31 Mar 2015

Dikenalne Calon Morotuo

3/31/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo dikenalne calon morotuo marang srintil
Bapak'e srintil iki terkenal galak koyok asune polisi patroli muehe...he...he...

SRINTIL : pak,niki kenalne mas paijo

PAIMAN : Ooo iki sing jenenge paijo

PAIJO : betul pak mboten kliru

PAIMAN : jeneng lengkapmu sopo

PAIJO : PAIJO VAN MBOUTEN

PAIMAN : kowe mesti keturunan londo

PAIJO : kok ngerti pak

PAIMAN : yo jelas ngerti to le, lha wong untu PIRANG
Paijo langsung jempalikan teko kursi nganti ora sadar jur tangi maneh

PAIMAN : sak iki kerjomu opo

PAIJO : dodolan gedhek,golek rosok,ngarit,kadang kadang kulo geh macul terus...

PAIMAN : MANDEK!!!
Dadi kerjomu iku se...

PAIJO : betul,kerjo kulo serabutan

PAIMAN : maksudku iku kerjo SEMRAWUT koyok rupamu

PAIJO : Hik...hik...hik...memewek arep nangis, Injih pak

PAIMAN : Ngono kuwi disyukuri duwe wajah NGAPRET koyok kathok kolor

PAIJO : injih pak

PAIMAN : Kowe rene numpak opo

PAIJO : kulo numpak ojek

PAIMAN : jelas ora bleset perkiraanku,nek kowe rene mesti ngojek

PAIJO : bapak kok ngerti wae

PAIMAN : yo jelas ngerti ambumu koyok knalpot garing

PAIJO : nelongso sak umur hidup

PAIMAN : kowe tenanan ora karo srintil

PAIJO : injeh pun jelas to pak(kok ijek di takokne)

PAIMAN : kowe wani ngrabi srintil tenan

PAIJO : leres mboten bleSEt

PAIMAN : tapi sayange...

PAIJO : SAyange nopo pak

PAIMAN : Sayange iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku ora golek mantu koyok rupamu

PAijo langsung GUOBL¤KKK kemeng polone



LIKE & BAGIKAN
BY
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Mar 2015

Parikan Edan Kangmen Edisi Jomblo

3/27/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
parik'an edisi ''jomblo''


  1. ~Duwe ternak ngingune kebo
    Kandange angker ora enek maling
    ~Ora penak dadi wong jomblo
    Turune mlungker koyok tergiling
    (Kademen ta kon iku)
  2. ~Beras ketan campur pertolo
    Bungkus telo gawe godong tales
    ~kangen mantan mung nyawang poto
    Ora kroso kathok'e teles
    (Kebanteren nek mikir ta cak)
  3. ~wit kambojo kembange kuning
    Godonge ombo kenek gawe tombo
    ~golek bojo sing Prawan ting ting
    Nek kepekso rondo, yo ora opo
    (Mumpung enek lur)
  4. ~tuku bolu kliru srabi
    Roti rangin dirubung laler
    ~Sirah ngelu mikir rabi
    Nganti kepengin Direwangi ngiler
    (Ngidam ta mas)


Pilih parik'an sing menurutmu cocok



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Mar 2015

Harpitnas Versi Paijo Junior

3/22/2015 Posted by Unknown , , No comments
Wektu dino sabtu paijo jr ora mlebu sekolah
Paijo jr ditakoni Marang mbah kakunge sing jenenge paiman

PAIMAN : lho le,kowe opo ora sekolah

PAIJO JR : mboten mbah libur

PAIMAN : LIBUR UNTUMU AMBROL!!!sak iki iku dino sabtu,tanggal abange kan wingi dino jum'at

PAIJO JR : mbah iku opo ora ngerti nek sak iki HARPITNAS

PAIMAN : emange harpitnas iku hari opo le....

PAIJO JR : HARI KECEPIT NASIONAL mbah

PAIMAN : (geblak teko kursi jur tangi maneh)
putu edan,kowe wes gawe surat opo durung

PAIJO JR : sampun mbah,sak jane iku percuma mbah damel surat

PAIMAN : lha kenopo kok percuma

PAIJO JR : mergo karo gurune
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BU GURU ORA TAU DI BALES

PAIMAN : bocah G*T*L*Sasi,rumangsamu surat cinta kon balesi suratmu

PAIJO JR : kudune di balesi to mbah

PAIMAN : wes kono ndang dolanan
Ora suwe enek sing ngetok ngetok lawang omah

PAIJO JR : mbah tak incenge sopo tamune

PAIMAN : sopo le tamune?

PAIJO JR : WAH! enek bu guru mbah

PAIMAN : lawange tak bukak'e,kowe ngumpet wae njero lemari

PAIJO JR : ora usah mbah,aku wae sing mbukak lawang

PAIMAN : emange kenopo kok kowe sing bukak lawang

PAIJO JR : mergo aku mau
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nulis surat nek mbah kakung mati@*%&

Saknaliko paiman kaget jur jantungen

LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[Kang men]]

20 Mar 2015

Cerito Malem Jumat "Icik Icik Ehem"

3/20/2015 Posted by Unknown , , No comments
Malem jum'at mambengi iku ceritone paijo pengen icik icik ehem...ehem...marang bojone srintil
Senajan kepengen nanging kudu enek carane ngrayu lur

PAIJO : sri...sri...tak bisik'i

~godong apokat diwadai wakul
Warnane iju kok digawe susur
~Malem jum'at wayah sunah rosul
Ngombe jamu wes siap tempur

SRINTIL : mas paijo jan pinter nek gombal xi...xi...(karo nyokoti bantal)

~Wit turi mas kembange mekrok
~ojo mung riwa riwi mas ndang coplok kathok

PAIJO : (suweneng jungkir walik duwur kasur)

~kembange mekrok wangi gondone
~kathok tak coplok terus diapakne
(Gayene lur aksen goblok gek ndang di warai muehe...he...he...)

SRINTIL : dadi isin aku mas(karo eker eker raine paijo)

PAIJO : ELing sri eling!!iki rupaku ora lemah

SRINTIL :
~Gedang kepok kulite kandel gedange bosok kok mung sak ugel
~Kathok di coplok gek ndang ndusel

Nek wes kapok tondone kesel
(Di pijeti ta mas)

Bengi iku paijo tanding pirang pirang ronde
Isuk'e paijo nemoni srintil sing lagi sisiran rambut

PAIJO : sajak'e kok mesam mesem sri

~mangan gethuk ngombene teh panas
~ ijek isuk diajeng kok wes kramas

SRINTIL : yo mesti to beb...

~timun mas buahe gede tuku siji di pangan wawong
~aku kramas mari di gawe

Mergo mambengi dlusup neng sarung
(Icin aku beb)

PAIJO : sak iki ayank beb tak mangkat neng kantor(paijo jur cipika cipiki)

SRINTIL : tapi mas,gawane sampean enek sing keri

PAIJO : opo beb sing keri

SRINTIL : iku mas neng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
mburi lawang pacule



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Mar 2015

Supir Taxi Versus Wong Timur Tengah

3/19/2015 Posted by Unknown , 4 comments
Timbang nganggur paijo sak iki dadi sopir TAXI
Sore iku paijo mangkal neng bandara

Ora suwe paijo oleh penumpang tulen teko TIMUR TENGAH jenenge paiman sing jenggote dowo''kiro kiro kenek gawe nyaponi latar muehe...he...he...''

Separo perjalanan TAXI ne paijo di balap karo truk

PAIJO : wong edan numpak truk gak duwe aturan

PAIMAN : ''kaget''
UZZUSUSI....

PAIJO : wong arab kaget kok malah dzikir
Ora suwe paijo di balap maneh karo mobil

PAIJO : rumangsane opo dalane dewe,numpak mobil banter banteR

PAIMAN : ''kaget''
ASNAVA...

