27 Jun 2014

Kowe Gelem Putu?

6/27/2014 Posted by Unknown No comments
Sore iku paijo dolan neng omahe paiman

PAIJO : kulo nuwun...kulo nuwun...

PAIMAN : walah!tumo suwal,koyok mertamu neng omahe menteri katek kulo nuwun barang

PAIJO : oleh ora aku dolan neng omahmu

PAIMAN : dengaren kowe rene,enek opo?

PAIJO : yo kangen man karo kowe

PAIMAN : emange aku gendak'anmu kok kangen barang

PAIJO : ngono yo kenek

PAIMAN : (tibo guling ngemut sikil mejo),aku ijek normal,waras BLOKKK
Wong 2 iku jur bedhek-bedhek'an

PAIJO : man,aku duwe bedhek'an ,
Nek kowe iso jawab aku bakalan muleh teko omahmu ora klamben alias bugil

PAIMAN : ora usah kakaean camkem opo bedhek'anmu

PAIJO : kenopo kethek senengane menek wit

PAIMAN : wes aku nyerah jo

PAIJO : mergo nek menek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tiang listrik malah di arani Pegawai PLN muehe...he...he...

PAIMAN : dengaren kowe pinter jo

PAIJO : bedhek'anku sing terakhir,kenopo sapi senengane ngiler

PAIMAN : nek iki aku tak nyerah ae jo

PAIJO : mergo nek sapi iso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngidu mengko malah neng raimu(guyu ngakak keplok2
Gawe sikil)

PAIMAN : WOW! bocah edan

PAIJO : lagi ngerti nek aku edan

PAIMAN : aku ngerti tujuanmu mrene arep nyapo

PAIJO : sing mesti arep golek panganan

PAIMAN : kono ndang neng mburi enek jajan PUTU,gelem ora?

PAIJO : yo mesti gelem man,mergo seminggu pisan Aku mesti mangan PUTU(panganane koyok buto angkrem)

PAIMAN : nek kowe gelem,kono ndang di jupuk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PUTULAN TAEK


sak naliko paijo pamit muleh karo krukupan S€MP@K




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Jun 2014

Kenalan Cewek Ayu Neng Bis

6/25/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu iku paijo kerjo neng suroboyo arep muleh neng ndeso numpak bis
Ketepak'an neng njero bis lingguh jejer cewek ayu,sexy montok pokok'e bahenol PUOOOL jenenge srintil

SRINTIL : sampean arep neng ngendi mas?

PAIJO : aku arep muleh neng deso mbaak mumpung kerjone libur

SRINTIL : emange sampean kerjo opo neng suroboyo

PAIJO : kerjoku kuli batu

SRINTIL : aku ora percoyo,mosok wong ganteng kerjone kuli batu

PAIJO : (kepedeen langsung brakoti kursi),
Nek ora ngandel cekelen tanganku

SRINTIL : (grayai tangane paijo)Kok rosone tangan sampean KAPALEN mas

PAIJO : (mripate merem melek tangane di grayai srintil)
mergo saben dino nyekel pacul mbak,
Nek sampean kerjone opo mbak

SRINTIL : kerjoku neng LOKALISASI mas,
aku arep muleh mergo ditutup

PAIJO : aku ora peRcoyo,mosok wong ayu kerjone neng neng lokalisasi

SRINTIL : nek ora percoyo sampean GRAYAI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KAPALEN opo ora


Saknaliko PAIJO kejang kejang ayane kumat



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Liburan Neng Ndeso

6/25/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo liburan neng ndeso,tekan ndeso paijo ketemu konco lawase sing jenenge paiman

PAIMAN : lho jo,piye kabare

PAIJO : kabarku apik apik man

PAIMAN : teko kuto penampilanmu kok tetep ora berubah

PAIJO : maksudmu penampilan sing ngendi

PAIMAN : untumu kok tetep SEXY ae jo

PAIJO : lambe rusak,emange aku opo durung ganteng

PAIMAN : Jo krungu krungu kowe sak iki terkenal pinter neng GUYONAN JOWO KANG MEN

PAIJO : ngerti ae kowe man (nyisir untu nyambi mlintir brengos

PAIMAN : aku pengen ngerti kepinteranmu

PAIJO : SIAP! aku duwe bedhek'an kowe sing jawab yo

PAIMAN : bedhek'anmu opo,cobo tak jawabpe

PAIJO : bedhek'an sing pertama,
Kenopo wong lanang suoro entute luweh banter tinimbang wong wedok?

PAIMAN : mergo nek ngentut
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
cedak MIX,lha nek wong wedok ora duwe miX

PAIJO : tambah pinter ae kowe man,sak iki pertanyaan Sing ke2 kowe mesti ora iso jawab mergo ora tau sekolah,
Boso CINONE WONG KEBANJIRAN opo man?

PAIMAN : nek iku gampang jo,jawabane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WONG CIN CING KA THOK

PAIJO : tambah jos kowe man,wes aku nyerah

PAIMAN : nek ngono ganti aku sing bedhek'i

PAIJO : bedhek'anmu opo jal tak jawabpe

PAIMAN : nek pancene sekolahmu duwur opo artine boso cino iki
Miiing Swiiiing sweeeng sweeeng ciiing ciiing
Nguiiing nguiiing nguiiing
Mak wiiing wiiing
Weeng.,weng...wuii...ng

PA I JHOOO guuuo BLOOOK

PAIJO : wes aku nyerah ora ngerti artine (karo ngibarne S€MP@K PUTIH)

PAIMAN : kowe sing sekolah duwur wae ora iso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku dewe yo mumet

Saknaliko paijo koprol maju mundur sak mumete



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Jun 2014

Kucingku Telu Part #2

6/24/2014 Posted by Unknown No comments
KUCINGKU TELU(3) PART 2#

PAIJO : lha nek di sebul manuk'e ora waras,terus piye iki dok

PAIMAN : carane ngobati iki tetep di sebul mas,nanging sampean sing nyebul

PAIJO : apane dok sing disebul(penasaran)

PAIMAN : sing disebul
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SILITE KUCING

PAIJO : JIANGKRIK! Mbuaaah kiper,aku kon nyebul silit kucing

PAIMAN : lha kucingmu pengen waras ora?

PAIJO : yo pengen dok(paijo jur nyebul silit kucing BUZ...BUZ...BUZ...

Saknaliko kucing iku mau langsung waras
Liyo dino kucing telu iku mau loro kabeh,
Karo paijo di gowo neng dokter paiman

PAIJO : dok,kucingku telu loro kabeh

PAIMAN : kucing telu kok loro bareng,koyok unjuk rasa(10 menit mari di perikso

PAIJO : piye dok,kucingku sehat durung

PAIMAN : rungokne kucing sing kuning suarane piye

PAIJO : meoangannn,meoangannn,meoangannn

PAIMAN : Tondone njaluk?

PAIJO : mangan,lha nek sing abang iki munine NGEANTUK.,NGEANTUK...NGEANTUK.,

PAIMAN : tondone njaluk?

PAIJO : njaluk turu dok,nanging kucingku wedok sing warna putih munine NGEAKANG...NGEAKANG...NGEAKANG

PAIMAN : maksudte iku NGAKANG,dadi kucingmu njaluk?

PAIJO : nek iku njaluk di
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KAWINE DOK

PAIMAN : kucingmu gowonen muleh gek ajak'en ngakang

PAIJO ; WOooW! dokter Edan,sekolahmu biyen mesti bayar pijet



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Jun 2014

Paijo Betah Isin

6/23/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo prei kerjo jur jagong neng pawon karo si mbok'e jenenge paijem

PAIJEM : le...awakmu sak iki wes gede,mbokmu iki selak pengen duwe momongan alias boneka sing iso ngentut xi...xi...xi...(mringis tumo suwal),
mumpung prei ndang dolan dolan kono

PAIJO : dolan karo sopo mbok,pacar ae ora duwe karo srintil kae yo wes putus

PAIJEM : lha opo awakmu ora pengen rabi to le...le...

PAIJO : yo pengen mbok,senajan aku wes gede tapi aku isih betah kok mbok

PAIJEM : delok'en paiman kae wes duwe anak,opo awakmu ora pengen

PAIJO : yo pengen,tapi kan aku ijek betah mbok

PAIJEM : opo mergo kerjomu ijek serabutan awakmu ora wani rabi

PAIJO : sak jane ora masalah nyambut gawe, wes tak kandani to mbok aku iki ijek betah

PAIJEM : Awak mu tak kandani ndang rabi malah ngomong betah,koncomu anak'e wes gede gede awakmu yo ngomong betah,sak jane masalahe ki opo sing marai awakmu betah

PAIJO : kawit biyen aku yo wes pengen kabeh kuwi mau mbok masalahe aku iki isih betah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGEMPET ISIN Mbok,NEK KETEMU KONCO KONCO KU

PAIJEM : oalah le...le...nek caramu ngono,malah Mbokmu iki ora betah nek .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DADI RONDO PENGEN GOLEK SING IJEK JOKO

Paijo tibo JEMPALIKAN ngemut pojok'an mejo


Cerito iki di request michio hula wala judule paijo betah isin

By
.
.
.
[[ kang men ]]

Mendem Oplosan Neng Pos Kamling

6/23/2014 Posted by Unknown No comments
Sore iku paijo,paiman lan jemblung lagi mendem oplosan neng pos kampling
Wong telu(3) iku mau keturon nganti bengi trus kepengen muleh

PAIJO : man,sak iki iku awan opo wes bengi

PAIMAN : sak iki iku bengi

PAIJO : nanging kok padang yo man

PAIMAN : lha awakmu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng ngisor lampu BLOKKK!
paijo tetep wae ngengkel ora percoyo nek wes bengi jur takon kancane jemblung

PAIJO : mblung,sak iki awan opo bengi

JEMBLUNG : iki wes bengi jo

PAIJO : kok mataharine gede mblung

JEMBLUNG : kae ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BULAN ora matahari COKKK
Paijo tetep wae ora percoyo nek wes bengi
Ketepak'an enek wong liwat sebut wae jenenge BEJO lulusan teko O.L.J (Rumah LORO JIWA/EDAN)
Bejo iku mau di takoni karo paijo

PAIJO : mas...mas.,sak iki awan opo wes bengi

BEJO : kok takon aku

PAIJO : emange kenopo mas

BEJO : sepurone mas,aku neng kene iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WONG ANYARAN,dadi ora ngerti
sak naliko paijo muntah rodo becak

Cobo bedek'en Kiro kiro wong mendem VS wong edan WARAS SING NGENDI?




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Jun 2014

Kucingku Telu Part #1

6/22/2014 Posted by Unknown No comments
KUCINGKU TELU PART 1#
Paijo duwe ingon ingon kucing pigora telu (3)
Warnane kuning,abang,putih
Liyo dino kucing pigorane sing warna kuning loro ora gelem mangan
Kucing iku mau jur di gowo neng dokter hewan sing jenenge paiman

PAIJO : dok,pirang pirang dino kucingku loro ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,ben cepet waras tak sebulane(tiup) MANUK'E ping telu BUZZZ...BUZ...BUZ...
Kucing iku mau tangi langsung brakoti ngentekne balung badak

PAIJO : di sebul barang koyok dukun ae pak dokter iki muehe...he...he...
Liyo dino kucing sing warna abang loro ora gelem mangan,karo paijo di gowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki loro maneh ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,koyok biasane tak sebule MANUK'E ping telu BUZ...BUZ...BUZ...kucinge langsung waras brakoti balung GAJAH
liyo dino kucinge sing warna putih iku loro,karo paijo kucing iku mau di sebul MANUK'E nanging ora mari tambah deprok tur lemes
Karo paijo digowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki loro,tak sebul manuk'e kok malah deprok ora gelem mangan

PAIMAN : tak periksone disek,(10 menit mari diperikso)
Sing loro iku kowe mas ora kucinge

PAIJO : kok iso dok!

PAIMAN : lha iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KUCING WEDOK MAS,nek kok sebul malah masuk angin dadine

Saknaliko paijo brakoti balung kethek



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Jun 2014

Zodiak Edisi Selikur Juni Rongewu Patwelas

6/21/2014 Posted by Unknown No comments
ZODIAK TER UPDATE MINGGU IKI

SAPRICOY
PENGGAWEAN SING COCOK : dodol gedhek
KEUANGAN : dedel duwel
ASMARA : golek sing rodok waras

AQUA GALON
PENGGAWEAN SING COCOK : dodol sempak seken
KEUANGAN : di uber uber bank kredit
ASMARA : cinta kethek(monyet)

PISMEN
PENGGAWEAN SING COCOK : mikul galon
KEUANGAN : isi dompet koyok rupamu duwit 500 gambar(jawab dewe)
ASMARA : ibarat kowe Gombal ketemu serbet

PARISES
PENGGAWEAN SING COCOK : maling pemean
KEUANGAN : dompetmu ora enek isine nganti masuk angin
ASMARA : ora payu payu

