5 Apr 2014

Warung Paiman Part #2

4/05/2014 Posted by Unknown No comments
WARUNG PAIMAN PART 2#
Pirang pirang dino iki paiman warunge sepi
Singkat cerito paijo sing profesine dadi dukun moro neng warunge paiman

Paijo mlebu warung langsung di sambut karo paiman

PAIMAN : ngombe opo jo...

PAIJO : biasane aku kopi

PAIMAN : (langsung nyuguhne kopi neng paijo karo curhat)
jo,pirang pirang dino warung iki lagi sepi

PAIJO : Trus,hubungane karo aku opo

PAIMAN : krungu krungu jarene konco kowe sak iki profesi dadi dukun

PAIJO : ngerti ae kowe man muehe...he...he...( Mringis kethek angkrem)

PAIMAN : nek pancene kowe dukun,aku njaluk tulung warungku ben rame jo

PAIJO : nek iku gampang man

PAIMAN : syarate opo ae jo

PAIJO : syarate mung kudu iklas lan sabar

PAIMAN : opo selama iki aku durung iklas lan sabar

PAIJO : maksudku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kopi sing tak ombe iki ikhlasno lan kowe kudu sabar nek tak utangi maneh

PAIMAN : JIANGKRIKKK! jebule kowe rene arep utang kopi

PAIJO : maksudku yo ngono,dadi kowe kudu ngerti

PAIMAN : ngerti opo jo

PAIJO : kowe yo kudu ngerti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Telung minggu iki aku dadi dukun mung oleh pasien siji yo mung kowe muehe...he...he...(mringis codot)

Padahal aku iki wes...

PAIMAN : wes opo jo

PAIJO : aku iki wes
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
HUBUNGI KONCO KONCO DUKUN LIWAT SMS,FACEBOOK,TWITER,PLUUR,
KABEH PODO SAMBAT MALAH SAK ULAN ORA OLEH PASIEN PADAHAL ANAK BOJONE BUTUH MANGAN,KABEH YO NGOMONG DUKUN SAK IKI MUNG DISUGUHI KOPI

PAIMAN : podo ae COKKK!!!MALAH CURHAT GONANKU,EMANGE AKU GENDAK'ANMU

PAIJO : yo wes aku pamit muleh(karo mlayu nyaut kacang goreng)

PAIMAN : WEDUS BUNTING@#&*



Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Apr 2014

Warung Paiman Part #4

4/04/2014 Posted by Unknown No comments
WARUNG PAIMAN PART 4#

PAIMAN : pesen sego opo jo

PAIJO : sorry man,aku wes mari BMW dadi ora pesen

PAIMAN : koyok menungso ae ora gelem pesen

PAIJO : JIANGKRIKKK!,rumangsamu aku kethek

PAIMAN : omonganmu jo gawe singkatan barang,opo BMW iku...

PAIJO : BMW iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BAR MANGAN WAREG muehe...he...he...( Guyu kodok kepidek)

PAIMAN : NEk mu guyu ora usah ombo ombo,
MERSI mu iku ambune koyok SEPITENG

PAIJO : lha nek mersi iku opo man

PAIMAN : MERSI iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAMER GUSI

PAIJO : BABI NGEPET KOWE@*%#
cangkem rusak,iki ngono gawan bayi

PAIMAN : biasane kowe iki PANTER to jo

PAIJO : maksudmu PANTER opo man

PAIMAN : maksudku panter
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Pangananmu banter

PAIJO : iki weteng ora joglangan@¤%#

PAIMAN : sak iki kowe arep pesen kopi opo teh

PAIJO : wes dikandani ora pesen,aku rene mung DUREN CANGKOK'AN man

PAIMAN : opo maneh iku

PAIJO : Duren cangkok'an iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
LINGGUH LEREN ROKOK'AN

PAIMAN ; Rumangsamu iki warunge mbah mu

PAIJO : opo ora oleh nek leren neng warung mu

PAIMAN : oleh jo,pancene kowe bocah SEDAN

PAIJO : what is SEDAN man

PAIMAN : ngono ae ora ngerti,iku ngono
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : pinter dandan
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : ora jo
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : lha terus opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Maksudku SETENGAH EDAN

PAIJO : aku ijek Waras COOOKKK#%*&
( Tibo guling Karo ngrikiti sikil mejo)


Monggo DI LIKE & BAGIKAN
by
Plat kang men
.
.
.
[[ K 0T4 N9 ]]

Warung Paiman Part #1

4/04/2014 Posted by Unknown No comments
WARUNG PAIMAN PART 1#
Awan iku paijo wetenge luwe moro neng warunge paiman

PAIJO : warungmu kok rame man,kowe dodolan opo?

