30 Sep 2014

Paiman Dadi Mandor

9/30/2014 Posted by Unknown No comments
Paiman sing dadi mandor neng PT MLARAT JAYA,ngecek siji siji karyawane
Pas lagi ngecek karyawane paiman ngerti paijo sing lagi enak enak'an rokok'an

PAIMAN : Woiii,iki jam kerjo ora malah nyantai neng kene,iki pabrik gone mbahmu opo piye

PAIJO : tenang wae man,sing penting kan
DUREN CANGKOK'AN = LINGGUH LEREN KARO ROKOK'AN Muehehe...he..he..(malah guyu cengengesan)

PAIMAN : Dengkulmu kuwi sing di CANGKOK

PAIJO : oalah man, kowe kuwi dadi MANDOR KAWAT wae gaya

PAIMAN : aku iki mandor neng PT MLARAT JAYA

PAIJO : koyok aku ora ngerti kowe kan
MANDOR KAWAT = KERJO KENDOR MANGAN KUWAT Muehehe...he..he..(guyu ngakak

PAIMAN : jiangkriiik, kowe niat kerjo opo cangkruk'an

PAIJO : yo jelas kerjo,mosok arep dodolan K¤T@NG neng pabrik

PAIMAN : yo wes nek ngunu bayaran ulan ngarep
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : arep kok tambah'i
.
.
.
.
.
PAIMAN : tambahi untumu ambrol kuwi
.
.
.
.
PAIJO : AREp kok wei bonus
.
.
.
PAIMAN : bonusi gingsulmu limo likur kuwi
.
.
.
.
PAIJO : LHA terus arep kok wei duwit opo

PAIMAN : nek kerjomu koyok ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DUWIT SANTUNAN KEMATIAN WAE GAWE MBAYARI KOWE

Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngrikiti pendoso



Monggo di LIKE & BAGIKAN LUUUR ‪#‎guyonanjowokangmen‬
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Sep 2014

Liburan Neng Bali Maneh

9/29/2014 Posted by Unknown No comments
Wayah liburan kerjo paijo lan paiman dolan neng bali
Wong 2 Neng pinggir pantai nyawang turis bule sing semok lan menthul-menthul sing lagi mepe (jemuR) awak

PAIMAN : suit...suit (jarak cewek bule) jo tak bedek'i nek cewek sing lagi mlayu kae bokonge mulus kinyis kinyis bule teko ngendi jal...

PAIJO : nek iku cewek bule teko australi mergo mlayune pencolotan koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
kanguru muehe...he...he...

PAIMAN : huzzz...lambe rusak,
nek cewek bule sing putih mulus bokonge minthul minthul kuwi teko negoro ngendi jal...

PAIJO : nek iku bule teko negoro jepang mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
mripate kriyip kriyip koyok mari tangi turu
Muehe...he...he...

PAIMAN : aku ora rugi jo duwe konco kowe,sing duwe keistimewaan

PAIJO : maksudmu keistimewaan opo?

PAIMAN : keistimewaanmu duwe camkem angger jeplak

PAIJO : sing penting jawaban ku bener,nek masalah ndelok bokong aku sing nomer siji man guk...guk..(guyu asu)

PAIMAN : cobo bedek'en sepisan maneh,
cewek bule sing lagi turu murep kuwi asale teko negoro ngendi

PAIJO : waduh nek cewek bule kuwi aku durung ngerti,mergo neng kamusku ora enek bokong sing modele koyok ngono

PAIMAN : lha jarene awakmu ahli nek masalah bokong

PAIJO : tapi ora bokong ngunu kuwi,
emange cewek bule kuwi teko ngendi jal...

PAIMAN : cewek bule iku teko AFRIKA

PAIJO : awakmu kok ngerti,opo kowe tau ndelok,..

PAIMAN : yo jelas ngerti,wong bokonge
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JAN IREEENG PODO KARO BAKARAN TELO KOYOK RAIMU

Saknaliko Paiman mlayu ngibrit
Paijo lholak lholok ngrakwuk'i raine dewe



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Sep 2014

Pak Paiman Ngejak Gelut

9/28/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo jr murid neng SD maju mundur duwe guru paiman sing ora tau akur mesti ngejak geger
Langsung wae neng TKP lurrr...

