15 Okt 2014

Pengalamane Paijo Numpak Pesawat

10/15/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo numpak peSawat jurusan suroboyo arep neng jakarta
neng njero pesawat paijo salah kursi, manggon neng ngarep kelas bisnis kudune paijo manggon neng nduwur pesawat mergo kelas ekonomi muehe...he...he...

PAIMAN : mas,sampean salah kursi,panggone sampean neng mbuRI

PAIJO : ora iso mas,masalahe aku teko disek dadi panggonku neng ngaREp
Paiman nyeluk (panggil) pramugaRi

PRAMUGARI : bapak,panjenengan kursine neng mburi

PAIJO : samPean sopo,ngongkong aku neng mburi

PRAMUGARI : kulo PRAMUGARI

PAIJO : pramugari tugase opo

PRAMUGARI : Tugase pelayan Pak

PAIJO : oalah,saMpean babu,nek ngono sampean muleh ae mbak korah korah piRing neng omah
Ora suwi pilot pesawat marani paijo

PAIJO : sampean sopo

PILOT : kulo pilot pak

PAIJO : pilot tugase opo?

PILOT : kulo tugase nyopir pesawat

PAIJO : oalah,tak kiro Sampean mau tukang parkir peSawat,kok gaya gawe seragam lan topi
Podo podo penumpange Jemblung marani paijo jur bisik bisik neng kupinge
Sak naliko paijo langsung ngaleh karo lambene ngomel ngomel

PILOT : wong iku sampean bisik'i opo mas

JEMBLUNG : aku mung nakoni,sampean medun jurusan ngendi

PAIJO : jurusan jakarta

JEMBLUNG : nek jakarta panggone neng mburi mas,sing sampean panggoni iku jurusan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PASAR WONOKROMO


Iki pengalamane paijo luR




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar