2 Mar 2015

Mbah Paiman Conto Sing Elek

3/02/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo jr di ajak marang mbah kakunge sing jenenge paiman mancing neng kali
Senajan mbah kakunge iki umure 90thn nanging hoby banget nek masalah mancing
Opo maneh nek mancing wedok'an muehe....he...he...

Langsung wae di simak critone lur

PAIJO JR : mbah,panjenengan lagi ngopo

PAIMAN : Guoblokkk!!!
wes genah genah gowo pancing kok di takoni lagi ngopo

PAIJO JR : mbah lagi mancing iwak opo?

PAIMAN : GUoblokkk!!! Yo iwak kali,mosok mancing iwak HIU

PAIJO JR : mbah wes oleh iwak opo durung

PAIMAN : guoblokkk!!!mripatmu opo ora,kuwi di deleng wes oleh opo durung

PAIJO JR : Mbah,iwak'e di pakani karo opo

PAIMAN : Guoblok!!! Yo di pakani karo cacing to le

PAIJO JR : oalah mbah,iku lho pakane kliru

PAIMAN : lha di pakani karo opo le

PAIJO JR : karo sego lawuhe ndok goreng

PAIMAN : emange kenek to le

PAIJO JR : GUOBLOK!!! Sing mangan aku ora gawe pakan iwak
Paiman langsung penyakiten komplikasi matek ndadak(mergo selama urip ora tau di goblokne karo putune)

Neng njero kuburan paiman di takoni karo malaikat

MALAIKAT : man,matimu neng dunyo kenek opo?

PAIMAN : guoblokkk!!!aku dewe ora ngerti kenopo kok aku mati

MALAIKAT : nek kowe gelem ngrubah kelakuanmu neng dunyo lan ora ngomong guoblok,kowe gelem gak nek tak balekne neng dunyomu

PAIMAN : lho,iso to aku mbalek neng dunyo

MALAIKAT : GUOBLOKKK!!! Emange dunyone MBAH MU
Nek member pengen mentungi paiman monggo...


LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar