PAIJO : mbah putu jenengan sing bagus dewe ajenge Pamit nyambut gawe teng jakarta
MBAH : iyo le,nanging aku durung panenan dadi ora duwe duwit
PAIJO : mboten nopo nopo mbah
MBAH : nek tak wei clonoku gelem ora
PAIJO : purun mbah matur Suwun
Mari tekan si mbah,Paijo langsung mangkat nyegat bis neng jakarta
Tekan jakarta paijo ketemu wong liyo sebut wae jenenge paiman
PAIMAN : mas,sampean asale mesti teko ndeso yo...
PAIJO : wah! Sampean kok ngerti mas?
(batine paijo,wong jakarta sakti sakti nganti ngerti nek aku asale teko ndeso)
PAIMAN : yo ngerti mas,iki jakarta ora neng ndeso,
Sampean mesti arep golek penggawean neng jakarta?
PAIJO : kok ngerti mas(wong jakarta pinter pinter tibakne)
sampean mesti wes suwe urip neng jakarta?
PAIMAN : ora mas,aku yo lagi teko
PAIJO : walah jebule podo wae,
Nanging sampean kok ngerti nek aku teko ndeso?
PAIMAN : yo ngerti mas,mergo clono Sing sampean gawe
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SABUK'E RAFIA, PODO KARO AKU (nguwei eroh sabuk'e)
Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar