20 Apr 2015

Drama Paiman lan Srintil

4/20/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Awan iku paiman mertamu neng omahe paijo
Nanging Tekan omahe paijo ora enek wonge,sing enek mung bojone sing jenenge srintil

PAIMAN : sri,bojomu enek neng omah

SRINTIL : bojoku durung muleh

PAIMAN : kiro kiro bojomu muleh jam piro

SRINTIL : biasane mulehne sore,di enteni ae mas,paling ndang muleh

PAIMAN : sri mari rabi bodymu kok tambah semok

SRINTIL : sampean iki iso ae mas(ngriki kuku sikil)

PAIMAN : tak sawang rupamu sak iki tambah ayu

SRINTIL : sampean iki iso ae nek ngrayu

PAIMAN : kowe gelem duwit ora

SRINTIL : yo gelem ta mas

PAIMAN : nek aku oleh ngesun pipimu tak wei duwit 100 ewu

SRINTIL : mengko nek enek wong sing ngerti piye

PAIMAN : ora enek sing ngerti,lawong sing neng omah mung awak dewe

SRINTIL : yo wes lah nek ngono(itung itung kenek gawe tuku brambang)

PAIMAN : langsung nyosor pipine srintil,nek oleh ngesun pipimu sing sijine tak wei 100ewu maneh gelem ora

SRINTIL : sak jane aku ora gelem,mergo dandangku arep goling ora enek isine ora opo mas

PAIMAN : langsung nyosor pipine srintil
Paiman langsung nyuwun pamit,mergo kesuwen nek ngenteni paijo
Nanging ora suwe paijo teko muleh kerjo

SRINTIL : Mas,sampean mau di golek'i koncone sampean

PAIJO : wonge sak iki neng ngendi

SRINGTIL : wonge wes muleh mas

PAIJO : sampean opo diwei duwit 200 ewu karo paiman

SRINTIL : LHO,sampean kok ngerti mas

PAIJO : yo ngerti,paiman mrene iku arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
nyaur utang duwit 200ewu

Pikiren dewe lur,kiro kiro dandange srintil tetep guling ora


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Apr 2015

Belajar Dadi Maling

4/13/2015 Posted by Unknown , , No comments
bengi iku jam 12 bengi paijo ora iso turu,

Paijo gawe wedang kopi trus lingguh neng emperan omah
Paijo ngerti enek wong munggah pager omahe arep maling jenenge paiman

PAIJO : woiii... sopo kuwi

PAIMAN : iki aku...

PAIJO : menungso opo demit

PAIMAN : jiangkrik,yo jelas menungso

PAIJO : kowe nyapo munggah pager omahku

PAIMAN : aku arep maling

PAIJO : kowe arep maling,
(Lambene bengok maling...maling...maling...)

PAIMAN : huzzz cangkemu opo ora iso meneng

PAIJO : lha kowe arep maling to

PAIMAN : iyo,aku arep maling nanging durung njupuk barangmu

PAIJO : lambene bengok bengok maneh maling...maling...maling...

PAIMAN : woi...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JIANCOKKK cangkem ora iso meneng,
iki ijek menek pager omahmu BLOKKK,
Yo wes aku ora sido maling

PAIJO : Kowe nyapo tenguk tenguk ngisor pager

PAIMAN : wong G*T*LISASI,AKU ngenteni kowe turu

PAIJO :
DUH! GUSTI URIP KU kok ngenes,

yen tak pikir pikir aku iki sing duwe omah,

Kenopo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sing diseneni karo malinge

PAIMAN : ngono kuwi ngertio nek rupamu koyok gombal goreng

( Paijo mewek Karo eker eker lemah )
Mangkane lur nek dadi maling wajahe sing sangar...



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Apr 2015

The Mantan

4/12/2015 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

  1. Mantan iku koyok utang,nek di eling eling marai nyesek nanging di butuhne,
    Bener ora lur???
  2. Mantan iku koyok sambel,nek kelingan rasane pedes nanging pengen nambah maneh,
    Bener ora lur???
  3. mantan iku koyok ndok neng pucuk'e keris,ora usah di arep arep marai nangis
    Bener ora lur??
  4. Mantan iku koyok permen karet,nek di buang sembarangan
    Iso nempel neng atine wong liyo,contone di temu konco dewe
    Bener ora lurrr?
  5. Nek duwe mantan iku anggep wae biyen ngopeni boneka paling sadis yoiku boneka SANTET
    Sing rumongso tau pacaran mestine duwe mantan monggo di komen...

