25 Mar 2013

Jemblung Patah Hati

3/25/2013 Posted by Unknown No comments
Naliko jemblung di putus karo kanthil awak'e maleh kuru
Mangan ora doyan ngombe ora kolu trus protes karo admine

JEMBLUNG : oalah min aku urip pisan ae kok gawe
Nelongso(karo ngelus ngelus bathuk'e)

Admin : yo sabar iku wes dadi garis tanganmu ora iso di ubah ubah,lha penjalukmu opo to mblung...

JEMBLUNG : aku sak iki wes di putus karo kanthil,mbok aku di golekne cewek sak lione kanthil

Admin : jajal pengen eroh cewek sing kok idamne koyok opo

JEMBLUNG : aku kepengen duwe cewek rambute dowo lurus rebondingan irunge mancung
Padat berisi walah pokok semok tanahe ombo duwite akeh (kwakwakwakwakwak jemblung iso guya guyu)

Admin : nek karo inul tonggo sebelah omah gelem ora(kik...kik...kik...guyu tengu)

JEMBLUNG : min ora usah guyon inul iku rebondingan rambute tapi ojo sak untune

Admin : nek karo paijem sing mancung iku piye

JEMBLUNG : Mancung apane bathuk'e ae ombo koyok lapangan senayan

ADMIN : wes ngene wae kowe tak wei nomer Hanphone cewek sing kok idamne gelem ora

JEMBLUNG : gelem min matur suwun (karo golong golong neng dalan)

ADMIN : iki nomere 08585******* jeneng cewek iku MIA,wes yo
Aku tak nutukne macul disek

JEMBLUNG : wes beres kang admin(karo ginjal ginjal)

Bengi kuwi jemblung nyiapne kopi rokok siap nelpon(jemblung bayangne wah sing jenenge MIA iki mesti montok jan pinter tenan kang admin ki karo mesam mesem)

MIA : kring...kring...kring,halllo ik...ik..iki so so sopo

JEMBLUNG : aku mas leonardo jemblung ,iki bener karo mbak mia to

MIA : be...be..bener mas jenengku MIASIH ,o...o...ojo nyelok mm mbak to akku maleh isin

JEMBLUNG : opo di celok sayang

MIA : o...ojo to mas aku isin

JEMBLUNG : opo tak celok beby wae lah

MIA : ojo to mas aku tambah isin ki lho

JEMBLUNG : Wes iki sing terakhir tak celok darling

MIA : ojo ngo...ngono mas celok jenengku biasa wae

JEMBLUNG : lha trus aku kon nyeluk piye,emange kenopo?

MIA : sampean nyelok ae
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MBAH,UMURKU KI WES 105Thn

Jemblung klemahan guling ketiban kursi

JEMBLUNG : MIN KOWE KOK TEGO NGUWEI AKU BATANG URIP

Witha lutfie judule jemblung patah hati

(Mohtarida@yahoo.com)

0 komentar:

Posting Komentar