20 Feb 2014

ilate Pajo CADEL

2/20/2014 Posted by Unknown No comments
Kisah perjuangan cintane paijo marang srintil, Wektu iku paijo lan srintil lagi mampir neng warung makan, pas warunge lagi rame paijo pesen neng bakule sing jenenge paiman

PAIMAN : mas pesen nopo nggih

PAIJO :  kulo pesen
.
.
.
.
.
.
.
.
MIE GOLENG (tibakne paijo ora iso ngomong huruf R alias CADEL,wong sing neng warung podo guyu ngakak nganti geblak-geblak muehe...he...he...)

mergo isin srintil langsung ngejak muleh paijo karo krukupan kresek

SRINTIL : mas nek sampean ora iso ngomong huruf R ojo pacaran karo aku

PAIJO : tenang wae dek, aku mesti iso ngomong huruf R

DINO SENIN
Ngomong Mie goreng 100X

DINO SELOSO
Ngomong mie goreng 200X

DINO REBO
Ngomong mie goreng 300X

DINO KEMIS
Ngomong mie goreng 400X

DINO JUM'AT
ngomong mie goreng 500X nganti lancar

Dino sabtu paijo ngejak srintil neng warung makan karo PD  benakne krah klambi
Paijo lan srintil mlebu warunge paiman langsung pesen karo semangat 45 jaman perjuangan

PAIMAN : mas Pesen nopo?

PAIJO : kulo pesen MIE GORENG ( bisik bisik neng kupinge srintil,piye sri cintaku kok trimo to)

PAIMAN : ngombene opo mas?

PAIJO : ngombene
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ES CAMPUL

Wong sing neng warung podo guyu nganti guling guling ping suwidak likur

srintil langsung ngejak muleh paijo karo krukupan sempak seken

SRINTIL : sepisan maneh sampean ora iso ngomong R awak dewe putus ae mas

PAIJO : tenang wae dek, ojo kuwatiiirrr

DINO SENIN
ngomong es campur 100X

DINO SELOSO
ngomong es campur 200X

DINO REBO
ngomong es campur 300X

DINO KEMIS
Ngomong es campur 400X

DINO JUM'AT
ngomong es campur 500X nganti lancar

Dino sabtu malem minggu paijo pengen buktekne marang srintil neng warung makan gone paiman

PAIMAN : pesen nopo mas?

PAIJO : mie goreng

PAIMAN : ngombene nopo mas?

PAIJO : es campur(bisik bisik neng kupinge srintil,sampean tetep milih raden kang mas paijo delahoho to?, ngelap iler)

PAIMAN : ngapunten mas,es campur sampun telas(habis)

PAIJO : nek ngono di ganti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JUS DULEN

srintil koprol maju mundur nganti semaput

Waduh! Sepurane sri nek iki aku durung latihan,
Paijo mringis ngemut pojok'an mejo

monggo di LIKE & BAGIKAN #guyonanjowokangmen
by
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar