31 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Tanggal Tuwek

12/31/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

''edisi tgl tuwek''

~Klambi lorek jarene batik
Garise miring warnane kuning
~Tanggal tuwek bojone purik
Dandange miring di senggol kucing
(Sepurane dik,durung kuwat tuku beras)

~Jarik kendit corak'e ombo
Tuku telu diwadai kranjang
~bojo njerit ora di blonjo
Aku mlayu gadekne KOTANG



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Selingkuh

12/29/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

'' SELINGKUH''

~eker eker lemah mlakune mundur
Enek kirik golek'i anak'e
~sing Neng omah sukete subur
Kok yo nglirik suket tanggane
(Opo sukete bojomu kurang subur)

~gusi abuh kok ngombe BODREX
Tambah abuh rasane nyut nyutan
~Wong selingkuh tujuane ngeSEX
Ora enek selingkuh mung arep petan


Monggo dilanjut parik'ane lur...


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Rondo

12/23/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Sikil ondo di cokot kewan
Kewane gedi dowo sungune
~Enak rondo tinimbang prawan
Urung di tari wes mlumah dewe

~sikil ondo di pangan codot
Mangan jambu sisane codot
~Dijawil rondo kathok ku mlorot
Mergo kolorku taline pedot
(Pasang kolor kawat)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Kathok

12/17/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDANG KANG MEN

~Godong simbuk'an diremes remes Ombo godonge dipangan marmut
~udan udan kathok'e teles Bareng di pepe dirubung semut
(Kathok opo gulo kok dirubung semut)

~godong tales gawe pakan marmut
Godong luntas warnane iju
~kathok teles dirubung semut
Bareng di entas gambare pulau
(Paling kathok'e ketumplekan wedang gulo )

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Des 2014

Paijo Disambati Ingonane

12/16/2014 Posted by Unknown No comments
Ojo kondo sopo sopo lur,jebule Paijo iki ngerti bosone kewan
Iki curhate kewan marang paijo

PITIK : mas brow,saben dino ndok ku kok jupuk'i daginge kok pangan nanging aku ora tau kok pakani

PAIJO : iki tak pakani beras,nek wes wareg ndang turu kono

PITIK : nek aku wes wareg tak langsung mapan turu yo

PAIJO : ora usah kakean ngomong,matane ndang merem(nyusahne wong urip ae kowe iki)
Sak iki giliran wedus

WEDUS : mas brow,mongso udan ngene iki aku kademen mosok ora kok wei slimut karo di gawekne kandang

PAIJO : iki tak wei slimut,sesok wae tak gawekne kandange

WEDUS : nek ngono aku tak turu disek yo

PAIJO : Ojo kakean ngomong,ndang merem kono(ngrepotne menungso wae)

SAk iki giliran Sapi

SAPI : mas brow,saben dino susu ku kok elus-elus trus diremet-remet nganti kemeng

PAIJO : trus penjaluk opo,
Opo njaluk di pakani koyok pitik

SAPI : ora,aku ojo mung kok pakani ae

PAIJO : opo jaluk selimut koyok wedus

SAPI : ora,aku ora butuh selimut

PAIJO : wes ora usah kakean cangkem,njalukmu opo

SAPI : aku mung njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tanggung jawabmu kapan AKU KOK RABI, wes ngelus ngelus lan ngremet ngremet susuku mosok ora gelem tanggung jawab

PAIJO : jancokkk! rumangsamu aku lanangan sapi@%¤#

Saknaliko paijo minggat soko ngomah




Monggo di LIKE & BAGIKAN ‪#‎guyonanjowokangmen‬
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Des 2014

Parik'an Ora Wani Rabi

12/10/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
Parik'an ora wani rabi

1.~golek welut nyambi ngemut gelali
~isane mung gelut
Wis ora usah rabi

――≠――

2.~Tuku kebab asli turki
Wadahe besek mergone gedi
~ora tanggung jawab
kok njaluk rabi
Nganti tuwek teruso onani

――≠――

3.~Etan kali gununge pegat
Akeh kayune podo gapuk
~arep rabi yo kudu ragat
Ora jamane mung modal manuk

――≠――

4~golek jangkrik nemune bolongan ulo
~ditinggal pacare purik
Ngentekne kloso

5.~Asale areng,teko bakaran kayu
~Opo artine ganteng
Nek ora payu payu

――≠――

6~Teko solo numpak kereto
Oleh olehe telo diandumne tonggo
~golek bojo sing gelem dijak soro
Saben dino gelem nyitak boto




By
.
.
.
[[kang men]]

5 Des 2014

Paijo Sibuk Neng Luar Kota

12/05/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko paijo kerjo neng luar kota durung tau muleh muleh
Paijo jur telpon bojone sing neng deso jenenge srintil
Monggo di simak telpone paijo marang bojone srintil

SRINTIL : kring..kring..kring..
assalamualikum,
iki sopo yo

PAIJO : walaikum salam,iki aku dik

SRINTIL : nyelok aku dak.dik..dak..dik..emange aku bojomu

PAIJO : mosok lali karo aku

SRINTIL : LHA kowe sopo

PAIJO : ( kumat ayane jur waras maneh )
aku paijo dik,mosok lali

SRINTIL : oalah sampean to mas,nganti lali karo suaramu

PAIJO : opo mergo suaraku merdu koyok RHOMA IRAMA muehe..he..he

SRINTIL : ora mas,nanging koyok

PAIJO : koyok suarane ARIL NOAH(ngelek idu)

SRINTIL : ora mas,nanging koyok

PAIJO : koyok vokalise GIGI ( nyisir untune sing gondrong)

SRINTIL : malah ora babar blas mas

PAIJO : walah kesuwen,suaraku maleh koyok sopo

SRINTIL : maleh koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KETHEK NGOCEH MAS

PAIJO : (tibo teko kursi nganti gerah POLO )
sampean iki enek wae,
piye kabare dik

SRINTIL : kabare elek mas

PAIJO : maksudte elek piye to dik

SRINTIL : maksudku
Elek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Koyok rupamu mas

PAIJO : jiangkrik&%#&(wes di arani kethek sak iki elek)
Maksudku kabare sampean piye,
tambah kuru opo tambah lemu

SRINTIL : aku sak iki tambah lemu

PAIJO : ojo lemu lemu to dik,mengko aku nek muleh bingung

SRINTIL : bingung kenopo to mas

PAIJO : bingung nek ku bedakne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Iki Gajah angkrem opo kethek ngendok

Srintil langsung menek tower sak kesele



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men]]

4 Des 2014

Paijo Curhat Marang Srintil

12/04/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko paijo bebojoan karo srintil
Wong 2 iku curhat curhatan masalah mantane biyen

SRINTIL : mas,sampean biyen pacaran ping piro

PAIJO : mantanku biyen mung sitik kok dik

SRINTIL : sitik iku mung piro

PAIJO : mung rolas (12) kok dik

SRINTIL : Tenan iku mas

PAIJO : yo tenan to dik mosok ngapusi muehe...he...he...(isin karo krukupan kresek)

SRINTIL : buktine opo mas?

PAIJO : buktine S*MP*K ku kabehe 12,mergo saben ulang tahun aku di kado S*MP*K karo mantan pacarku muehe...he...he...(guyu bangga)

SRINTIL : sampean pancene hebat mas

PAIJO : nek sampean biyen duwe mantan pacar piro dik

SRINTIL : aku mung 2

PAIJO : buktine opo nek mantan pacare sampean mung 2

SRINTIL : Buktine jek tak simpen mas,biji jagung 2 iki karo duwit 12 ewu

PAIJO : aku ngerti,berarti nek sampean nyimpen biji jagung siji mantane sampean siji,nek sampean nyimpen biji jagung 2 berarti mantane sampean 2

SRINTIL : Tumben polone sampean waras mas xi...xi...xi...(isin karo ngrikiti kuku jempolan)

PAIJO : nek duwit 12 ewu iku bukti opo dik

SRINTIL : nek iku buktine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku dodolan jagung sak kilo payu 12 ewu mas

Saknaliko paijo ayane kumat




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Des 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Ngayal

12/03/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Tuku semongko neng kuto paris
Semongko siji di sigar sigar
~Gak nyongko duwe pacar manis
Tetep legi wasio ngombe teh tawar
(Lambene Ngempet pahit)

~Mongso rendeng kembange mekar
Kembang turi isine ireng
~Lingguh bareng disanding pacar
Mangan iwak teri
Rasane bandeng

Opo yo ngono to lur...



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Des 2014

Gombalan Gagal Paijo

12/02/2014 Posted by Unknown No comments
Gombalane paijo ngrayu srintil versi gagal

PAIJO : Sri,bapakmu bakulan petaSan yo

SRINTIL : kok ngerti mas

PAIJO : suarane camkemu marai rame tur ngentekne duwit

SRINTIL : mlayu neng pawon jupuk pacul nguber paijo

――≠――

PAIJO : dik sri,sampean ngerti menara pisa

SRINTIL : yo,ngerti to mas

PAIJO : miringe menara podo karo utekmu dik sri

SRINTIL : ngungkal arit jur nguber paijo

――≠――

PAIJO : sri ibukmu mesti penyanyi yo

SRINTIL : sampean ngerti ae mas

PAIJO : pancene bener nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ENTUTMU PANCENE MERDU

SRINTIL : (ngelus dodone)
Bapak sampean mesti bakulan wit pring to mas

PAIJO : lho kok ngerti

SRINTIL : MERGANE
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rupamu koyok gogrokan GEDHEK

Paijo nguntal baygon sak wadahe



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Nov 2014

Parik'an Edan Kang Men Edisi Budal Kencan

11/27/2014 Posted by Unknown No comments
OJO LALI KARO KEBUDAYAAN PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Watu akik warnane biru
Batik ungu kuwi klambimu
~Parasmu dik, pancene ayu
Nekmu guyu ngrontokne atiku

~Batik lurik gambare manuk kenari
Gowo telu ngumbah neng kali
~dolan neng omahmu dik,aku jek wedi
Mergo Bapakmu, galak koyok ASUne POLISI PATROLI


(Malem jum'at ora sido kencan,IJek tekan ngarep lawang wes GUK...GUK...GUK...)



By
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Nov 2014

Penangkal Modus Versi Kang Men

11/11/2014 Posted by Unknown No comments
Nek ketemu wong lanang sing senengane (modus) ojo kwatir lur.,
Iki penangkal gawe wong wedok ben ora kenek moduse wong lanang

PAIJO : mbak,aku arep takon(modus)

SRINTIL : takon opo mas

PAIJO : nek teko juanda suroboyo mlaku nganti Senayan bung karno pirang kilo mbak?

SRINTIL : lha opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mlaku,Dengkulmu pengen anjlok sikilmu iso ngoyot mas,enek pesawat kok mlaku
(Paijo raine krukupan kresek)

PAIJO : Mbak,jeneng sampean sopo muehe...he...he...

SRINTIL : jenengku sri,nek jeneng lekapku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRIADI,profesiku dodolan gedhek karo ondo neng pojok'an pasar
(Saknaliko paijo nyuwili gogrokan gedhek)

PAIJO : mbak,kiro kiro menara eifel duwure pirang meter yo (modus)

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku mung pengen takon

SRINTIL : tak kirane sampean arep nyeblok teko nduwur

PAIJO : ora mbk,tapi anu...

SRINTIL : ora usah nulis surat wasiat,aku percoyo karo rupane sampean sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPRET rejeki seret paling bondomu yo cupet,dadi sampean ora usah nulis surat wasiat



Mugo mugo tip iki manfaat yo lurrr...
Nek kepengen nambahi monggo




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Nov 2014

Ora Usah Nesu Nesuan Yen Wes Bebojoan

11/05/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko wes bebojoan iku ora usah nesu nesuan
Senajan sego sak kepel kudu di pangan wong 2

Kisah ceritone paijo lan srintil bebojoan wektu nesu nesuan,wong 2 iku ora omong omongan enek seminggu

Bengi iku paijo muleh kerjo bengi,bojone sing jenenge srintil wes turu angkler mlungker mlungker glantong koyok codot muehe...he...he...