PAIJO : wong aRab iki gek ngomong opo
Ora suwe TAXI ne paijo di balap
Sepeda motor

PAIJO : DUrung tau glundung ta wong iki

PAIMAN : ''kaget''
IKASAWAK..,

PAIJO : kowe iki gek ISTIGFAR opo to wan abuddd

PAIMAN : Ane lho gak istigfar

PAIJO : lha iku mau ngomong opo

PAIMAN : oalah,iku mau aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Moco merk motor kok mas bro

PAIJO : emange sampean gak iso moco

PAIMAN : yo iso to mas bro,nek neng negoroku iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mocone teko tengen bedo karo negoroku

Paijo langsung ngrawuk'i raine dewe



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Mar 2015

SMS Misterius Alias Gak Dikenal

3/18/2015 Posted by Unknown , , No comments
Pirang pirang dino paijo oleh sms ora di kenal
Isuk iku paijo curhat marang tonggone sing jenenge paiman

PAIJO : man,pirang pirang dino iki aku oleh sms sing gak di kenal

PAIMAN : emange kowe di sms opo

PAIJO : smse iku ngene ''kowe iso ora carane ngeloni bojomu''

PAIMAN : lha terus kok balesi piye

PAIJO : aku durung balesi sms iku

PAIMAN : ngono iku smse wong iku balesono BLOKKK
Ora suwi paijo oleh sms teko wong sing ora dikenal Jur di woco karo paijo

PAIJO : man,iki aku oleh sms maneh

PAIMAN : kene tak wocone ''kowe iso ora carane ngeloni bojomu''

PAIJO : di balesi piye man

PAIMAN : balesono ngene ''nek aku iso ngeloni bojoku kowe arep ngopo?
Paijo oleh sms balesan ngene''yo syukur nek kowe iso ngeloni''

PAIJO : dibalesi opo maneh man

PAIMAN : Balesen sms iku ngene '' Nek aku ora iso ngeloni kowe arep ngopo''
Ora suwi paijo oleh sms balesan

PAIJO : aku oleh balesan sms man

PAIMAN : wocone sms iku piye

PAIJO : balesane iku ngene'' nek kowe iso ngeloni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Bojomu kenopo jek jaluk kelon bojoku

PAIMAN : nek ngono wong iku njaluk di pacul jo

PAIJO : nek perlu tak copot untune siji siji

PAIMAN : nek iku terlalu sadis jo(karo ekspresi mringis)
Paijo jur balesi sms iku ngene''emange kowe sopo wani ngeloni bojoku''

Paijo langsung oleh balesan sms

PAIJO : aku oleh balesan sms man

PAIMAN : wocone piye jo

PAIJO : Wocone iku ngene ''aku iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Bojone kang paiman

Paijo langsung ngungkal pacul jur nguber paiman



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Mar 2015

Parik'an Edan Kang Men Edisi Nembak Cewek

3/14/2015 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
*NEMBAK CEWEK*

~Sandal teklek warnane abang
Srampate ireng
Di gawe amoh
~Nembak cewek neng pinggir kandang
Cewek'e meneng sapine emmmoh
(Kok nemene,koyok ora enek panggonan liyo)

~Tuku sepeda ora kuwat tuku bensin
Gadekne kathok dalem
mung payu seket
~Ku bilang cinta Dekne Mesam mesem
lambene malah nggayangi suket
( Jane sing sapi oki sopo)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Mar 2015

Paijo Wes Pingin Sunah Rosul

3/10/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo wes suwe kerjo merantau ,
enek 5tahun lagi muleh neng omah
Paijo teko ngomah Bengi cepet cepet ketemu bojone jenenge srintil
paijo iki karepe gek langsung Langsung sunah ROSUL kik...kuk...kik...kuk... lur,
ora kesuwen paijo langsung mlebu kamar pasang kuda kuda muehe...he...he...(koyok arep melu silat)

PAIJO : mapan turu karo ngelus ngelus bokonge srintil biasa luuur pemanasan

Dik tak tinggal limang (5) tahun nyambut gawe kok bokongmu soyo gede xi...xi...(padahal koyok ngelus bokonge dandang rayuan serbet)

