5 Nov 2013

Paijo Kenalan Karo Turis Teko Negoro Cino

11/05/2013 Posted by Unknown 2 comments

Mumpung liburan paijo karo paiman dolan neng bali

Tekan bali paijo kenalan karo turis teko NEGORO CINO

PAIJO : man,aku kepengen nambah seduluran karo wong turis kuwi

PAIMAN : oalah jo ora usah,aku wes ora percoyo karo boso cinomu sing semrawut koyok mbako semprol muehe...he..he...(karo nyopot katok)

PAIJO : your lambe opo ora iso mingkem,tak buktekne nek ora ngandel

Langsung wae paijo terjun neng TKP

PAIJO : Siiiiiooong yiiingsee woo aii niii nguuuiiing nguuuiing ciiinooo

PAIMAN : artine opo jo

PAIJO : asalmu opo teko negoro cino(paijo nglirik turis karo mesem)

TURIS : sirah'e mantuk mantuk

PAIJO : Wuiiiiing wuiiiiiing see cuiiiiiing meeeee ciiiiiing weee

PAIMAN : artine opo wae kuwi jo

PAIJO : Omahmu opo cedak karo prapatan sing enek lampu abang ijone ( karo nyawang turis)

TURIS : sirah'e mantuk mantuk karo mesem

PAIJO : seee wooong ciiii dooong mmmpuk yeee

PAIMAN : artine opo jo,

PAIJO : omah'e cedak prapatan kulone wong bakulan bensin (nyawang turis karo mringis untune ketok lombok'e)

TURIS : (sirah'e gedek gedek)
Kaaaang
.
.
.
. .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kulo mumet ngrungokne bosone jenengan,asli kulo tiang solo

PAIMAN : guyu ngakakkk jungkir walik karo eker eker lemah

PAIJO : mlayu muleh karo masang rupo sing paling elek DW,jur dibuwak neng joglangan

Oalah lur,aku moco nganti kemeng utekku panggah ora paham bosone paijo
By.
.
.
.
[[ kang men ]]

2 komentar:

  1. tiang solo pancen sae" ox mas jo. mulo ojo nyepelekne

    BalasHapus
  2. xixi... leres kang, matur nuwun sampun mampir blog guyonan jowo kang men (jempl)

    BalasHapus