PAIMAN : Woi...brutu kethek ojo rame

PAIJO JR : guru edan,muridte di celuk(panggil) kethek,
Wonten nopo pak

PAIMAN : ayo maju neng ngarep,neng papan tulis iku di woco

PAIJO JR : injih tumo kethek

PAIMAN : bocah edan,gurune di celuk tumo,cepet ndang di woco
Paijo moco ngejrah huruf neng ngarep karo nyawang papan tulis

PAIMAN : K......U di woco opo?

PAIJO JR : di woco KU

PAIMAN : D......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco DA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo?

PAIJO : yo di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JARAN

PAIMAN : pancene bocah G*T€L*sasi pancene gerah polo

PAIJO JR : Bedane kuda karo jaran opo pak

PAIMAN : sak jane yo podo muehe...he...he...
Sak iki M.......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco MA

PAIMAN : T.....A di woco opo

PAIJO JR : di woco TA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo

PAIJO : Di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MATAMU

PAIMAN : murid J*NC*KKK#@*%,gurune di mata matane,
Kowe tak hukum koprol maju mundur ping selawe likur,pus up ping sepuluh kurang sak ugel

PAIJO JR : gurune yo edan,sepuluh kok kurang sak ugel
Paijo jr karo pak guru paiman akhire gelut neng njero kelas prakkk...brukkk...gedabrusss
Poro member jago paijo jr opo paiman? muehe....he...he...




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Sep 2014

Mbah Srintil Numpak Becak

9/27/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah srintil umure 90 thn,wes jelas nek umure sak mono mesti onderdile wayahe medun mesin
Wektu iku mbah srintil muleh teko pasar arep numpak becak'e paijo

MBAH SRINTIL : le,aku arep numpak becak

PAIJO : injih mbah

MBAH SRINTIL : Teko omahku bayare piro

PAIJO : bayare mung 10.000 mbah

MBAH SRINTIL : Nek 3.000 Oleh ora?

PAIJO : ora oleh mbah

MBAH SRINTIL : wes 5.000 Oleh gak

PAIJO : ora oleh mbah

MBAH SRINTIL : nek oleh 7.000 engko tak wenehi eroh dalan nerabas neng omahku sing cepet

PAIJO : tetep ora oleh mbah
Akhire mbah srintil numpak becak'e paijo tarif 10.000 karo mangkel

PAIJO : MBah omahe jenengan pundi

MBAH SRINTIL : meneng wae ora jawab

PAIJO : mbah jenengan mudun ngendi

MBAH SRINTIL : mau kan wes tak kandani nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
bayar 7.000 tak wenehi eroh omahku

PAIJO : lha terus iki neng ngendi mbah

MBAH SRINTIL : aku kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gowo muleh neng omahmu ora opo xi...xi...


''Mbatine paijo : J*NC***K ngopeni mayit urip''


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Sep 2014

Kode Part #2

9/26/2014 Posted by Unknown No comments
KODE PART #2

Paijo lan srintil pengen duwe ingon ingon wedus
Wong 2 iku moro neng paiman sing duwe ternak wedus

PAIMAN : pak,wedus lanang iki keturunan australi dadi regone larang

PAIJO : opo bedane karo wedus jowo

PAIMAN : nek wedus australi sedino kuat kik...kuk...kik...kuk...ping limo dadi cepet meteng wedok'e
Srintil njawil paijo karo ngomong''sampean kik...kuk...sepisan dengkulmu mluntil mas xi...xi...(ngece bebek)

PAIMAN : nek wedus iki keturunan londo dadi regone tambah larang

PAIJO : opo bedane kaRo wedus jowo

PAIMAN : nek wedus londo sedino kuat kik...kuk...kik...kuk ping Songo
Srintil njawil paijo maneh karo ngomong ''tibak'e rupo iku pengaruh karo tenogo pak'e''xi...xi...(ngece kethek angop)

PAIJO : ngono kuwi wedus lanange sedino njaluk gonta ganti ora

PAIMAN : saben dino
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WEDUS WEDOK'E KUDU GANTI BEN ORA BLENGER(JEMU)
Paijo njawil srintil karo ngomong

PAIJO : piye buk'e,sampean wes siap
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DaDI MBOK' SING TUWEK

Sak naliko srintil bRakoti suket



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kan men ]]

24 Sep 2014

Kode Part #1

9/24/2014 Posted by Unknown No comments
KODE PART #1
Paijo nek arep kik...kuk...kik...kuk bojone duwe kode spesial marang bojone sing jenenge srintil

PAIJO : le,kandani ibu mu,engko bengi bapak arep gawe telpon

PAIJO JR : injih raden kang mas paijo

SRINTIL : kondo marang bapakmu nek telpone ora enek signal
Sesok bengi paijo ngongkon paijo jr

PAIJO : le,kondo neng ibu telpone engko bengi arep tak gawe

PAIJON JR : injih komandan paijo

SRINTIL : le,kondo marang bapakmu,nek telpone baterayne low bat
Sesok bengine paijo ngongkon anak'e maneh

PAIJO : le,kondo marang ibukmu nek telpone ora kenek di gawe,bapak tak telpon neng jobo(luar) omah

PAIJO JR : koyok anak'e menteri ae ngongkong aku terus

SRINTIL : le,kandani bapakmu yo,nek sepisan wae telpon neng jobo omah,ibu arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUKAK TELEPON UMUM GRATIS ORA USAH PAJAK

PAijo sing krungu omongane bojone langsung ngrikiti pojok'an mejo


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Sep 2014

Pelajaran IPA Maneh

9/23/2014 Posted by Unknown No comments
Bu guru srintil iki ngulang pelajaran IPA ( ilmu pengetahuan alam
''arek arek sebutne suarane kewan lan jenenge,
sing iso jawab tangane ngacung

PAIMAN : meong...meong...meong...suarane kucing bu.(Jogetan caesar neng duwur mejo)

BU GURU : paiman jan pinter tenan,wis ndang medun teko nduwur mejo timbang glundung mengko marai sirahmu gerah POLO

JEMBLUNG : kulo nggih saget bu,
Guk...guk...guk...suarane ASU (menek cagak bendero )

BU GURU : pinter jemblung,wis ndang medun teko cagak bendero timbang ceblok dengkulmu mluntir

PAIJO JR : suwit...suwiiit....suwiiiiit hello cayang

BU GURU : woi! Kuwi suorone opo jo?

PAIJO JR : niku suarane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUAYA DARAT bu,( paijo jogetan goyang itik )

BU GURU : WOW murid edan #¤*% karo koprol maju mundur sak mumete
By
.
.
.
[[ kang men ]]

20 Sep 2014

Parikan Edan Kang Men Edisi Curhat

9/20/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

1.~Nguber asu ora sandalan
Asune mlayu neng ngisor wit manggis
~nyawang sliramu neng pelaminan
rasane atiku koyok di cubles keris

――≠――

2.~Pak carik ngucapne salam
~ora ketemu sedetik
Rasane koyok selawe likur jam

――≠――

3.~sego gurih campuran klopo
~atiku perih
Sliramu mlaku karo wong liyo

――≠――

4.Mangan kripik di sambi ngaret
~cintaku iki dik,asli lan unlimited

――≠――

5.~gawe jamu peresan timun
~nyawang sliramu
ngentekne stok sabun

――≠――

6.~Mongso rendeng bulane telu
~aku iklas gendeng nek kowe iso guyu

――≠――

7.~Anak asu nguntal jenang
~tak elem ayu jebule lanang

――≠――

8.~anak asu nguntal gombal
~kok tolak cintaku rasane koyok di rudal

――≠――

Pilih parik'an sing cocok karo pengalamanmu
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Sep 2014

Wektu Enek Rapat Kenegaraan

9/19/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu enek raPat kenegaraan
Paiman al brutowali wakil rapat teko arab
Mr michael jemblung ndal ndul wakil teko amerika
Paijo delahoho wakil teko indonesia asli jowo
Paiman takon marang jemblung

PAIMAN : mblung,neng negoromu kowe di wei juluk'an opo?

JEMBLUNG : nek aku di juluk'i SUPER POWER(paijo muehe...he...mung guyu kadal buntung)

PAIMAN : mergone opo mblung

JEMBLUNG :mergo negoro sing canggih lan kuwat,
Lha nek kowe oleh juluk'an opo neng negoromu

PAIMAN : nek aku di juluk'i MACAN PADANG PASIR

JEMBLUNG : mergone opo man

PAIMAN : mergo nek perang neng padang pasir,mosok arep perang neng alas.ora enek alas
(Paijo muehe...he...he...guyu ngakak)

PAIMAN lan JEMBLUNG takon marang PAIJO

PAIMAN & JEMBLUNG : cangkemmu ojo mung guya guyu,
nek neng negoromu kowe oleh juluk'an opo jo

PAIJO : aku di juluk'i '' SINGO DIMEJO ''

PAIMAN & JEMBLUNG : WOW KEREN jo (kaget glempang teko kursi),mergo opo kowe kok dijuluk'i ngono

PAIJO : aku di Juluk'i SINGO DIMEJO mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NEK SIDANG NGOMEL NGAMUK KARO MUNGGAH MEJO

Muehe...he...he...Paiman lan jemblung guyu ngakak nganti guling guling ngemut sikil mejo



Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Sep 2014

Tips Ketemu Lanangan Modus

9/18/2014 Posted by Unknown No comments
Nek ketemu wong lanang sing senengane (modus) ojo kwatir lur.,
Wong wedok ojo kuwatir kang men duwe penangkal ben ora kenek moduse wong lanang

PAIJO : mbak,aku arep takon(modus)

SRINTIL : takon opo mas

PAIJO : nek teko juanda suroboyo mlaku nganti Senayan bung karno pirang kilo mbak?

SRINTIL : lha opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mlaku,Dengkulmu pengen mluntir sikil iso ngoyot mas,enek pesawat kok mlaku
(Paijo raine krukupan kresek)

PAIJO : Mbak,jeneng sampean sopo muehe...he...he...

SRINTIL : jenengku sri,nek jeneng lekapku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRIADI,profesiku dodolan gedhek karo ondo neng pojok'an pasar
(Saknaliko paijo nyuwili gogrokan gedhek)

PAIJO : mbak,kiro kiro menara eifel duwure pirang meter yo (modus)

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku mung pengen takon

SRINTIL : tak kirane sampean arep nyeblok teko nduwur

PAIJO : ora mbk,tapi anu...

SRINTIL : ora usah nulis surat wasiat,aku percoyo karo rupane sampean sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPRET rejeki seret paling bondomu yo cupet,dadi sampean ora usah nulis surat wasiat

(Paijo golek tampar jur kendat ngisor wit cepluk'an)

Mugo mugo tip iki manfaat yo lurrr...
Nek kepengen nambahi monggo



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

Rayuan Muat Versi Gatot

9/18/2014 Posted by Unknown No comments
Jenenge wong lagi tresno,ibarat donyo mung gawe wong loro (2)
Rayuan muat eh kliru,rayuan maut versi gatot(gagal total)

PAIJO : nek nyawang sliramu teko iringan sri,aku ora iso bedakne antarane srintil karo SAHRINI

SRINTIL : kang mas paijo iso ae nek ngrayu xi...xi...xi...(manja ngrikiti pucuk'e kuku)

PAIJO : opo maneh nek sampean lingguh jejer SAHRINI

SRINTIL : kenopo mas nek lingguh jejer(manja karo nyokoti lambe)

PAIJO : aku ora iso bedakne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngendi sing disrempet becak ngendi sing ora muehe...he...he...

SRINTIL : ngrawuk'i raine paijo

PAIJO : sabar disek to sri ojo emosi,
Rambutmu sri,koyok sing neng TV iklan...

