16 Sep 2014

Senajan Lanang Kudu Iso Masak

9/16/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo di kandani srintil

SRINTIL : mas,senajan sampean wong lanang nanging kudu iso masak

PAIJO : iyo sri,nek sampean ora iso masak aku siap ganteni
Isuk iku Paijo jur njaluk warah masak marang mbok'e paijem

PAIJO : mbok aku njaluk warah maSak

PAIJEM : dengaren polomu waras,ndang di siapne bumbune

PAIJO : iki arep nyayur opo mbok

PAIJEM : jangan rupamu le,eh maksudku jangan tewel

PAIJO : ngono yo anakmu mbok,ojo di padakne tewel

PAIJEM : lambemu ora usah rewel,lombok'e ndang di ulek

PAIJO : WEs siap mbok

PAIJEM : nek uwes ndang di cemplungne

PAIJO : ok mbok

PAIJEM : brambang bawange di cemplungne pisan

PAIJO : injih diajeng paijem

PAIJEN : kandani wong tuwek kok kurang ajar,
Tumbar ndang di cemplung ne

PAIJO : injih diajeng

PAIJEM : Klopone diparut trus diperes dicemplungne pisan

PAIJO : injih mbok,sing ayu dewe koyok SAHRINI disrempet sepur

PAIJEM : (sabar tingkat kabupaten)
Nek wes di cemplungne kabeh ojo lali Salam

PAIJO : (moro neng nduwur panci adah jangan)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ASSALAMUALAIKUM,
Opo wes mateng mbok

PAIJEM : mateng dengkulmu mluntir,maksudte godong salam


''Saknaliko raine paijo di urap karo uyah''



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar