30 Nov 2013

Test IQ Episode #3

11/30/2013 Posted by Unknown No comments
TEST IQ EPISODE TERAKHIR

yen ndek wingi menteri pendidikan angkat bendero putih mergo ora sanggup dadi bintang tamu. saiki ganti pak lurah deso Ora Sido WARAS dadi bintang tamu seng jenenge JEMBLUNG lan dewan jurine Diajeng Roro Srintil Engkrik Engkriken.

babak sing terakhir iki jawaban oleh dilempar.

Tong.... Tong... Tong... Ronde terakhir dimulai (BABAK 3)

SRINTIL : anggota awak seng mburine iso marai mingkem alias mburine M.... opo?

PAIDI : jawabane tak lempar gone PAIMAN...

PAIMAN : OK, ditampani Di... Tak lempar maneh gone PAIJO Jr.

PAIJO JR : Mak Jleb... kontrol dada terus tak sundul tak lempar gone paidi

PAIDI : Siaaapppp... Kontrol maneh nggawe sikil tak lempar gone PAIMAN

PAIMAN : Yess... kontrol nggawe dengkul tak lempar gone PAIJO JR.

PAIJO JR : Muehehehehe.... tak kontrol gawe bokong terus tak.....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : Woooooooeeeeeyyyyyyyy!!!! Rumangsamu iki bal-balan opo piye?
(Kejet kejet stadium 9)

PAIJO JR : iki tak terusne opo gak?

SRINTIL : yo wis terusno

PAIJO JR : terusane...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak saduk ngeneki batuk'e pak LURAH JEMBLUNG

JEMBLUNG : tibo gulung komeng ngemut bal...

PAIDI + PAIMAN + PAIJO JR : Pak LURAH seng terakhir ngontrol, jawabane opo PAK LURAH?

JEMBLUNG : Jawabane...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Njero balung jenenge SUMSUM

akhhire PAIDI PAIMAN PAIJO JR : BETOOOOOLLLLLLL!!!!! wong telu jur rangkulan koyok teletubies

PAK LURAH JEMBLUNG jungkir walek ngemut balung

SALAM Luar negeri lan dalam negeri met malem minggu

By
.
.
.
[[Kang Men]]

29 Nov 2013

Test IQ Episode #2

11/29/2013 Posted by Unknown No comments
TEST IQ EPISODE #2

yen wingi babak takon jawab,nek sak iki babak cepet cepetan jawab

Sing ngunjungi test IQ iki langsung menteri pendidikan jenenge jemblung lan dewan jurine tetep angelia srintil lavigne

Ting...ting...ting...ronde 2 (babak 2)

SRINTIL : pertanyaane iki kudu dijawab di barengi alasane opo,

Kewan opo sing ora enek lanange

JEMBLUNG : melu mikir karo ngelu ngelus bathuk'e gawe sikil

PAIDI : ( glondang nutuk panci ),jawabanne kewan YUYU alasane kewan kuwi ora tau di celuk kang...kang...muehe...he...he...

SRINTIL : betul !!! total nilaine paidi 200

(Paidi jogetan neng nduwur mejo),

Pertanyaan selanjute iki masalah peribahasa, ''KEMBANG MEKROK WOHE CEBLOK''

JEMBLUNG : Melu mikir pisan karo jungkir walik

PAIMAN : teng...teng...teng...(nutuk'i wajan) jawaban ne WONG NGISING,alasane nek ora mekrok ora ceblok ceblok muehe...he...he...

SRINTIL : betul !!!,total nilaine paiman 200

Paiman joget goyang gergaji neng nduwur mejo

Sak iki pertanyaan sing terakhir soal matematika,
1 + 1 =

JEMBLUNG : lego mergo pertanyaan ne gampang

PAIJO JR : tong...tong...tong...(nutuk'i kentongan balai deso )
Jawaban ne 3,alasane nek jurine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nyalahne berarti ora konsekuen karo anak cilik,tak laporne karo hak perlindungan anak

SRINTIL : plonga plongo ngemut MIC karo ngomong BETUL !!! dadi total nilaine paijo jr 200

Pak menteri jemblung tibo glundung kejet kejet

Babak 3 dirantos benjeng dinten malem minggu

By
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Nov 2013

Test IQ Episode #1

11/28/2013 Posted by Unknown No comments
TEST IQ EPISODE #1

Neng SD Ora Sido Waras ngenekne TEST IQ, bocah seng pinter-pinter sak ndunyo IQ'ne roto-roto 200 munggah dikumpulne.

pesertane iki enek telu Paijo Jr, Paiman, Paidi. TEST IQ iki enek telung babak yoiku :
~BABAK 1 "takon langsung njawab"
~BABAK 2 "cepet cepetan njawab"
~BABAK 3 "jawaban oleh dilempar"

seng ngunjungi TEST IQ iki Prof. Dok. Jemblung teko Amerika lan DEWAN JURIne yoiku ANGELIA SRINTIL LAVIGNE teko Jamaika

teng... teng... teng... ronde 1 (BABAK 1)

SRINTIL : Pertanyaan gawe Paidi, kewan opo sing jenis e lanang kabeh ora ono wedoke?

PROF. DOK. JEMBLUNG : (melu mikir sampek sirahe mletek)

PAIDI : (njawab malah karo koprol neng duwur mejo) jawabane iwak lele, alasane ora enek iwak liyane sing diceluk nduk-nduk muehehehehe....

SRINTIL : BETUL!!! Nilai satus gawe Paidi, saiki pertanyaan gawe Paiman, jenenge asli Ibu Kita Kartini sopo?

PROF. DOK. JEMBLUNG : (melu mikir karo njeboli jenggot)

PAIMAN : Harum buuuu.... nek ora percoyo aku tak nyanyi.
munggah mejo jur nyanyi... "ibu kita kartini HARUM namanya"

SRINTIL : BETULLL!!! Nilai seratus gawe PAIMAN,
saiki pertanyaan gawe Paijo Jr., sebutno anggota awak ngarepe 'K' 6 huruf mburine 'L'? ciri-cirine akeh ulune tp kadang yo mulus, warnane enek seng ireng yo enek seng putih, ayo gek dijawab PAIJO Jr....

PROF. DOK. JEMBLUNG : (bathuke kemringet karo ngeleg idu)

PAIJO JR. : (jawab karo koprol maju mundur peng suwidak likur) jawabane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...KENTOL Buuuu!!!!! muehe...he...he...he...

PROF. DOK. JEMBLUNG : WOOOOOOEEEEYYYY.... BUYAR BUYARRR!!! titelku seng renteng-renteng ae ora iso jawab, nek tak terusne neng kene utek ku iso keseleo.

dirantos luur TEST IQ EPISODE #2

monggo di LIKE & BAGIKAN!!!

By
.
.
.
[[Kang Men]]

Promosi Kartu Perdana

11/28/2013 Posted by Unknown No comments
PAIJO SAMBAT KARO PROMOSINE KARTU PERDANA KOK ORA ENEK BUKTI KABEH MUNG JANJI JANJI

PERDANA A : PROMOSI SINYAL KUAT (GOMBAL AMOH SIGNALE GAMPANG SEKARAT)

PERDANA B : PRMOSI TELPON HEBAT(GOMBAL AMOH MARAI MELARAT)

PERDANA C : PROMOSI ANTI LEMOT(GOMBAL AMOH JEK BANTER BANTERE MLAKUNE BEKICOT)

PERDANA D : PROMOSI GRATIS RING TONE(GOMBAL AMOH AKEH WONG PODO GETUN)

PERDANA E : PROMOSI BEBAS(GOMBAL AMOH GAWE NELPON PULSANE AMBLAS)

PAIJO iki nduweni tip gawe poro member sedoyo yoiku nggawe perdana sing jenenge PITU "7"

contone:
1.arep sms njaluk PITU LUNGAN koncone
2.arep telpon njaluk PITU LUNGAN koncone
3.arep facebookan njaluk PITU LUNGAN nyileh handphone koncone
4.arep twiteran njaluk PITU LUNGAN koncone
5.arep mesengeran yo njaluk PITU LUNGAN koncone
6.Mugo mugo tip teko paijo iki bermanfaat kangge dulur sedoyo seng pengen nambahi monggo

LIKE & BAGIKAN LUUURRR!!!!

By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Nov 2013

Paijo Jagong Neng Pawon Karo Mbok'e

11/26/2013 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo prei kerjo jur jagong neng pawon karo si mbok'e jenenge paijem

PAIJEM : le...awakmu sak iki wes gede,mbokmu iki selak pengen duwe momongan alias boneka sing iso ngentut xi...xi...xi...(mringis tumo suwal),
mumpung prei ndang dolan dolan kono

PAIJO : dolan karo sopo mbok,pacar ae ora duwe karo srintil kae yo wes putus

PAIJEM : lha opo awakmu ora pengen rabi to le...le...

PAIJO : yo pengen mbok,senajan aku wes gede tapi aku isih betah kok mbok

PAIJEM : delok'en paiman kae wes duwe anak,opo awakmu ora pengen

PAIJO : yo pengen,tapi kan aku ijek betah mbok

PAIJEM : opo mergo kerjomu ijek serabutan awakmu ora wani rabi

PAIJO : sak jane ora masalah nyambut gawe, wes tak kandani to mbok aku iki ijek betah

PAIJEM : Awak mu tak kandani ndang rabi malah ngomong betah,koncomu anak'e wes gede gede awakmu yo ngomong betah,sak jane masalahe ki opo sing marai awakmu betah

PAIJO : kawit biyen aku yo wes pengen kabeh kuwi mau mbok masalahe aku iki isih betah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGEMPET ISIN Mbok,NEK KETEMU KONCO KONCO KU

PAIJEM : oalah le...le...nek caramu ngono,malah Mbokmu iki ora betah nek .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DADI RONDO PENGEN GOLEK SING IJEK JOKO

Paijo tibo JEMPALIKAN ngemut pojok'an mejo

Cerito iki di request michio hula wala judule paijo betah isin

Dulur sing neng luar negeri lan teng dalam negeri met rehat wae njih,
mugo tambah rejeki
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Kukur

11/26/2013 Posted by Unknown 2 comments
~Nandur jahe sanding wit jeruk
Nandur sore mulihe isuk

~Ijek sore mripate ngantuk
Ndusel bojone kepengen njaluk

Maksudku njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DiKukurne gegere sing enek panune,
By
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Nov 2013

Rebutan Srintil

11/25/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo lan paiman iki arek kuliahan neng UNKP(universitas kuli panggul)
Paiman tumpak'ane sepeda motor NINJA 4tak paijo  yo ora gelem kalah tumpak'ane motor VESPA nek di tumpak'i jarak 200meter mesti macet
Wong 2 iku mau ngrebutne kembang kampus sing jenenge srintil

PAIMAN : sri,mengko yen muleh bareng aku yo....aku eman sikilmu nek mlaku mengko mletek mletek muoho...ho...ho...( Mringis wedus bunting)

PAIJO : ojo gelem sri,mengko yen muleh karo aku wae,aku eman sikilmu nek kesandung letong sapi muehe...he...he(mringis tengu )

SRINTIL : sak jane aku iki bingung arep milih sopo,
Nek pilih paiman mengko aku di arani wong wedok matre numpak sepeda motor ninja
Nek pilih paijo mengko aku di arani tukang motor rosok xi...xi...xi...( guyu ngece )
Yen ngono wong 2 suit wae piye...

PAIJO + PAIMAN : siap diajeng srintil roro engkrik engkriken,
Akhire paijo sing menangne suit kuwi mau

PAIJO : sri,ayo gek ndang numpak motor rosokku
Srintil jur numpak motor vespa di gonceng karo paijo,
Lagi mlaku 200meter motore macet

SRINTIL : kenopo mas,motore kok mandek

PAIJO : biasa sri,motore njaluk bensin campur

SRINTIL : lha iku bensin ne ijek akeh,arep di campur opo mas

PAIJO : maksudte, njaluk bensin campur
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SURUNGEN SRI,Muehe...he...he...( Mringis codot )

Srintil tibo jempalik'an jur tangi maneh

Tinimbang aku kon nyurung aku tak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gandol trek wae (siap gandol trek,tangane koro dada paijo)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Nov 2013

Paijo Dadi Tukang Becak

11/24/2013 Posted by Unknown 3 comments
Paijo sing profesine dadi tukang becak mangkal neng prapatan

Enek penumpang sing jenenge paiman

PAIJO : mas,arep numpak becak opo...

PAIMAN : ora aku gendong wae

PAIJO : walah,mas iso ae nek ndagel (karo nyamplukne jagang becak) muehe...he...he...

PAIMAN : kowe tukang becak opo arep ngejak tinju

PAIJO : guyonan mas,

PAIMAN : GUyon untu mu abrol kuwi,
Aku arep numpak becak, nek neng alamat iki bayare piro

PAIJO : 20ewu mas,mergo omahe sampean adoh

PAIMAN : nek 5ewu gelem ora....

PAIJO : jiangkrik koyok ngenyang brambang wae sampean mas,
Omahe sampean kuwi dalane gronjalan munggah meduk lan durung di aspal

PAIMAN : gelem ora,nek ora gelem aku tak golek tukang becak liyo

PAIJO : yo wes lah mas,itung itung dino iki sampean penumpang pertama

Paijo jur becak paiman ngebut dalane gronjalan nek numpak nganti ngepot ngepot padahal dalane menggak menggok

PAIMAN : mas,nek nyetir becak alon alon

PAIJO : ora usah kakean ngomong,
Iki becakku dewe ora nyewo

PAIMAN : waduh!!
Tekan omah iso ora slamet aku

PAIJO : tenang wae mas,iklas no wae
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nyowomu,bayar 5ewu njaluk slamet

PAIMAN : lha becak iki mandek'e piye

PAIJO : gampang mandek'e
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nek di tambah'i 50ewu iso mandek lan sampean yo slamet muehe....he...he...(guyu gendruwo ompong)

Paiman nambahi duwit 50ewu meduk tekan becak jur kejang kejang

Cerito iki di request KUROMARU judule paijo dadi tukang becak
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Nov 2013

Sarapan

11/23/2013 Posted by Unknown No comments
Isuk isuk paijo takon marang bojone srintil

PAIJO : sri,aku arep sarapan,wes mateng durung

SRINTIL : Wes mateng kabeh mas,ndang sarapan kono

Paijo jur mlaku neng mejo makan ndelok lawuh sing podo gosong

PAIJO : sri lawuh'e kok ampas kabeh gek ireng ireng

SRINTIL : sing ngomong ampas kuwi mau lambe opo cangkem

PAIJO : nek lambe arep ngopo...

SRINTIL ; nek ngomong sing apik

PAIJO : neng cangkem ngopo...

SRINTIL : moro rene mas,tak pancalne jaran camkeme

PAIJO : (tibo jungkir walik ping suwidak njaran)
Maksudku lawuh'e kok ampas dele kabeh,saben dino lawuh kok mung tahu + tempe

SRINTIL : lha sampean njaluk lawuh opo

PAIJO : yo goreng goreng iwak kono

SRINTIL : blonjo mung 10ewu jaluk iwak!!!

PAIJO : opo duwit 10ewu ora kenek gawe tuku iwak

SRINTIL : yo kenek mas gawe tuku,nanging
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
IWAK TONGKOLMU KUWI SING DI GORENG

PAijo jempalik'an gulung gulung ngrikiti wajan

Inti ceritone : dadi wong iku kudu nrimo opo anane
Senajan panganan koyok ngopo enak'e paling hasil akhire yo ngono kae ...(di jawab dewe ojo nurun koncone)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Nov 2013

Parik'an Mringkil

11/22/2013 Posted by Unknown No comments
~NENG PINGGIR KALI NANDUR MELON
NEK GRAYAI ALON ALON

~MELON CILIK JENENGE PENTEL
DI OTAK ATIK NEMU BARANG MRINGKEL

~TELES KEBLES GODONGE MELON
NGANTI GEMES TAK CUKEL ALON''

~MELON PENTEL GODONGE LAYU
MARI TAK CUKEL AKU GUYA GUYU

~MELON PENTEL DI PANGAN WAWUNG
AKU NGUPEL NENG NJERO IRUNG

ENEK WONG NGUPEL KOK YODITUTNO......NJALUK OPO PIYE....

