29 Jan 2014

Parik'an Amsyong

1/29/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~Pipo ledeng kok dowo dowo
Musim rendeng wes ganti ketigo

~Rupo ganteng koyok tora sudiro
Lingguh anteng
perawan rondo podo moro

~Marut kunir
Gawe njamoni
Loro pikir
Ora kenek di tambani

~Irung mbangir
Akeh sing iri
Sekali nyengir akeh sing antri


~Godong kemlade neng wit kopi
Wit salak godonge garing

~Awak gede koyok ade rai
Gawe SEMPAK warnane pink

Lagi musim luR...

By.
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Jan 2014

Carane Ben Diuber Cewek

1/25/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo,Paiman lan jemblung lagi nyangkruk neng warung kopi,

Jemblung takon paiman carane ben iso di uber uber karo wong wedok

JEMBLUNG : man kowe biyen carane ben iso di uber uber wong wedok piye ?

PAIMAN : nek iku gampang,sing penting nilai rupamu sak duwure biji 8 munggah/ganteng
(Paijo meneng wae mergo rupane bijine 3 kredit pisan)

PAIMAN : Nek awakmu biyen mblung,carane di uber uber cewek piye?

JEMBLUNG : nek aku sing penting tumpak'ane sepeda motor NINJA RR
(paijo meneng wae karo nelongso mergo profesine becak)

PAIMAN : nek kowe jo,carane di uber uber cewek piye

PAIJO : nek iku gamPang,
Langsung wae tak wenehi eroh sak celono ku sing isine dompet

PAIMAN : opo kowe duwe duwit

PAIJO : ora duwe duwit

PAIMAN : lha terus...

PAIJO : cewek iku tak kon demek sak clonoku mburi, terus aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN + JEMBLUNG : terus opo...
.

.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Terus NGENTUT sak puuuolle jur mlayu,
arek wedok iku mesti nguber awakmu sak lawase

PAIMAN lan JEMBLUNG tibo jungkir walik tangi maneh jur cipika cipiki

PAIMAN : nek seumpomo kowe ketemu karo arek wedok kuwi maneh piye?

PAIJO : nek iku aku mesti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
dongo diparingi slamet,mergo nek ketemu maneh mesti aku ora bakal slamet.

Met malming wae lur,
Mugo mugo sing jomblo ndang oleh jodo

Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Jan 2014

Arep Maling

1/24/2014 Posted by Unknown No comments
bengi iku jam 12 bengi paijo ora iso turu,

Paijo gawe wedang kopi trus lingguh neng emperan omah

Paijo ngerti enek wong munggah pager omahe arep maling jenenge paiman

PAIJO : woiii... sopo kuwi

PAIMAN : iki aku...

PAIJO : menungso opo demit

PAIMAN : jiangkrik,yo jelas menungso

PAIJO : kowe nyapo munggah pager omahku

PAIMAN : aku arep maling

PAIJO : kowe arep maling,
(Lambene bengok maling...maling...maling...)

PAIMAN : huzzz cangkemu opo ora iso meneng

PAIJO : lha kowe arep maling to

PAIMAN : iyo,aku arep maling nanging durung njupuk barangmu

PAIJO : lambene bengok bengok maneh maling...maling...maling...

PAIMAN : woi...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JIANCOKKK cangkem wedok, iki ijek menek pager,
Yo wes aku ora sido maling(mlayu karo ngunjukne kathok)

PAIJO : nelongso,
DUH! GUSTI URIP KU kok ngenes,
nek tak pikir pikir aku iki sing duwe omah,
Kenopo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
Sing diseneni karo malinge

( Paijo Mrongos ngemut gelas )

Mangkane lur nek dadi maling wajahe sing sangar nek perlu sing kereng
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Jan 2014

Parik'an Mangkel

1/22/2014 Posted by Unknown No comments
~Pring gapuk
di gawe sendenan
Pring pethuk gawe pajangan

~jantungku DAK DIK DUK
Ketemu mantan
Atiku remuk dewek'e gandengan tangan

~Diuntel untel kertase koran
Tengahe bolong gawe dolanan
~Ati mangkel ora karuan
Lambene ngomong JIANCOKKK JARAN

Opo yo ngono,
Jujur wae lur...
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Homo

1/22/2014 Posted by Unknown No comments
paiman duwe anak lanang jenenge paijo

Senajan paijo iki rupane awut awutan koyok gorengan kopi,senajan rupo ajur nganging sregep nyambut gawe

Pengene paiman, paijo iki ben ndang cepet rabi

PAIMAN : jo umurmu wes akeh,timbang riwa riwi gondoli bojone tonggo mbok ndang rabi kono xi...xi...(guyu ngakak,tinimbang barangmu dadi watu akik)

PAIJO : ampun sak niki pak, mergine kulo tasek ngentosi...(sabar RT1)

PAIMAN : pacarmu sing kerjone neng hongkong sing jenenge paijem kae xi...xi...
(Mbatine rupomu nek dibiji iku 2 kurangane utang arep dadi PLAY BOY)

PAIJO : mboten pak,nek niku sampun kulo putus,lha sak niki kulo ngentosi...(sabar RT2)
.
.
.
.
.
PAIMAN : pacarmu tonggo deso sing jenenge srintil xi...xi...(oalah le rupomu kuwi mung pantes gawe tumbal jembatan ora usah dadi PLAY BOY )

PAIJO : mboten niku pak,srintil pun rabi karo wong liyo...(sabarRT 3)

PAIMAN : lha trus kowe ora ndang rabi ngenteni opo

PAIJO : kulo ngentosi
(ESMOSI STADIUM 15)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : Pacarmu sing anyar
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGENTOSI SRIADI anak'e pak lurah

Jenengan Setuju nggih pak
(Paijo jogetan goyang CEIZAR)

PAIMAN STROKE KEJET KEJET
By
.
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Jan 2014

Parik'an Tuwo Mekso

1/21/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~numpak perau getek
Keri Sandale
Sandal warna biru
abot gowone
~Rabi wong tuwek
akeh dunyane
Nek di ajak turu
Kumat strokke

~Klambi abang
Suwek pinggire
Kaos tambalan
Akeh gambare
~dadi wong lanang
Gede nafsune
Munggah sepisan
blereng mripate

~Duwe korek
ora enek rokok'e
Plonga plongo ngisor wit pete
~Nek wes tuwek
eleng putune
Munggah ping loro
Mlebu UGD

(Mbah paijo iki kok ngengkel wae,nek ora kuwat ojo dipekso)
Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]