PAIMAN : dodolan semen,gampeng lan kawat bangunan

PAIJO : arep gawe opo man

PAIMAN : gawe permak raimu ben ganteng muehe...he...he...,jenenge warung yo mesti dodolan sego

PAIJO : yen ngono aku pesen sego pecel

PAIMAN : Ngombene opo?

PAIJO : Ngombene kopi panas ora gawe es,rodok pahit ojo wei sambel mengko mundak pedes

PAIMAN : Wes ngerti BLOKKK,kowe pesen kopi opo ngejak gelut

PAIJO : muehe...he...he...pesen kopi ae man
Panganan lan ngombe wes siap,Ora kesuwen Paijo langsung nguntal

PAIJO : man,aku iki gumun karo jenenge warung mu iki

PAIMAN : emange kenopo karo jeneng warungku

PAIJO : warung kok jenenge G.O.N

PAIMAN : iku ngono singkatan jo

PAIJO : opo singkatane warung G.O.N (karo nyruput kopi)

PAIMAN : singkatane warung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
GAK OLEH NGUTANG

PAIJO : keselek piring sak sendok'e#%@*

PAIMAN : opo kowe ora gowo duwit

PAIJO : nek duwit aku ora gowo nanging nek ATM aku gowo,dadi sementara warungmu ganti S.P.N.C

PAIMAN : Singkatan opo kuwi jo,kok dowo tenan

PAIJO : warung S.P.N.C
.
.
.
.
.
.
.
.
.
. .
Sing penting ninggal catetan(karo mlayu nyaut gedang goreng)

PAIMAN : WOI MANDEK COKKK!@?*%#

bocah koyok bokong kriput,tetep wae kelakuanmu



Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parikan Edisi Kenangan Sing Gampang Kelingan

4/04/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
Parik'an edisi ''kenangan sing gampang kelingan''

1.~Numpak becak rodone miring
~paling penak gawe gaya miring
(Benikne klambi)

――≠――

2.~Godong kemlade mrambat neng wit pete
~Lali rupane eling ambune
(Entut kecepit silit)

――≠――

3.~Dolanan ketapel
kenek manuk kenari
~Sekali nempel
rasane ora bakal lali
(Keno knalpot)

――≠――

4.~Dino minggu malem senin paing
~nek ora iso metu
jajalen model miring
(Kupinge kelebon banyu)

――≠――

Sing kepengen nambahi monggo

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Apr 2014

Lampu Ajaib Part #3

4/02/2014 Posted by Unknown No comments
LAMPU AJAIB PART 3#
Mergo wes sering di apusi karo jin,paijo nek njaluk sak iki jur ati ati

PAIJO : gosok gosok lampu ajaib

JIN : Muehe...he...he...enek opo maneh bokong kisut

PAIJO : cangkem mu iso meneng gak,
sing marai raiku koyok bokong kisut kan yo kowe

JIN : ndang sebutno penjalukmu

PAIJO : tapi ora enek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
'WANI PIRO ne'' to?

JIN : ora enek COKKK,rumangsamu aku promosi dodolan rokok

PAIJO : sing pertama aku njaluk sugeh

JIN : OKE! tak kabulne

PAIJO : aku njaluk bojo 3 ayu koyok artis kabeh,mergo nek akeh aku wes ora mampu muehe...he...he...(mringis kudanil angkrem)

JIN : OKE! tak kabulne,sing terakhir penjalukmu opo?

PAIJO : sing 3 aku njaluk tit...tit..ku gede

JIN : opo tit...tit..iku

PAIJO : nek ora ngerti tit...tit...alat vital,jin kok goblok tur ndal ndul

JIN : oalah,nek neng dunia jin iku jenenge ALAT KONTROL BLOKKK!

PAIJO : kok jenenge hampir mirip neng dunia ku yo jin muehe...he...he...(mringis tumo)

JIN : gedene
Njaluk sak piro

PAIJO : Gedene sak jaran sing liwat iku lho jin

JIN : beres bos,nek ngono kowe ndang muleh
1.Tekan omah Paijo kaget mergo omahe dadi apik tur gede
2.Bojone sing pertama koyok LUNA MAYA,
Bojo ke 2 mirip
TAMARA,
Bojo ke 3 podo karo AGNES MONICA
3.Paijo mlebu kamar nyopot clono ndelok remot kontrole jur bengok bengok

JIN
.
.
.
.
.
Jin
.
.
.
.
.
.
.
Jin
.
.
.
.
.
Kenopo remot kontrolku dadi wedok

JIN : ''JUJUR KAN''
sing liwat mau jarane wedok muehe...he...he...

PAIJO : CIUSSS NASIB EKEEE piye jin hik...hik...(mewek bencong tomboy)

JIN : sementara si bos
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mangkal disek muehe...he...he

Saknaliko paijo ngrikiti sempak seken



Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Apr 2014

Lampu Ajaib Part #2

4/01/2014 Posted by Unknown No comments
LAMPU AJAIB PART#2
Paijo iki tetep wae percoyo karo lampu ajaib senajan bolak balik ora tau oleh hasile sing apik
Lampu ajaib di gosok maneh karo paijo sing metu jin jenenge paiman

PAIMAN : muehe...he...he...(guyu ketek ngesot) Kenopo kowe gugah turu ku bocah mrongos

PAIJO : Pyek...Pyek...(ngidu metu pir sekok) Ngene lho jin ,aku iki kepengen ganteng

PAIMAN : oalah gampang kuwi bos,
Aku tak moco montroku disek,
~Plonga plongo karo riwa riwi
~Wong bodo
Ganteng sak iki
Cliiing

PAIJO : (langsung nyisir untu) Kadengaren kowe beneh , rupoku wes maleh koyok SAIFUL JAMIL nanging untuku tetep mrongos jin,
Sak iki aku njaluk sugeh iso ora

PAIMAN : siap bos mrongos
~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo sugeh sak iki
Cling...

PAIJO : pyek...pyek...(ngidu metu duwit dollar) sugeh tenan aku sak iki jin, Kowe kan yo ngerti to jin nek wong ganteng gandengane mesti wong ayu,
Aku sak iki pengen duwe bojo ayu

PAIMAN : injih gudek ketek,
~Plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo bojone ayu sak iki...
Cling...

PAIJO : walah jebule srintil,ayu yo jin nek rupone di ragati, Mosok wong ganteng bojone mung siji

PAIMAN : lha kowe arep njaluk bojo piro

PAIJO : njaluk tambah mung 29 maneh, mosok aku kalah karo eyang eyang kubur sing neng tv

PAIMAN : Wes beres ndok kopyor,
~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo bojone tambah 29 sak iki
Cling...

PAIJO : dirubung karo cewek sing semok,montok lan sexy

PAIMAN : Wes bos aku tak turu maneh,nuruti wong edan anyaran kok angel eram cling.,(ngilang)
Wes Sak ulan, paijo ora mampu ngatasi cewek 30 iku

PAIJO : Gosok lampu ajaib maneh gawe untune sing gingsul 27

PAIMAN : walah kowe maneh, mules aku nyawang gingsulmu, opo ijek kurang penjalukmu

PAIJO : jin,aku ora kuwat ngatasi bojo 30, Aku arep njaluk kejantanan ben kuwat ngatasi bojo ku

PAIMAN : beres bos
~plo..

PAIJO : sek...sek..sek...
Aku njaluk kejantanan 1000

PAIMAN : (tibo guling guling molak malik ngemut jempol sikil) Woi kucing bunting ora usah kakean camkem,aku tak moco montro ku
~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo njaluk kejantanan 1000 sak iki
Cling...

PAIJO : JIANGKRIK kowe jin

PAIMAN : opo enek sing salah

PAIJO : Mripatmu opo ora nyawang, Nek awakku lan rupoku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Podo tukul kelamin jantan (pikiren dewe lur)

PAIMAN : wah!!! Sory mrongos eh makSUdku bos, aku lali arep ngandani kowe nek penjaluk'an sing tak kabulne ora iso di cabut,

Dadi sementara ngono wae yo (karo mlayu ngibrit muleh neng negoro ne)


Ojo lali LIKE & BAGIKAN luur
By
.
.
.
[[ kang men ]]