SRINTIL : sampo to mas xi...xi...(nyisir poni)

PAIJO : ora iku dik

SRINTIL : lha trus iklan opo mas

PAIJO : koyok neng iklan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
obat tumo,masalahe rambut sampean koyok gendruwo mari manak muehe...he...he...

SRINTIL : mas...mas...

PAIJO : enek opo to diajeng srintil nyeluk aku

SRINTIL : jan jane lambe sampean...

PAIJO : SEXY yo dik

SRINTIL : iyo mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nek di sumpel softex seken xi...xi...

PAIJO : (langsung brakoti suket)

SRINTIL : mas, sak tenane sampean nek jejeran ARIEL NOAH ,22 karo 23

PAIJO : ,maksudte mirip piye dik?
muehe...he...he...(guyu bangga nyambi nglamuti sikil mejo?

SRINTIL : pokok'e jan mirip tenan,22 wong sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mripate katarak mesti sampean mirip ARIEL,
Nek 23 gambar sampean

PAIJO jur eker eker lemah karo ngemut beling




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Sep 2014

Mbah Srintil Seksi

9/17/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah srintil iki umure 90thn,wektu mbah srintil arep neng pasar numpak angkutan umum,ketepaan
Kernete jenenge paijo

PAIJO : mbah mudun ngendi?

MBAH SRINTIL : aku mudun pasar le,iki duwite

PAIJO : Lho duwite kok mung 500,iki kurang mbah

MBAH SRINTIL : arek iku mau kok mung bayar 1500

PAIJO : sing kathok biru iku mau arek SMP mbah

MBAH SRINTIL : sing sijine kok malah bayar duwit 1000

PAIJO : nek kathok abang arek SD mbah

MBAH PAIJEM : nek ngono aku malah ora bayar le...

PAIJO : lho,kok iso mbah

MBAH SRINTIL : mergo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ORA GAWE KATHOK

Paijo langsung brakoti ban serep



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Sep 2014

Plat B 46 US

9/16/2014 Posted by Unknown No comments
Iki plat nomere paijo,bocah paling
B.46.US

muehe...he...he..



Sing wes hadir plat nomermu opo lurrr...

By
.
.
.
[[ kang men ]]

Senajan Lanang Kudu Iso Masak

9/16/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo di kandani srintil

SRINTIL : mas,senajan sampean wong lanang nanging kudu iso masak

PAIJO : iyo sri,nek sampean ora iso masak aku siap ganteni
Isuk iku Paijo jur njaluk warah masak marang mbok'e paijem

PAIJO : mbok aku njaluk warah maSak

PAIJEM : dengaren polomu waras,ndang di siapne bumbune

PAIJO : iki arep nyayur opo mbok

PAIJEM : jangan rupamu le,eh maksudku jangan tewel

PAIJO : ngono yo anakmu mbok,ojo di padakne tewel

PAIJEM : lambemu ora usah rewel,lombok'e ndang di ulek

PAIJO : WEs siap mbok

PAIJEM : nek uwes ndang di cemplungne

PAIJO : ok mbok

PAIJEM : brambang bawange di cemplungne pisan

PAIJO : injih diajeng paijem

PAIJEN : kandani wong tuwek kok kurang ajar,
Tumbar ndang di cemplung ne

PAIJO : injih diajeng

PAIJEM : Klopone diparut trus diperes dicemplungne pisan

PAIJO : injih mbok,sing ayu dewe koyok SAHRINI disrempet sepur

PAIJEM : (sabar tingkat kabupaten)
Nek wes di cemplungne kabeh ojo lali Salam

PAIJO : (moro neng nduwur panci adah jangan)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ASSALAMUALAIKUM,
Opo wes mateng mbok

PAIJEM : mateng dengkulmu mluntir,maksudte godong salam


''Saknaliko raine paijo di urap karo uyah''