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Apr 2015

Kucing Penyakiten

4/10/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo duwe ingon ingon kucing pigora telu (3)
Warnane kuning,abang,putih
Liyo dino kucing pigorane sing warna kuning loro ora gelem mangan
Kucing iku mau jur di gowo neng dokter hewan sing jenenge paiman

PAIJO : dok,pirang pirang dino kucingku penyakiten ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,ben cepet waras tak sebulane(tiup) MANUK'E ping telu BUZZZ...BUZ...BUZ...

(Kucing iku mau tangi langsung brakoti ngentekne balung badak)

PAIJO : di sebul barang koyok dukun ae pak dokter iki muehe...he...he...
Liyo dino kucing sing warna abang loro ora gelem mangan,karo paijo di gowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki penyakiten maneh ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,koyok biasane tak sebule MANUK'E ping telu BUZ...BUZ...BUZ...(kucinge langsung waras brakoti balung GAJAH)

liyo dino kucinge sing warna putih iku penyakiten,karo paijo kucing iku mau di sebul MANUK'E nanging ora mari tambah deprok tur lemes
Karo paijo digowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki penyakiten,tak sebul manuk'e kok malah deprok ora gelem mangan

PAIMAN : tak periksone disek,(10 menit mari diperikso)
Sing loro iku kowe mas ora kucinge

PAIJO : kok iso dok!

PAIMAN : lha iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KUCING WEDOK MAS,nek kok sebul malah masuk angin dadine
Saknaliko paijo brakoti balung kethek


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Apr 2015

Cerito ne Tumo Suwal

4/05/2015 Posted by Unknown , No comments
''TUMO SUWAL''
Paijo sing iso boso kewan lagi ngrungokne curhate tumo

TUMO A : kowe nyapo gawe jaket

TUMO B : neng kene adem bro

Batine paijo sukur muehe...he...he..

TUMO A : lha kowe manggon neng ngendi

TUMO B : aku manggon neng brengose paijo koclok

Jare paijo jiangkrikkk aku di omongne koclok (langsung golek pentung )

TUMO A : kowe kan wes tak kandani,ojo manggon neng brengose paijo

TUMO B : aku kon manggon neng ngendi

TUMO A : manggon wae neng bojone paijo sing jenenge srintil

TUMO B : cobo engko bengi aku tak manggon neng srintil

TUMO A : ojo lali engko bengi ngumpet wae neng njero katok ben anget

TUMO B : OK BRO,

PAIJO : opo!!! Njero katok(langsung mentungi tumo,nanging tumone ngumpet akhire slamet

Sesok isuk'e TUMO 2 iku curhat di rungokne paijo maneh

TUMO A : lho kowe kenopo ijek gawe jaket

TUMO B : aku tetep wae kademen

Paijo suweneng jingkrak jingkrak

TUMO A : kowe mambengi sido turu neng ngendi

TUMO B : neng njero kathok'e srintil terus aku blusuk'an neng njero alas

TUMO A : kroso anget ora neng njero kathok

TUMO B : anget tenan bro

TUMO A : kenopo kowe ijek kademen

TUMO B : critone mambengi iku aku blusuk'an njero alas terus keturon

TUMO A : lha kowe sak iki kenopo pindah panggon

TUMO B : mari keturon iku moro moro aku wes
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NYANTOL MANEH NENG BRENGOSE PAIJO

Jarene paijo TUMO J*NC*KKK,NGERTI WAE nek WONG lagi SENENG


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Apr 2015

Dek Paiman Ngejak Gegeran

4/02/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Paijo lagi indehoy karo srintil neng ngisor rambutan
Wong 2 iku lagi rayu rayuan koyok koyok umume bocah 17+

PAIJO : Sri,oleh ora aku nyekel tanganmu

SRINTIL : oleh mas,emange sampean arep ngopo?

PAIJO : mergo drijimu modele lucu

SRINTIL : lucu kepiye to mas

PAIJO : pokok'e jan lucu,modele koyok Empon empon bumbu dapur muehe...he...he...

SRINTIL : maksudte sampean drijiku koyok jahe,kunir,laos

PAIJO : Jan mirip tenan sri,guyon sri guyon,
Seumpomo tanganmu tak ambung oleh ora?