ORA URUS
PENGGAWEAN SING COCOK : golek bekicot
KEUANGAN : ngedol tanah warisan moro tuo
ASMARA : gak jelas naksir lanang opo wedok

TUMINI
PENGGAWEAN SING COCOK : golek rosok
KEUANGAN : isi dompet sekarat
ASMARA : pacarmu nyidam menek talang

SARSER
PENGGAWEAN SING COCOK : mandor KAWAT(kerjo kendor mangan kuwat)
KEUANGAN : isi dompetmu mlongo
ASMARA : pengen duwe pacar brengose koyok SERUNDENG(parutan klopo)

LETONG
PENGGAWEAN SING COCOK : bakul blewah,bakul ondo
KEUANGAN : nyilah nyilih tonggo
ASMARA : golek pacar sing elek ben ora enek saingan

KIRNO
PENGGAWEAN SING COCOK : riwa-riwi,udrak-udruk kluyuran
KEUANGAN : duwit utanganmu mung cukup gawe urip telung dino
ASMARA : nek pengen duwe pacar UP GRADE disek rupamu

LIEBAY
PENGGAWEAN SING COCOK : golek kodok
KEUANGAN : dompetmu kebak kupon togel
ASMARA : ora kenek putune gasak'en mbah'e

SCORE PIRO
PENGGAWEAN SING COCOK : nyitak boto
KEUANGAN : rejeki seret
ASMARA : golek pacar untune sing mbangir

SAGITA CIUS
PENGGAWEAN SING COCOK : ogok ogok irung golek upil
KEUANGAN : ngenteni sumbangan BLT
ASMARA : bojomu nyidam numpak TRACTOR



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Jun 2014

Kode IHIK

6/19/2014 Posted by Unknown No comments
paijo karo srintil asale teko ndeso wong loro iki podo lugune tur ora tau metu teko ngomah
Mari dadi manten Wes enek seminggu Srintil iki lagi metu tekan omah karo koncone di takoni

PAIMAN : mbak, rasane malam pertama piye wes di apakne wae karo mas paijo...(xi...xi....guyu pengen)

SRINTIL : ora di apak apakne mas

PAIMAN : ngene lho mbak tak kandani,engko bengi sampean nek arep turu ngomongo gone mas paijo ngene ''MAS AREP APEM''engko mas paijo mesti langsung ngerti
Bengi iku srintil nguwei tondo neng gone paijo

SRINTIL : arep mapan turu nawari paijo 'MAS AREP APEM'

PAIJO : malah di tinggal turu mlungker,
sesok'e karo srintil di tawari maneh ''MAS AREP APEM''paijo ora nyauri malah ngeloni guling,
nganti seminggu di tawari paijo ora enek reaksi utowo respon
Sesok'e paijo takon gone koncone paiman

PAIJO : Sakjane bojoku iku kok bendino mesti nawari aku ngene 'MAS AREP APEM' iku tondone opo?

PAIMAN : oalah bojomu kuwi njaluk Kikuk...Kikuk...nek urung faham njaluk sunah rosul
Wes ngene ae jo, engko bengi awak mu ngomongo neng gone srintil ''DIK AKU NJALUK APEME''bojomu mesti wes faham

PAIJO : ngenteni srintil neng njero kamar mapan turu ora lali ngombe jamu
Srintil mlebu kamar arep mapan turu paijo langsung ngomong ''DIK AKU NJALUK APEME''

SRINTIL : APEME
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WES ENEK SEMINGGU IKI MAMBU TAK GUWAK DI PANGAN ASU
PAIJO KRUKUPAN SARUNG PLONGA PLONGO NENG NDUWUR KASUR KOYOK KETHEK GOLEK'I KACANG



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Jun 2014

Paijo Liburan Neng Bali Maneh

6/18/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo karo paiman lagi liburan neng bali
Tekan bali paijo nyawang cewek cewek turis sing lagi mepe awak jur ngejak kenalan

PAIMAN : jo kowe opo iso bhs inggris

PAIJO : wes to lambemu menengo,aku iki sekolah neng sandinge UNIVERSITAS WASINGTON

BLBK : BAKUL LOWAK BESI KARAT(Xi...xi...guyu maho),kabeh bahasa wes tak kuasai

PAIMAN : ojo mung ngomong,kae enek turis cewek ndang kenalan Aku pengen ngerti...
Paijo jur kenalan cewek turis teko inggris

PAIJO : yu koowe a sale ney go ro end DI?

TURIS : sirahe mantuk mantuk(koyok ketek ketulup ora ngerti blaas)

PAIMAN : Artine opo jo

PAIJO : artine asale negoromu teko ngendi

PAIMAN : bhs inggris mu jan sip tenan jo,tapi iku kan wong inggris,
Nek turis cewek sing teko CINO kae iso ngomong gak kowe
Paijo jur kenalan karo cewek turis cino

PAIJO : woooiiii, woooooooong aaaaaayyyuuuu
Koooo weeeeee mriiiiiiiiing mring....iiiiiiis noooopoooo
Ajj jeeeeeeeeeeng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngiii
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngiiiiiiiis Siiiiiiiiiing
Sing....sing.....sing

TURIS : SING...SING...

PAIMAN : ngerti artine jur(koprol maju mundur nganti sirahe mumet)

JIANGKRIK KOWE JO,BOSO CINO PODO KARO JOWO KANG MEN Yo

PAIJO :Kowe kok yo goblok to man,awak'e dewe biyen nek sekolah kan karo angon kebo kok isek percoyo (huo...ho...ho....mringis ngece)



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Jun 2014

Rayuan Versi Gatot Part #2

6/17/2014 Posted by Unknown No comments
Gombalane paijo part 2#
ngrayu srintil versi GATOT (gagal TOTAL)

PAIJO : Sri,bapakmu opo bakulan mercon (petaSan)

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : suarane camkemu marai rame tur ngentekne duwit

SRINTIL : mlayu neng pawon jupuk pacul nguber paijo

――≠――

PAIJO : dik sri,sampean ngerti menara pisa

SRINTIL : yo,ngerti to mas

PAIJO : miringe menara podo karo utekmu dik sri

SRINTIL : ngungkal arit jur nguber paijo

――≠――

PAIJO : sri ibukmu mesti penyanyi yo

SRINTIL : sampean ngerti ae mas

PAIJO : pancene bener nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ENTUTMU PANCENE MERDU

SRINTIL : (ngelus dodone)
Bapak sampean mesti bakulan wit pring to mas

PAIJO : lho kok ngerti

SRINTIL : MERGANE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
RUPAMU KOYOK GOGROKAN GEDHEK'

Saknaliko paijo ngrikiti dongkelan pring



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Jun 2014

Parikan Edisi Lanang Lebay

6/16/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
Parik'an edisi wong lanang lebay

~Enek semut mrambat neng lawang
Sego sak wakul di wadai marang
~Model rambut semiran abang
Jare gaul koyok anak PUNK

――≠――

~Moco koran kloso di gelar
Lingguh sendenan
Moco kabar
~Kuping tindik'an
gawe melar
antinge kawat pemean
ben tambah sangar

――≠――

~Wit pete neng mburitan
Neng ngisore
Karo Mangan ketan
~Awak gede kebak tatoan
Di putus pacare
Nangis turut dalan

――≠――

Jare paijo tatto gambar TWETY,
S€mp@k'e warnane opo lur....



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

15 Jun 2014

Paijo Lagi Sarapan

6/15/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk isuk paijo takon marang bojone srintil

PAIJO : sri,aku arep sarapan,wes mateng durung

SRINTIL : Wes mateng kabeh mas,ndang sarapan kono
Paijo jur mlaku neng mejo makan ndelok lawuh sing podo gosong

PAIJO : sri lawuh'e kok ampas kabeh gek ireng ireng

SRINTIL : sing ngomong ampas kuwi mau lambe opo cangkem

PAIJO : nek lambe arep ngopo...

SRINTIL ; nek ngomong sing apik

PAIJO : neng cangkem ngopo...

SRINTIL : moro rene mas,tak pancalne jaran camkemu(esmosi macan sliliten peyek)

PAIJO : (tibo jungkir walik ping suwidak njaran)
Maksudku lawuh'e kok ampas dele kabeh,saben dino lawuh kok mung tahu + tempe

SRINTIL : lha sampean njaluk lawuh opo?(esmosi singo luwe)

PAIJO : yo goreng goreng iwak kono

SRINTIL : blonjo mung 10ewu jaluk iwak!!!