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

15 Sep 2014

Zodiak Edisi Limolas Sep Rongewu Patwelas

9/15/2014 Posted by Unknown No comments
ZODIAK DINO SENIN

SAPRICOY
PENGGAWEAN : golek beling
KEUANGAN : dompet ngapret
ASMARA : golek sing rodok waras

AQUA GALON :
PENGGAWEAN : bukak salon kethek
KEUANGAN : di uber uber bank kredit
ASMARA : jomblo tulen

PISMEN
PENGGAWEAN : nginceng rondo adus
KEUANGAN : isi dompetmu koyok rupamu duwit gambar 500
ASMARA : ibarat kowe Gombal ketemu serbet

PARISES
PENGGAWEAN : adol kolor
KEUANGAN : dompetmu ora enek isine nganti masuk angin
ASMARA : bencong tomboy lagi naksir

ORA URUS
PENGGAWEAN : nyuluh kodok
KEUANGAN : morat marit
ASMARA : gak jelas naksir lanang opo wedok

TUMINI
PENGGAWEAN : adol kubis
KEUANGAN : isi dompet sekarat
ASMARA : pacarmu nyidam menek talang

SARSER
PENGGAWEAN : mandor KAWAT(kerjo kendor mangan kuwat)
KEUANGAN : isi dompetmu mlongo
ASMARA : pengen duwe pacar brengose koyok SERUNDENG

LETONG
PENGGAWEAN : bakulan ondo
KEUANGAN : nyilah nyilih tonggo
ASMARA : golek pacar sing elek ben ora enek saingan

KIRNO
PENGGAWEAN : riwa-riwi
KEUANGAN : duwit utanganmu mung cukup gawe urip telung dino
ASMARA : nek pengen duwe pacar UP GRADE disek rupamu

LIEBAY
PENGGAWEAN : menek klopo
KEUANGAN : dompetmu kebak kupon togel
ASMARA : ora kenek putune gasak'en mbah'e

SCORE PIRO
PENGGAWEAN : nyitak boto
KEUANGAN : rejeki seret
ASMARA : golek pacar untune sing mbangir

SAGITA CIUS
PENGGAWEAN : ogok ogok irung
KEUANGAN : ngenteni sumbangan BLT
ASMARA : bojomu njaluk rebonding kelek

Sing ketinggalan cerito boso jowo,monggo mampir neng blog kang men ngisor iki
http://guyonanjowo.com




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Sep 2014

Paijo Lan Paiman Petuk Neng Akherat

9/14/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo mati nanging ora suwe koncone sing jenenge paiman yo melu mati,
Wong 2 iku mau ketemu neng akhirat

PAIMAN : lho jo kapan kowe mati

PAIJO : lagi wingi aku mati

PAIMAN : kenopo kowe mati jo

PAIJO : aku kakean ngombe banyu

PAIMAN : muehe...he...he...ngombe banyu kok iso mati

PAIJO : mergo Ngombe banyu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sak kecemplunge neng sumur, nek kowe mati mergo opo man

PAIMAN : wektu iku aku muleh kerjo trus mlebu kamar,
ngerti bojoku ora cawetan karo gak kotangan aku curiga bojoku selingkuh

PAIJO : lha trus wong lanang iku ketemu ora

PAIMAN : wong lanang iku tak golek'i neng lemari,njero gentong,njero kentongan,pojok'ane omah tikus,neng kandang pitik,nduwur omah,ngisor longan

PAIJO : trus kapan matimu

PAIMAN : aku mati mergo kekeselen golek'i wong lanang sing selingkuh karo bojoku,jantungku kumat jur kejet kejet

PAIJO : kowe kudu sabar man,
wong lanang iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng njero sumur
Muehe...he....he..

Saknaliko raine paijo di krawuk'i paiman


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Sep 2014

Paijo Saiki Wes Oleh Kerjoan

9/10/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo arep budal kerjo,tekan tengah dalan ketemu koncone sing jenenge paiman

PAIMAN : arep neng ngendi jo kok macak guanteng kowe

PAIJO : Arep budal kerjo man mosok arep mapan turu

PAIMAN : Kowe sak iki mesti kerjo neng kantor jo,gaya gawe sEpatu

PAIJO : biasa wae man,koyok ora tau ngerti
aku gawe sepatu

PAIMAN : biasane kowe ora tau gawe kaos tangan

PAIJO : ben gayak sitik ora opo to man

PAIMAN : sak iki kowe kerjo gawe jaket

PAIJO : lha,sak iki aku kerjo neng panggon adem,dadi kudu gawe sepatu,kaos tangan,jaket ben ora di arani wong deso muehe...he...he...

