22 Des 2015

Pacaran neng Ngisor Wit Ringin

12/22/2015 Posted by Unknown , , No comments
Wektu iku paijo karo srintil lagi pacaran neng ngisor wit ringin,wong loro lagi mesra mesraan

PAIJO : sri,nek kelingan rupamu sing unyu unyu ,
Aku jan kepengen...

SRINTIL : kepengen opo mas...

PAIJO : Kepengen nyetot bokongmu(guyu mayit)

SRINTIL : aku maleh isin ngene iki xi...xi...(mringis karo nyisir poni untu)

PAIJO : sri,yen aku nyawang andeng andeng ning pinggir lambemu malah aku angel lali karo sliramu,sampeanmalah tambah IMUT-IMUT,
Aku jan mentolo...

SRINTIL : mentolo nyapo

PAIJO : Mentolo nutuk gusimu ben roto(guyu kecut)

SRINTIL : sampean jan romantis kok mas xi...xi...(karo benakne begel untu)

PAIJO : siji maneh dik sri, marai aku ora iso turu
Nyawang rupane sampean sing...

SRINTIL : sing opo mas

PAIJO : sing AMID-AMID, JABANG BAYI,
aku jan kepengen
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : gowo neng ketok magic,mermak rupaku (guyu ngece)
.
.
.
.
.
.
PAIJO : ora sri,aku tenanan iki
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : gowo neng salon,rebonding rambutku(mringis bangga)
.
.
.
.
.
PAIJO : ora sri,aku kepengen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGIJOLNE BRAMBANG BAWANG NENG PASAR WAE SRI

SRINTIL : (geblak semaput jur tangi maneh)
mas...mas...nek ngerti lambene sampean aku kepengen
.
.
.
PAIJO : nyokot,(karo ngelap iler)

SRINTIL : ora mas

PAIJO : kepengen tak cipika cipiki to

SRINTIL : ora mas,aku kepengen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TAK PANCALNE JARAN karo tak KAMPLENG Kambi GERBONG SEPUR
(duwe lambe ora tau di slameti)


Saknaliko paijo mlayu muleh karo nibo nangi
.
.
.
[[ kang men ]]

20 Des 2015

Awal Mulane Srintil Ketemu Paijo

12/20/2015 Posted by Unknown , , No comments
SRINTIL : mas aku njaluk nomer handphone sampean xi...xi...xi...( Mringis unto angop )

PAIJO : nomer handphon ku iki enek telu (3)

SRINTIL : akeh tenan mas nomer handphone,emange sampean kerjone opo?

PAIJO : kerjoku kontraktor bangun hotel bintang 4 karo bintang 5

SRINTIL : asyik, bapak ku mesti setuju,sampean mesti akeh duwite mas xi...xi...xi... ( Guyu bangga karo benakne begel untu )

PAIJO : lha yo mesti to dik,ATM ku wae enek limo (5)

SRINTIL : tumpak'ane sampean opo mas?

PAIJO : honda jazz mobil pribadiku,koleksi
Ku mobil jaguar

SRINTIL : omahe sampean neng ngendi to mas?

PAIJO : omahku jakarta,neng suroboyo yo enek,sing anyar iki neng bali

SRINTIL : sukses tenan mas paijo iki xi...xi...xi...( Jiwit pipine paijo)

PAIJO : opo lagi ngerti nek aku iki wes sukses

SRINTIL : iyo mas, aku lagi ngerti arek joko sing sukses mung sampean

PAIJO : iyo dik,aku iki wes pancen wes suskses
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPUSI SAMPEAN


Srintil tibo jungkir walik jur nyuwili gedek gogrok


SRINTIL : oalah jebule awak dewe iki serasi mas

PAIJO : emange sing serasi teko awak dewe opo dik (kukur kukur panu )

SRINTIL : maksudku awak dewe serasi,ibarat sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GOMBAL AKU SERBETE

Paijo tibo guling ngemut jagang sepeda motor


ojo lali LIKE &
BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Des 2015

Parikan Edan Kangmen Edisi Ketemu Mantan

12/13/2015 Posted by Unknown No comments
~Mangan ketan ngombene susu
Lingguh sendenan neng pinggir tugu