PAIJO : opo duwit 10ewu ora kenek gawe tuku iwak

SRINTIL : yo kenek mas gawe tuku,nanging
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
IWAK TONGKOLMU KUWI SING DI GORENG

PAijo jempalik'an gulung gulung ngrikiti wajan

Inti ceritone : dadi wong iku kudu nrimo opo anane
Senajan panganan koyok ngopo enak'e paling hasil akhire yo ngono kae ...(di jawab dewe ojo nurun koncone)



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Jun 2014

Rayuan Versi Gatot Part #1

6/09/2014 Posted by Unknown No comments
Rayuan gombal versi GATOT(GAGAL TOTAL)

1.PAIJO : sri bapakmu opo dodolan SOFTEX

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : mergo kowe wes membalut hatiku ( Mringis kadal mesir )


2.PAIJO : sri,bapakmu opo perampok

SRINTIL : lho,kok ngerti mas

PAIJO : mergo sampean wes ngrampok atiku dik ( guyu bangga karo nyisir untu)

SRINTIL : tapi jarene bapak
karo sampean mas nek ngrampok

PAIJO : saknaliko paijo menstruasi liwat irung grin emotikon


3.PAIJO : dik,bapak sampean opo petani

SRINTIL : lho kok ngerti mas

PAIJO : mergo aku wes nandur BENIH neng atimu(mringis codot)


4.PAIJO : dik bapak sampean tukang gawe tower yo

SRINTIL : kok ngerti mas ( karo nutuk'i pundak manja)

PAIJO : mergone enek tower iku signal ku kuwat (pikiran mesum)

SRINTIL : PLAKKK...PLOKKK...tower mu mung sak lombok rawit kok enek signale


5.PAIJO : dik,bapak sampean tukang parkir yo

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : mergo sampean wes markir atiku neng atimu (ngeden kethek ngendok)


6.dik,bapak sampean SATPOL PP kan?

SRINTIL : kok ngerti ae mas paijo iki

PAIJO : mergo sampean wes ngobrak ngabrik atiku

SRINTIL : emange sampean wong REMBOL ( kere gerombol )

PAIJO : koprol maju mundur ping limo likur nganti mumet grin emotikon


7.dik,sampean ngerti ora,nek malem minggu aku ora iso ngapeli ( jujur )

SRINTIL : ora ngerti mas

PAIJO : mergo nek malem minggu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku mesti di ajak janjian karo ibukmu

SRINTIL : sak naliko ngrawuk'i raine paijo

Nek kepengen nambahi monggo...



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

8 Jun 2014

Paijo Nyetir Becak

6/08/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo mangkat nyambut gawe nyetir becak
Tekan perjalanan enek penumpang arep numpak becak jenenge srintil lagi ngeterne anak'e sekolah

SRINTIL : pak becak

PAIJO : Arep neng ngendi mbak

SRINTIL : ngeterne anakku neng sekolahan bayare piro

PAIJO : bayare 10ewu

SRINTIL : kok larang to pak,
Nek aku sing numpak bayar piro

PAIJO : bayare 10ewu

SRINTIL : lha terus anakku bayare piro

PAIJO : tetep 10ewu

SRINTIL : sing genah ae pak kok tambah larang dadi 20ewu

PAIJO : opo sampean sing tak becak

SRINTIL : emange aku sing sekolah,
Sek...sek...sek...tak baleni maneh.
Nek aku sing numpak bayare piro?

PAIJO : 10ewu mbak

SRINTIL : nek anakku sing numpak bayare piro?

PAIJO :bayare
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GRATIS mbak

SRINTIL : nek ngono anakku sampean terne sekolah,kan bayare gratis

SRINTIL : WOW! Wedus gembel @#&%
Awan iku srintil arep jemput anak'e sing sekolah ketemu paijo maneh

SRINTIL : pak becak

PAIJO : arep neng ngendi mbak

SRINTIL : arep jemput anakku sekolah

PAIJO : wes ndang numpak

SRINTIL : aku ora numpak anakku ae sampean jemput,kan bayare ijek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GRATIS to pak

PAIJO : GRATIS MBOK MU KIPER!?

DAsare wong EDAN



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Jun 2014

Awal Mula Srintil Ketemu Paijo

6/07/2014 Posted by Unknown No comments
Awal mulane srintil ketemu paijo

SRINTIL : mas aku njaluk nomer handphone sampean xi...xi...xi...( Mringis unto angop )

PAIJO : nomer handphon ku iki enek telu (3)

SRINTIL : akeh tenan mas nomer handphone,emange sampean kerjone opo?