PAIMAN : emange kowe kerjo neng ngendi

PAIJO : mreneo man tak bisik'i,
Aku kerjo neng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PABRIK ES BATU man




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Sep 2014

Masalah Rumah Tangga

9/09/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo lagi ngrayu bojone,biasa lur masalah rumah tangga

PAIJO : sri,aku arep kondo marang sampean

SRINTIL : Kondo opo to mas

PAIJO : aku bejo banget duwe bojo sampean muehe....he...he...

SRINTIL : sampean iso ae nek ngrayu aku(nutuk'i manja pundak'e paijo )

PAIJO : awak dewe nikah wes 10 thn

SRINTIL : emange kenopo karo umure nikah awak dewe

PAIJO : mulai awak dewe nikah nganti sak iki,sampean durung pernah nesu karo aku

SRINTIL : pancene aku sabar kok mas,nanging enek batese

PAIJO : buktine sampean ora tau nesu

SRINTIL : sak jane aku yo nesu nanging tak empet

PAIJO : lha nek
~sepet sepet sawone entah
~di empet empet ora betah
Trus kepiye

SRINTIL : yo aku nesu,muring muring mlayu neng mburi

PAIJO : Sampean mlayu neng mburi arep nyapo?

SRINTIL : nyikat wc nganti resik mas

PAIJO : Muehe...he...he..sampean kok aneh,wong nesu kok nyikat wc

SRINTIL : aku nyikat wc
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gawe sikat untumu mergo aku pegel karo sampean xi...xi...xi...

Saknaliko paijo blokek'an mutah mutah rodo becak




LIKE & BAGIKAN by
.
.
.
[[ kang men ]]

8 Sep 2014

Bukti Cintane Paijo

9/08/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo pengen buktekne cintane marang srintil

PAIJO : sri,saktenane aku iki tresno marang sliramu

SRINTIL Ah tenane mas... (mancal mancal manja)

PAIJO : aku pengen cintaku iki kok tompo (muehe...he...he...)

SRINTIL : nek pancene sampean tresno,nanging enek 3 syarate...

PAIJO : sebutne syaratmu sri

SRINTIL : syarat sing pertama,sampean sanggup ngenteni...

PAIJO : ngenteni aku duwe mobil mewah

SRINTIL : ora mas,nanging sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kethek ngendok tak tompo cintamu

PAIJO : (ngrawuk'i raine dewe)
Nek iku aku ora sanggup sri

SRINTIL : yen ngono sampean sing ke loro(dua)
Sampean sanggup...

PAIJO : duwe omah

SRINTIL : ora mas,nanging kudu sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BELING BOSOK tak tompo cintamu(xi...xi...xi...mringis ngece)

PAIJO : (brakoti suket)
Oalah sri,opo ora enek sing luweh penak Penjalukmu

SRINTIL : enek mas syarat sing ketelu ,sampean kudu sanggup ...

PAIJO : DUwe sawah

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : Duwe tanah gedene sak lapangan senayan

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : lha trus sanggup opo

SRINTIL : sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gajah iso angkrem (xi...xi...xi...guyu ngakak)

PAIJO : lambemu sri kudu di slameti,
Kawit jaman
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : jaman opo mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Jaman pitik durung iso kathok'an,gajah ora bakalan angkrem

(Paijo muleh Karo mewek)




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Sep 2014

Srintil Mari Adus

9/07/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo mesam mesem nyawang bojone sing jenenge srintil
srintil sing mari adus,masak neng pawon jur di cedak'i marang paijo

