN

PAIJO JR : MELAYU METU TEKO NGOMAH KARO mlorot KATHOK'E GEK Parik'aN

~DUL GEMUK DUL PAIJAH
~PAK LEK NGAMUK NGEDENI BOCAH

PAIMAN : +%*#@ BOCAH LUPUT SUWUK PODO KARO GERANGANE
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar