24 Nov 2013

Paijo Dadi Tukang Becak

11/24/2013 Posted by Unknown 3 comments
Paijo sing profesine dadi tukang becak mangkal neng prapatan

Enek penumpang sing jenenge paiman

PAIJO : mas,arep numpak becak opo...

PAIMAN : ora aku gendong wae

PAIJO : walah,mas iso ae nek ndagel (karo nyamplukne jagang becak) muehe...he...he...

PAIMAN : kowe tukang becak opo arep ngejak tinju

PAIJO : guyonan mas,

PAIMAN : GUyon untu mu abrol kuwi,
Aku arep numpak becak, nek neng alamat iki bayare piro

PAIJO : 20ewu mas,mergo omahe sampean adoh

PAIMAN : nek 5ewu gelem ora....

PAIJO : jiangkrik koyok ngenyang brambang wae sampean mas,
Omahe sampean kuwi dalane gronjalan munggah meduk lan durung di aspal

PAIMAN : gelem ora,nek ora gelem aku tak golek tukang becak liyo

PAIJO : yo wes lah mas,itung itung dino iki sampean penumpang pertama

Paijo jur becak paiman ngebut dalane gronjalan nek numpak nganti ngepot ngepot padahal dalane menggak menggok

PAIMAN : mas,nek nyetir becak alon alon

PAIJO : ora usah kakean ngomong,
Iki becakku dewe ora nyewo

PAIMAN : waduh!!
Tekan omah iso ora slamet aku

PAIJO : tenang wae mas,iklas no wae
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nyowomu,bayar 5ewu njaluk slamet

PAIMAN : lha becak iki mandek'e piye

PAIJO : gampang mandek'e
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nek di tambah'i 50ewu iso mandek lan sampean yo slamet muehe....he...he...(guyu gendruwo ompong)

Paiman nambahi duwit 50ewu meduk tekan becak jur kejang kejang

Cerito iki di request KUROMARU judule paijo dadi tukang becak
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 komentar:

  1. haha....yo bener paijo...lawong mbayar limang ewu njaluk slamet....requesanku ndi kang...kok ra enek

    BalasHapus
    Balasan
    1. rikuest engkang pundi kang? kulo mboten semerap, monggo inbox mohtar ida mawon hehehe

      Hapus
  2. muehehe... sampean numpak becak mbayar piro loh?

    BalasHapus