By
.
.
.
[[Kang Men]]

Paijo Macak Gaul

11/22/2013 Posted by Unknown No comments
paijo mari muleh tekan jakarta pacak'ane jan gaul nanging tetep wae rupone ndeso

Sore iku Paijo dolan neng omahe paiman

PAIJO : piye man,macakku sak iki wes gaul durung muehe...he....he...( Karo noto gingsule 27)

PAIMAN : walah gaul opo jo,celonomu bolong kabeh,opo kowe mari di uber asu

PAIJO : lambe lower,iki jenenge trend clono iwak peyek goblokkk

PAIMAN : iku sandalmu sisihan abang karo ijo koyok lampu neng prapatan

PAIJO : Cangkem ora tau di slameti,iki ngono sandal merk josger muehe...he...he...(masang rupo sing ganteng dewe)

PAIMAN : nek tattomu kuwi gambar cherribelle koyok gambare bocah play grup jo

PAIJO : mripatmu nek ndelok ojo teko sedotan buntet,iki jenenge gambar BOB ALAY

PAIMAN : aku ora melu gaul utowo ngetren koyok kowe jo,tinimbang di arani wong edan

PAIJO : emange kenopo man,

PAIMAN : mosok nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
RESLETINGMU mengo opo yo ngetren jo

PAIJO : jiangkrikkk ora gelem ngomong kawit mau kowe man muehe...he...he..( Mringis tumo )

Nek seumpomo resletingmu sing mengo lur,kok tutup opo kok relakne itung itung sodakoh....

By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Nov 2013

Dokter Leonardo Paijo Decaprio

11/21/2013 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

Dokter Leonardo Paijo Decaprio lulusan univesitas NEW YORK CITY lagi rapat pidato neng istana negara ngumumne uwong kuwi ora oleh turu sembarangan, turu mlumah ora oleh turu miring ora oleh turu murep yo ora oleh,mergo iki wes akeh mbuktekne, uwong 999 mati goro goro salah turu, PAIMAN KAGET mergo turune PAIMAN mlumah miring karo murep,PAIMAN melu rapat takon gone dokter Leonardo paijo

PAIMAN : Pak nyapo kok ora oleh sembarangan turu mlumah turu miring karo turu murep

PAIJO : MERGO TURUNE MLUMAH NENG TENGAH REL SEPUR,TURU MIRING NENG DALAN SAK JURUSAN KARO TURU MUREP NENG NGISOR TREK

PAIMAN : DOKTERE KOPLAKKK muehehehe...he..hehe

By
.
.
.
[[Kang Men]]

Biodata Srintil

11/21/2013 Posted by Unknown No comments
Sak durunge crito,kabeh member kudu ngerti sopo tokoh wayange,ojo mung guyu ngakak karo mancal mancal nanging ora ngerti siji siji tokoh wayang

Iki biodatane tokoh wayang jenenge srintil

JENENG : angelia srintil lavigne

JENENG NGETREN : srintil tok til

SEKOLAH : ijazah ora duwe pengalaman podo wae paling penak rabi wae

KERJO : PT MLARAT JAYA MAKMUR neng luar negeri lan dalam negeri

JABATAN : dadi asisten
1. asisten kulino (kuline wong cino)
2.asisten kuliwo (kuline wong jowo)

PANGGON LAHIR : nemu neng gombalan kompor,jampel,serbet lan sak piturute

TANGGAL LAHIR : 35 bulan 15 tahun kodok,(turunan cino lur)

ALAMAT : dalan bengkok gang ndal ndul,RT semprul RW Gondal gandul

NOMER HANDPHONE : ora nyekel handphone,nyekele hulek hulek(nek pengen njaluk nomerku mreneo tal sawat)

HOBY : ~ Kirek mangan koro
~NGlirek bojone tonggo

CITA CITA : pengen duwe bojo 100% waras ora kurang teko 99% warase

KETURUNAN : teko wong ora duwe,konglo mlarat,miskin nyuwun sak paring paring

PANGANAN FAVORIT : oseng oseng gogrokan gedek

CIRI CIRINE SRINTIL : wonge kemayu,kemendel,kementus lan kemaplok

SEMBOYAN : nek golek bojo ora ganteng gak opo,senajan elek saben dino iso blonjo,
Nek jenengan pengen nambahi monggo

Cukup sakmenten mawon biodatane srintil,yen tak terusne malah ora entek
By
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Nov 2013

Parik'an Monggo Mampir

11/19/2013 Posted by Unknown No comments
~mangan ketan campuran klopo
klopone cengkir tukune neng kebumen

~seng pengen kenalan karo paijo
monggo mampir teng guyonan kang men

Leonardo Paijo Decaprio mengundang panjenengan sedoyo mampir teng https://www.facebook.com/guyonankangmen

Monggo dipun LIKE & BAGIKAN ngoten mawon
mugo-mugo panjenengan terhibur ceritonipun...
By
.
.
.
[[Kang Men]]

18 Nov 2013

Tondo Kentongan

11/18/2013 Posted by Unknown No comments
Paiman duwe mantu sing goblok kuadrat di rabuk tletong, mergo paijo rabi karo srintil anak'e paiman

PAIMAN : mantuku sing ganteng dewe koyok ubur ubur laut,kowe kan manten anyar,seminggu iki bojomu wes kok apakne wae

PAIJO : kulo mung ningali mawon pun wareg pak

PAIMAN : (tibo jungkir walik ngemut sikil mejo),ngene lho le tak kandani,mengko bengi nek arep sunah rosul,
Kowe siap ngepasne,nek tak kengtong kowe siap maju mundur manut irama kentongan ngerti ora

PAIJO : injih bokong ketek eh maksud kulo bapak muehe...he...he...

Bengi iku paiman siap kentongan lan paijo siap macul galengan sawah sing dowone telung centi meter muehe...he...he...

PAIMAN : nuthuk'i kentongan tong...tong...tong...
Sesok'e paiman takon marang paijo

Piye le, wes oleh hasile opo durung

PAIJO : Ngentonge kok mung ping 3 pak

Bengine paiman ngentong maneh
PAIMAN : nuthuk'i kentongan maneh tong...tong...tong...tong...tong...

Sesok'e paiman takon marang paijo

Piye le,hasilmu nek macul mambengi

PAIJO : tasek dereng pak,nanggung kirang suwe nek ngentong

Bengine paiman siap ngentong

PAIMAN : tong...tong...tong...tong...tong tong tong tong nganti 200 kentongan (bayangno dewe lur)

sESok iSuk'e paijo ngandani morotuone

PAIJO : pak,dek dalu kulo pun angsal hasile,nek nuthuk'i kentongan jan marem tenan (mringis ketek)

PAIMAN : kentongan dengkulmu anjlok,
mreneo le... kupingmu tak bisik'i,
Mambengi iku kentongan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tondone Sepeda motormu di colong maling,
Marem bathukmu sempal kuwi

Paijo jungkir walik ngikiti kentong
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Nov 2013

Parik'an Mantan

11/17/2013 Posted by Unknown No comments
~Mangan ketan ngombene susu
Lingguh sendenan neng pinggir tugu

~Ketemu mantan
Pas dino minggu
Arep mangan nganti ora kolu

(Kelingan jaman semono durung enek sms'an isone mung surat suratan)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Nov 2013

Wis Telung Dino Paijo Ora Kerjo

11/16/2013 Posted by Unknown No comments
Wes telung(3) dino iki paijo ora mlebu kerjo mergane loro

