31 Jan 2014

Rayuan Gombal Versi Paijo

1/31/2014 Posted by Unknown No comments
Rayuan gombal versi paijo

1.PAIJO : sri bapakmu opo dodolan SOFTEX seken

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : mergo kowe wes membalut atiku ( Mringis kadal mesir )

2.PAIJO : sri,bapakmu opo perampok

SRINTIL : lho,kok ngerti mas

PAIJO : mergo sampean wes ngrampok atiku dik ( guyu bangga karo nyisir untu)

SRINTIL : tapi jarene bapak
karo sampean mas nek ngrampok

PAIJO : saknaliko paijo menstruasi liwat irung

3.PAIJO : dik,bapak sampean opo petani

SRINTIL : lho kok ngerti mas

PAIJO : mergo aku wes nandur BENIH neng atimu(mringis codot)

4.PAIJO : dik bapak sampean tukang gawe tower yo

SRINTIL : kok ngerti mas ( karo nutuk'i pundak manja)

PAIJO : mergone enek tower iku signal ku kuwat (pikiran mesum)

SRINTIL : PLAKKK...PLOKKK...tower mu mung sak lombok rawit kok enek signale

5.PAIJO : dik,bapak sampean tukang parkir yo

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : mergo sampean wes markir atiku neng atimu (ngeden kethek ngendok)

6.dik,bapak sampean SATPOL PP kan?

SRINTIL : kok ngerti ae mas paijo iki

PAIJO : mergo sampean wes ngobrak ngabrik atiku

SRINTIL : emange sampean wong REMBOL ( kere gerombol )

PAIJO : koprol maju mundur ping limo likur nganti mumet

7.dik,sampean ngerti ora,nek malem minggu aku ora iso ngapeli ( jujur )

SRINTIL : ora ngerti mas

PAIJO : mergo nek malem minggu

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
Aku mesti janjian karo ibukmu

SRINTIL : sak naliko ngrawuk'i raine paijo

Nek kepengen nambahi monggo di komentar,numpang mringis yo oleh

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

30 Jan 2014

Parik'an Sunnah rosul Maneh

1/30/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~Godong jati pating gembrandul
Wit jati gone cak irul
~Riwa riwi di gowo ngalor ngidul
Meteng telung sasi bapak'e nyusul

~Gowo gledekan gawe ngusung klopo
Warnane abang gledekane dowo
~Tinimbang pacaran nambahi doso
Akeh sing nyawang di rasani tonggo

~Nandur telo neng pinggir bengawan
Mripat ngantuk mari sarapan
~Aku joko kowe perawan
Nek wes pethuk ayo neng pelaminan

(Nek wis nikah ngene iki di gowo ngalor ngidul jebule yo panteS di Sawang tonggo)

Met sunah rosul lur...
By
.
.
.
[[ kang men]]

29 Jan 2014

Parik'an Amsyong

1/29/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~Pipo ledeng kok dowo dowo
Musim rendeng wes ganti ketigo

~Rupo ganteng koyok tora sudiro
Lingguh anteng
perawan rondo podo moro

~Marut kunir
Gawe njamoni
Loro pikir
Ora kenek di tambani

~Irung mbangir
Akeh sing iri
Sekali nyengir akeh sing antri


~Godong kemlade neng wit kopi
Wit salak godonge garing

~Awak gede koyok ade rai
Gawe SEMPAK warnane pink

Lagi musim luR...

By.
.
.
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Jan 2014

Carane Ben Diuber Cewek

1/25/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo,Paiman lan jemblung lagi nyangkruk neng warung kopi,

Jemblung takon paiman carane ben iso di uber uber karo wong wedok

JEMBLUNG : man kowe biyen carane ben iso di uber uber wong wedok piye ?

PAIMAN : nek iku gampang,sing penting nilai rupamu sak duwure biji 8 munggah/ganteng
(Paijo meneng wae mergo rupane bijine 3 kredit pisan)

PAIMAN : Nek awakmu biyen mblung,carane di uber uber cewek piye?

JEMBLUNG : nek aku sing penting tumpak'ane sepeda motor NINJA RR
(paijo meneng wae karo nelongso mergo profesine becak)

PAIMAN : nek kowe jo,carane di uber uber cewek piye

PAIJO : nek iku gamPang,
Langsung wae tak wenehi eroh sak celono ku sing isine dompet

PAIMAN : opo kowe duwe duwit

PAIJO : ora duwe duwit

PAIMAN : lha terus...

PAIJO : cewek iku tak kon demek sak clonoku mburi, terus aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN + JEMBLUNG : terus opo...
.

.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Terus NGENTUT sak puuuolle jur mlayu,
arek wedok iku mesti nguber awakmu sak lawase

PAIMAN lan JEMBLUNG tibo jungkir walik tangi maneh jur cipika cipiki

PAIMAN : nek seumpomo kowe ketemu karo arek wedok kuwi maneh piye?

PAIJO : nek iku aku mesti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
dongo diparingi slamet,mergo nek ketemu maneh mesti aku ora bakal slamet.

Met malming wae lur,
Mugo mugo sing jomblo ndang oleh jodo

Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Jan 2014

Arep Maling

1/24/2014 Posted by Unknown No comments
bengi iku jam 12 bengi paijo ora iso turu,

Paijo gawe wedang kopi trus lingguh neng emperan omah

Paijo ngerti enek wong munggah pager omahe arep maling jenenge paiman

PAIJO : woiii... sopo kuwi

PAIMAN : iki aku...

PAIJO : menungso opo demit

PAIMAN : jiangkrik,yo jelas menungso

PAIJO : kowe nyapo munggah pager omahku

PAIMAN : aku arep maling

PAIJO : kowe arep maling,
(Lambene bengok maling...maling...maling...)

PAIMAN : huzzz cangkemu opo ora iso meneng

PAIJO : lha kowe arep maling to

PAIMAN : iyo,aku arep maling nanging durung njupuk barangmu

PAIJO : lambene bengok bengok maneh maling...maling...maling...

PAIMAN : woi...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JIANCOKKK cangkem wedok, iki ijek menek pager,
Yo wes aku ora sido maling(mlayu karo ngunjukne kathok)

PAIJO : nelongso,
DUH! GUSTI URIP KU kok ngenes,
nek tak pikir pikir aku iki sing duwe omah,
Kenopo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
Sing diseneni karo malinge

( Paijo Mrongos ngemut gelas )

Mangkane lur nek dadi maling wajahe sing sangar nek perlu sing kereng
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Jan 2014

Parik'an Mangkel

1/22/2014 Posted by Unknown No comments
~Pring gapuk
di gawe sendenan
Pring pethuk gawe pajangan

~jantungku DAK DIK DUK
Ketemu mantan
Atiku remuk dewek'e gandengan tangan

~Diuntel untel kertase koran
Tengahe bolong gawe dolanan
~Ati mangkel ora karuan
Lambene ngomong JIANCOKKK JARAN

Opo yo ngono,
Jujur wae lur...
By
.
.
.
[[ kang men ]]