~Ketemu mantan
Pas dino minggu
Arep mangan nganti ora kolu (nganti sereten)


(Kelingan jaman biyen durung enek sms'an isone mung surat suratan)


By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Des 2015

Paijo Apel Malem Mingguan

12/12/2015 Posted by Unknown , , No comments
Ceritane paijo ora tau ketemu pacare jur apel malem mingguan neng omahe srintil

PAIJO :-suwe ora jamu,jamu godong sukun
-suwe ora ketemu ketemu pisan njaluk disun(lambene karo nyengir nyengir)

SRINTIL : mas paijo iso ae xi...xi...xi...
- suwe ora jamu,jamu godong gedang
-suwe ora ketemu,arep ngesun mambu kandang

PAIJO : (tenang wae sri,lambeku wes tak byclin)
-suwe ora jamu,jamu pentil nongko
-suwe ora ketemu,ketemu pisan mirip dian sastro

SRINTIL : (langsung nyisir poni)
-suwe ora jamu,jamu wadah plastik
-suwe ora ketemu,rupane koyok barang antik

PAIJO : (rumangsamu rupoku kuno hik...hik...nelongso pitung turunan)
-suwe ora jamu,jamu godong gedang
-suwe ora ketemu ketemu pisan pengen ngudang

SRINTIL : nek ngudang aku piye mas????

PAIJO : sri...sri....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Meong...
Pindange ojo dicuwili

SRINTIL ; rumangsamu aku kucing(rupane paijo langsung di eker-eker srintil)



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ kang men ]

11 Des 2015

Paijo Ngrayu Srintil

12/11/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo ngrayu srintil versi GATOT (gagal TOTAL)

PAIJO : Sri,bapakmu opo bakulan mercon (petaSan)

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : suarane camkemu marai rame tur ngentekne duwit

SRINTIL : mlayu neng pawon jupuk pacul nguber paijo

――≠――

PAIJO : dik sri,sampean ngerti menara pisa

SRINTIL : yo,ngerti to mas

PAIJO : miringe menara podo karo utekmu dik sri

SRINTIL : ngungkal arit jur nguber paijo

――≠――

PAIJO : sri ibukmu mesti penyanyi yo

SRINTIL : sampean ngerti ae mas

PAIJO : pancene bener nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ENTUTMU PANCENE MERDU

SRINTIL : (ngelus dodone)
Bapak sampean mesti bakulan wit pring to mas

PAIJO : lho kok ngerti

SRINTIL : MERGANE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
RUPAMU KOYOK GOGROKAN GEDHEK'


Saknaliko paijo ngrikiti dongkelan pring


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Des 2015

Syarat Tresnone Srintil

12/09/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo pengen buktekne cintane marang srintil

PAIJO : sri,saktenane aku iki tresno marang sliramu

SRINTIL Ah tenane mas... (mancal mancal manja)

PAIJO : aku pengen cintaku iki kok tompo (muehe...he...he...)

SRINTIL : nek pancene sampean tresno,nanging enek 3 syarate...

PAIJO : sebutne syaratmu dik sri

SRINTIL : syarat sing pertama,sampean sanggup ngenteni...

PAIJO : ngenteni aku duwe mobil mewah

SRINTIL : ora mas,nanging sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kethek ngendok tak tompo cintamu

PAIJO : (ngrawuk'i raine dewe)
Nek iku aku ora sanggup sri

SRINTIL : yen ngono sampean sing ke loro(dua)
Sampean sanggup...

PAIJO : duwe omah

SRINTIL : ora mas,nanging kudu sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BELING BOSOK tak tompo cintamu(xi...xi...xi...mringis ngece)

PAIJO : (brakoti suket)
Oalah sri,opo ora enek sing luweh penak Penjalukmu

SRINTIL : syarat sing ketelu ,sampean kudu sanggup ...

PAIJO : DUwe sawah

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : Duwe tanah gedene sak lapangan senayan

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : lha trus sanggup opo

SRINTIL : sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gajah iso angkrem

PAIJO : lambemu sri kudu di slameti,
Kawit jaman
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
pitik durung iso kathok'an,gajah ora bakalan angkrem

(Karo ngrawuk'i raine dewe)



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

8 Des 2015

Paijo Karaoke

12/08/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo omahe jejer mepet alias tonggo karo paiman. Dasare paijo akut jomblo utowo jomblo tulen wes oleh label SNI muehe...he...he...(guyu molak malik nyambi golek tumo). Malem minggu paijo malah nyanyi karaokean neng omah nyambi mangan nyuwili gedek gogrok

PAIJO : sri...kapan kowe bali...

PAIMAN : (Langsung nyaut)
Ora usah nyanyi suoromu koyok
Ketek kenek loro asma

PAIJO : (Ngrikiti mic sak salone)
Tutupen botolmu...

PAIMAN : ora usah di tutup,mergo kuwi wes mirip rupomu

PAIJO : (geduk gedukne sirah neng pojok'ane tahu)
Neng stasiun balapan...

PAIJO : wong GOBLOK kok di rabuk telek sapi,
Stasiun kok balapan,sing bener sepure iku balapan

PAIJO : woiii tumo suwal,
Kuwi camkem opo pedale onthel

PAIMAN : nek camkem kowe arep ngopo

PAIJO : nek ngomong yo sing apik(sabar tingkat kabupaten)

PAIMAN : Nek pedal onthel

PAIJO : Kowe reneo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak pancale lambemu(esmosi tingkat keluarga kethek)

PAIMAN : (golong golong karo mangan ndok sliliten balung)
Aku iku wes ngerti nek kowe jomblo,nek nyanyi iku ojo lagu sing sambat

PAIJO : anggitmu aku poro member sing galau opo piye nek nyanyi lagu sambat muehe...he...he...( nyuwili gedek sliliten bonggelan pring)

PAIMAN : ditiru iku paijo junior nek nyanyi lagu ne mesti seneng ora tau sambat koyok gerangane

PAIJO : lha anakku nyanyi lagu opo

PAIMAN : lagune iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Paijo elek...paijo elek...
Elek koyok kethek(gawe nada lagu kodok ngorek)

Sak naliko Paijo neng mburi omah ngungkal keris

Paiman mlayu ndelik,angkrem neng tarangan pitik


By
.
.
.
[[kang men]]

7 Des 2015

Paijo Putus karo Srintil

12/07/2015 Posted by Unknown , No comments
Naliko paijo di putus karo srintil awak'e maleh kuru
Mangan ora doyan ngombe ora kolu trus protes karo kang men

PAIJO : oalah men aku urip pisan ae kok gawe nelongso(karo ngelus ngelus bathuk'e)

KANG MEN : yo sabar iku wes dadi garis tanganmu ora iso di ubah ubah,lha penjalukmu opo to Jo...

PAIJO : aku sak iki wes di putus karo srintil,mbok aku di golekne cewek sak lione srintil

KANG MEN : jajal pengen eroh cewek sing kok idamne koyok opo

PAIJO : aku kepengen duwe cewek rambute dowo lurus rebondingan irunge mancung, padat berisi walah pokok semok tanahe ombo duwite akeh (kwakwakwakwakwak Paijo iso guya guyu)

KANG MEN: nek karo inul tonggo sebelah omah gelem ora(kik...kik...kik...guyu tengu)

PAIJO : min ora usah guyon inul iku rebondingan rambute tapi ojo sak untune

KANG MEN : nek karo paijem sing mancung iku piye

PAIJO : Mancung apane bathuk'e ae ombo koyok lapangan senayan

KANG MEN : wes ngene wae kowe tak wei nomer Hanphone cewek sing kok idamne gelem ora

PAIJO : gelem min matur suwun (karo golong-golong neng dalan)

KANG MEN : iki nomere 08585******* jeneng cewek iku MIA,wes yo Aku tak nutukne macul disek

PAIJO : wes beres kang men(karo ginjal ginjal). Bengi kuwi Paijo nyiapne kopi rokok siap nelpon. Paijo bayangne wah sing jenenge MIA iki mesti montok jan pinter tenan kang admin ki karo mesam mesem.

MIA : kring...kring...kring,.. halllo ik...ik..iki so so sopo

PAIJO : aku mas leonardo paijo ,iki bener karo mbak mia to

MIA : be...be..bener mas jenengku MIASIH ,o...o...ojo nyelok mm mbak to akku maleh isin

PAIJO : opo di celok sayang

MIA : o...ojo to mas aku isin

PAIJO : opo tak celok beby wae lah

MIA : ojo to mas aku tambah isin ki lho

PAIJO : Wes iki sing terakhir tak celok darling

MIA : ojo ngo...ngono mas celok jenengku biasa wae

PAIJO : lha trus aku kon nyeluk piye,emange kenopo?

MIA : sampean nyelok ae
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MBAH,UMURKU KI WES 105Thn

PAIJO klemahan guling ketiban kursi

PAIJO : MEN KOWE KOK TEGO NGUWEI AKU BATANG URIP?



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ KANG MEN ]

6 Des 2015

Srintil Ngalem

12/06/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Paijo sak keluarga sambang menyang morotuone srintil, jenenge paiman
Wektu paijo leyeh leyeh neng ngarep emperan srintil nyelok paijo teko njero omah

SRINTIL : mas...mas mbok aku dipijeti,awakku kesel kilo

PAIJO : oalah sri...sri...nek nyelok ora usah banter banter aku ora budek,
Kon nyapo sri...(karo njabuti jenggot)

SRINTIL : mijeti aku maS...

PAIJO : kowe iki jan eram ngalem tenan koyok anak'e lurah njaluk pijet(paiman morotuone mung ngelus dodo)

SRINTIL : nek ora gelem mijeti mbok aku di rewangi ngirisi lombok

PAIJO : opo ngiRisi lombok? Ngongkon aku koyok kowe anak'e menteri wae (Paiman sing krungu omongane paijo nyakari raine dewe)

SRINTIL : nek ora gelem,kono neng kebon macul nandur wit telo

PAIJO : opo!!! Aku kon macul? wegah sri tinimbang boyok ku kumat maneh. Wes tak kandani kowe ora usah ngongkon aku,koyok kowe anak'e polisi wae ngongkon aku sak penak udelmu tak tembak jempolanmu pisan nek ngongkong maneh (Paiman pegel karo kukur kukur bokong)

SRINTIL : mas mbok ojo ngomong ngono

PAIJO : emange kenopo nek aku ngomong ngono

SRINTIL : Eleng karo morotuomu mas

PAIMAN : nduk...nduk...

SRINTIL : injih pak,wonten nopo

PAIMAN : ojo kesuwen bapak jupukne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : Nopo pak
.
.
.
.
.
.
.
.
TEMBAKKU PISTOL POLISI GAWE NEMBAK BATUK'E BOJOMU




Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngemut danganan pistol
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Des 2015

Kangen Kangenan

12/05/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo pacaran karo srintil wes suwe banget nanging ora tau kepethuk
mergo srintil kerjo dadi TKI
wes enek 5 thn srintil lagi muleh, wong loro iku ketemuan neng alun alun

PAIJO : siap meluncur neng alun alun
Wesss....wesss...wesss....(gandol trek gandengan)

SRINTIL : wes ngenteni suwi (Nganti awak'e lumuten),
paijo teko neng alun alun wong loro jur rangkulan jan romantis ( koyok ketek ngerti kacang muehe...he...he...)

PAIJO : sri,piye kabare sampean(karo ngelus rambute srintil)

SRINTIL : kabarku apik mas,aku kangen mas karo sampean hik...hik...(nangis opo klelekan pentol)

PAIJO : podo sri,aku yo kangen (karo nyekel tanganane srintil)

SRINTIL : mas,aku sak iki wes teko kene kenopo sampean ijek nglarani aku

PAIJO : salah ku opo nganti nglarani sampean,opo aku kurang setio marang sampean (nyucup mbunbunane srintil)

SRINTIL : ora iku ,aku percoyo karo sampean mas, (srintil nangis malah berok berok)

PAIJO : wis meneng sri, aku njaluk sepuro nek aku duwe salah(karo ngesun bathuk'e srintil)

SRINTIL : aku ora bakalan meneng nangisku mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NEK SIKILKU PANGGAH KOK IDEK KARO SEPATU BROKMU

PAIJO : Waduh aku ora nyawang sri.mergo mripatku klilipen(alasan merakyat)

SRINTIL : Mrene mas tak delok'e, mripatmu,iki klilipan
.
.
.
PAIJO : lemah sri,mergo aku numpak motore ngebut
.
.
.
SRINTIL : ora mas,
.
.
.
PAIJO : mripatku opo enek kewanne sri,(ngeles se poro member)
.
.
.
SRINTIL : iki klilipen
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BAN TREK GANDENG MAS( koyok aku ora tau kebiasaanmu mas gandolan trek)

Saknaliko Paijo ngrikiti ban serep
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Des 2015

Paijo JR Ganteng e Mirip Pasha Ungu

12/04/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Paijo karo anak'e paijo jr dolan neng omahe paiman

PAIJO : bruakk...bruak...bruaak...kulo nuwun(nutuk lawang gawe watu)

PAIMAN ; monggo mlebet,
woalah kadal mesir fir'aun to iki mau

He...(mringis ngece)

PAIJO : Wooow, demit jembatan ancol he.,.he...(podo ngecene)

PAIMAN : Dengaren kowe rene

PAIJO : iki lho paijo junior ngejak dolan mrene

PAIMAN : anakmu wes gede jo,
kelas piro kowe sak iki le...

PAIJO JR : kelas 2 SD(karo ngelap umbel)

PAIMAN : pinter koyok ibune,(paijo ngempet nangis),
Wingi munggah kelas ora

PAIJO JR : ora munggah( karo kukur kukur dengkul)

PAIMAN : goblook koyok gerangane(paijo mewek krukupan kaos )
Wes iso moco opo durung

PAIJO JR : wes iso moco

PAIMAN : kowe pancene cerdas koyok ibune(paijo semaput jur tangi maneh)

PAIJO : lha bagian ku sing apik ngendi to man

PAIMAN : mengko disek anakmu tak takonane disek,
Nek ganteng mu koyok artis PASHA UNGU nurun sopo le...

PAIJO JR : sing jelas yo nurun bapak
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : (ngoco neng spion motor)
Koyok sopo
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : koyok bapak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : (nyisir rambut karo benakne krah klambi)
Ngomong wae le ora usah wedi karo bapak
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : KOYOK BAPAK PAIMAN, JARENE IBU SRINTIL NEK NGUDANG AKU (karo ngemut jempol sikil)

saknaliko paijo muleh ngungkal arit

Jebule paijo mung angge orong orong : ora melu gawe melu ngemong
.
.
.
[[ kang men ]]

Dokter Paiman S.Pd Spesialis Untu Mbangir

12/04/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo sing untune mbangir neng ngarep koyok gapurone kabupaten
Moro neng dokter spesialis sebut wae jenenge paiman,
Paijo kepengen begel untune ben roto

PAIJO : dok,untu model ngene iki iso ora di dandani

PAIMAN : sak benere ora iso mas,nanging sampean ojo kuwatir tak cobone

PAIJO : muehe...he...he...(cengar cengir ngelap untu gingsule karo gombal kompor)

PAIMAN : sampean lingguh kene mas,
Aku tak jupuk alat

Glodakkk nguncalne palu

PAIJO : (jungkir walik tibo teko kursi)
Gawe opo palu iku dok...

PAIMAN : tenang wae mas iki gawe ngambrolne gusimu

GABRUKKK nguncalne dongkrak

PAIJO : (geblak ngemut sikil kursi),
Nek dongkrak iku gawe opo dok...

PAIMAN : iku gawe dongkrak untumu ben ora ngenjreti sikilku
KLOTAKKK ngetokne tang karo kunci liyone

PAIJO : (tibo golong golong jur tangi maneh ),
Nek alat iku gawe opo dok

PAIMAN : gawe njabut untumu di ganti untu wedus

PAIJO : Walah ! Iki jenenge mal praktek

PAIMAN : cangkemmu meneng wae,gelem ora tak dandani untumu

PAIJO : gelem dok,

PAIMAN : nguiiing glondang prakkk gedaruss( nguncalne pacul)

PAIJO :gawe opo dok

PAIMAN : gawe macul
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Lemah nek kowe mati,mergo pasienku 7 sing begel untu 9 sing wes mati

PAIJO : Jempalik'an klemah klemah ngemut danganan pacul
Kowe dokter opo arep mateni aku

PAIMAN : lha mripatmu opo ora nyawang

PAIJO : emange kenopo

PAIMAN : (esmosi stadium 9 arep kejet kejet)
Iki ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Dokter Bengkel KETOK MAGIC,NEk mung ngratakne sak rupomu pisan yo iso



Saknaliko paijo mlayu muleh karo nyaut dongkrak mobil muehe...he...he..
Nek wes mari moco ojo lali mancal jempolmu
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Des 2015

Sarapan Ampas Gosong

12/03/2015 Posted by Unknown , , No comments
Isuk isuk paijo takon marang bojone srintil


PAIJO : sri,aku arep sarapan,wes mateng durung

SRINTIL : Wes mateng kabeh mas,ndang sarapan kono


Paijo jur mlaku neng mejo makan ndelok lawuh sing podo gosong

PAIJO : sri lawuh'e kok ampas kabeh gek ireng ireng

SRINTIL : sing ngomong ampas kuwi mau lambe opo cangkem

PAIJO : nek lambe arep ngopo...

SRINTIL ; nek ngomong sing apik

PAIJO : neng cangkem ngopo...

SRINTIL : moro rene mas,tak pancalne jaran camkeme

PAIJO : (tibo jungkir walik ping suwidak njaran)
Maksudku lawuh'e kok ampas dele kabeh,saben dino lawuh kok mung tahu + tempe

SRINTIL : lha sampean njaluk lawuh opo

PAIJO : yo goreng goreng iwak kono

SRINTIL : blonjo mung 10ewu jaluk iwak!!!

PAIJO : opo duwit 10ewu ora kenek gawe tuku iwak

SRINTIL : yo kenek mas gawe tuku,nanging
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
IWAK TONGKOLMU KUWI SING DI GORENG

PAijo jempalik'an gulung gulung ngrikiti wajan

Inti ceritone : dadi wong iku kudu nrimo opo anane
Senajan panganan koyok ngopo enak'e paling hasil akhire yo ngono kae ...(di jawab dewe ojo nurun koncone)



By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Des 2015

Paijo Nyawang Cewek Liwat Sing Jenenge Srintil

12/02/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Sore iku paijo lingguh neng emperan omah
Plonga plongo karo nyawang cewek sing lagi liwat
Pas ketepak'an srintil lagi mlaku liwat ngarepan omahe paijo

PAIJO : suit...suuuiiit... jarak srintil (karo penek'an pager omah)

SRINTIL : mesam mesem muehe...he...he...( Nyawat sandal neng raine paijo)

PAIJO : nyelok srintil, Dik sri...(Mripate ketip ketip genit irunge mekrok koyok kucing ngambu pindang)

SRINTIL : mung Ngece bokonge karo di egol egol ne(jan persis koyok mlakune gledekan bane bocor)

PAIJO : sak iki sampean sombonge dik sri... (mangkring neng pager Lambene di monyong monyong ne)

SRINTIL : Balesi ngelus ngelus tungkak sikil

PAIJO : (tibo jungkir walik jur tangi maneh lingak linguk koyok pawang ulo)
Kok meneng wae to dik sri, opo lagi loro untu

SRINTIL : mung mringis (duduhne untune sing enek lombok'e)


Ora kesuwen paijo langsung nyeluk'i srintil


PAIJO : WOOooiiii!! Tangane ngawe ngawe, (Sing moro malah wong liyo jenenge paiman)

PAIMAN : oalah sampean to mas (langganan lawas),sampean arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nanggap komedi kethek maneh opo piye,iki tak gawakno sing mirip kowe iso koprol maju mundur muehe....he...he....(mringis tengu)

PAIJO : (gulung gulung jungkir walik karo gawe topeng)
Jiangkriiikk,aku ngawe cewek ora nanggap ponak'anmu

PAIMAN : muehe...he...nutuk'i kendang paijo langsung jogetan



By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parikan Versi Rabi Disek

12/02/2015 Posted by Unknown No comments
Parik'an Edan Kang Men

~mangan TAHU rasane ASIN
tuku sukun budal neng pasar
~rondo ping telu kok isin-isin
tak kiro ngesun tibakne nyakar

Mangkane rabi disek ben oleh ngesun
ojo ngesun baru rabi...
Opo yo ngono luuurrrr???


By
.
.
.
[[Kang Men]]