Paiman konco akrabpe paijo lagi nyambangi neng omahe

Langsung wae neng TKP

PAIMAN : jo kowe ki kenek penyakit opo pirang pirang dino ora mlebu kerjo

PAIJO : iki lho man bokongku loro

PAIMAN : lha kenek opo jo

PAIJO : aku arep ngomong awakmu ki isin man

PAIMAN : ropomu gedek kok yo duwe isin muehe...he...he...(mringis kuro)

PAIJO : kowe cangkem iso mingkem ora,
penyakitku iki aneh man

PAIMAN : wes kok periksakne durung

PAIJO : wes man,
tak perisakne neng dokter jarene iki penyakite aneh

PAIMAN : jenenge penyakit neng bokongmu kuwi opo

PAIJO : nek jare ilmu kedokteran penyakit iki jenenge '' KURNAKBACET''

PAIMAN : pancen aneh penyakitmu jo koyok wonge,
Lha jarene dokter iku piye

PAIJO : rasane iku gatel gatel,
doktere ngomong yen penyakit iki iso di alami wong wedok yo wong lanang

PAIMAN : aku yo iso kenek'an jo

PAIJO : yo iso jo mergo rupamu podo karo bokongku muehe...he...he...( ginjal ginjal neng nduwur mejo)

PAIMAN : jane iku penyakit opo

PAIJO : menurut dokter penyakit KURNAKBACET IKU
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DIKUKUR PENAK BAR MLICET,OPO MANEH PANGGONE NENG BOKONG muehe...he...he...(mringis tumo)

Paiman ginjal ginjal mancal raine paijo

PAIJO : kenek opo kowe kok ginjal ginjal

PAIMAN : penyakitmu kuwi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PODO SING NENG BOKONGKU

Wong 2 jur krawuk krawuk'an bokong

monggo komentar neng ngisor iki, komentarmu inspirasiku lurr...
By
.
.
.

[[ kang men ]]

Biodatane Paiman

11/16/2013 Posted by Unknown No comments
Yen wingi biodatane paijo,sak iki biodatane paiman

Sing kepengen kenalan Monggo disimak

JENENG : ricardo paiman delahoho

JENENG NGETREN : paiman

PANGGON LAHIR : mlethek teko watu

TANGGAL LAHIR : tanggal tuwek bulan gerhono thn fir'aun

ALAMAT : gang buntet ora menggak menggok mengko nek menggok malah nyasar

NO HANDPHONE : 87 iku kepala 23 iku buntute,ojo di tombok'i aku ora bakulan togel

KERJO : neng PT MLARAT JAYA

JABATAN : mandor kawat ( kerjo kendor mangan kuwat)

HOBY : koleksi k©t@ng seken lan s€mp@k seken,nek kowe duwe aku dadi penadah muehe...he,..he...
CITA CITA : menek wit klopo sak duwur duwure

GOLONGAN DARAH : O,koyok orong orong coro lan sakpiturute

BOHOSO : kewan,demit sak konco koncone paijo

PANGANAN FAVORIT : oseng oseng sandal jepit opo maneh sandal kulit

SEMBOYAN : aku bangga duwe konco elek koyok paijo mergo akeh rejekine,
Conto :
Sangu batok neng pinggir embong karo ngomong nyuwun pak...nyuwun bu...
Sing rumongso ganteng ojo nJajal tinimbang di pancal karo wong liwat muehe...he...he...

Wes cukup sak mene wae nek ngisi biodataku,nek tak terus ne malah kowe ngompol maneh
By
.
.
.
[[ kang men ]]a

15 Nov 2013

Paijo Pacaran Neng Ngisor Wit Cepluk'an

11/15/2013 Posted by Unknown 7 comments
Jenenge wong ndeso Paijo nek pacaran neng ngisor wit cepluk'an ben ora konangan uwong,mergo lagi ngrayakne ulang tahune srintil

Iki rayuan mawut versi leonardo paijo decaprio ngrayu srintil wong ndeso puoolll

Langsung wae neng TKP

PAIJO : sri,aku oleh ora nek nyekel tanganmu(tangane karo eker eker lemah)

SRINTIL : eleh mas,kenopo kepengen nyekel tanganku

PAIJO : (ngremet tangane srintil jur di sawang)
Aku lagi ngerti sri,
ora enek cewek sak lioyone kowe drijine sing mlungker koyok empon empon bumbu dapur ( jahe,kunir,temulawak sak piturute ora pantes gawe cincin)
Muehe...he...he...

SRINTIL : (ngemut oyot cepluk'an)
Ora opo mas,sing penting enek gunane

PAIJO : nek nyawang sikilmu sri,aku kelingan nek neng sawah(ngelus ngelus jempolane srintil)

SRINTIL : kelingan opo mas...

PAIJO : kelingan sikilmu sing bladus lan boloten kenek gawe nandur jagung(ora pantes gawe binggel)muehe....he...he...

SRINTIL : (penek'an wit cepluk'an langsung nyeblok)
Ora opo mas sing penting enek gunane

PAIJO : Dino iki kowe kan ulang tahun sri,
Seumpomo tak kado gedang gelem ora...(pikirane mulai mesum)

SRINTIL : seneng banget mas xi...xi...(mringis tumo)

PAIJO : gedang ku iki gede lho sri (pikirane tambah loro)

SRINTIL : malah seneng aku mas(mlengeh wong goblok)

PAIJO : nek seumpomo tak wei gedang ku iki arep kok apakne

SRINTIL : tak cekel,trus pucuk'e tak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
oncek'i,aku mlayu neng pawon njupuk glati tak irisi trus tak goreng,

DADI OPO MAS...?

PAIJO : GEDANG GORENG ( mlayu ngibrit karo ngunjukne kathok'e sing mlorot)

Sing rumongso iman ayo podo ngramekne masjid budal jum'atan
By
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Nov 2013

Sejarahe Paijo

11/14/2013 Posted by Unknown No comments
Asal usul lan sejarah paijo

JENENG : leonardo paijo decaprio

JENENG NGETREN : kang men

PANGGON LAHER : nemu neng Tarangan PITEK, wektu iku endok'e arep digoreng sing metu malah paijo mangkane awake rodok gosong

TANGGAL LAHER : 33 - 13 - tahun gajah

ALAMAT : Jln.nylempit menggak menggok sanding prapatan abang ijo kulone bakul bensin

SEKOLAH : SD maju mundur
SMP mundur Terus
SMA Malah KunduRAN
Kuliah neng UGS (Untu Gedi sak Gusine) nganti S3
.
.
.
.
.
wes jelas ketok mrongose mue he he he

NOMER HENPONE : nol... no... delapan (ganoool ganoolll mapan
.
.
.
Opo kuwi??? muehehehe )

KERJO : neng PT MLARAT JAYA,seminggu mlebu mung sedino bayaran telung yuto

HOBY : tingak tinguk neng mburi omahe uwong nyaut S€Mp@K Karo K©T@NG iku jenenge...(pikiren dewe)

CITA CITA : ngarang cerito sing konyol lan banyol sak akeh akehe

GOLONGAN DARAH : Z
koyok to darahe semut,gurem,tengu lan sak piturute

SEMBOYANE PAIJO : ojo getun utowo nelongso nek di lahirne dadi wong elek, Mergo kawit cilik nganti tuwek tetep awet elek

iki biodatane paijo lha nek BIODATAMU piye lurrr.....

jawab sak penake udelmu
.
.
.
[[Kang Men]]

Paijo Junior Diseneni Karo Srintil

11/14/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo junior sing nembe dolan di seneni karo ibune srintil

SRINTIL : bocah teko teko mung mangan,ora gelem nyambut gawe

PAIJO JR : mung meneng wae (karo golek'i upil neng irunge)

SRINTIL : Delok'en sapi kae,mari mangan suket terus nyambut gawe ngluku sawah,ora koyok kowe

PAIJO JR : mung meneng(nglamuti umbel )

SRINTIL : oalah le...le...kowe iki wes gede,nek kadung dolan ora ngerti wayah

PAIJO JR : meneng (ngrikiti kuku)

SRINTIL : delok'en pitik kae,nek wes sore mesti muleh ora koyok kowe

PAIJO JR : mung meneng (karo kukur kukur dengkul )

SRINTIL : bocah koyok kebo kerjone mung mangan,turu,nelek

PAIJO JR : Hik...hik...mewek

SRINTIL : sak iki melu aku wae le...