SRINTIL : oleh mas,sampean opo wes siap

PAIJO : yo jelas siap,iki aku wes pasang kuda kuda
Mmmuuuuuach
Mmmuuuuuach
Mmmuuuuuch

SRINTIL : eling mas eling...

PAIJO : aku wes eling sri

SRITIL : mripate sampean melek mas,ojo merem

PAIJO : emange kenopo sri

SRINTIL : sing kok ambung sikilku

PAIJO : GUBRAKKK,bener filingku sri,iki mesti enek sing kliru

SRINTIL : apane sing kliru mas

PAIJO : ambune sikilmu koyok GOMBAL GORENG muehe...he...he...

Ora suwe paiman muleh teko sekolah kelas 3 SD ngageti paijo lan srintil

PAIMAN : CILUUUK BADALA

Wong 2 podo geblak klekaran neng lemah

PAIMAN : mbak sri ijek pacaran karo mas paijo

SRINTIL : yo panggah setia to le

PAIMAN : aku wingi ngerti mas paijo neng taman

SRINTIL : OPO!!!(Siap golek pentung)

PAIJO : ora sri,wingi iku ponak'anne pak dhe

PAIMAN : ponak'an kok di gandeng tangane

SRINTIL : tenan iku mas (nyekel rambute paijo di eret eret arep di guwak neng joglangan)

PAIJO : aku gandeng tangan iku arep...

PAIMAN : aku ngerti dewe tangane mas paijo diambung

SRINTIL : kowe khianate cintaku mas(ngrawuk'i raine paijo)

PAIMAN : mari ngambung tangane,mas paijo nguwei duwit

SRINTIL : kowe wani blonjo barang yo(nangis gulong gulong)

PAIJO : rungokne omonganku sri

SRINTIL : ora enek sing di rungokne

PAIJO : aku wingi iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NgeteRne ponak'anku sekolah TK terus boCahe njaluk salim maringono tak wei sangu

SRINTIL : opo bener ngono man

PAIMAN : Sak durunge tak jawab,aku tak mlayu disek muehe...he...he...

PAIJO : bocah J@NC¤KKK rupaku kadung ajur bundas kabeh


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Apr 2015

Paijo vs Nyamuk

4/01/2015 Posted by Unknown , No comments
Dadi wong iku kudu sabar,nek lumrahe menungso yo ngomong karo menungso
Lumrahe kewan yo ngomong karo kewan

Tapi nek paijo iki ora lumrahe menungso mergo iso omong omongan gawe boso kewan
Pesenku mung siji lur,ojo tiru tiru paijo sing duweni kesaktian ngomong karo kewan
Monggo di simak critane...

Bengi iku paijo mapan turu nanging ora iso turu mergo di cokot nyamuk

NYAMUK : wuiiing...Wuiiing...wuiiing tlepok mlencok neng batuk

PAIJO : WOI...iki wayahe turu ojo rame wae

NYAMUK : biasa wae bos ora usah ngamuk
Paijo langsung mlungker koyok tergiling krukupan sarung

NYAMUK : wuing...wuing...wiiiing tlepok menclok neng pupu

PAIJO : nyamuk J*NC*K,Koyok ora enek panggong liyo wae

NYAMUK : wayae donor darah bos,aku ben cepet lemu

PAIJO : kowe lemu aku tambah kuru
paijo krukupan sarung rapet,dilalah sarunge enek sing bolong

NYAMUK : wuiiing....wuiiing....wuiiing tlepok menclok neng lambe

PAIJO : JANGKRIK!!! aku di cipok lambeku

NYAMUK : sorry bos,sarungmu bolong dadine aku nyokot sak kenek'e

PAIJO : untunge sarung sing bolong duwur nek sing bolong ngisor iso....(pikiren dewe lur)
Saking mangkele karo nyamuk paijo coplok sarung coplok klambi

NYAMUK : wiiiing...wiiing....wiiing tlepok menclok neng dengkul

Nyamuk iku nganti wareg nyedot getihe paijo
Paijo mung meneng wae karo nyawang nyamuk sing lagi nyedot getih
Saking penak'e nek nyedot getih nyamuk iku mau motone nganti merem melek arep turu

PAIJO : nyedak'i nyamuk alon alon karo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Bengok sak bantere WUIiiiiiiiiiiiiiiiiiiing...wuiiiiiiiiiiiiiiiiiiiing

Akhire nyamuk'e kaget kenek darah tinggi


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]