PAIJO : kerjoku kontraktor bangun hotel bintang 4 karo bintang 5

SRINTIL : asyik, bapak ku mesti setuju,sampean mesti akeh duwite mas xi...xi...xi... ( Guyu bangga karo benakne begel untu )

PAIJO : lha yo mesti to dik,ATM ku wae enek limo (5)

SRINTIL : tumpak'ane sampean opo mas?

PAIJO : honda jazz mobil pribadiku,koleksi
Ku mobil jaguar

SRINTIL : omahe sampean neng ngendi to mas?

PAIJO : omahku jakarta,neng suroboyo yo enek,sing anyar iki neng bali

SRINTIL : sukses tenan mas paijo iki xi...xi...xi...( Jiwit pipine paijo)

PAIJO : opo lagi ngerti nek aku iki wes sukses

SRINTIL : iyo mas, aku lagi ngerti arek joko sing sukses mung sampean

PAIJO : iyo dik,aku iki wes pancen wes suskses
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPUSI SAMPEAN
Srintil tibo jungkir walik jur nyuwili gedek gogrok

SRINTIL : oalah jebule awak dewe iki serasi mas

PAIJO : emange sing serasi teko awak dewe opo dik (kukur kukur panu )

SRINTIL : maksudku awak dewe serasi,ibarat sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GOMBAL AKU SERBETE

Paijo tibo guling ngemut jagang sepeda motor



LIKE &
BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Jun 2014

Srintil Tattoan

6/06/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu iku Paijo lagi nyegat angkutan umum ketemu cewek sexy katok'an pendek bokonge semok pupune kiwo tengen TATOAN
Pas nek njero angkutan umum paijo lingguh adep adepan karo cewek iku tibakne jenenge srintil
Dasar wong deso ora ngerti TATO paijo takon marang srintil

PAIJO : mbak,gambar neng pupu tengen sampean gambar opo?(lambene karo ngowoh)

SRINTIL : iki TATO gambar bob marley mas,sing gimbal rambute

PAIJO : nek sing sebelah kiwo pupune sampean gambar opo mbak?(karo ngelap ilere)

SRINTIL : iki ngono TATO gambar mbah SURIP rambute yo gimbal

PAIJO : apik yo mbak TATO sampean
LHA NEK SING
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TENGAH PUPUNE SAMPEAN KOK BREWOK TATO GAMBAR OPO?

saknaliko srintil ngrikiti ban serep angkutan umum,
mergo lerekane mengo




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Jun 2014

Zodiak Edisi Limo Juni Rongewu Patwelas

6/05/2014 Posted by Unknown 1 comment
ZODIAK MINGGU IKI

SAPRI COY
ASMARA : nek pengen pacarmu tambah lengket kudu kredit sepeda motor ninja
KEUANGAN : Dompet kandel isine kupon togel

AQUA GALON
asmara : ora kenek anak'e yo mbok'e
KEUANGAN : kreditan katok,kotang lan sak piturute ndang di angsur

PISMEN
Asmara : senajan di tolak ping pitu likur ojo kuwatir,kenek gawe pengalaman
KEUANGAN : kudu Sregep nyambut gawe,ojo mung gantungne negoro(sumbangan BLT)

ARTIES
ASMARA : ora kenek perawan/jokone tak enteni rondo utowo dudone
KEUANGAN : isine dompet ludes

ORA URUS
ASMARA : mbah-mbah enek sing naksir marang sliramu
KEUANGAN : isi dompet mu mumet koyok wonge

TUMINI
ASMARA : minggu iki pacarmu njaluk rebonding brengos,nek duwe pacar iku sing wedok tenanan
KEUANGAN : Ajur mumur,dagangan ludes duwit amblas

CANCER
ASMARA : wong nek kadung tresno,ibarat telek kebo rasane koyok sego berkat dadi kejar teRUs pantang mundur
KEUANGAN : duwit utanganmu mung cukup gawe urip telung dino

LETONG
ASMARA : pacarmu nyidam pengen menek tower
KEUANGAN : dompet ngapret rejeki seret

KIRNO
ASMARA : pacarmu nyidam gogrokan gedhek
KEUANGAN : ajur sak dompete

LIEBAY
ASMARA : ketemu mantan ngejak
''kethek kecemplung kalen,ora iso golek mendingan balen
KEUANGAN : Kiriman togel teko singapor ora tau tembus

SCOR PIRO
ASMARA : CINTAMU bertepuk sebelah kaki
KEUANGAN : di uber uber tukang kredit panci

SAGITA CIUS
ASMARA : pacarmu takonono sing jujur opo mripate katarak,nyawang
Kowe koyok ARIEL NOAH
KEUANGAN : semrawut,amburadul koyok rupamu

Mugo mugo ojo percoyo karo ramalan iki



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parikan Edisi Cuek

6/05/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~Rujak dondong
Campur semangka
~Mangan dondong ngombene sak ceret
~Aku ngomong cinta
Kowe malah ngomong PREEETT
~enek kalong
Neng duwur talang
~anak kalong
Warnane lorek
~Aku ngomong sayang
Kowe malah ngomong PREKETEK
~Gawe kaos abang
sarunge di cincing
~Ngomongo yank
Nek kebelet NGISING...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Jun 2014

Paiman Kerjo Neng POM Bensin

6/04/2014 Posted by Unknown No comments
Cerito konyol Paijo lan paiman kerjo neng POM BENSIN
Dino iku ora enek kendaraan sing ngisi bensin,
Wong loro iku jur ngobrol

PAIMAN : jo,dino iki kok sepi yo kendaraan sing ngisi bensin

PAIJO : mergo kendaraan sak iki podo di isi bensin campur man

PAIMAN : bensine di campur opo jo

PAIJO : maksudku kendaraane bensine di campur
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SURONG DADI ISO NGIRIT

PAIMAN : ngirit dengkulmu anjlok,
Ngene ae jo timbang pom bensine sepi nek awak dewe ngombe bensin sak mendeme wani ora

PAIJO : Ngono ae ora wani,kene tak ombene sak klengere
Akhire wong loro iku mendem bensin sak klengere jur muleh neng omahe dewe dewe
Isuk iku paijo telpon neng paiman

PAIJO : hallo,iki opo bener kethek penyakiten asma

PAIMAN : woi gajah angkrem enek opo

PAIJO : mari ngombe bensin wingi awakmu ora opo ta?

PAIMAN : tangi turu awakku malah sehat, ora ngelu lan mumet jo

PAIJO : nanging kowe wes ngentut durung

PAIMAN : aku durung ngentut jo

PAIJO : nek iso awakmu ojo ngentut,dadi empeten sak kuatmu ojo nganti metu entutmu

PAIMAN : emange enek opo jo

PAIJO : mergo aku Sak iki wes neng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAPUA(goro goro mendem bensin trus gak kuat ngempet ngentut)

Nek ngombene PERTAMAX,kiro kiro paijo teko ngendi yo...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Bu Guru Srintil Pelajaran IPA

6/04/2014 Posted by Unknown No comments
Bu guru srintil ngulang neng SD MAJU MUNDUR
Wektu iku enek pelajaran IPA,lan murid murid di bedhek'i karo bu guru srintil

SRINTIL : paiman sebutne kewan sing HURUF ngarepe H ?

PAIMAN : harimau bu

SRINTIL : murid pinter,nek jemblung jawabanmu opo?

JEMBLUNG : HIU bu guru

BU SRINTIL : murid pinter,
Woiii...tumo jenggot ojo turu ae,paijo jr jawabanmu opo

PAIJO JR : (tangi turu jur langsung jawab)harimau huruf awale H bu

BU SRINTIL : kawit biyen BLOKKK!
sak durunge Pitik kathok'an,
Maksudku jawaban liyone opo?

PAIJO JR : (mripate kriyiP kriyip mergo tangi turu karo lambene angop)
Jawabane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
HAAAYAM...
HUUCING....
HUUANJING

BU SRINTIL : marani paijo jur nyincing rok

PAIJO JR : opo enek banjir bu kok nyincing rok

BU SRINTIL : ora enek banjir,
aku nyincing rok arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nyopot S¤FT€K SEKEN trus tak uncalne kowe

Sak naliko paijo jr mlayu muleh



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Jun 2014

Tombo Stres ono Pitu

6/03/2014 Posted by Unknown No comments
Tombo STRESSS iku 7 obate :
1.kaPing pisan mangan sarden sak kalenge
2.kaping loro mangan paku sak kerduse
3.kaping telu njegur sumur sak jerune
4.kAping papat mangan pacul sak danganane
5.kaping limo gantung diri sak matine(neng wit CEPLUK'AN)
6.kaping enem ngombe obat sak botole
7.kaping pitu sopo pengen nambahi monggo...

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]