PAIJO JR : teng pundi buk...(masang dasi siap mangkat)

SRINTIL : neng pasar
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kewan tak ijolne wedus wae

PAIJO JR : (jungkir walik ngemut sungu)

lha bapak teng pundi buk...

SRINTIL : bapakmu yo durung muleh(esmosi tingkat RT)

PAIJO JR : mangkane to buk,nek gadah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

Pitik jago di kon muleh,ojo oleh turu neng tanggane(yu paijem)

srintil gulung molak malik jur tangi maneh mlayu neng mburi omah ngungkal pecok

Salam seduluran damel member sedoyo
By
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Nov 2013

Paijo Lagi Neng Emperan Omah

11/13/2013 Posted by Unknown No comments
sore iku paijo lingguh neng emperan omah

Plonga plongo karo nyawang cewek sing lagi liwat

Pas ketepak'an srintil lagi mlaku liwat ngarepan omahe paijo

PAIJO : suit...suuuiiit... jarak srintil (karo penek'an pager omah)

SRINTIL : mesam mesem muehe...he...he...( Nyawat sandal neng raine paijo)

PAIJO : nyelok srintil,
Dik sri...(Mripate ketip ketip genit
irunge mekrok koyok kucing ngambu pindang)

SRINTIL : mung Ngece bokonge karo di egol egol ne(jan persis koyok mlakune gledekan bane bocor)

PAIJO : sak iki sampean sombonge dik sri... (mangkring neng pager Lambene di monyong monyong ne)

SRINTIL : Balesi ngelus ngelus tungkak sikil

PAIJO : (tibo jungkir walik jur tangi maneh lingak linguk koyok pawang ulo)
Kok meneng wae to dik sri,
opo lagi loro untu

SRINTIL : mung mringis (duduhne untune sing enek lombok'e)

Ora kesuwen paijo langsung nyeluk'i srintil

PAIJO : WOIiii Tangane ngawe ngawe

Sing moro malah wong liyo jenenge paiman

PAIMAN : oalah sampean to mas (langganan lawas),sampean
arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nanggap komedi kethek maneh opo piye,iki tak gawakno sing mirip kowe iso koprol maju mundur muehe....he...he....(mringis tengu)

PAIJO : (gulung gulung jungkir walik karo gawe topeng)
Jiangkriiikk,aku ngawe cewek ora nanggap ponak'anmu

PAIMAN : muehe...he...nutuk'i kendang karo jogetan
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Nov 2013

Paijo Keturunan Arab Jowo

11/12/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo iki asline keturunan arab jowo
Pas muleh neng ndeso karo warga kampung paijo di jaluk'i tulung kon dadi imam neng masjid
Paijo ngejak anak'e sing ganteng dewe jenenge paijo junior budal neng masjid
Sak durunge sholat di mulai paijo junior di kandani karo bapak'e,
Le... nek sholat sanding bapak ojo neng ngendi ngendi mboten pareng rame
Paijo iki nek dadi imam jan suwi opo maneh nek ruku' 15 menit lagi mari
koncone Paijo sing jenenge paiman nganti gumun

PAIMAN : ( hebat tenan ustadz paijo iki ilmune pancen duwur ora rugi nek keturunan arab jowo rukuk wae boyok ku nganti peyok )
Pas rukuk maneh nganti setengah jam durung mari

PAIMAN : (mbatin ustadz paijo jan kusyuk tenan nek rukuk,nganti dengkulku mluntir mluntir)
Sholat wes mari paiman takon marang paijo

PAIMAN : pak ustadz paijo  kusuk tenan jenengan nek ngimami

PAIJO : (nyawat sandal neng raine paiman),yo jenenge menungso nek dungo yo kudu tenanan,
lha opo awakmu ora kusuk?

PAIMAN : tasek dereng,jenengan mawon nek ruku' setengah jam lagi mari dengkul kulo nganti linu
Lan mripate jenengan nganti brebes mili

PAIJO : WOI... wedus gembel!
kowe opo ora ngerti,  WEktu RUKUk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KARO PAIJO JUNIOR JENGGOTKU DI GANDOLI(hik...hik...mewek lebay)
Paiman geblak guling guling ngemut sandal
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Nov 2013

Paijo Karo Lampu Ajaib

11/11/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo iki tetep wae percoyo karo lampu ajaib senajan bolak balik ora tau oleh hasile sing apik

Lampu ajaib di gosok maneh karo paijo sing metu jin jenenge paiman

PAIMAN : muehe...he...he...(guyu ketek ngesot)
Kenopo kowe gugah turu ku bocah mrongos

PAIJO : Pyek...Pyek...(ngidu metu pir sekok)
Ngene lho jin ,aku iki kepengen ganteng

PAIMAN : oalah gampang kuwi bos,
Aku tak moco montroku disek,
~Plonga plongo karo riwa riwi
~Wong bodo
Ganteng sak iki
Cliiing

PAIJO : (langsung nyisir untu)
Kadengaren kowe beneh , rupoku wes maleh koyok SAIFUL JAMIL nanging untuku tetep mrongos jin,

Sak iki aku njaluk sugeh iso ora

PAIMAN : siap bos mrongos
~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo sugeh sak iki
Cling...

PAIJO : pyek...pyek...(ngidu metu duwit dollar) sugeh tenan aku sak iki jin,
Kowe kan yo ngerti to jin nek wong ganteng gandengane mesti wong ayu,
Aku sak iki pengen duwe bojo ayu

PAIMAN : injih gudek ketek,

~Plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo bojone ayu sak iki...

Cling...

PAIJO : walah jebule srintil,ayu yo jin nek rupone di ragati,
Mosok wong ganteng bojone mung siji

PAIMAN : lha kowe arep njaluk bojo piro

PAIJO : njaluk tambah mung 29 maneh,
mosok aku kalah karo eyang eyang kubur sing neng tv

PAIMAN : Wes beres ndok kopyor,

~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo bojone tambah 29 sak iki

Cling...

PAIJO : dirubung karo cewek sing semok,montok lan sexy

PAIMAN : Wes bos aku tak turu maneh,nuruti wong edan anyaran kok angel eram cling.,(ngilang)

Wes Sak ulan, paijo ora mampu ngatasi cewek 30 iku

PAIJO : Gosok lampu ajaib maneh gawe untune sing gingsul 27

PAIMAN : walah kowe maneh, mules aku nyawang gingsulmu,
opo ijek kurang penjalukmu

PAIJO : jin,aku ora kuwat ngatasi bojo 30,
Aku arep njaluk kejantanan ben kuwat ngatasi bojo ku

PAIMAN : beres bos
~plo..

PAIJO : sek...sek..sek...
Aku njaluk kejantanan 1000

PAIMAN : (tibo guling guling molak malik ngemut jempol sikil)
Woi kucing bunting ora usah kakean camkem,aku tak moco montro ku
~plonga plongo karo riwa riwi
~wong bodo njaluk kejantanan 1000 sak iki

Cling...

