31 Mar 2014

Lampu Ajaib Part #1

3/31/2014 Posted by Unknown No comments
LAMPU AJAIB PART #1
Pas lagi mlaku mlaku neng dalan Paijo nemu lampu ajaib jur muleh neng omah
Tekan omah lampu kuwi di gosok gosok metu jin ne

JIN : huo ho...ho...ho....(guyu serem)

PAIJO : (paijo kaget tibo guling)
Wooo...jin ndal ndul,kowe sopo

JIN : aku jin sing nunggu jerone lampu ajaib,kowe arep njaluk opo,sebutne kepengenanmu

PAIJO : ngene lho jin ,ngerti dewe to nek aku iki elek penggawean yo ora duwe arep mangan wae angel kabeh wong podo wedi karo hik...hik...hik...(karo mewek)

JIN : anggetanmu aku gendak'anmu opo piye kok malah curhat karo aku,
Wes ndang sebutne 3 kepengenmu

PAIJO : tenan kowe iso

JIN : ORa uSah kakean cangkem,aku selak...

PAIJO : selak opo jin
.
.
.
.
.
.
.
JIN : selak senep nyawang rupomu sing luweh serem tinimbang aku

PAIJO : sing nomer 1,
Aku kepengen awakku iki dadi mulus putih

JIN : walah gampang kuwi,terus opo maneh

PAIJO : sing nomer 2 iki,kabeh wong sing nyawang aku podo seneng ben ora gilo

JIN : terus sing terakhir opo

PAIJO : sing nomeR 3 aku kepengen urip di rubung karo wong wedok wedok(gaya sitik joss,karo benakne begel untu dikawat bangunan)

JIN : nek ngono kowe ndang merem,ngitung nganti ping telu kowe jur melek'o
1
.
2
.
.
3
.
.
.
PAIJO : kriyip kriyip mripate,

Awakku sak iki wes maleh putih(ngelus ngelus pipine)
Wong kabeh kok podo nyawang aku xi...xi...(mringis bangga)
Jan aku di rubung wong wedok wedok tenan iki(mringis codot )
Nanging aku kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DADI TAHU NENG TENGAH PASAR NGENE YO hik...hik...hik..(mewek nelongso)

Ojo lali LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

30 Mar 2014

Paijo Njaluk Kik Kuk

3/30/2014 Posted by Unknown No comments
Ceritone Paijo njaluk kik..kuk...
PAIJO : dik sri,bengi iki aku kepengen kik...kuk...kik...kuk(mringis karo benakne sarung)

SRINTIL : mas paijo iki opo kepengen tenan nek kik...kuk...kik...kuk...,
lha tapi mas...

PAIJO : ora usah tapi tapian ayo gek ndang siapno landasanmu,pesawatku siap mendaRat iki ''karo nyepot sarunge sing podo bolong''

SRINTIL : iiih,mas paijo isin aku , tapi mas...

PAIJO : ora usah isin karo KANG MEN admin guyonanan jowo wes turu,
pesawat ku iki wes oleng lho dik sri siap mendarat

SRINTIL : ojo oleng ndisek to mas paijo,lha tapi mas
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
LANDASANKU RUSAK kEBANJIRAN,
PIYE NEK MAS PAIJO MENDARAT NENG DALAN ASPAL
PAIJO NGRIKITI GULING neng ngarepan omah

KANG MEN : Jo, lagi nyapo bengi bengi neng njobo ngomah nyokoti guling

PAIJO : biasa to kang men mari kik.,kuk...kik...kuk terus ngisis neng njobo,

PAIJO NGECE Karo ngemut danganan pacul muehe...he...he....(mrongos kebo)

KANG MEN : lho jo awan mau
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SRINTIL TUKU SOFTEX Neng toko ngarep omahku

Saknalilo Paijo ngrikiti softex seken jur cakar cakar raine

Monggo di LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

29 Mar 2014

Paijo Dolan Neng Omahe Kang Men

3/29/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo dolan neng omahe [kang men]

KANG MEN : jo,kowe sak iki dadi artis neng guyonan jowo,member akeh sing ngomong nek kowe pinter

PAIJO : iyo kang men selama iki aku durung enek sing nandingi (kwakwakwak guyu bangga karo nyisir gingsule pitu likur)

KANG MEN : aku kepengen ngerti kepinteranmu

PAIJO : wes ngene wae kang men,sampean iso jawab bedek'an ku ora...

KANG MEN : bedek'an mu opo,jajal tak jawabpe

PAIJO : bedek'an ne ngene: Metune alon mlebune banter opo

KANG MEN : nek iku jawabane wong umbelen : umbele nek metu alon nek di sedot mlebune banter,bener opo ora

PAIJO : bener iku,iki enek bedek'an maneh, Di cokot bongkote sing kurang pucuk'e

KANG MEN : iku kan wong ngrokok,bener ora

PAIJO : bener kang men,wes aku nyerah

KANG MEN : sak iki kowe tak takoni,nek aku takon iyo kowe jawabpen ora,nek aku takon ora jawabpen iyo, wes ngerti durung kowe jo

PAIJO : Nek ngono yo gampang to kang men

KANG MEN : sak iki takonku ngene, Jo kowe opo ora tau ngerti telek kebo

PAIJO : iyo ngerti

KANG MEN : bentuk'e telek kebo iku cilik iyo

PAIJO : ora gede

KANG MEN : kiro kiro nek jek tas nelek opo ora anget

PAIJO : iyo anget

KANG MEN : nek kowe wes ngerti telek kebo iku anget,kenopo ora kok EMPLOKKK

PAIJO : IYO TAK EMPLOK

KANG MEN : Rasane ora enak to,,

PAIJO : IYO ENAAAKKK,

KANG MEN : aku ngono ku opo iyo kok turah'i

PAIJO : ORA TAK TURAH'I, Sak naliko paijo kejang kejang kenek STROKE STADIUM 9 . . .

Ojo lali LIKE lan BAGIKAN, met malem minggu luur
By
.
.
.
[[ kang men ]]

28 Mar 2014

Paijo Njaluk Ambung Srintil

3/28/2014 Posted by Unknown No comments
Naliko paijo njaluk ambung srintil


PAIJO : dik sri,sak tenane aku iki kepengen ngambung pipimu

SRINTIL : sampean opo wani,paling yo mung O.O.T :
Omong omong tok

PAIJO : aku tenanan kok dik(WOHO...HO...guyu buto )

SRINTIL : sampean jan pinter nek ngrayu cewek,pengen ngambung pipi kiwo opo sing tengen

PAIJO : aku njaluk ngambung pipi kiwo mmmuuuach (karo lambene nyosor bebek)

SRINTIL : piye rasane mas...

PAIJO : jan plong atiku dik,sak iki ganti sing tengen dik sri(mripate merem merem koyok ketek ngantuk)
Mmm...

SRINTIL : Sek...sek...mas

PAIJO : enek opo dik kok ora sido

SRINTIL : enek gendruwo manak nyelok(panggil) aku

PAIJO : sopo dik gendruwo manak iku

SRINTIL : GENDRUWO MANAK IKU
.
.
.
.
.
.
.
‪#‎guyonanjowokangmen‬
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JURAGANKU NENG HONGKONG IKI,

Wes yo mas,ngambung pipi sing tengen sesok wae aku tak korah korah sesok telpone disambung

PAIJO : Mmmuuuach ngemut handphone

Intine gunakno wektu sempitmu
Mugo mugo dulur sing neng luar negeri diparingi sehat akeh rejeki
Monggo dipun LIKE lan BAGIKAN luur
By
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Mar 2014

Paijo Nglamar Kerjo neng PT Mlarat Jaya

3/27/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo juR nglamar kerjo neng PT MLARAT JAYA
Ketemu langsung karo bos sing jenenge paiman

PAIMAN : mas,sampean kepengen kerjo neng luar negeri opo dalam negeri

PAIJO : dalam negeri wae pak

PAIMAN : nek ngono sampean dadi tukang resik resik gelem ora?
bayarane sak ulan 5jt

PAIJO : matur suwun pak aku gelem,bayarane jan akeh tenan(paijo mbatin kerjo setahun iso tuku NINJA 4tak)