Sak durunge paijo mapan turu nulis surat,tulisane ngene
'' sri,sesok isuk aku gugahen jam pitu (7) isuk,mergo aku arep neng kantor enek pelantikan ketua RT
Lan RW'

Surat iku mau di tempelne neng lawang kamar

Sesok awan paijo tangi jam 12 awan atine grundel tur mangkel,

Paijo oleh balesan surat teko srintil sing di tempelne neng lawang,paijo langsung ndelok surat teko sritil,balesane ngene

''WOI TANGI TANGI JARENE KONG GUGAH IKI WES JAM 7,WONG TURU KOYOK GAJAH ANGKREM''

Sak naliko paijo koprol maju mundur sak mumete

Sing duwe bojo mugo mugo lageng sing durung duwe ndang oleh bojo




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Nov 2014

Pesene Kang Men Edisi Tawuran

11/03/2014 Posted by Unknown No comments
Gawe arek arek sing jek sekolah senengane tawuran
Paijo duwe tip tawuran sing aman

1.sak durunge tawuran di adakne rapat, ketua tawuran rundingan disek,kudu enek seksi bendahara,seksi konsumsi,seksi kesehatan dll

2.panggon tawuran iku ditentokne ojo neng dalan dalan marai gangu wong liwat,nek iso golek panggon pegunungan utowo neng pantai,dadi nek kesel iso leren refresing disek

3.peserta tawuran di itung disek ben imbang,ojo 20 peserta kok musuhne 1500

4.golek sponsor sing akeh,dadi kowe tetep oleh bayaran

5.stasiun TV kon nyiarne LIVE utowo radio radio

6.jam tawuran ditentokne ketua kubu,mergojad walmu facebookan,wayah ngarit,angon wedus ora ke ganggu

7.ora usah ngombe alkohol,no drugs opo maneh gawe SAJAM( senjata tajam,tugelan boto ,utowo watu)

8.sak durunge tawuran dimulai kudu enek pembukaan,drum band,tari tradisional utowo nanggap wayang

9.terus ketua tawuran nguwei sambutan sing apik apik

10.sing terakhir dongo menurut agama lan kepercayaan diterusne acara selametan gawe sego tumpeng

Mugo mugo tip iki manfaat gawe sing seneng tawuran


SELAMAT TAWURAN !
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

31 Okt 2014

Curhat Neng Ngisor Jembatan Suromadu

10/31/2014 Posted by Unknown No comments
Neng ngisor jembatan suromadu paijo lan paiman lagi curhat curhatan
PAIJO : Man,nek seumpomo pacarmu selingkuh arep kok kapakne
PAIMAN : Nek pacarku konangan selingkuh langsung tak ajak neng pasar
PAIJO : arep kok tukokne klambi anyar
PAIMAN : ora jo
PAIJO : arep kok tukokne celono
PAIMAN : yo ora to jo
PAIJO : lha terus arep kok apakne neng pasar
PAIMAN : sing jelas tak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ijolne bayem utowo kangkung
PAIJO : tambah pinter ae kowe man,nek seumpomo pacarmu njaluk di bonceng sepeda motoR piye jal?
PAIMAN : pacarku mesti tak kandani ojo numpak motor,nek ora kulino iso masuk angin trus mati koyok tonggoku
PAIJO : dengaren polomu waras muehe...he...he..
PAIMAN : JIANGKRIKKK,rumangsamu aku gerah polo
PAIJO : masalahe iku ngene man,nek pacarmu lemu utowo gendut ben gelem diet carane Piye?
PAIMAN : nek iku gampang man,awakmu mung ngomong 4 kata pacarmu mesti langsung gelem diet
PAIJO : carane piye man
PAIMAN : pacarmu bisik ono kupinge alon alon ngene,
Dik sampean ora pantes lemu
PAIJO ; pacarku nek jawab, ''emange kenopo mas karo bodyku ''
PAIMAN : nek di sawang teko adohan bodymu koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
T€L€K S€ND€N,
Kowe jur cepet cepet ndang mlayu
Sak naliko paijo gelut karo paiman neng ngisor jembatan
LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

Mantan Iku Koyok . . .

10/31/2014 Posted by Unknown No comments
1.Mantan iku koyok utang,nek di eling eling marai nyesek nanging di butuhne

2.Mantan iku koyok sambel,nek kelingan rasane pedes nanging pengen nambah maneh

3.Mantan iku koyok permen karet,nek di buang sembarangan

Iso nempel neng atine wong liyo,contone di temu konco dewe

Sing rumongso tau duwe mantan monggo komen



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

30 Okt 2014

Kamus Kang Men Edisi Inggris

10/30/2014 Posted by Unknown No comments
Kamus bhs inggris versi paijo wong jowo

1.setan ngumpul = the meats the meats 2.dudo/rondo = the we and

3.kabotan gowo barang = moon think

4.ora sandalan = the lamak

5.mambu lebus = there eng add us

6.ngambung pipi = the sun

7.edan anyaran = the leming

8.wong kampung : the so

9.keringeten = the romos

10.ora ngerti = the longobs

11.lingguh ning pojok = the piss

12.mambu ora enak = the lek pie thik

13.moco montro = the mie mil

Sing kepengen nambahi mongggo



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Okt 2014

Mantane Paijo Kangen

10/26/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo oleh telpon teko mantan pacare jenenge srintil,sing lungo adoh kerjo neng HONGKONG

PAIJO : kruing...kruing.,.
Hallo sopo iki?

SRINTIL : aku srintil beb,mosok lali karo aku xi...xi....(mringis karo didis tumo)

PAIJO : Bab...beb...bab...beb...rumangsamu aku bebek,piye kabarmu

SRINTIL : aku sehat beb,sampean piye kabare

PAIJO : kabarku waras beb

SRINTIL : lho,sampean opo mari gendeng kok lagi waras xi...xi...

PAIJO : jiangkrik,maksudku Poloku ora gerah awakku yo waras

SRINTIL : beb,aku kelingan jaman biyen wektu aku ijek pacaran karo sampean

PAIJO : Emange kenopo beb

SRINTIL : awak dewe pacaran neng ngisor pager karo mangan kRipik, eling ora?

PAIJO : Uenakkk yo beb kripik telone

SRINTIL : ora enak beb,biyen iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ora kripik nanging GOGROKAN GEDHEK sing awak dewe sendeni xi....xi....

PAIJO : MODRYAR AKU,
Beb telpone kulo tutup riyen nggeh

SRINTIL : kenopo beb,

PAIJO : kulo ajenge pamit nyemplung sumur

Ora dadi pacar yo dadi dulur nek ora dadi dulur dadekne konco




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Okt 2014

Cerito Dewasa Khusus 18 ples

10/16/2014 Posted by Unknown No comments
Cerito dewasa malem jum'at lurrr...
Paijem,markonah lan srintil lagi ngenekne arisan
Biasa lur,wong telu iku mau nyritakne kejantanane bojone dewe dewe

PAIJEM : jeng maR,mambengi bojoku ngejak Posisi JAMPING NGOLI xi...xi...xi...

MARKONAH : iku posisi anyar to jeng ...

PAIJEM : bojoku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
sak JAM GAYA PING SONGO LIMO

MARKONAH : hebat lho jeng bojo sampean,
Nek bojoku senengane gaya JENGKING MONGSO

PAIJEM : iku gaya opo jeng,kok aku nembe krungu

MARKONAH : iku gaya wes suwe nanging lagi trend jeng xi...xi...

PAIJEM : oleh ora nek aku jaluk warah JENGKING MONGSO

MARKONAH : gampang kok jeng,iku gaya
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
''ngajeng wingking monggo kerso '' xi...xi...

PAIJEM + MARKONAH : jeng Sri kok meneng ae

SRINTIL : injih jeng,nek bojoku biasa gawe gaya pitu siji (71 )

PAIJEM + MARKONAH : gaya anyar maneh iku jeng,hebat tenan bojo sampean jeng (penasaran)

SRINTIL : ora jeng,gaya pitu siji(71) iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Golek'i bolongan pitung jam gaya mung siji

PAIJEM + MARKONAH : Kulo nuwun sewu jeng

SRINTIL : ajeng teng pundi

PAIJEM + MARKONAH : kulo ajenge koprol%&*#




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

15 Okt 2014

Pengalamane Paijo Numpak Pesawat

10/15/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo numpak peSawat jurusan suroboyo arep neng jakarta
neng njero pesawat paijo salah kursi, manggon neng ngarep kelas bisnis kudune paijo manggon neng nduwur pesawat mergo kelas ekonomi muehe...he...he...

PAIMAN : mas,sampean salah kursi,panggone sampean neng mbuRI

PAIJO : ora iso mas,masalahe aku teko disek dadi panggonku neng ngaREp
Paiman nyeluk (panggil) pramugaRi

PRAMUGARI : bapak,panjenengan kursine neng mburi

PAIJO : samPean sopo,ngongkong aku neng mburi

PRAMUGARI : kulo PRAMUGARI

PAIJO : pramugari tugase opo

PRAMUGARI : Tugase pelayan Pak

PAIJO : oalah,saMpean babu,nek ngono sampean muleh ae mbak korah korah piRing neng omah
Ora suwi pilot pesawat marani paijo

PAIJO : sampean sopo

PILOT : kulo pilot pak

PAIJO : pilot tugase opo?

PILOT : kulo tugase nyopir pesawat

PAIJO : oalah,tak kiro Sampean mau tukang parkir peSawat,kok gaya gawe seragam lan topi
Podo podo penumpange Jemblung marani paijo jur bisik bisik neng kupinge
Sak naliko paijo langsung ngaleh karo lambene ngomel ngomel

PILOT : wong iku sampean bisik'i opo mas

JEMBLUNG : aku mung nakoni,sampean medun jurusan ngendi

PAIJO : jurusan jakarta

JEMBLUNG : nek jakarta panggone neng mburi mas,sing sampean panggoni iku jurusan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PASAR WONOKROMO


Iki pengalamane paijo luR




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Okt 2014

Parik'an Edan Kang Men edisi Konangan

10/13/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Mangan klepon karo sendenan
Klopo ijo kok di gawe wajik
~Enak2 telpon karo selingkuhan
Neng mburi bojo
Wes malang kerik
(Biasa dik,iki telpon langganan rosok ''MODUS'')


~parutan klopo di campur ketan
Klopo tuwek gurih tenan
~Telpon selingkuhan karo singitan
Konangan mbok wek di sawat wajan
( Jare bojone'' wong iki durung tau tak ijolne rosok'')


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Okt 2014

Kelingan Mantan

10/11/2014 Posted by Unknown No comments
Nek pancene awakmu ijek waras lan ijek kelingan mantan pacarmu,Sebutne jenenge lan cirine

Conto
Srintil,unyeng unyenge songo




By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Okt 2014

Hobine Pak Guru Jemblung

10/10/2014 Posted by Unknown No comments
Pak guru jemblung iki ngulang neng SD MAJU MUNDUR
''pak guru jemblung kepengen kenalan karo murid murid kabeh''
Arek arek Sebutne jeneng lan hobymu opo?

PAIMAN : jeneng kulo paiman pak, hoby bunga...

GURU JEMBLUNG : arek lanang kok seneng bunga koyok bencong tomboy,
Sing mburine paiman kuwi sopo,
irunge kok bangir neng mburi?

PAIMO : jeneng kulo paimo,hoby bunga pak

GURU JEMBLUNG : kowe iki opo ALAY hoby kok bunga,
Lha nek sing untune begelan kawat bangunan kuwi jenenge sopo?

PAIJO JR : Jeneng kulo paijo jr pak, hoby kulo nggih bunga

GURU JEMBLUNG : duwe murid kok jeneng ngarep huruf P kabeh hobyne yo podo,
Emange sing kok senengi karo bunga iku opo?

PAIJO JR : mergine
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUNGATIYEM ayu, senengane damel rok mini wonge sexy bokonge semox muehe...he...he... (wali kelas kulo pak)

Sak naliko Pak guru jemblung ngrikiti cagak bendero




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Okt 2014

Murid Anyar SD Maju Mundur

10/07/2014 Posted by Unknown No comments
Salah sawijining dino paijo jr murid anyar,mlebu neng SD maju mundur
Wektu enek pendataan,paijo jr di takoni karo pak guru paiman

PAIMAN : jeneng lengkapmu sopo le...?

PAIJO : jeneng lengkap kulo
'' PAIJO SEGIROLSONOV ''

PAIMAN : (guling teko kursi jur tangi maneh)
Rupamu ora imbang karo jenengmu le,koyok wong rusia,
Emange bapakmu blesteran teko ngendi?

PAIJO JR : hasil blesteran jowo karo londo

PAIMAN : nek mbokmu jenenge sopo?

PAIJO JR : Srintil,
Hasil blesteran jowo karo rusia

PAIMAN : lak tenan to...kowe mesti duweni keturunan darah rusia

PAIJO JR: kok saget ngoten pak?

PAIMAN : di delok teko jenengmu ae PAIJO SEGIROLSONOV,mesti kowe keturunan rusia

PAIJO JR : nek SEGIROLSONOV Niku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SELOSO LEGI TANGGAL ROLAS WAYAH POSO ULAN NOVEMBER Muehe...he...he...

Paiman langsung ngrawuk'i raine dewe(jebule jowo ndeso)



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Okt 2014

Kurban

10/05/2014 Posted by Unknown No comments
Dino iki mau paijo wes kurban
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
tabrak lari muehe...he...he...

sing wes hadir, iki mau kurban opo lur....

SELAMAT HARI RAYA IDHUL ADHA





By
.
.
.
[[ kang men ]]

30 Sep 2014

Paiman Dadi Mandor

9/30/2014 Posted by Unknown No comments
Paiman sing dadi mandor neng PT MLARAT JAYA,ngecek siji siji karyawane
Pas lagi ngecek karyawane paiman ngerti paijo sing lagi enak enak'an rokok'an

PAIMAN : Woiii,iki jam kerjo ora malah nyantai neng kene,iki pabrik gone mbahmu opo piye

PAIJO : tenang wae man,sing penting kan
DUREN CANGKOK'AN = LINGGUH LEREN KARO ROKOK'AN Muehehe...he..he..(malah guyu cengengesan)

PAIMAN : Dengkulmu kuwi sing di CANGKOK

PAIJO : oalah man, kowe kuwi dadi MANDOR KAWAT wae gaya

PAIMAN : aku iki mandor neng PT MLARAT JAYA

PAIJO : koyok aku ora ngerti kowe kan
MANDOR KAWAT = KERJO KENDOR MANGAN KUWAT Muehehe...he..he..(guyu ngakak

PAIMAN : jiangkriiik, kowe niat kerjo opo cangkruk'an

PAIJO : yo jelas kerjo,mosok arep dodolan K¤T@NG neng pabrik

PAIMAN : yo wes nek ngunu bayaran ulan ngarep
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : arep kok tambah'i
.
.
.
.
.
PAIMAN : tambahi untumu ambrol kuwi
.
.
.
.
PAIJO : AREp kok wei bonus
.
.
.
PAIMAN : bonusi gingsulmu limo likur kuwi
.
.
.
.
PAIJO : LHA terus arep kok wei duwit opo

PAIMAN : nek kerjomu koyok ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DUWIT SANTUNAN KEMATIAN WAE GAWE MBAYARI KOWE

Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngrikiti pendoso



Monggo di LIKE & BAGIKAN LUUUR ‪#‎guyonanjowokangmen‬
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Sep 2014

Liburan Neng Bali Maneh

9/29/2014 Posted by Unknown No comments
Wayah liburan kerjo paijo lan paiman dolan neng bali
Wong 2 Neng pinggir pantai nyawang turis bule sing semok lan menthul-menthul sing lagi mepe (jemuR) awak

PAIMAN : suit...suit (jarak cewek bule) jo tak bedek'i nek cewek sing lagi mlayu kae bokonge mulus kinyis kinyis bule teko ngendi jal...

PAIJO : nek iku cewek bule teko australi mergo mlayune pencolotan koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
kanguru muehe...he...he...

PAIMAN : huzzz...lambe rusak,
nek cewek bule sing putih mulus bokonge minthul minthul kuwi teko negoro ngendi jal...

PAIJO : nek iku bule teko negoro jepang mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
mripate kriyip kriyip koyok mari tangi turu
Muehe...he...he...

PAIMAN : aku ora rugi jo duwe konco kowe,sing duwe keistimewaan

PAIJO : maksudmu keistimewaan opo?

PAIMAN : keistimewaanmu duwe camkem angger jeplak

PAIJO : sing penting jawaban ku bener,nek masalah ndelok bokong aku sing nomer siji man guk...guk..(guyu asu)

PAIMAN : cobo bedek'en sepisan maneh,
cewek bule sing lagi turu murep kuwi asale teko negoro ngendi

PAIJO : waduh nek cewek bule kuwi aku durung ngerti,mergo neng kamusku ora enek bokong sing modele koyok ngono

PAIMAN : lha jarene awakmu ahli nek masalah bokong

PAIJO : tapi ora bokong ngunu kuwi,
emange cewek bule kuwi teko ngendi jal...

PAIMAN : cewek bule iku teko AFRIKA

PAIJO : awakmu kok ngerti,opo kowe tau ndelok,..

PAIMAN : yo jelas ngerti,wong bokonge
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JAN IREEENG PODO KARO BAKARAN TELO KOYOK RAIMU

Saknaliko Paiman mlayu ngibrit
Paijo lholak lholok ngrakwuk'i raine dewe



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Sep 2014

Pak Paiman Ngejak Gelut

9/28/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo jr murid neng SD maju mundur duwe guru paiman sing ora tau akur mesti ngejak geger
Langsung wae neng TKP lurrr...

PAIMAN : Woi...brutu kethek ojo rame

PAIJO JR : guru edan,muridte di celuk(panggil) kethek,
Wonten nopo pak

PAIMAN : ayo maju neng ngarep,neng papan tulis iku di woco

PAIJO JR : injih tumo kethek

PAIMAN : bocah edan,gurune di celuk tumo,cepet ndang di woco
Paijo moco ngejrah huruf neng ngarep karo nyawang papan tulis

PAIMAN : K......U di woco opo?

PAIJO JR : di woco KU

PAIMAN : D......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco DA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo?

PAIJO : yo di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JARAN

PAIMAN : pancene bocah G*T€L*sasi pancene gerah polo

PAIJO JR : Bedane kuda karo jaran opo pak

PAIMAN : sak jane yo podo muehe...he...he...
Sak iki M.......A di woco opo?

PAIJO JR : di woco MA

PAIMAN : T.....A di woco opo

PAIJO JR : di woco TA

PAIMAN : nek di gabung wocone opo jo

PAIJO : Di woco
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MATAMU

PAIMAN : murid J*NC*KKK#@*%,gurune di mata matane,
Kowe tak hukum koprol maju mundur ping selawe likur,pus up ping sepuluh kurang sak ugel

PAIJO JR : gurune yo edan,sepuluh kok kurang sak ugel
Paijo jr karo pak guru paiman akhire gelut neng njero kelas prakkk...brukkk...gedabrusss
Poro member jago paijo jr opo paiman? muehe....he...he...




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Sep 2014

Mbah Srintil Numpak Becak

9/27/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah srintil umure 90 thn,wes jelas nek umure sak mono mesti onderdile wayahe medun mesin
Wektu iku mbah srintil muleh teko pasar arep numpak becak'e paijo

MBAH SRINTIL : le,aku arep numpak becak

PAIJO : injih mbah

MBAH SRINTIL : Teko omahku bayare piro

PAIJO : bayare mung 10.000 mbah

MBAH SRINTIL : Nek 3.000 Oleh ora?

PAIJO : ora oleh mbah

MBAH SRINTIL : wes 5.000 Oleh gak

PAIJO : ora oleh mbah

MBAH SRINTIL : nek oleh 7.000 engko tak wenehi eroh dalan nerabas neng omahku sing cepet

PAIJO : tetep ora oleh mbah
Akhire mbah srintil numpak becak'e paijo tarif 10.000 karo mangkel

PAIJO : MBah omahe jenengan pundi

MBAH SRINTIL : meneng wae ora jawab

PAIJO : mbah jenengan mudun ngendi

MBAH SRINTIL : mau kan wes tak kandani nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
bayar 7.000 tak wenehi eroh omahku

PAIJO : lha terus iki neng ngendi mbah

MBAH SRINTIL : aku kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gowo muleh neng omahmu ora opo xi...xi...


''Mbatine paijo : J*NC***K ngopeni mayit urip''


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Sep 2014

Kode Part #2

9/26/2014 Posted by Unknown No comments
KODE PART #2

Paijo lan srintil pengen duwe ingon ingon wedus
Wong 2 iku moro neng paiman sing duwe ternak wedus

PAIMAN : pak,wedus lanang iki keturunan australi dadi regone larang

PAIJO : opo bedane karo wedus jowo

PAIMAN : nek wedus australi sedino kuat kik...kuk...kik...kuk...ping limo dadi cepet meteng wedok'e
Srintil njawil paijo karo ngomong''sampean kik...kuk...sepisan dengkulmu mluntil mas xi...xi...(ngece bebek)

PAIMAN : nek wedus iki keturunan londo dadi regone tambah larang

PAIJO : opo bedane kaRo wedus jowo

PAIMAN : nek wedus londo sedino kuat kik...kuk...kik...kuk ping Songo
Srintil njawil paijo maneh karo ngomong ''tibak'e rupo iku pengaruh karo tenogo pak'e''xi...xi...(ngece kethek angop)

PAIJO : ngono kuwi wedus lanange sedino njaluk gonta ganti ora

PAIMAN : saben dino
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WEDUS WEDOK'E KUDU GANTI BEN ORA BLENGER(JEMU)
Paijo njawil srintil karo ngomong

PAIJO : piye buk'e,sampean wes siap
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DaDI MBOK' SING TUWEK

Sak naliko srintil bRakoti suket



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kan men ]]

24 Sep 2014

Kode Part #1

9/24/2014 Posted by Unknown No comments
KODE PART #1
Paijo nek arep kik...kuk...kik...kuk bojone duwe kode spesial marang bojone sing jenenge srintil

PAIJO : le,kandani ibu mu,engko bengi bapak arep gawe telpon

PAIJO JR : injih raden kang mas paijo

SRINTIL : kondo marang bapakmu nek telpone ora enek signal
Sesok bengi paijo ngongkon paijo jr

PAIJO : le,kondo neng ibu telpone engko bengi arep tak gawe

PAIJON JR : injih komandan paijo

SRINTIL : le,kondo marang bapakmu,nek telpone baterayne low bat
Sesok bengine paijo ngongkon anak'e maneh

PAIJO : le,kondo marang ibukmu nek telpone ora kenek di gawe,bapak tak telpon neng jobo(luar) omah

PAIJO JR : koyok anak'e menteri ae ngongkong aku terus

SRINTIL : le,kandani bapakmu yo,nek sepisan wae telpon neng jobo omah,ibu arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUKAK TELEPON UMUM GRATIS ORA USAH PAJAK

PAijo sing krungu omongane bojone langsung ngrikiti pojok'an mejo


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Sep 2014

Pelajaran IPA Maneh

9/23/2014 Posted by Unknown No comments
Bu guru srintil iki ngulang pelajaran IPA ( ilmu pengetahuan alam
''arek arek sebutne suarane kewan lan jenenge,
sing iso jawab tangane ngacung

PAIMAN : meong...meong...meong...suarane kucing bu.(Jogetan caesar neng duwur mejo)

BU GURU : paiman jan pinter tenan,wis ndang medun teko nduwur mejo timbang glundung mengko marai sirahmu gerah POLO

JEMBLUNG : kulo nggih saget bu,
Guk...guk...guk...suarane ASU (menek cagak bendero )

BU GURU : pinter jemblung,wis ndang medun teko cagak bendero timbang ceblok dengkulmu mluntir

PAIJO JR : suwit...suwiiit....suwiiiiit hello cayang

BU GURU : woi! Kuwi suorone opo jo?