Kadengaren dik srintil ambumu kok remason biasane ae ambune sampean ki jan wangi koyok minyak kasturi,opo lagi masuk angin xi...xi...( Paijo ora ngerti nek mari goreng trasi karo mringis mepe untu)

Dik srintil dastermu iki opo anyar karo ngelus ngelus bokonge sing gede (hem...hem...dehem kucing watuk)

Dik srintil tangi iki akang paijo wes teko,sampean opo lagi ora kepenak awak'e

ORA KOK MAS,SAMPEAN OPO ORA KROSO
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NEK AWAKMU IKI LAGI NGELONI MORO TUOMU

paijo mencolot gandolan cagak

PAIJO : ngapunten mak, kulo kinten dik srintil,
niki kok wonten sing aneh mboten sami karo dik srintil

MORO TUO : opo ne sing ora aneh

PAIJO : anu...niku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GELUNGANE RAMBUT JENENGAN KADOS BANE TRONTON (karo metu kamar krukupan sarung )



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Mar 2015

Tip Ngindari Begal Motor

3/05/2015 Posted by Unknown No comments
Sak iki jamane begal motor,paijo duwe Tip gawe ngindari BEGAL MOTOR :

1.gawe helm lengkap sak topenge

2.gawe jaket kulit utowo jaket sing kandel ben aman

3.gawe sepatu bot utowo pantopel ben rodok gaya sitik

4.liwat dalan sing rame,contone liwat pasar,liwat mall lan sakpiturute

5.ojo lali STNK digowo

6.nek kabeh peRsyaratan neng duwur wis lengkap,siap siap neng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Pinggir Dalan Nyegat bis utowo mikrolet,nek pengen gratisan iso gandol TREK

Mugo mugo sepeda motormu ora di begal,

Wes sakmono ae nek kepengen nambahi monggo


LIKE & BAGIKAN
BY
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Mar 2015

Bapak Keturunan Afrika

3/03/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Enek bocah cilik 3 lanang kabeh jenenge paiman,jemblung lan paijo jr lagi ngobrol neng ngisor wit witan
Bocah cilik telu iku mau podo buktekne nek bapak'e iku keturunan afrika kulite sing ireng ireng
Kiri kiro wong ireng nek mringis mung ketok untu karo mripate muehe...he...he...

PAIMAN : Kowe kabeh podo ngerti ora...

JEMBLUNG + PAIJO : durung di omong kok ngerti

PAIMAN : bapakku lho asli keturunan afrika,buktine pas bapakku ngarit tangane kebacok ''getihe lho warnane ireng''

JEMBLUNG : ora iso,bapakku yo keturunan afrika,buktine bapakku wingi menek wit pelem trus ceblok, Lha balunge iku cuklek nanging warnane ireng

PAIJO JR : mung meneng karo mikir

PAIMAN + JEMBLUNG : lha kowe jo!
Bapakmu Opo yo keturunan afrika

PAIJO JR : bapakku malah tulen limited edition gosong koyok aspal korea

PAIMAN + JEMBLUNG : BUKtine opo nek keturunan afrika

PAIJO JR : buktine awan wingi wektu aku lagi ngumpul karo ibuk lan adikku ndelok tv,bapakku ngentut.....

Lakokne neng njero omah lho
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PETENG KABEH,PODO ORA KETHOK


Dahneo rupane koyok opo lur....


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Mar 2015

Mbah Paiman Conto Sing Elek

3/02/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo jr di ajak marang mbah kakunge sing jenenge paiman mancing neng kali
Senajan mbah kakunge iki umure 90thn nanging hoby banget nek masalah mancing
Opo maneh nek mancing wedok'an muehe....he...he...

Langsung wae di simak critone lur

PAIJO JR : mbah,panjenengan lagi ngopo

PAIMAN : Guoblokkk!!!
wes genah genah gowo pancing kok di takoni lagi ngopo

PAIJO JR : mbah lagi mancing iwak opo?