PAIJO : JIANGKRIK kowe jin

PAIMAN : opo enek sing salah

PAIJO : Mripatmu opo ora nyawang,
Nek awakku lan rupoku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
Podo tukul kelamin jantan (pikiren dewe lur)

PAIMAN : wah!!! Sory mrongos eh makSUdku bos,
aku lali arep ngandani kowe nek penjaluk'an sing tak kabulne ora iso di cabut,
Dadi sementara ngono wae yo (karo mlayu ngibrit muleh neng negoro ne)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Nov 2013

Kopdar Guyonan Jowo Episode #1

11/10/2013 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

damel dulur dulur sedoyo khususe warga kediri lan sekitaripun

PAIJO mengundang panjenengan teng

PANGGONAN : SLG ( simpang lima gumul)

ACARA : sing dienteni kumpul bareng kaleh dulur dulur GUYONAN JOWO Sinambi ngenteni kethek ngendok

JAM : 16.00 (JAM PAPAT SORE)

Dinten minggu tanggal 10-november-2013
Kulo rantos kehadiran panjenengan sedoyo
By
.
.
.
ttd

[[ kang men ]]

9 Nov 2013

Paijo Nyanyi Karaokean

11/09/2013 Posted by Unknown 3 comments
Paijo omahe jejer mepet alias tonggo karo paiman
Dasare paijo akut jomblo utowo jomblo tulen wes oleh label SNI muehe...he...he...(guyu molak malik nyambi golek tumo)
Malem minggu paijo malah nyanyi karaokean neng omah nyambi mangan nyuwili gedek gogrok

PAIJO : sri...kapan kowe bali...

PAIMAN : (Langsung nyaut)
Ora usah nyanyi suoromu koyok
Ketek kenek loro asma)

PAIJO : (Ngrikiti mic sak salone)
Tutupen botolmu...

PAIMAN : ora usah di tutup,mergo kuwi wes mirip rupomu

PAIJO : (geduk gedukne sirah neng pojok'ane tahu)
Neng stasiun balapan...

PAIJO : wong  GOBLOK kok di rabuk telek sapi,
Stasiun kok balapan,sing bener sepure iku balapan

PAIJO : woiii tumo suwal,
Kuwi camkem opo pedale onthel

PAIMAN : nek camkem kowe arep ngopo

PAIJO : nek ngomong yo sing apik(sabar tingkat kabupaten)

PAIMAN : Nek pedal onthel

PAIJO : Kowe reneo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak pancale lambemu(esmosi tingkat keluarga kethek)

PAIMAN : (golong golong karo mangan ndok sliliten balung)
Aku iku wes ngerti nek kowe jomblo,nek nyanyi iku ojo lagu sing sambat

PAIJO : anggitmu aku poro member sing galau opo piye nek nyanyi lagu sambat muehe...he...he...( nyuwili gedek sliliten bonggelan pring)

PAIMAN : ditiru iku paijo junior nek nyanyi lagu ne mesti seneng ora tau sambat koyok gerangane

PAIJO : lha anakku nyanyi lagu opo

PAIMAN : lagune iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Paijo elek...paijo elek...
Elek koyok kethek(gawe nada lagu kodok ngorek)
Sak naliko Paijo neng mburi omah ngungkal keris
Paiman mlayu ndelik,angkrem neng tarangan pitik


By
.
.
.
[[kang men]]

8 Nov 2013

Paijo Kepengen Begel Untune

11/08/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo sing untune mbangir neng ngarep koyok gapurone kabupaten

Moro neng dokter spesialis sebut wae jenenge paiman,
Paijo kepengen begel untune ben roto

PAIJO : dok,untu model ngene iki iso ora di dandani

PAIMAN : sak benere ora iso mas,nanging sampean ojo kuwatir tak cobone

PAIJO : muehe...he...he...(cengar cengir ngelap untu gingsule karo gombal kompor)

PAIMAN : sampean lingguh kene mas,
Aku tak jupuk alat

Glodakkk nguncalne palu

PAIJO : (jungkir walik tibo teko kursi)
Gawe opo palu iku dok...

PAIMAN : tenang wae mas iki gawe ngambrolne gusimu

GABRUKKK nguncalne dongkrak

PAIJO : (geblak ngemut sikil kursi),
Nek dongkrak iku gawe opo dok...

PAIMAN : iku gawe dongkrak untumu ben ora ngenjreti sikilku

KLOTAKKK ngetokne tang karo kunci liyone

PAIJO : (tibo golong golong jur tangi maneh ),
Nek alat iku gawe opo dok

PAIMAN : gawe njabut untumu di ganti untu wedus

PAIJO : Walah ! Iki jenenge mal praktek

PAIMAN : cangkemmu meneng wae,gelem ora tak dandani untumu

PAIJO : gelem dok,

PAIMAN : nguiiing glondang prakkk gedaruss( nguncalne pacul)
PAIJO :gawe opo dok

PAIMAN : gawe macul
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Lemah nek kowe mati,mergo pasienku 7 sing begel untu 9 sing wes mati

PAIJO : Jempalik'an klemah klemah ngemut danganan pacul

Kowe dokter opo arep mateni aku

PAIMAN : lha mripatmu opo ora nyawang

PAIJO : emange kenopo

PAIMAN : (esmosi stadium 9 arep kejet kejet)
Iki ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Dokter Bengkel KETOK MAGIC,NEk mung ngratakne sak rupomu pisan yo iso

Saknaliko paijo mlayu muleh karo nyaut dongkrak mobil muehe...he...he..

Nek wes mari moco ojo lali mancal jempolmu
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Telo Anget

11/08/2013 Posted by Unknown No comments
~Mangan telo dikiro anget
Di buntel klambi langsung di pangan
~Muleh kerjo awak kemringet
Neng mburi omah karo kipasan

~Kewan bulus mrambat neng wit preng
Ceblok neng endut ora ketoro
~Arep adus mlayu neng jedeng
Karo nyaut anduk'e tonggo

( Paijo Mlayu ngibrit karo krukupan katok)

Sing rumongso gede absen disek
By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Nov 2013

Paijo Lan Paiman Liburan Neng Hongkong

11/06/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo lan paiman kerjo neng PT MLARAT JAYA
wong 2 iku oleh bonus liburan teko atasane neng hongkong numpak pesawat gratis budal muleh mangku ketek

Tekan hongkong wong 2 iku mlaku mlaku neng lokalisasi

PAIJO : man,aku kok kepengen jajan,
Wonge sing iso mangan karo ngentut yo maksudte WTS muehe...he...he...(mringis mesum)

PAIMAN : (lambemu mangap untumu ambrol ) kowe arep kik...kuk...kik...kuk... opo duwe duwit

PAIJO : ora duwe duwit,
MReneo man tak bisik'i awak'e dewe urunan wae piye muehe...he...(guyu ketek angop)

PAIMAN : OPO !!! ( urunan bokongmu panuen kuwi) lha terus

PAIJO : sabar to man ojo nafsu disek,
mengko nek mlebu kamar gantian

PAIMAN : lha sing mlebu kamar Sopo disek

PAIJO : awak dewe suit wae ben adil
.
.
.
Jenenge awak lagi mujur,
Akhire paijo sing menang suit jur mlebu kamar,
Ora suwe paijo metu tekan kamar karo krukupan S€MP@K

PAIMAN : piye jo servis se cewek hongkong enak ora?

PAIJO : Ora penak blas, ijek penak SERVIS SE BOJOKU SRINTIL

PAIMAN : aku ora percoyo karo lambemu ,jajale aku tak mlebu kamar.
Ora suwe paiman metu tekan kamar karo ngemut sandal

PAIJO : piye man rasane

PAIMAN : bener omonganmu jo rasane ora penak,
Servis se ijek penak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BOJOMU SRINTIL,muehe...he...he...(guyu ngece,wes tau ngrasakne)


Akhire Paijo lan paiman jur gelut krawuk-krawuk'an


by
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Kepengen Manuk Kutute Gede

11/06/2013 Posted by Unknown No comments

Paijo kepengen manuk kutute gede di rewangi moro neng omahe mbah dukun paiman

Paijo jan kepengen temenan langsung meluncur neng TKP

PAIJO : mbah,kulo mriki ajenge gedekne (manuk kutut) kulo saget nopo mboten)

PAIMAN : Gampang kuwi le, barangmu kuwi njaluk di gedekne sak piro

PAIJO : pokok'e sing gede mbah

PAIMAN : Kowe wes siap tenan nek barangmu kuwi gede

PAIJO : siap mbah muehe...he...(guyu ngakak karo golong golong)

PAIMAN : yen ngono kowe sak iki ndang merem,
aku tak ngitung nganti ping telu mripatmu jur melek'o

PAIJO : injih mbah

PAIMAN : siji ( kathokmu ndang di copot)

PAIJO : ok muehe...he...he...( pringas pringis mepe untu)

PAIMAN : loro S€MP@K mu ndang di copot( (gawe s€mp@k kok yo gambar tWety)

PAIJO : injih mbah muehe...he...he...( Guyu bangga )

PAIMAN : telu
.
.
.
.
.
.
kurang setengah

PAIJO : (paijo jungkir walik krukupan katok nyambi mangan krikil)
kesuwen mbah
.
.
.
PAIMAN : telu
.
.
.
.
.
Kurang sak itik

PAIJO : (tibo glundung ngemut sikil mejo)
sepisan maneh ngapusi aku muleh mbah

PAIMAN : telu,ndang di delok(lihat),wes gede opo durung

PAIJO : mripate melek alon alon
.
.
.
.
.
.
.
.
WOW !!!keren iki mbah ,tapi gedene mung
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : sak lombok rawit,isek kurang gede
.
.
.
.
.
.
PAIJO : mboten mbah,tapi gedene kok mung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gawe koco pembesar mbah

PAIMAN : sing penting gede,senajan kuwi ora tenanan muehe...he...he...(guyu tekek nguntal kucing)

Ora kesuwen Paijo koprol maju mundur karo ngemut koco pembesar
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Awan Awan

11/06/2013 Posted by Unknown No comments

~Duwit sewu di gowo tuyul
~Manis rupamu mergo untumu gingsul

~ neng pasar baru tuku timun
~nyawang untumu tak rewangi nglamun

~Rok bolong di gawe bencong
~Aku domblong
Nyawang untumu ompong

Tak kiro cewek perawan jebule cewek tuwek
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Nov 2013

Paijo Kenalan Karo Turis Teko Negoro Cino

11/05/2013 Posted by Unknown 2 comments

Mumpung liburan paijo karo paiman dolan neng bali

Tekan bali paijo kenalan karo turis teko NEGORO CINO

PAIJO : man,aku kepengen nambah seduluran karo wong turis kuwi

PAIMAN : oalah jo ora usah,aku wes ora percoyo karo boso cinomu sing semrawut koyok mbako semprol muehe...he..he...(karo nyopot katok)

PAIJO : your lambe opo ora iso mingkem,tak buktekne nek ora ngandel

Langsung wae paijo terjun neng TKP

PAIJO : Siiiiiooong yiiingsee woo aii niii nguuuiiing nguuuiing ciiinooo

PAIMAN : artine opo jo

PAIJO : asalmu opo teko negoro cino(paijo nglirik turis karo mesem)

TURIS : sirah'e mantuk mantuk

PAIJO : Wuiiiiing wuiiiiiing see cuiiiiiing meeeee ciiiiiing weee

PAIMAN : artine opo wae kuwi jo

PAIJO : Omahmu opo cedak karo prapatan sing enek lampu abang ijone ( karo nyawang turis)

TURIS : sirah'e mantuk mantuk karo mesem

PAIJO : seee wooong ciiii dooong mmmpuk yeee

PAIMAN : artine opo jo,

PAIJO : omah'e cedak prapatan kulone wong bakulan bensin (nyawang turis karo mringis untune ketok lombok'e)

TURIS : (sirah'e gedek gedek)
Kaaaang
.
.
.
. .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kulo mumet ngrungokne bosone jenengan,asli kulo tiang solo

PAIMAN : guyu ngakakkk jungkir walik karo eker eker lemah

PAIJO : mlayu muleh karo masang rupo sing paling elek DW,jur dibuwak neng joglangan

Oalah lur,aku moco nganti kemeng utekku panggah ora paham bosone paijo
By.
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Nov 2013

Woro Woro Teko Nggone Kang Men

11/04/2013 Posted by Unknown 3 comments


WORO WORO (TEKO NGGONE KANG MEN)

''NEK DELOK KEPRIBADIANE UWONG IKU TEKO NEK NGENTUT''

1.WONG kEMAYU : mARi ngenTUT yo mEk gUYa GUyu

2.WONG GANTENG : MAri ngEntUT nEK liNGGuh Yo anTEng

3.WONG ISINAN : NEK NGenTuT di empEt ngANti jaM jamaN (5 JAM lho kUAt naHAN)

4.WONG NGAPUSI : maRI nGEntUt kOncONe SiNg di arANi

5.WONG PANDAI : NEK AREP ngentut iku mesti ngerti(kapan wayahe ngentut)

6.ORA SOPAN : NGENTUTE DI banterne WASIO nek neng dalan

7.ORA TAU ADUS : EntUTe yo lEBUs (koyok wedus)

8.WONG GEMI : nEK ngeNtut yo di ati aTi(eman eman nek ngentut mergone nek gawe entut nyelengi titik titik)

9.WONG Wedi : NEk ngentuT delek di ambu dewe koncone ora di omani

10.WONG ORA DUWE : ngentut katut sak AMPAse(byuh ambune)

11.WONG MEDIT : NEk ngentut yo di icrit icrit(eman nek metu akeh mergo gawene angel)

12.WONG NELONGSO : mari ngentut yo ora RUMOnGso

13.WONG GALAU : Mikir nek arep ngentut,(mambu opo ora mambu opo ora tibakne panggah mambu mergo GALAU)

14.WONG SREGEP KERJO : MARI ngentut gayane gak sengojo(mergo mikir kerjaane)

15.WONG GAK DUWE PENGGAWEAN : sopo sing ngerti?
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
YO SING MOCO (wes gak duwe penggawean ngentut karo moco)

16.SING PINGIN nambahi monggo!!!

by
.
.
.
[[Kang Men]]

Paijo Melu Uji Nyali

11/04/2013 Posted by Unknown No comments

Paijo melu uji nyali neng dunia lain

Bengi kuwi paijo neng ngisor wit nyumet lilin,ketemu bongSo alus

TUYUL : hik...hik...(nangis golong golong)

PAIJO : kenopo kowe nangis yul.,

TUYUL : aku wedi karo gingsulmu kuwi lek (mlayu arep ngumpet)

PAIJO : (jungkir walik ngemut lilin)
Wow tuyul Jiangkrik

KUNTILANAK : ngusung kasur karo gowo bantal

PAIJO : Lho mbak arep neng ngendi

KUNTILANAK : aku arep boyongan mas,lha panggonku di gawe wong orah genah (edan)tinimbang aku ketularan(karo mlayu ngibrit)

PAIJO : wow,anggitmu opo aku ora waras hik...hik....(nangis nelongso)

GEDERUWO : tangane dada..dada...wes aku tak nyerah nek sing uji nyali wong iki

PAIJO : woi,aku sing nyerah ora kowe

GENDERUWO : aku nyerah
.
.
.
.
.
.
.
.
Mergo rupamu luweh serem,kowe panggon kono wae mas

PAIJO : (paijo brakoti suket),opo aku arep turu nduwur wit,
lha kenopo aku kon nunggu

GENDERUWO : sopo ngerti nek kowe
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Medeni sing uji nyali hadiah'e mengko iso bagi hasil

Paijo muleh gowo hadiah uji nyali,mergo iso ngusir bongso alus

Ngene iki jenenge rupo elek gowo rejeki luuur
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Nov 2013

Cirine Bokong

11/03/2013 Posted by Unknown No comments
Dino minggu Paijo dolan neng omahe paiman

PAIJO : Penak yo man nek dolan neng gonmu isuk isuk wes iso nyawang wong ayu sing semok semlohai muehe...he...he...(nyengir karo ngelap untune)

PAIMAN : koyok ngerti wong ayu jo,
opo kowe iso niteni arek jek perawan karo ora perawan ?

PAIJO : Ora iso, kowe opo ngerti man

PAIMAN : nek aku yo mesti ngerti to jo carane sawangen goyangane bokonge he...he...he...(mringis jaran)

PAIJO : nek ngono aku pengen ngerti man jenenge mbak inul kae jek perawan ora?