PAIJO JR : niku suarane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUAYA DARAT bu,( paijo jogetan goyang itik )

BU GURU : WOW murid edan #¤*% karo koprol maju mundur sak mumete
By
.
.
.
[[ kang men ]]

20 Sep 2014

Parikan Edan Kang Men Edisi Curhat

9/20/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

1.~Nguber asu ora sandalan
Asune mlayu neng ngisor wit manggis
~nyawang sliramu neng pelaminan
rasane atiku koyok di cubles keris

――≠――

2.~Pak carik ngucapne salam
~ora ketemu sedetik
Rasane koyok selawe likur jam

――≠――

3.~sego gurih campuran klopo
~atiku perih
Sliramu mlaku karo wong liyo

――≠――

4.Mangan kripik di sambi ngaret
~cintaku iki dik,asli lan unlimited

――≠――

5.~gawe jamu peresan timun
~nyawang sliramu
ngentekne stok sabun

――≠――

6.~Mongso rendeng bulane telu
~aku iklas gendeng nek kowe iso guyu

――≠――

7.~Anak asu nguntal jenang
~tak elem ayu jebule lanang

――≠――

8.~anak asu nguntal gombal
~kok tolak cintaku rasane koyok di rudal

――≠――

Pilih parik'an sing cocok karo pengalamanmu
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Sep 2014

Wektu Enek Rapat Kenegaraan

9/19/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu enek raPat kenegaraan
Paiman al brutowali wakil rapat teko arab
Mr michael jemblung ndal ndul wakil teko amerika
Paijo delahoho wakil teko indonesia asli jowo
Paiman takon marang jemblung

PAIMAN : mblung,neng negoromu kowe di wei juluk'an opo?

JEMBLUNG : nek aku di juluk'i SUPER POWER(paijo muehe...he...mung guyu kadal buntung)

PAIMAN : mergone opo mblung

JEMBLUNG :mergo negoro sing canggih lan kuwat,
Lha nek kowe oleh juluk'an opo neng negoromu

PAIMAN : nek aku di juluk'i MACAN PADANG PASIR

JEMBLUNG : mergone opo man

PAIMAN : mergo nek perang neng padang pasir,mosok arep perang neng alas.ora enek alas
(Paijo muehe...he...he...guyu ngakak)

PAIMAN lan JEMBLUNG takon marang PAIJO

PAIMAN & JEMBLUNG : cangkemmu ojo mung guya guyu,
nek neng negoromu kowe oleh juluk'an opo jo

PAIJO : aku di juluk'i '' SINGO DIMEJO ''

PAIMAN & JEMBLUNG : WOW KEREN jo (kaget glempang teko kursi),mergo opo kowe kok dijuluk'i ngono

PAIJO : aku di Juluk'i SINGO DIMEJO mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NEK SIDANG NGOMEL NGAMUK KARO MUNGGAH MEJO

Muehe...he...he...Paiman lan jemblung guyu ngakak nganti guling guling ngemut sikil mejo



Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Sep 2014

Tips Ketemu Lanangan Modus

9/18/2014 Posted by Unknown No comments
Nek ketemu wong lanang sing senengane (modus) ojo kwatir lur.,
Wong wedok ojo kuwatir kang men duwe penangkal ben ora kenek moduse wong lanang

PAIJO : mbak,aku arep takon(modus)

SRINTIL : takon opo mas

PAIJO : nek teko juanda suroboyo mlaku nganti Senayan bung karno pirang kilo mbak?

SRINTIL : lha opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mlaku,Dengkulmu pengen mluntir sikil iso ngoyot mas,enek pesawat kok mlaku
(Paijo raine krukupan kresek)

PAIJO : Mbak,jeneng sampean sopo muehe...he...he...

SRINTIL : jenengku sri,nek jeneng lekapku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRIADI,profesiku dodolan gedhek karo ondo neng pojok'an pasar
(Saknaliko paijo nyuwili gogrokan gedhek)

PAIJO : mbak,kiro kiro menara eifel duwure pirang meter yo (modus)

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku mung pengen takon

SRINTIL : tak kirane sampean arep nyeblok teko nduwur

PAIJO : ora mbk,tapi anu...

SRINTIL : ora usah nulis surat wasiat,aku percoyo karo rupane sampean sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGAPRET rejeki seret paling bondomu yo cupet,dadi sampean ora usah nulis surat wasiat

(Paijo golek tampar jur kendat ngisor wit cepluk'an)

Mugo mugo tip iki manfaat yo lurrr...
Nek kepengen nambahi monggo



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

Rayuan Muat Versi Gatot

9/18/2014 Posted by Unknown No comments
Jenenge wong lagi tresno,ibarat donyo mung gawe wong loro (2)
Rayuan muat eh kliru,rayuan maut versi gatot(gagal total)

PAIJO : nek nyawang sliramu teko iringan sri,aku ora iso bedakne antarane srintil karo SAHRINI

SRINTIL : kang mas paijo iso ae nek ngrayu xi...xi...xi...(manja ngrikiti pucuk'e kuku)

PAIJO : opo maneh nek sampean lingguh jejer SAHRINI

SRINTIL : kenopo mas nek lingguh jejer(manja karo nyokoti lambe)

PAIJO : aku ora iso bedakne
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngendi sing disrempet becak ngendi sing ora muehe...he...he...

SRINTIL : ngrawuk'i raine paijo

PAIJO : sabar disek to sri ojo emosi,
Rambutmu sri,koyok sing neng TV iklan...

SRINTIL : sampo to mas xi...xi...(nyisir poni)

PAIJO : ora iku dik

SRINTIL : lha trus iklan opo mas

PAIJO : koyok neng iklan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
obat tumo,masalahe rambut sampean koyok gendruwo mari manak muehe...he...he...

SRINTIL : mas...mas...

PAIJO : enek opo to diajeng srintil nyeluk aku

SRINTIL : jan jane lambe sampean...

PAIJO : SEXY yo dik

SRINTIL : iyo mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Nek di sumpel softex seken xi...xi...

PAIJO : (langsung brakoti suket)

SRINTIL : mas, sak tenane sampean nek jejeran ARIEL NOAH ,22 karo 23

PAIJO : ,maksudte mirip piye dik?
muehe...he...he...(guyu bangga nyambi nglamuti sikil mejo?

SRINTIL : pokok'e jan mirip tenan,22 wong sing
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mripate katarak mesti sampean mirip ARIEL,
Nek 23 gambar sampean

PAIJO jur eker eker lemah karo ngemut beling




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Sep 2014

Mbah Srintil Seksi

9/17/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah srintil iki umure 90thn,wektu mbah srintil arep neng pasar numpak angkutan umum,ketepaan
Kernete jenenge paijo

PAIJO : mbah mudun ngendi?

MBAH SRINTIL : aku mudun pasar le,iki duwite

PAIJO : Lho duwite kok mung 500,iki kurang mbah

MBAH SRINTIL : arek iku mau kok mung bayar 1500

PAIJO : sing kathok biru iku mau arek SMP mbah

MBAH SRINTIL : sing sijine kok malah bayar duwit 1000

PAIJO : nek kathok abang arek SD mbah

MBAH PAIJEM : nek ngono aku malah ora bayar le...

PAIJO : lho,kok iso mbah

MBAH SRINTIL : mergo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ORA GAWE KATHOK

Paijo langsung brakoti ban serep



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Sep 2014

Plat B 46 US

9/16/2014 Posted by Unknown No comments
Iki plat nomere paijo,bocah paling
B.46.US

muehe...he...he..



Sing wes hadir plat nomermu opo lurrr...

By
.
.
.
[[ kang men ]]

Senajan Lanang Kudu Iso Masak

9/16/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo di kandani srintil

SRINTIL : mas,senajan sampean wong lanang nanging kudu iso masak

PAIJO : iyo sri,nek sampean ora iso masak aku siap ganteni
Isuk iku Paijo jur njaluk warah masak marang mbok'e paijem

PAIJO : mbok aku njaluk warah maSak

PAIJEM : dengaren polomu waras,ndang di siapne bumbune

PAIJO : iki arep nyayur opo mbok

PAIJEM : jangan rupamu le,eh maksudku jangan tewel

PAIJO : ngono yo anakmu mbok,ojo di padakne tewel

PAIJEM : lambemu ora usah rewel,lombok'e ndang di ulek

PAIJO : WEs siap mbok

PAIJEM : nek uwes ndang di cemplungne

PAIJO : ok mbok

PAIJEM : brambang bawange di cemplungne pisan

PAIJO : injih diajeng paijem

PAIJEN : kandani wong tuwek kok kurang ajar,
Tumbar ndang di cemplung ne

PAIJO : injih diajeng

PAIJEM : Klopone diparut trus diperes dicemplungne pisan

PAIJO : injih mbok,sing ayu dewe koyok SAHRINI disrempet sepur

PAIJEM : (sabar tingkat kabupaten)
Nek wes di cemplungne kabeh ojo lali Salam

PAIJO : (moro neng nduwur panci adah jangan)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ASSALAMUALAIKUM,
Opo wes mateng mbok

PAIJEM : mateng dengkulmu mluntir,maksudte godong salam


''Saknaliko raine paijo di urap karo uyah''



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

15 Sep 2014

Zodiak Edisi Limolas Sep Rongewu Patwelas

9/15/2014 Posted by Unknown No comments
ZODIAK DINO SENIN

SAPRICOY
PENGGAWEAN : golek beling
KEUANGAN : dompet ngapret
ASMARA : golek sing rodok waras

AQUA GALON :
PENGGAWEAN : bukak salon kethek
KEUANGAN : di uber uber bank kredit
ASMARA : jomblo tulen

PISMEN
PENGGAWEAN : nginceng rondo adus
KEUANGAN : isi dompetmu koyok rupamu duwit gambar 500
ASMARA : ibarat kowe Gombal ketemu serbet

PARISES
PENGGAWEAN : adol kolor
KEUANGAN : dompetmu ora enek isine nganti masuk angin
ASMARA : bencong tomboy lagi naksir

ORA URUS
PENGGAWEAN : nyuluh kodok
KEUANGAN : morat marit
ASMARA : gak jelas naksir lanang opo wedok

TUMINI
PENGGAWEAN : adol kubis
KEUANGAN : isi dompet sekarat
ASMARA : pacarmu nyidam menek talang

SARSER
PENGGAWEAN : mandor KAWAT(kerjo kendor mangan kuwat)
KEUANGAN : isi dompetmu mlongo
ASMARA : pengen duwe pacar brengose koyok SERUNDENG

LETONG
PENGGAWEAN : bakulan ondo
KEUANGAN : nyilah nyilih tonggo
ASMARA : golek pacar sing elek ben ora enek saingan

KIRNO
PENGGAWEAN : riwa-riwi
KEUANGAN : duwit utanganmu mung cukup gawe urip telung dino
ASMARA : nek pengen duwe pacar UP GRADE disek rupamu

LIEBAY
PENGGAWEAN : menek klopo
KEUANGAN : dompetmu kebak kupon togel
ASMARA : ora kenek putune gasak'en mbah'e

SCORE PIRO
PENGGAWEAN : nyitak boto
KEUANGAN : rejeki seret
ASMARA : golek pacar untune sing mbangir

SAGITA CIUS
PENGGAWEAN : ogok ogok irung
KEUANGAN : ngenteni sumbangan BLT
ASMARA : bojomu njaluk rebonding kelek

Sing ketinggalan cerito boso jowo,monggo mampir neng blog kang men ngisor iki
http://guyonanjowo.com




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Sep 2014

Paijo Lan Paiman Petuk Neng Akherat

9/14/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo mati nanging ora suwe koncone sing jenenge paiman yo melu mati,
Wong 2 iku mau ketemu neng akhirat

PAIMAN : lho jo kapan kowe mati

PAIJO : lagi wingi aku mati

PAIMAN : kenopo kowe mati jo

PAIJO : aku kakean ngombe banyu

PAIMAN : muehe...he...he...ngombe banyu kok iso mati

PAIJO : mergo Ngombe banyu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sak kecemplunge neng sumur, nek kowe mati mergo opo man

PAIMAN : wektu iku aku muleh kerjo trus mlebu kamar,
ngerti bojoku ora cawetan karo gak kotangan aku curiga bojoku selingkuh

PAIJO : lha trus wong lanang iku ketemu ora

PAIMAN : wong lanang iku tak golek'i neng lemari,njero gentong,njero kentongan,pojok'ane omah tikus,neng kandang pitik,nduwur omah,ngisor longan

PAIJO : trus kapan matimu

PAIMAN : aku mati mergo kekeselen golek'i wong lanang sing selingkuh karo bojoku,jantungku kumat jur kejet kejet

PAIJO : kowe kudu sabar man,
wong lanang iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng njero sumur
Muehe...he....he..

Saknaliko raine paijo di krawuk'i paiman


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

10 Sep 2014

Paijo Saiki Wes Oleh Kerjoan

9/10/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo arep budal kerjo,tekan tengah dalan ketemu koncone sing jenenge paiman

PAIMAN : arep neng ngendi jo kok macak guanteng kowe

PAIJO : Arep budal kerjo man mosok arep mapan turu

PAIMAN : Kowe sak iki mesti kerjo neng kantor jo,gaya gawe sEpatu

PAIJO : biasa wae man,koyok ora tau ngerti
aku gawe sepatu

PAIMAN : biasane kowe ora tau gawe kaos tangan

PAIJO : ben gayak sitik ora opo to man

PAIMAN : sak iki kowe kerjo gawe jaket

PAIJO : lha,sak iki aku kerjo neng panggon adem,dadi kudu gawe sepatu,kaos tangan,jaket ben ora di arani wong deso muehe...he...he...

PAIMAN : emange kowe kerjo neng ngendi

PAIJO : mreneo man tak bisik'i,
Aku kerjo neng
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PABRIK ES BATU man




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Sep 2014

Masalah Rumah Tangga

9/09/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo lagi ngrayu bojone,biasa lur masalah rumah tangga

PAIJO : sri,aku arep kondo marang sampean

SRINTIL : Kondo opo to mas

PAIJO : aku bejo banget duwe bojo sampean muehe....he...he...

SRINTIL : sampean iso ae nek ngrayu aku(nutuk'i manja pundak'e paijo )

PAIJO : awak dewe nikah wes 10 thn

SRINTIL : emange kenopo karo umure nikah awak dewe

PAIJO : mulai awak dewe nikah nganti sak iki,sampean durung pernah nesu karo aku

SRINTIL : pancene aku sabar kok mas,nanging enek batese

PAIJO : buktine sampean ora tau nesu

SRINTIL : sak jane aku yo nesu nanging tak empet

PAIJO : lha nek
~sepet sepet sawone entah
~di empet empet ora betah
Trus kepiye

SRINTIL : yo aku nesu,muring muring mlayu neng mburi

PAIJO : Sampean mlayu neng mburi arep nyapo?

SRINTIL : nyikat wc nganti resik mas

PAIJO : Muehe...he...he..sampean kok aneh,wong nesu kok nyikat wc

SRINTIL : aku nyikat wc
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gawe sikat untumu mergo aku pegel karo sampean xi...xi...xi...

Saknaliko paijo blokek'an mutah mutah rodo becak




LIKE & BAGIKAN by
.
.
.
[[ kang men ]]

8 Sep 2014

Bukti Cintane Paijo

9/08/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo pengen buktekne cintane marang srintil

PAIJO : sri,saktenane aku iki tresno marang sliramu

SRINTIL Ah tenane mas... (mancal mancal manja)

PAIJO : aku pengen cintaku iki kok tompo (muehe...he...he...)

SRINTIL : nek pancene sampean tresno,nanging enek 3 syarate...

PAIJO : sebutne syaratmu sri

SRINTIL : syarat sing pertama,sampean sanggup ngenteni...

PAIJO : ngenteni aku duwe mobil mewah

SRINTIL : ora mas,nanging sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kethek ngendok tak tompo cintamu

PAIJO : (ngrawuk'i raine dewe)
Nek iku aku ora sanggup sri

SRINTIL : yen ngono sampean sing ke loro(dua)
Sampean sanggup...

PAIJO : duwe omah

SRINTIL : ora mas,nanging kudu sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BELING BOSOK tak tompo cintamu(xi...xi...xi...mringis ngece)

PAIJO : (brakoti suket)
Oalah sri,opo ora enek sing luweh penak Penjalukmu

SRINTIL : enek mas syarat sing ketelu ,sampean kudu sanggup ...

PAIJO : DUwe sawah

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : Duwe tanah gedene sak lapangan senayan

SRINTIL : ora iku mas

PAIJO : lha trus sanggup opo

SRINTIL : sanggup ngenteni
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Gajah iso angkrem (xi...xi...xi...guyu ngakak)

PAIJO : lambemu sri kudu di slameti,
Kawit jaman
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : jaman opo mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Jaman pitik durung iso kathok'an,gajah ora bakalan angkrem

(Paijo muleh Karo mewek)




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Sep 2014

Srintil Mari Adus

9/07/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo mesam mesem nyawang bojone sing jenenge srintil
srintil sing mari adus,masak neng pawon jur di cedak'i marang paijo

PAIJO : tambah ayu ae sampean dik (rayuan gombal amoh)
~Rujak manis buahe nanas
~diajeng manis jek isuk kok wes kramas

SRINTIL : sampean iki opo lali
~buahe nanas bentuk'e gede
~aku kramas mergo mambengi mari di gawe (xi...xi.,xi...mringis tumo)

PAIJO : ngene iki aku ora iso lali dik
~Nanas gede regone mung telu seket
~kelingan rasane kok tambah rapet

SRINTIL : iku kan sing sampean senengi to mas
~Sawo sepet tlutuhe Pliket
~servisku rapet rasane yo tambah seret

PAIJO : muehe...he...he...
pancene bener dik,mambengi jan rasane manteb
Tenan
~Sawo sepet mergo jek entah
~tambah rapet pusokoku ora iso obah

SRINTIL : sampean kok yo aneh to mas
~Sawo entah pahit rasane
Neng lambe marai domble
~ora obah kliru panggone
Lawong pusokone kliru dalanane

PAIJO : rumangsaku ora kliru,nanging kok bedo rasane
~lambe domble dirubung laler
~bedo rasane nanging mripatku kiyer kiyer

SRINTIL : mangkane ojo karo ngantuk to mas
~lambe domble kakean mangan telo
~lawong pusokone
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kesrimpet kloso
(Mangkane seret tur rapet xi...xi...xi...)

Saknaliko PAIJO koprol maju mundur
Sak klengere




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Sep 2014

Paijo Jr VS Mbah Paiman

9/06/2014 Posted by Unknown No comments
Mbah paiman iki umure 90thn,lagi naksir rondo semok omahe sebelah deso
Wektu arep mangkat mbah paiman di kandani putu lanange jenenge paijo jr

PAIJO JR : mbah,arep neng ngendi

PAIMAN :Biasa le,mbah arep ngapeli Rondo bahenol muehe...he...he....(guyu bencong tomboy)

PAIJO JR : opo jek mampu mbah
~Klambi lorek pinggire bedah
~wes tuwek ora usah kakean polah

PAIMAN : iku kan biyen nek sak iki bedo le
~klambi bedah pinggire krah
~nek ora polah ora dadi bocah

PAIJO JR : opo yo mampu to mbah
~iku ora bedah nanging suwek pinggire
~kuwat munggah paling mung sak ronde

PAIMAN : Jiangkrik putu g@t€lis@si,
Durung ngerti kemampuane si mbah
~kayu glugu ojo gawe pajangan
~aku wes ngombe jamu ndok saktarangan

PAIJO JR : jamune iku opo ora salah to mbah,
~kayu glugu di tali kawat
~kuwi jamu gawe asam urat

PAIMAN : bocah cilik dikandani kok ora kenek
~Isuk lawuh tahu sore lawuh tempe
~ora gawe jamu mbah kuwat 10 ronde

PAIJO JR : oalah mbah ora usah di pekso
~Asale tempe iku teko dele
~kuwat 10 ronde terus mlebu UGD

PAIMAN : WOW J*NC*KKK!sASi
(Golek tugelan boto jur ngantem paijo jr)




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Sep 2014

Parik'an Edan Kang Men Mangan Klepon

9/05/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Mangan klepon karo sendenan
Klopo ijo kok di gawe wajik
~Enak2 telpon karo sang mantan
Neng mburi bojo
Wes malang kerik
(Biasa dik,iki telpon langganan rosok ''MODUS'')
~parutan klopo di campur ketan
Klopo tewek gurih tenan
~Telpon selingkuhan karo singitan
Konangan mbok wek di sawat wajan
( Jare bojone'' aku balekno neng wong tuo ku'')



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Sep 2014

Parik'an Edan Kang Men edisi Lingguh Jigrang

9/03/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~moco koran lingguh jigrang
Neng ruang tamu karo leyeh leyeh
~Mari bayaran atiku girang
Mergo utangku tak saur kabeh
~Tuku pentol gowo rantang
Kurang ombo gowo kerdus
~Rambut brodol kakean utang
Belani rondo sing koyok wedus
( Byuhhh...gincune menor rekkk.. )


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

1 Sep 2014

31 Agu 2014

Pacaran Neng Alun-Alun Kuto Londen

8/31/2014 Posted by Unknown No comments
dino minggu iku paijo lagi pacaran neng alun alun kuto londen

PAIJO : sri,bapakmu opo penjahit?

SRINTIL : sampean kok ngerti mas

PAIJO : mergo aku wingi mari jahitne KATHOK neng bapakmu,trus
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.bayarku kurang sewu,iki duwite kurangane tak titipne sampean yo

SRINTIL : (saknaliko srintil bunuh diri nguntal botol).
Mas aku arep kondo marang sampean,
nek awak dewe sak iki putus piye?

PAIJO : Nek pancene penjaluk'e sampean ngono ora opo,tak turuti

SRINTIL : kok sampean ngomong ngono

PAIJO : amargo aku iso balen karo pacarku sing lawas maneh(muehe.,he.,he...

SRINTIL ; aku ora setuju,nek sampean balen karo pacarmu sing lawas biyen

PAIJO : ngono sampean kok ngejak aku PUTus

SRINTIL : ora mas,sak tenane aku mung guyonan

PAIJO : ngomong ngono iku ora apik dik,opo samPean ora kelingan jamane awak dewe biyen ketemuan

SRINTIL : kelingan mas,jamane awak dewe ijek sekolah

PAIJO : awak dewe pacaran 10thn,sing tak golek'i iku jejodoan ora nglarani ati

SRINTIL : aku yo ora gelem nglarani ati sampean (gandeng tangane paijo

PAIJO : Aku dewe ora gelem nek akhire awak dewe dadi musuh,ora kekancan ora sido seduluran(paijo ngrangkul srintil)
Akhire wong loro 2 iku mau rangkulan neng alun alun kuto londen jur cipika cipiki,senajan pacaran nanging kudu iso jogo perasaan ojo mung gawe dolanan
Sing jek jomblo mugo mugo cepet oleh jodo,nek wes jodo mugo mugo ndang cepet dadi bojo



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Agu 2014

Parik'an Iwak Peyek

8/29/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Iwak peyek jangane tewel
Sambel korek segone wadang
~Tanggal tuwek bojone ngomel
Duwite entek
Blonjone kurang
~Jangan tewel lombok'e rawit
Iwak klotok di cantolne cagak
~bojo rewel njaluk duwit
Suarane koyok Radio rusak
(Suaramu dik,tambah boros)


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Agu 2014

Parikan Edan Edisi Jomblo

8/17/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Numpak perahu arep neng bengkulu
~Ora duwe sangu ngedol rosok'an
~kabeh Mantanku wes podo neng penghulu
~remuk atiku saben dino kesepian

*selak ngoyot MBOK *



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

15 Agu 2014

Enek Seng Nglirik

8/15/2014 Posted by Unknown No comments
Enek sing nglirik pringas pringis nyawang awakmu,
Tiwas tanganku ngawe tibak'e guyu mergo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kuwalik Klambine

*mlayu karo krukupan kresek*

Seumpomo kowe,piye perasaanmu lur...

By
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Agu 2014

Parik'an Edan Kang Men Jempol Abuh

8/14/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~neng solo arep neng klaten
~sikile kesleo jempolane abuh
~pancene jodo gek ndang dadi manten
~ora jodo gek ndang buwuh

* nanging wedi karo bojomu...*




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Agu 2014

Paijo Dolan Neng Ndeso Ketemu Paiman

8/12/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo lagi dolan neng ndeso ketemu karo paiman

PAIMAN : lho,jenenge sampean opo mas paijo

PAIJO : sampean kok ngerti

PAIMAN : yo jelas ngerti,sampean kan tokoh wayang sing paling terkenal neng guyonan jowo kang men

PAIJO : tebak'anmu Bener ora salah,opo mergo aku ke ciri ganteng (nyisir rambut)

PAIMAN : ora iku cirine

PAIJO : opo mergo rupaku 11-12 mirip DAVID BECHAM(nyisir poni maju mundur)

PAIMAN : ora iku maksudku

PAIJO : lha terus,aku ke ciri opo

PAIMAN : sampean ke ciri nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
UNTUNE SAMPEAN KOK AMBIEN

PAIJO : ngomong ae C*KKK,nek untuku mrongos

PAIMAN : wes ngene,nek pancene bener sampean paijo,aku kepengen ngetes kepinteranmu oleh ora

PAIJO : lha monggo,aku wes siap

PAIMAN : carane gampang,aku nguwei kalimat ngarepe sampean tinggal nerusne mburine nanging kudu podo

PAIJO : walah! Gampang iku,ndang di mulai ora usah kakean cangkem

PAIMAN : kalimate ngene,
Aku wingi neng pasar...

PAIJO : nyopet (bangga iso jawab)

PAIMAN : Aku mlayu silitku...

PAIJO : mencret-mencret(koprol maju mundur)

PAIMAN : Awakku apes malah...

PAIJO : kepleset(iso jawab guya guyu dewe)

PAIMAN : aku tibo sikilku...

PAIJO : lecet-lecet(pringisan)

PAIMAN : jenenge awak lagi apes,bathukku...

PAIJO : kejepret(mesem)

PAIMAN : Karo...

PAIJO : karet

PAIMAN : wes sikilku loro(sakit)rupaku ajur koyok...

PAIJO : koyok...koyok...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MONYET

WOI...J@NC@KKK!nek wani ojo mlayu



Paiman langsung mlayu perseneleng 4
LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Agu 2014

Paijo Jr Lagi Tuku Trasi

8/11/2014 Posted by Unknown No comments
Jenenge arek cilik iku nek dikongkon gampang lali
Wektu iku paijo jr dikongkon ibuk'e tuku TRASI neng warunge kang paiman

SRINTIL : le,tulung tukokne trasi neng warunge kang paiman

PAIJO JR : sak iki opo sesok buk'e,

SRINTIL : sesok ae ngenteni KETHEK NGENDOK,
yo jelas sak iki to le...arep tak gawe nyambel

PAIJO JR : kulo siap mangkat

SRINTIL : ojo lali jenenge trasi
Teko tengah dalan paijo jr lali opo sing arep di tuku

PAIJO JR : kang paiman aku tuku...

PAIMAN : tuku opo le

PAIJO JR : sik,tak eling elinge jenenge aku lali

PAIMAN : kowe muleh disek,takokne ibumu arep tuku opo
Paijo jr muleh takon ibuk'e

PAIJO JR : bu,aku lali arep tuku opo

SRINTIL : iki tak gawani bungkuse trasi,mengko wenehne eroh(kasih tau) kang paiman
paijo jr mbalik neng warunge kang paiman nanging bungkuse trasi iku ilang

PAIJO JR : kang paiman aku golek....

PAIMAN : golek opo jo,kowe mesti lali maneh

PAIJO JR : (bingung karo kukur kukur)
Elingku ambune koyok neng tanganku iki

PAIMAN : (ngambu tangane paijo jr)
Iku jenenge TRASI jo

PAIJO JR : bener iku kang paiman

PAIMAN : kowe oleh ambu trasi kuwi teko ngendi

PAIJO JR : aku mari kukur kukur
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
S|L|T mergo bokongku gatel mari dolanan pasir,ambune kok podo karo trasi

Saknaliko paiman blokek'an muntah rodo becak



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men]]

10 Agu 2014

Paijo Dikongkon Momong Anak'e

8/10/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo dikongkong momong anak'e sing umure telung tahun kurang seprapat jenenge paijo jr

SRINTIL : pak'e anak iki momongen

PAIJO : lha sampean arep neng ngendi

SRINTIL : Aku arep masak

PAIJO : anakmu colno ae ben dolanan tinggalen masak

SRINTIL : Mengko anakmu nyekeli barang terus diemplok piye

PAIJO : jenenge ae arek cilik bune

SRINTIL : lha nek nyekel gelas trus diemplok piye

PAIJO : malah peneran koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
jaranan,ora makani sego muehe...he...he...

SRINTIL : rumangsamu anakmu dadi jaranan, lambemu kuwi sing di pakani beling

PAIJO : (muehe...he...he...mringis codot)
Wes tinggalen masak anakmu tak momonge
Ora suwe paijo malah keturon,lha paijo junior bukak lemari karo nyokot roti

SRINTIL : pak'e anakmu neng ngendi

PAIJO : lha iku dolanan

SRINTIL : wes tak kandani anakmu sawangen,nek nyekel barang mesti di emplok

PAIJO : paling yo ngemplok panganan

SRINTIL : opo?Panganan, NDokmu glundung kuwi,
Anakmu nyokoti ROTI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KEMPITKU(softex)

PAIJO : sing penting ora sing seken to muehe...he...he...



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

7 Agu 2014

Parik'an Edan Kang Men Jarik Suwek

8/07/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Jarik suwek Motif bergaris
~Warnane abang Asli klaten
~Rioyo entek dompete tipis
~Gowo kotang budal neng gaden

*Edisi dompet sekarat*


LIKE & BAGIKAN
Bx
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Agu 2014

Paijo Jr Njaluk Mangan

8/06/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo jr nangis guling guling njaluk mangan marang bapak'e

PAIJO JR : pak wetengku luwe(gandoli kathok bapak'e)

PAIJO : kowe njaluk mangan karo opo le...?

PAIJO JR : mangan karo sate pak (nangis karo eker eker lemah)

PAIJO : mangan sate iku ora apik le...

PAIJO JR : emange kenopo pak?(nangise meneng kukur kukur dengkul)

PAIJO : ojo mangan sate mengko STROKE koyok kang paiman kae

PAIJO JR : malah nangis ngrikiti sikil mejo

PAIJO : walah ijek kelingan maneh,njaluk mangan lawuh opo le

PAIJO JR : karo ndok ae pak

PAIJO : ojo kakean ndok le

PAIJO JR : emange kenopo pak?(nangise meneng karo dides tumo)

PAIJO : nek kakean ndok mengko awakmu gatelen

PAIJO JR : malah nangis karo ngrawuk'i tembok

PAIJO : kok ijek kelingan maneh,
wes meneng,mangan karo jangan yo

PAIJO JR : emoh,mengko aku cepet tuwek koyok bapak

PAIJO : lho,emange kenopo karo jangane

PAIJO JR : lha jangane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BUNG(pring enom)suwe suwe raiku koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KOYOK GEDHEK RUPANE BAPAK

PAIJO : ASTHAGFIRULLAH!%&*#

Saknaliko paijo kejet kejet ayane kumat



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Bedekan Kanggo Penggemar Sing Lagi Pacaran

8/06/2014 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

seumpomo pacarmu konangan selingkuh terus tangane di gandeng karo wong liyo,opo sing arep kok lakoni,

Pilih jawaban neng ngisor iki sing menurut bener
A.GENDAK'ANMU KOK ANTEM TUGELAN BOTO
B.A
C.B

jawabpen dewe lur ojo nurun koncone



By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Agu 2014

Paijo Dadi Babune Paiman

8/05/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu iku paijo dadi babu neng omahe paiman

PAIMAN : jo,omahe resik ono

PAIJO : sing di resik'i ngendi juragan

PAIMAN : bandara juanda suroboyo blokkk!
Yo mesti omah iki

PAIJO : wes,beres ndoro juragan

PAIMAN : aku tak neng warung
Tekan warung paijo di takoni karo paiman

PAIMAN : jo,mejo kursiku kok dekek ngendi

PAIJO : tak dekek mburi juragan

PAIMAN : TV,KULKAS lan LEMARI kok dekek ngendi

PAIJO : tak dekek mburi juragan

PAIMAN : neng mburi kok ora enek

PAIJO : maksudku neng mburi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TAK PENDEM KABEH

saknaliko paijo di tukokne Sate kon mangan sak sunduk'e
Sesok'e paiman budal neng kantor tekan omah bojone nangis

PAIMAN : kenek opo dik paijem,sampean kok nangis

PAIJEM : aku di perkosa paijo mas

PAIMAN : Brutu kethek! wani merkaos eh kliru merkosa bojoku
Paiman golek'i paijo jur di takoni

PAIMAN : opo bener bojoku kok perkosa

PAIJO : bener niku juragan

PAIMAN : kowe enek sing ngongkon opo karepmu dewe

PAIJO : enek sing ngongkon juragan

PAIMAN : sopo sing ngongkon

PAIJO : sing ngongkon bapak dewe to,mau sms nek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
UDAN,ROK UTOWO DASTERE UNGGAHNO,OJO LALI MANUK'E DI LEBOKNE PISAN

Saknaliko PAIMAN menstruasi liwat irung jur kejang kejang



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Edan Kang Men Edisi Loro Ati Loro Jiwo

8/05/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN
parik'an edisi loro ati loro jiwo

~Ngarep kabupaten bakulan lele
~Sambel trasi Lombok'e siji
~Pancen,nasib dadi wong kere
~Di tinggal rabi yo di selingkuhi

# aku ra popo, karo gantung diri neng ngisor wit cepluk'an #



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

Sugeng Injing

8/05/2014 Posted by Unknown No comments
Jarene duwe mantan pacar ojo mung update neng status,sms,twiter,BBM,Wechat,
Nek pancene duwe tenan sebutne mantan pancarmu opo alasan kowe Putus

CONTONE :
PAIJO,

Gantenge ora sepiro ragate ngentekne tanah morotuo

Sugeng injing sugeng makaryo



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Agu 2014

Kamus Kang Men

8/03/2014 Posted by Unknown No comments
Ayo podo ngumpul,
Belajar gawe singkatan koyok neng ngisor:

1.PAJERO : panas jobo njero

2.BMW : bar mangan wareg

3.MERSI : pamer gusi

4.WEDOK : diawe ndodok

5.RONDO : Rombongan dudo

6.GABER : galau berat

7.CONGPINGLI : bencong pinggir kali

8.POKER : potongan kernet

9.OTW : oke tak enteni wae

10. NARKOBA : narik kolore bapak

11.ROKOK : moro moro takok

12.TADUSTALEN : Tai wedus untalen

13.MUKRI : munyuk kriting

14.KOREK : kae omahe rondo etan kali

15.SETU LEGI : setengah tuwek lemu ginuk ginuk

16.SUKIRNO : suweneng mikir porno

17.KARLONDELEN : bakar telo senden tambah keren

18.BOHIMUT : bokong gatel di cokot semut

19.CANGGIH : cangkeme nggah nggih

20.ROLES : rondo teles

21.ROLESJI : rondo teles anak siji

22.Wes sakmono wae lur,tambahono dewe koyok conto neng duwur



LIKE & BAGIKAN by
.
.
.
[[ kangmen ]]

2 Agu 2014

Parik'an Edan Mikir Banter

8/02/2014 Posted by Unknown No comments
Parikan Edan Kangmen
KAYU GAPUK DI RUBUNG TINGGI
DI GAWE PAGER KAYUNE JATI
ISUK ISUK WES NENG WARUNG KOPI
SING NJEJER RONDO ANAK SIJI
KAYU JATI GAWE MENCLOK MANUK PUTER
AKEH GODONGE OJO DI OBONG
NENG NJERO ATI RASANE SIYER SIYER TANGANE NYENGGOL BOKONG
MANUK PUTER NYUSUH NENG WIT SEMBUAN
SUWE ANGKREME NGENNDOKE TELU
TIMBANGANE PIIKIRANE BANTER TAK JAK KENALAN
SOPO JENENGE MUNG DI JAWAB A...I...U...
(SUGENG DALU DULUR DULUR)
By
.
.
.
[[Kang Men]]

Hadiah Ulang Tahun Srintil

8/02/2014 Posted by Unknown No comments
Srintil lagi ulang tahun karo bapak'e sing jenenge paiman di kado sing paling spesial

PAIMAN : nduk, dino iki kowe ulang tahun

SRINTIL : injih pak

PAIMAN : mengko yen enek kiriman neng omah berarti kuwi kado tekan bapakmu iki

SRINTIL : kulo seneng banget pak
Ting...tong...ting...tong....(bel omah muni)

PAIMAN : nduk paling kirimane wis teko,lawang omahe bukak'en,
Bapak tak dolanan dakon muehe...he...he...

SRINTIL : Bukak lawang jebule paijo sing moro

PAIMAN : piye nduk,seneng ora karo kadone bapak(dolanan dakon nyambi mangan camilan krikil)
(Paijo mringis ngelap gingsule gawe gombal kompor)

SRINTIL : pak niki...(langsung MENSTRUASI nyawang raine paijo)

PAIMAN : warnane kowe yo seneng to nduk ( nyruput kopi)
(Paijo nyisir brengos)

SRINTIL : niki nopo...(siap ngrawuk'i raine paijo)

PAIMAN : iyo nduk,kuwi di tumpak'i yo penak,di cobo disek ( dolanan dakon karo rokok'an)

PAIJO : muehe...he...he...mringis bangga

SRINTIL : nopo kulo angsal...

PAIMAN : oleh nduk,nanging alon alon nek numpak'i
paijo siap gendong

SRINTIL : kulo mboten saget...

PAIMAN : nek ora iso numpak'i ben
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Bapak'wae sing numpak sepeda motore kowe tak tukokne mobil wae

paijo jungkir walik ngrikiti knalpot


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Jul 2014

Sepurone Seng Akeh Luuur

7/28/2014 Posted by Unknown No comments
WORO WORO

Lanang utowo wadon iku jenenge menungso,
Kabeh mesti ora luput karo sing jenenge doso

~Mangan kupat
Lawuh rempelo
~Menawi lepat
Kang men nyuwun ngapuro

Mugo mugo doso kulo lan panjenengan sedoyo di ngapuro ENGKANG MOHO KUOSO
kang men lan CREW GUYONAN JOWO ngucap aken MINAL AIDZIN WALFAIDZIN



By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Jul 2014

Pitik Part #1

7/26/2014 Posted by Unknown No comments
PITIK PART# 1
Akeh sing podo ora ngerti nek paijo iki iso boso kewan
Isuk iku paijo gowo sego mambu moro neng kandang arep makani pitik

PAIJO : iki jatahmu mangan ora usah kakean cangkem

PITIK : walah,sego mambu maneh aku ora doyan

PAIJO : kowe ora kerjo tinggal mangan ae ora gelem

PITIK : aku ora doyan mergo mambu(karo eker eker sego)

PAIJO : gowo roti sing wes jamuren kadaluarsa telung ulan jur di pakakne pitik

PITIK : oalah mas bro,barang mambu kok pakakne aku

PAIJO : ora usah rewel ndang di pangan

PITIK : rotine ora di pangan malah di pidek pidek
Paijo jur muleh takon bojone srintil

PAIJO : Sri...sri...kowe neng ngendi

SRINTIL : aku neng mburi mu pak

PAIJO : tak kiro kucing kowe mau muehe...he...he...
pitikmu kenek penyakit(sakit),ora gelem mangan

SRINTIL : nek ngono ketepak'an mas

PAIJO : pitik penyakiten kok malah ketepak'an

SRINTIL : maksudku ketepak'an,pitik'e
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ndang di beleh(disembelih)gawe lawuh

PAIJO moro neng kandang nginguk pitik'e

PAIJO : tik...pitik...sego mambune neng ngendi

PITIK : meneng wae

PAIJO : lha rotine sing kadaluarsa neng ngendi

PITIK : meneng wae ora jawab

PAIJO : ngerti gak sego mambu karo rotine

PITIK : tak pangan bro,timbang aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku kok beleh,diarani pitek penyakiten
Ora gelem mangan

Paijo jur ngandani bojone,nek pitik'e sak iki wes waras maneh doyan mangan


LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Jul 2014

Parikan Godong Nongko

7/21/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~Godong nongko
Di pangan enthung
~Mugo sing poso
Pahalane ora kenek di itung

~Kapal mabur
Mabure ngetan
~Sak iki saur
Engko Jam pitu sarapan
(Muehe...he...he.....)

Saur...saur....saur...


By
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Jul 2014

Pesen'e Kang Men Luur

7/09/2014 Posted by Unknown No comments
Tolong iki di woco ben ora ketinggalan berita
Iki pesen gawe sing nyoblos presiden ben sah :

1.nek Arep budal nyoblos iku adus disek,ojo tangi turu opo maneh ora raup,mosok nyoblos karo ngantuk ngantuk marai kliru nek nyoblos

2.Nek antri iku neng TPS sing di sediani,
ojo antri neng warung mengko malah oleh wedang kopi(eleng iki ulan poso)

3.mangkane nek gowo surat pemilihan ojo kliru gowo surat cinta,surat nikah opo maneh gowo surat gaden iku yo ora oleh utowo gak SAH

4.nek wes oleh surat pilihan teko RT iku di ijolne neng petugas TPS ojo malah kok untel untel rumangsamu kuwi gombal,opo maneh gawe bungkus sego

5.Nek budal nyoblos ora usah ngundang tonggo utowo dulur (koyok arep khajatan ae ngundang wong barang)

6.arep nyoblos iku dungo disek,nek perlu sungkem neng wong tuone mugo mugo sing di coblos kepilih,ojo kok coblosi kabeh

7.nek arep nyoblos iku ora usah nafsu utowo merem merem mengko malah kliru nek nyoblos,koyok arep nyoblos opo ae rek mendesah barang

8.wes mari nyoblos trus ndang metu teko bilik,ganti liyone ojo malah turu(rumangsamu kuwi kamarmu dewe)

9.karo petugas TPS wes di kandani,nek nyelupne neng tinta iku driji siji, kabeh wong wes percoyo nek kowe mari nyoblos,lha nyapo sirah nganti kok celupne(opo arep dadi komedi kethek)

10.Nek muleh ora usah bengok bengok
Contone
''HORE AKU MARI NYOBLOS''opo maneh karo koprol maju mundur

11.sing Di pilih no 1 utowo no 2,ora usah milih no 23 koyok gambarmu dewe

12.pastekno nek arep nyoblos kowe ora loro jiwo

13.Wes cukup sak mono wae,mugo mugo manfaat gawe sing nyoblos,nek kepengen nambahi monggo...



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Jul 2014

Parikan Edan Goleki Sopo

7/06/2014 Posted by Unknown No comments
PARIK'AN EDAN KANG MEN

~sego tumpeng
Di wadai layah
~neng pendopo mulehe bengi
~~Klimpang klimpeng
neng ngarep omah
~jane sopo sing arep kok golek'i

1.ngenteni rondo anak siji

2.golek'i omahe kenalan anyar

3.arep nagih utang

4.arep moro,wedi karo brengose bapak'e

5.nyolong kotange tonggo

Jawab sak penak'e udelmu....(jujur ojo nyonto koncone)


By
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Jun 2014

Kowe Gelem Putu?

6/27/2014 Posted by Unknown No comments
Sore iku paijo dolan neng omahe paiman

PAIJO : kulo nuwun...kulo nuwun...

PAIMAN : walah!tumo suwal,koyok mertamu neng omahe menteri katek kulo nuwun barang

PAIJO : oleh ora aku dolan neng omahmu

PAIMAN : dengaren kowe rene,enek opo?

PAIJO : yo kangen man karo kowe

PAIMAN : emange aku gendak'anmu kok kangen barang

PAIJO : ngono yo kenek

PAIMAN : (tibo guling ngemut sikil mejo),aku ijek normal,waras BLOKKK
Wong 2 iku jur bedhek-bedhek'an

PAIJO : man,aku duwe bedhek'an ,
Nek kowe iso jawab aku bakalan muleh teko omahmu ora klamben alias bugil

PAIMAN : ora usah kakaean camkem opo bedhek'anmu

PAIJO : kenopo kethek senengane menek wit

PAIMAN : wes aku nyerah jo

PAIJO : mergo nek menek
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tiang listrik malah di arani Pegawai PLN muehe...he...he...

PAIMAN : dengaren kowe pinter jo

PAIJO : bedhek'anku sing terakhir,kenopo sapi senengane ngiler

PAIMAN : nek iki aku tak nyerah ae jo

PAIJO : mergo nek sapi iso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngidu mengko malah neng raimu(guyu ngakak keplok2
Gawe sikil)

PAIMAN : WOW! bocah edan

PAIJO : lagi ngerti nek aku edan

PAIMAN : aku ngerti tujuanmu mrene arep nyapo

PAIJO : sing mesti arep golek panganan

PAIMAN : kono ndang neng mburi enek jajan PUTU,gelem ora?

PAIJO : yo mesti gelem man,mergo seminggu pisan Aku mesti mangan PUTU(panganane koyok buto angkrem)

PAIMAN : nek kowe gelem,kono ndang di jupuk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PUTULAN TAEK


sak naliko paijo pamit muleh karo krukupan S€MP@K




LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Jun 2014

Kenalan Cewek Ayu Neng Bis

6/25/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu iku paijo kerjo neng suroboyo arep muleh neng ndeso numpak bis
Ketepak'an neng njero bis lingguh jejer cewek ayu,sexy montok pokok'e bahenol PUOOOL jenenge srintil

SRINTIL : sampean arep neng ngendi mas?

PAIJO : aku arep muleh neng deso mbaak mumpung kerjone libur

SRINTIL : emange sampean kerjo opo neng suroboyo

PAIJO : kerjoku kuli batu

SRINTIL : aku ora percoyo,mosok wong ganteng kerjone kuli batu

PAIJO : (kepedeen langsung brakoti kursi),
Nek ora ngandel cekelen tanganku

SRINTIL : (grayai tangane paijo)Kok rosone tangan sampean KAPALEN mas

PAIJO : (mripate merem melek tangane di grayai srintil)
mergo saben dino nyekel pacul mbak,
Nek sampean kerjone opo mbak

SRINTIL : kerjoku neng LOKALISASI mas,
aku arep muleh mergo ditutup

PAIJO : aku ora peRcoyo,mosok wong ayu kerjone neng neng lokalisasi

SRINTIL : nek ora percoyo sampean GRAYAI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KAPALEN opo ora


Saknaliko PAIJO kejang kejang ayane kumat



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Liburan Neng Ndeso

6/25/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo liburan neng ndeso,tekan ndeso paijo ketemu konco lawase sing jenenge paiman

PAIMAN : lho jo,piye kabare

PAIJO : kabarku apik apik man

PAIMAN : teko kuto penampilanmu kok tetep ora berubah

PAIJO : maksudmu penampilan sing ngendi

PAIMAN : untumu kok tetep SEXY ae jo

PAIJO : lambe rusak,emange aku opo durung ganteng

PAIMAN : Jo krungu krungu kowe sak iki terkenal pinter neng GUYONAN JOWO KANG MEN

PAIJO : ngerti ae kowe man (nyisir untu nyambi mlintir brengos

PAIMAN : aku pengen ngerti kepinteranmu

PAIJO : SIAP! aku duwe bedhek'an kowe sing jawab yo

PAIMAN : bedhek'anmu opo,cobo tak jawabpe

PAIJO : bedhek'an sing pertama,
Kenopo wong lanang suoro entute luweh banter tinimbang wong wedok?

PAIMAN : mergo nek ngentut
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
cedak MIX,lha nek wong wedok ora duwe miX

PAIJO : tambah pinter ae kowe man,sak iki pertanyaan Sing ke2 kowe mesti ora iso jawab mergo ora tau sekolah,
Boso CINONE WONG KEBANJIRAN opo man?

PAIMAN : nek iku gampang jo,jawabane
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WONG CIN CING KA THOK

PAIJO : tambah jos kowe man,wes aku nyerah

PAIMAN : nek ngono ganti aku sing bedhek'i

PAIJO : bedhek'anmu opo jal tak jawabpe

PAIMAN : nek pancene sekolahmu duwur opo artine boso cino iki
Miiing Swiiiing sweeeng sweeeng ciiing ciiing
Nguiiing nguiiing nguiiing
Mak wiiing wiiing
Weeng.,weng...wuii...ng

PA I JHOOO guuuo BLOOOK

PAIJO : wes aku nyerah ora ngerti artine (karo ngibarne S€MP@K PUTIH)

PAIMAN : kowe sing sekolah duwur wae ora iso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku dewe yo mumet

Saknaliko paijo koprol maju mundur sak mumete



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Jun 2014

Kucingku Telu Part #2

6/24/2014 Posted by Unknown No comments
KUCINGKU TELU(3) PART 2#

PAIJO : lha nek di sebul manuk'e ora waras,terus piye iki dok

PAIMAN : carane ngobati iki tetep di sebul mas,nanging sampean sing nyebul

PAIJO : apane dok sing disebul(penasaran)

PAIMAN : sing disebul
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SILITE KUCING

PAIJO : JIANGKRIK! Mbuaaah kiper,aku kon nyebul silit kucing

PAIMAN : lha kucingmu pengen waras ora?

PAIJO : yo pengen dok(paijo jur nyebul silit kucing BUZ...BUZ...BUZ...

Saknaliko kucing iku mau langsung waras
Liyo dino kucing telu iku mau loro kabeh,
Karo paijo di gowo neng dokter paiman

PAIJO : dok,kucingku telu loro kabeh

PAIMAN : kucing telu kok loro bareng,koyok unjuk rasa(10 menit mari di perikso

PAIJO : piye dok,kucingku sehat durung

PAIMAN : rungokne kucing sing kuning suarane piye

PAIJO : meoangannn,meoangannn,meoangannn

PAIMAN : Tondone njaluk?

PAIJO : mangan,lha nek sing abang iki munine NGEANTUK.,NGEANTUK...NGEANTUK.,

PAIMAN : tondone njaluk?

PAIJO : njaluk turu dok,nanging kucingku wedok sing warna putih munine NGEAKANG...NGEAKANG...NGEAKANG

PAIMAN : maksudte iku NGAKANG,dadi kucingmu njaluk?

PAIJO : nek iku njaluk di
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KAWINE DOK

PAIMAN : kucingmu gowonen muleh gek ajak'en ngakang

PAIJO ; WOooW! dokter Edan,sekolahmu biyen mesti bayar pijet



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Jun 2014

Paijo Betah Isin

6/23/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk iku paijo prei kerjo jur jagong neng pawon karo si mbok'e jenenge paijem

PAIJEM : le...awakmu sak iki wes gede,mbokmu iki selak pengen duwe momongan alias boneka sing iso ngentut xi...xi...xi...(mringis tumo suwal),
mumpung prei ndang dolan dolan kono

PAIJO : dolan karo sopo mbok,pacar ae ora duwe karo srintil kae yo wes putus

PAIJEM : lha opo awakmu ora pengen rabi to le...le...

PAIJO : yo pengen mbok,senajan aku wes gede tapi aku isih betah kok mbok

PAIJEM : delok'en paiman kae wes duwe anak,opo awakmu ora pengen

PAIJO : yo pengen,tapi kan aku ijek betah mbok

PAIJEM : opo mergo kerjomu ijek serabutan awakmu ora wani rabi

PAIJO : sak jane ora masalah nyambut gawe, wes tak kandani to mbok aku iki ijek betah

PAIJEM : Awak mu tak kandani ndang rabi malah ngomong betah,koncomu anak'e wes gede gede awakmu yo ngomong betah,sak jane masalahe ki opo sing marai awakmu betah

PAIJO : kawit biyen aku yo wes pengen kabeh kuwi mau mbok masalahe aku iki isih betah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NGEMPET ISIN Mbok,NEK KETEMU KONCO KONCO KU

PAIJEM : oalah le...le...nek caramu ngono,malah Mbokmu iki ora betah nek .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DADI RONDO PENGEN GOLEK SING IJEK JOKO

Paijo tibo JEMPALIKAN ngemut pojok'an mejo


Cerito iki di request michio hula wala judule paijo betah isin

By
.
.
.
[[ kang men ]]

Mendem Oplosan Neng Pos Kamling

6/23/2014 Posted by Unknown No comments
Sore iku paijo,paiman lan jemblung lagi mendem oplosan neng pos kampling
Wong telu(3) iku mau keturon nganti bengi trus kepengen muleh

PAIJO : man,sak iki iku awan opo wes bengi

PAIMAN : sak iki iku bengi

PAIJO : nanging kok padang yo man

PAIMAN : lha awakmu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Neng ngisor lampu BLOKKK!
paijo tetep wae ngengkel ora percoyo nek wes bengi jur takon kancane jemblung

PAIJO : mblung,sak iki awan opo bengi

JEMBLUNG : iki wes bengi jo

PAIJO : kok mataharine gede mblung

JEMBLUNG : kae ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BULAN ora matahari COKKK
Paijo tetep wae ora percoyo nek wes bengi
Ketepak'an enek wong liwat sebut wae jenenge BEJO lulusan teko O.L.J (Rumah LORO JIWA/EDAN)
Bejo iku mau di takoni karo paijo

PAIJO : mas...mas.,sak iki awan opo wes bengi

BEJO : kok takon aku

PAIJO : emange kenopo mas

BEJO : sepurone mas,aku neng kene iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WONG ANYARAN,dadi ora ngerti
sak naliko paijo muntah rodo becak

Cobo bedek'en Kiro kiro wong mendem VS wong edan WARAS SING NGENDI?




LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Jun 2014

Kucingku Telu Part #1

6/22/2014 Posted by Unknown No comments
KUCINGKU TELU PART 1#
Paijo duwe ingon ingon kucing pigora telu (3)
Warnane kuning,abang,putih
Liyo dino kucing pigorane sing warna kuning loro ora gelem mangan
Kucing iku mau jur di gowo neng dokter hewan sing jenenge paiman

PAIJO : dok,pirang pirang dino kucingku loro ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,ben cepet waras tak sebulane(tiup) MANUK'E ping telu BUZZZ...BUZ...BUZ...
Kucing iku mau tangi langsung brakoti ngentekne balung badak

PAIJO : di sebul barang koyok dukun ae pak dokter iki muehe...he...he...
Liyo dino kucing sing warna abang loro ora gelem mangan,karo paijo di gowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki loro maneh ora gelem mangan

PAIMAN : nek iku gampang mas,koyok biasane tak sebule MANUK'E ping telu BUZ...BUZ...BUZ...kucinge langsung waras brakoti balung GAJAH
liyo dino kucinge sing warna putih iku loro,karo paijo kucing iku mau di sebul MANUK'E nanging ora mari tambah deprok tur lemes
Karo paijo digowo neng dokter hewan maneh

PAIJO : dok,kucingku iki loro,tak sebul manuk'e kok malah deprok ora gelem mangan

PAIMAN : tak periksone disek,(10 menit mari diperikso)
Sing loro iku kowe mas ora kucinge

PAIJO : kok iso dok!

PAIMAN : lha iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KUCING WEDOK MAS,nek kok sebul malah masuk angin dadine

Saknaliko paijo brakoti balung kethek



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

21 Jun 2014

Zodiak Edisi Selikur Juni Rongewu Patwelas

6/21/2014 Posted by Unknown No comments
ZODIAK TER UPDATE MINGGU IKI

SAPRICOY
PENGGAWEAN SING COCOK : dodol gedhek
KEUANGAN : dedel duwel
ASMARA : golek sing rodok waras

AQUA GALON
PENGGAWEAN SING COCOK : dodol sempak seken
KEUANGAN : di uber uber bank kredit
ASMARA : cinta kethek(monyet)

PISMEN
PENGGAWEAN SING COCOK : mikul galon
KEUANGAN : isi dompet koyok rupamu duwit 500 gambar(jawab dewe)
ASMARA : ibarat kowe Gombal ketemu serbet

PARISES
PENGGAWEAN SING COCOK : maling pemean
KEUANGAN : dompetmu ora enek isine nganti masuk angin
ASMARA : ora payu payu

ORA URUS
PENGGAWEAN SING COCOK : golek bekicot
KEUANGAN : ngedol tanah warisan moro tuo
ASMARA : gak jelas naksir lanang opo wedok

TUMINI
PENGGAWEAN SING COCOK : golek rosok
KEUANGAN : isi dompet sekarat
ASMARA : pacarmu nyidam menek talang

SARSER
PENGGAWEAN SING COCOK : mandor KAWAT(kerjo kendor mangan kuwat)
KEUANGAN : isi dompetmu mlongo
ASMARA : pengen duwe pacar brengose koyok SERUNDENG(parutan klopo)

LETONG
PENGGAWEAN SING COCOK : bakul blewah,bakul ondo
KEUANGAN : nyilah nyilih tonggo
ASMARA : golek pacar sing elek ben ora enek saingan

KIRNO
PENGGAWEAN SING COCOK : riwa-riwi,udrak-udruk kluyuran
KEUANGAN : duwit utanganmu mung cukup gawe urip telung dino
ASMARA : nek pengen duwe pacar UP GRADE disek rupamu

LIEBAY
PENGGAWEAN SING COCOK : golek kodok
KEUANGAN : dompetmu kebak kupon togel
ASMARA : ora kenek putune gasak'en mbah'e

SCORE PIRO
PENGGAWEAN SING COCOK : nyitak boto
KEUANGAN : rejeki seret
ASMARA : golek pacar untune sing mbangir

SAGITA CIUS
PENGGAWEAN SING COCOK : ogok ogok irung golek upil
KEUANGAN : ngenteni sumbangan BLT
ASMARA : bojomu nyidam numpak TRACTOR



LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]