PAIMAN : GUoblokkk!!! Yo iwak kali,mosok mancing iwak HIU

PAIJO JR : mbah wes oleh iwak opo durung

PAIMAN : guoblokkk!!!mripatmu opo ora,kuwi di deleng wes oleh opo durung

PAIJO JR : Mbah,iwak'e di pakani karo opo

PAIMAN : Guoblok!!! Yo di pakani karo cacing to le

PAIJO JR : oalah mbah,iku lho pakane kliru

PAIMAN : lha di pakani karo opo le

PAIJO JR : karo sego lawuhe ndok goreng

PAIMAN : emange kenek to le

PAIJO JR : GUOBLOK!!! Sing mangan aku ora gawe pakan iwak
Paiman langsung penyakiten komplikasi matek ndadak(mergo selama urip ora tau di goblokne karo putune)

Neng njero kuburan paiman di takoni karo malaikat

MALAIKAT : man,matimu neng dunyo kenek opo?

PAIMAN : guoblokkk!!!aku dewe ora ngerti kenopo kok aku mati

MALAIKAT : nek kowe gelem ngrubah kelakuanmu neng dunyo lan ora ngomong guoblok,kowe gelem gak nek tak balekne neng dunyomu

PAIMAN : lho,iso to aku mbalek neng dunyo

MALAIKAT : GUOBLOKKK!!! Emange dunyone MBAH MU
Nek member pengen mentungi paiman monggo...


LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Mar 2015

Paijo Lan Srintil Lagi Bahasa Inggrisan

3/01/2015 Posted by Unknown , , No comments
Dino minggu paijo liburan neng bali
Wektu neng pinggir pantai paijo ngerti cewek sing lagi mEPe awak sebut wae jenenge Srintil
Langsung wae cewek iku mau dicedak'i marang paijo

PAIJO : lagi ngopo dik?

SRINTIL : aku janjian neng kene ngenteni koncoku mas

PAIJO : oleh ora nek tak kancani

SRINTIL : oleh bingit mas

Ora kesuwen paijo langsung ngetokne jurus pamungkas rayuan gombal kompor

PAIJO : nek awak dewe lingguh jejer ngene iki rasane dunyo koyok gone wong 2 yo dik

SRINTIL : lha menungso liyone neng ngendi mas

PAIJO : liyone podo iri,opo maneh member sing ganteng lan ayu nanging jomblo

SRINTIL : xi...xi...xi...sampean iso ae mas(karo nyakari raine paijo)

PAIJO : eling sri iki raiku ora lemah ojo di eker eker

SRINTIL : sepurane mas,mergo atiku seneng banget

PAIJO : dik...dik...kulite sampean jan alus tenan yo,aku ora tego nek enek laler sing menclok(grayah grayah tangane srintil)

SRINTIL : emange kenopo nek lalere menclok

PAIJO : lha nek menclok trus BAB aku ora lilo

SRINTIL : kan iki ora sepiteng mas xi...xi....

PAIJO : nek nyawang sampean dik,koyok koyok aku lali karo boso jowo

SRINTIL : lha boso opo to mas

PAIJO : gawe sampean bhs inggris

''BODY SMOKE WHAT JIAH I YOU''
(Bodi semok wajah aiyu)

SRINTIL : sampean iso ae mas...(karo ngrikiti jemPolan sikil),

Nek tak sawang sawang sampean Ora koyok wong jowo lho mas

PAIJO : lho sampean kok ngerti nek aku keturunan londho(muehe...he...he...suweneng ginjal ginjal guyu bangga)

SRITIL : yo ngerti to mas,mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
UNTUNE SAMPEAN PIRANG

PAIJO : (Polone langsung kemeng)
Jebule sampean iso banyol dik

SRINTIL : wektu dadi TKI biyen sitik sitik aku iso Bhs Mandarin lho mas

PAIJO : cobo sampean ngomongo tak rungokne

SRINTIL : WHANG THUMU KHU SHEPUT

PAIJO : artine opo dik

SRINTIL : artine iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NYAWHANG UNTHUMU KUDU SEMAPUT

Saknaliko Paijo langsung GOBLOK ndadak

LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]