7 Des 2015

Paijo Putus karo Srintil

12/07/2015 Posted by Unknown , No comments
Naliko paijo di putus karo srintil awak'e maleh kuru
Mangan ora doyan ngombe ora kolu trus protes karo kang men

PAIJO : oalah men aku urip pisan ae kok gawe nelongso(karo ngelus ngelus bathuk'e)

KANG MEN : yo sabar iku wes dadi garis tanganmu ora iso di ubah ubah,lha penjalukmu opo to Jo...

PAIJO : aku sak iki wes di putus karo srintil,mbok aku di golekne cewek sak lione srintil

KANG MEN : jajal pengen eroh cewek sing kok idamne koyok opo

PAIJO : aku kepengen duwe cewek rambute dowo lurus rebondingan irunge mancung, padat berisi walah pokok semok tanahe ombo duwite akeh (kwakwakwakwakwak Paijo iso guya guyu)

KANG MEN: nek karo inul tonggo sebelah omah gelem ora(kik...kik...kik...guyu tengu)

PAIJO : min ora usah guyon inul iku rebondingan rambute tapi ojo sak untune

KANG MEN : nek karo paijem sing mancung iku piye

PAIJO : Mancung apane bathuk'e ae ombo koyok lapangan senayan

KANG MEN : wes ngene wae kowe tak wei nomer Hanphone cewek sing kok idamne gelem ora

PAIJO : gelem min matur suwun (karo golong-golong neng dalan)

KANG MEN : iki nomere 08585******* jeneng cewek iku MIA,wes yo Aku tak nutukne macul disek

PAIJO : wes beres kang men(karo ginjal ginjal). Bengi kuwi Paijo nyiapne kopi rokok siap nelpon. Paijo bayangne wah sing jenenge MIA iki mesti montok jan pinter tenan kang admin ki karo mesam mesem.

MIA : kring...kring...kring,.. halllo ik...ik..iki so so sopo

PAIJO : aku mas leonardo paijo ,iki bener karo mbak mia to

MIA : be...be..bener mas jenengku MIASIH ,o...o...ojo nyelok mm mbak to akku maleh isin

PAIJO : opo di celok sayang

MIA : o...ojo to mas aku isin

PAIJO : opo tak celok beby wae lah

MIA : ojo to mas aku tambah isin ki lho

PAIJO : Wes iki sing terakhir tak celok darling

MIA : ojo ngo...ngono mas celok jenengku biasa wae

PAIJO : lha trus aku kon nyeluk piye,emange kenopo?

MIA : sampean nyelok ae
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MBAH,UMURKU KI WES 105Thn

PAIJO klemahan guling ketiban kursi

PAIJO : MEN KOWE KOK TEGO NGUWEI AKU BATANG URIP?



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[ KANG MEN ]

0 komentar:

Posting Komentar