8 Feb 2014

Jemblung Kepengen Kenalan Karo Murid-murid

2/08/2014 Posted by Unknown No comments
Pak guru jemblung iki ngulang neng SD MAJU MUNDUR

''pak guru jemblung iki kepengen kenalan karo murid murid kabeh''

Arek arek Sebutne jenengmu lan hobymu opo?

PAIMAN : jeneng kulo paiman pak hoby bunga...

PAK GURU : arek lanang kok seneng bunga koyok wong ae,
Sing mburine paiman kuwi irunge sing bangir neng mburi jenenge sopo?

PAIMO : jeneng kulo paimo,hoby bunga pak

PAK GURU : kowe iki opo ALAY hoby kok bunga,
Lha nek sing untune mrongos koyok pagere negoro kuwi jenenge sopo?

PAIJO JR : Jeneng paijo jr pak hoby kulo nggih bunga

PAK GURU : duwe murid kok jeneng ngarep huruf P kabeh hobyne yo podo,
Emange sing kok senengi karo bunga iku opo?

PAIJO JR : mergine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUNGATIYEM niku senengane damel rok mini wonge sexy (wali kelas)

Pak guru jemblung mrongos ngemut pojok'an mejo

Monggo Di LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Feb 2014

Paijo Momong Anak'e

2/07/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu iku Morotuone paijo sing jenenge paiman lagi lingguh neng kursi goyang,

Srintil lagi nyambel,ngulek lombok gawe rujak'an

Paijo momong anak'e sing jenenge paijo jr

PAIJO : Le,mbah paiman kuwi biyen ijek enom mirip koyok artis PRIMUS opo KIWIL

PAIJO JR : wil...(paiman mlintir brengos)

PAIJO : Nek ibumu kuwi biyen,ijek enom koyok artis LUNA MAYA opo MPOK NORI

PAIJO JR : noli (ora iso ngomong huruf R)

PAIJO : nek bpk mu iki wes terkenal neng ngendi panggon jan koyok artis ARIL opo ANDRE TAULANI

PAIJO JR : ANDLE

PAIJO : muehe...he....he....(guyu ngakak karo jogetan)

SRINTIL : pak'e sampean ngomong opo,mbok yo duwe isin karo morotuomu

PAIJO : wes to buk sampean meneng wae,

Sepisan maneh yo le,iki mbuktekne nek bapakmu iki pancene calon wong sugeh

PAIJO : mbah paiman kuwi senengane nek mangan lawuh tempe opo iwak mambu

PAIJO JR : iwak mambu(paiman sabar karo ngelus ngelus jenggot)

PAIJO : dasarane wong ndeso,nek ibukmu srintil kuwi mangane seneng lawuh tempe opo pindang pakan kucing

PAIJO JR : iwak kucing

PAIJO : nek bpkmu iki calon wong sugeh le,dadi nek mangan mesti lawuh iwak kentaky opo ndok

PAIJO JR : lawuh
.
.
.
dok
.
.
.
.
Dok
.
.
.
.
PAIJO : iwak opo le,sing genah nek ngomong
.
.
.
.
.
.
PAIJO JR : IWAK KODOK...

Paiman guyu ngakak nganti ceblok teko kursi goyang

Srintil guyu ngakak nganti kliru ngemut layah

Monggo LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Feb 2014

Suarane Kewan

2/06/2014 Posted by Unknown No comments
Bu guru srintil iki ngulang pelajaran IPA ( ilmu pengetahuan alam

''arek arek sebutne suarane kewan lan jenenge,
sing iso jawab tangane ngacung

PAIMAN : meong...meong...meong...suarane kucing bu.(Jogetan caesar neng duwur mejo)

BU GURU : paiman jan pinter tenan,wis ndang medun teko nduwur mejo timbang glundung mengko marai sirahmu gerah POLO

JEMBLUNG : kulo nggih saget bu,
Guk...guk...guk...suarane ASU (menek cagak bendero )

BU GURU : pinter jemblung,wis ndang medun teko cagak bendero timbang ceblok dengkulmu mluntir

PAIJO JR : suwit...suwiiit....suwiiiiit hello cayang

BU GURU : woi! Kuwi suorone opo jo?

PAIJO JR : niku suarane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUAYA DARAT bu,( paijo jogetan goyang itik )

BU GURU : WOW murid edan #¤*% karo koprol maju mundur sak mumete
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Feb 2014

Guru Anyar Jenenge Jemblung

2/03/2014 Posted by Unknown No comments
Neng SD MAJU MUNDUR enek guru anyar

Jenenge guru lanang iku jemblung

Wektu paijo jr liwat neng ngarep kantor di takoni karo bapak guru jemblung

JEMBLUNG : le,bocah ganteng koyok brutu ketek,jenengmu sopo

PAIJO JR : jeneng teng sekolahan,teng griyo nopo jeneng wayah dolanan

JEMBLUNG : jeneng neng sekolahan sopo?

PAIJO JR: kulo di celok PAI ( bangga sitik)

JEMBLUNG : jenengmu ora sumbut karo rupamu,nek neng omah jenengemu sopo

PAIJO JR: kulo biasa dicelok PANCA

JEMBLUNG : koyok bintang film wae le jenengmu,nek wayah dolan dicelok sopo

PAIJO JR : kulo biasa di celok RAI

JEMBLUNG : koyok jeneng wong ae le,lha jeneng lengkapmu sopo

PAIJO JR : jeneng lengkap kulo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO PANCAL RAIMU,karo mlayu nglibrit

Dasare murid edan,saknaliko jemblung ngemut gosok
By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Feb 2014

Penggaweane Kethek

2/02/2014 Posted by Unknown No comments
Iki mung guyonan ojo di anggep serius,

Penggaweane kethek saben dino jaman sak iki :

KETHEK SUGEH : cukong

KETHEK SEMOK : bokong

KETHEK NGISING : medong krong

KETHEK TUWEK : Engkong

KETHEK ALAY : bencong

KETHEK MRONGOS : Monyong

KETHEK CANGKRUK : nongkrong

KETHEK NYEDOT : nyepong

KETHEK MOLOR : bangkong

BOKONG KETHEK : gosong

KETHEK NELEK : kong konen ngising

KETHEK NGAPUSI : bo'ong

KATOK'E KETHEK : bolong

KETHEK PACARAN : jatuh cintrong

BATHUK'E KETHEK : nonong
KETHEK NYANYI : sing song

KETHEK KURU : jrangkong

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang kuro ]]

1 Feb 2014

Awal Mulane Srintil Ketemu Paijo

2/01/2014 Posted by Unknown No comments
Awal mulane srintil ketemu paijo

Wong loro iku pacaran neng nduwur sepeda motor

SRINTIL : mas aku njaluk nomer handphone sampean xi...xi...xi...( Mringis unto angop )

PAIJO : nomer handphon ku iki enek telu (3)

SRINTIL : akeh tenan mas nomer handphone,emange sampean kerjone opo?

PAIJO : kerjoku kontraktor bangun hotel bintang 4 karo bintang 5

SRINTIL : asyik, bapak ku mesti setuju,sampean mesti akeh duwite mas xi...xi...xi... ( Guyu bangga karo benakne begel untu )

PAIJO : lha yo mesti to dik,ATM ku wae enek limo (5)

SRINTIL : tumpak'ane sampean opo mas?

PAIJO : honda jazz mobil pribadiku,koleksi
Ku mobil jaguar

SRINTIL : omahe sampean neng ngendi to mas?

PAIJO : omahku jakarta,neng suroboyo yo enek,sing anyar iki neng bali

SRINTIL : sukses tenan mas paijo iki xi...xi...xi...( Jiwit pipine paijo)

PAIJO : opo lagi ngerti nek aku iki wes sukses

SRINTIL : iyo mas, aku lagi ngerti arek joko sing sukses mung sampean

PAIJO : iyo dik,aku iki wes pancen wes suskses
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPUSI SAMPEAN

Srintil tibo jungkir walik jur nyuwili gedek gogrok

SRINTIL : oalah jebule awak dewe iki serasi mas

PAIJO : emange sing serasi teko awak dewe opo dik (kukur kukur panu )

SRINTIL : maksudku awak dewe serasi,ibarat sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GOMBAL AKU SERBETE

Paijo tibo guling ngemut jagang sepeda motor

ojo lali LIKE &
BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]