PAIMAN : sawangen munggah meduk'e bokonge
ASYIK...ASYIK...ASYIK...ASYIK...ASYIK... Nek kuwi inul jek perawan

PAIJO : nek jenenge MBAK Srintil kae perawan ora man?

PAIMAN : sawangen munggah meduk'e bokonge srintil wes ora podo HO OH...HO OH...HOOH...HOOH...nek kuwi srintil rondo

PAIJO : (jempalik'an tibo teko kursi)
nek ngono aku sak iki wes ngerti man,nek mbah paijem sing liwat Kuwi wes ora perawan yo ora rondo,
mlakune sawangen man munggah meduk'e bokonge
.
.
.

AMOH...AMOH...AMOH...AMOH...AMOH...
BENER OPO ORA Man?

PAIMAN : Bener, kowe tambah pinter
Sik...sik...sik...jo(mlayu neng garasi)
.
.
.
.
.
.
PAIJO : arep neng ngendi man
.
.
.
PAIMAN : Aku tak jupuk palu
.
.
.
PAIJO : gawe opo man
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIMAN : Gawe NUTOK dengkul MU ben mlakune ngesot,
KUWI MBAH KU GOBLOOOKKK

PAIJO nyetater sepeda onthel'e jur muleh ngebut
By
.
.
.

[[ kang men ]]

2 Nov 2013

Jamane Paijo Susah

11/02/2013 Posted by Unknown No comments
"Cerito iki jamane paijo ijek susah"

Paijo ketemu karo konco lawase jenenge Paiman seng dadi BOS neng PT. Mlarat Jaya, trus Paiman takon nggone Paijo

Paiman : Jo saiki kerjomu opo?

Paijo : mripatmu opo ora nyawang nek aku nggowo karung

Paiman : nek ngono nyambut gawe mu dadi..
.
.
.
.
.
.
.
Tukang Rosok to (muehehehe... rodok ngece)

Paijo : wis ngerti kok yo takon

Paiman : anakmu saiki kabehe piro?

Paijo: Telu Man... opo arep kok sumbang BLT (Bantuan Langsung TUNAI)

Paiman : (Sumbangan BLT dengkulmu MLOCOTTT...)
lha anakmu neng endi?

Paijo: Wes kerjo kabeh Man

Paiman : anakmu Kerjo neng ngendi wae?

Paijo : Anakku seng 1 neng Spanyol

Anakku seng nomer 2 neng Inggris

Terus sing nomer telu kerjo neng DUBES AMERIKA

Paiman : (kaget jugnkir walik glundung ngemut watu)
Wahh, mantep tenan jo

dadi wong tuwo kudu iso nguwei conto neng anake
.
.
.
Paijo sirah e gedi (arep nggeblakkk)
.
.
.

Paiman : aku bangga nduwe konco kowe jo
.
.
.
.
Paijo : paijo mringis bangga

Paiman : Trus Jabatane anakmu nng konoe opo ae jo?
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

Paijo : Podo man, kabeh yo dadi tkg rosok neng kono...

Paiman : Ealah ngunu yoo... aku tak koprol maju mundur peng pitu likur (27)
.
.
.
[[Kang Men]]

Paijo Sing Song

11/02/2013 Posted by Unknown No comments
''Cerito iki rodok saru kenek gawe hiburan malem minggu lurrr''

Dulur dulur ojo iri karo Paijo mergo mari panenan jagung jur pengen dolan neng kuto ngejak kancane jenenge Paiman

WeS tekan kuto Paijo karo Paiman mlebu neng karaokean sekali kali Paijo yo pengen SING SONG luuuR karo ngombe arak

Paijo : pelayan,iki lagumu opo kok judule yuyu yuyu karo maling maling (waduh Paijo wes mendem iki jarene Paiman)

PELAYAN : iku b inggris mas brow,judule i love you darling

Paijo : wes ora ngerti aku lagu kuwi,aku golekne lagu tali kotang karo pesen cewek kanggo ngancani nyanyi

PELAYAN : wes beres mas brow tak jamin cewek'e hot (Mueheheheh....) tak tinggal disek yo mas

Paijo : sek...sek...mandek disek ojo lali pesenane cewek' sing semok montok pokok'e tali kotange sing gede (Mueheheheh....mringis codot)

Paiman : WAH!kowe ki Jo, nek kadung mendem utekmu kesleone soyo nemen

Ora suwe cewek'e pesenane Paijo teko (luuur cewek'e ki jenenge rodok gaul) cewek'e sexy bokonge semok lan montok pokok'e cocok karo pesenane Paijo

Paijo : mbak ngomong ngomong sampean jenenge sopo?

CEWEK : jenengku SELA mas

Paijo : lak tenan ayune jan cocok karo jenenge(batine Paijo timbang Srintil arek ndeso...so...so...) muehehehe...hehehe... karo nglirik dadane (poro member ngerti ora? nglirik dadane nek ora ngerti adae ngombe...)

CEWEK : ngoPo to mas kok guyu guyu

Paijo : anu...iku lho mbak adae ngombe iku kok gede (muehehehe...hehe ngguyu drakula)

Paiman : eleng Jo malaikat wes neng mbun mbunanmu kuwi lho

CEWEK : ooo iki to mas,pancene seger kok mas,pengen ngerti isine karo ngrogoh belahan dadane iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MUNG JAMPELAN GOMBAL

Paijo karo Paiman glundung kaRo ngemut botol

CEWEK : mas kenopo kok jempalikan teko kursi sepurone nek jeneng asliku
.
.
.
.
.
,
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SELA-MET SUBROTO

Paijo karo Paiman mlayu karo krukupan kathok
.
.
.
[[Kang Men]]

1 Nov 2013

Parik'an Malem Sabtu

11/01/2013 Posted by Unknown 2 comments
~Iwak teri
Dibungkus koran
Tukune bengi ceblok neng ndalan
~Tanggal siji wayah bayaran
Ojo lali mbayar kreditan

~Nyangking rantang
Warnane kuning
Isine kembang
Godonge garimg
~Kredit kotang
neng pasar paing
Kotange ilang
di gondol...(jawab dewe luuur karo mlumah neng duwur kasur)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Dadi Tukang Parkir

11/01/2013 Posted by Unknown 4 comments
Ceritane paijo dadi tukang parkir
Wektu iku enek wong parkir jenenge paiman

PAIJO : mas,ndang mundur mumpung teko
.
.
.
.
.
nduwur ora enek kendaraan muehe...he...he...(guyune wong semprul)

PAIMAN : WOiii ndok kopyor,kendaraan opo sing teko nduwur (esmosi stadium 1)

PAIJO : sopo ngerti enek pesawat liwat muehe...he...he...( Mulai ngece )
Wes ndang mundur mumpung teko
.
.
.
.
.
.
.
Ngisor sepi ora enek sing liwat

PAIMAN : WoW ! Wedus gembel,opo sing liwat teko ngisor (esmosi stadium 2)

PAIJO : sopo ngerti teko ngisor
enek
.
.
.
.
.
.
.
.
kucing liwat muehe...he...he...( Malah guyu ngece)
Mas,spion ne di sawang awas nubruk muehe...he...( Ngemut sempritan)

PAIMAN : iyo,ben nabrak
dengkulmu mluntir (esmosi stadium 3 )

PAIJO : STOP! Ngerti ora,nek ora ngerti mandek!!

PAIMAN : mandek jur meduk teko kendaraane

PAIJO : wes mas,kendaraanmu ora usah kok jagang (siap siap mlayu)

PAIMAN : (tibo jungkir walik)
jiangkriiik kowe tukang paRkir opo ngejak gelut

PAIJO : tukang parkir mas...(mringis mesum)

PAIMAN : kowe opo ora nyawang nek iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BECAK,sikilmu kuwi gawe njagang(karo nguncalne tugelan boto)

PAIJO : ben gaya sitik mas,sak iki nyetir rodo 3,sopo ngerti sesok nyetir rodo 4 muehe...he...(karo mlayu benakne kathok)
Nek ketemu tukang parkir koyok paijo,arep kok apakne luuur

By
.
.
.
[[ kang men ]]