PAIJO : tambah ayu ae sampean dik (rayuan gombal amoh)
~Rujak manis buahe nanas
~diajeng manis jek isuk kok wes kramas

SRINTIL : sampean iki opo lali
~buahe nanas bentuk'e gede
~aku kramas mergo mambengi mari di gawe (xi...xi.,xi...mringis tumo)

PAIJO : ngene iki aku ora iso lali dik
~Nanas gede regone mung telu seket
~kelingan rasane kok tambah rapet

SRINTIL : iku kan sing sampean senengi to mas
~Sawo sepet tlutuhe Pliket
~servisku rapet rasane yo tambah seret

PAIJO : muehe...he...he...
pancene bener dik,mambengi jan rasane manteb
Tenan
~Sawo sepet mergo jek entah
~tambah rapet pusokoku ora iso obah

SRINTIL : sampean kok yo aneh to mas
~Sawo entah pahit rasane
Neng lambe marai domble
~ora obah kliru panggone
Lawong pusokone kliru dalanane

PAIJO : rumangsaku ora kliru,nanging kok bedo rasane
~lambe domble dirubung laler
~bedo rasane nanging mripatku kiyer kiyer

SRINTIL : mangkane ojo karo ngantuk to mas
~lambe domble kakean mangan telo
~lawong pusokone
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kesrimpet kloso
(Mangkane seret tur rapet xi...xi...xi...)

Saknaliko PAIJO koprol maju mundur
Sak klengere




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Sep 2014

Paijo Jr VS Mbah Paiman

9/06/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah paiman iki umure 90thn,lagi naksir rondo semok omahe sebelah deso
Wektu arep mangkat mbah paiman di kandani putu lanange jenenge paijo jr

PAIJO JR : mbah,arep neng ngendi

PAIMAN :Biasa le,mbah arep ngapeli Rondo bahenol muehe...he...he....(guyu bencong tomboy)

PAIJO JR : opo jek mampu mbah
~Klambi lorek pinggire bedah
~wes tuwek ora usah kakean polah

PAIMAN : iku kan biyen nek sak iki bedo le
~klambi bedah pinggire krah
~nek ora polah ora dadi bocah

PAIJO JR : opo yo mampu to mbah
~iku ora bedah nanging suwek pinggire
~kuwat munggah paling mung sak ronde

PAIMAN : Jiangkrik putu g@t€lis@si,
Durung ngerti kemampuane si mbah
~kayu glugu ojo gawe pajangan
~aku wes ngombe jamu ndok saktarangan

PAIJO JR : jamune iku opo ora salah to mbah,
~kayu glugu di tali kawat
~kuwi jamu gawe asam urat

PAIMAN : bocah cilik dikandani kok ora kenek
~Isuk lawuh tahu sore lawuh tempe
~ora gawe jamu mbah kuwat 10 ronde

PAIJO JR : oalah mbah ora usah di pekso
~Asale tempe iku teko dele
~kuwat 10 ronde terus mlebu UGD

PAIMAN : WOW J*NC*KKK!sASi
(Golek tugelan boto jur ngantem paijo jr)




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Sep 2014

Parik'an Edan Kang Men Mangan Klepon

9/05/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Mangan klepon karo sendenan
Klopo ijo kok di gawe wajik
~Enak2 telpon karo sang mantan
Neng mburi bojo
Wes malang kerik
(Biasa dik,iki telpon langganan rosok ''MODUS'')
~parutan klopo di campur ketan
Klopo tewek gurih tenan
~Telpon selingkuhan karo singitan
Konangan mbok wek di sawat wajan
( Jare bojone'' aku balekno neng wong tuo ku'')



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Sep 2014

Parik'an Edan Kang Men edisi Lingguh Jigrang

9/03/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~moco koran lingguh jigrang
Neng ruang tamu karo leyeh leyeh
~Mari bayaran atiku girang
Mergo utangku tak saur kabeh
~Tuku pentol gowo rantang
Kurang ombo gowo kerdus
~Rambut brodol kakean utang
Belani rondo sing koyok wedus
( Byuhhh...gincune menor rekkk.. )


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Sep 2014