PAIMAN : nanging kerjone iku nek isuk resik resik
.
.
.
.
.
.
.
UNTUNE MACAN SING AREP SARAPAN,mergo dek wingi wes wong telu dipangan macan
‪#‎guyonanjowokangmen‬

PAIJO : (jungkir walik teko kursi jur tangi maneh),
oalah pak kerjo liyone opo ora enek

PAIMAN : nek kanggo sampean tetep enek,kerjone iki gampang sampean mung gowo timbo gawe nguras banyu,
Lha bayarane 10jt sak ulan

PAIJO : aku gelem pak(paijo mbatin kerjo sak setahun kenek gawe munggah haji)

PAIMAN : nek sampean gelem sak iki ndang budal
.
.
.
.
.
.
.
NGURAS KALI CILIWUNG

PAIJO : jungkir walik neng nduwur mejo,
Wes aku tak kerjo neng luar negeri dadi TKI enek ora

PAIMAN : kawit mau ora gelem ngomong nek kepengen kerjo luar negeri,
Bayarane sak ulan 25jt bonuse yo gede

PAIJO : yo iku kerjo sing tak golek'i,kerjone opo pak...

PAIMAN : keRjone iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MISAH AFGANISTAN VS AMERIKA

saknaliko paijo balik kanan muleh karo ngelapi untune sing mrongos
Monggo dipun LIKE + BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Mar 2014

Srintil Pamit Budal Dadi TKW

3/26/2014 Posted by Unknown No comments
Cerito iki mung guyonan jowo damel ngibur konco ingkang kerjo neng negoro liyo
menawi wonten kisah nyotone kang men nyuwun ngapuro
Mergo konco konco neng ndeso podo akeh sing mergawe neng negoro liyo
asale srintil teko ndeso adoh kuto maleh kepengen melu kerjo
Srintil arep pamitan si mbok disek mergo arep cepet cepet mangkat lungo

SRINTIL : Mbok anakmu wedok iki arep lungo kerjo ADOH,aku njaluk dungo mugo mugo kerasan neng kono

SI MBOK : yo mesti tak dungakno to nduk,ati ati neng kono mergo adoh dulur karo keluarga,nek wes teko kono gek kabar kabar yo nduk

SRINTIL : yo wes mbok aku pamit tak mangkat sak iki,mergo konco konco wes podo ngenteni
Singkat cerito srintil teko neng penampungan TKI,mergo budale neng luar negeri ijek suwi dienteni neng penampungan
Neng penampungan srintil kenal karo sing jenenge paijem

PAIJEM : mbak sri... iki asale opo teko ndeso ?

SRINTIL : kok sampean ngerti mbak

PAIJEM : ngetoro sandale sampean srampate ora podo,omahe sampean mesti adoh teko pasar to?

SRINTIL : sampean kok ngerti to mbak

PAIJEM : barange sampean enek sing podo karo gonanku biyen,paling biyen iku yo warah warahane mbokmu

SRINTIL : opone to mbak sing podo?

PAIJEM : lha neng sampiran iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
TALI KOTANGE NEK PEDOT DI GANTI TALI RAFIA

SRINTIL : +*#¿% kik...kik...IYO MBAK PODO TALI KOTANGE

>>Dumateng poro sederek sedoyo ingkang KangMen tresnani. KangMen nyuwun agenging pangersami. Mbok bilih, ing wedal puniko KangMen mboten saged update status, amergi taseh wonten kepentingan ingkang mboten saged KangMen tinggalaken.
>>Ing wedal puniki KangMen ugi nyuwun dungo pangestu poro sederek sedoyo, Mugi-mugi ing wedal ngajeng KangMen saged asring update update status maleh kados wedal ing sak sampun sampunipun.
Monggo dipun LIKE lan BAGIKAN
Matur suwun
By
.
.
.
[[ kang men]]

19 Mar 2014

Paijo Mbecak

3/19/2014 Posted by Unknown No comments
senajan srintil statuse rondo tapi jek ayu lan semok nganti mripate paijo ora kedep nek nyawang
profesine paijo iku MBECAK saben isuk ngeterne mbok rondo neng pasar,kiro kiro jarak omahe teko pasar iku enek 30kilo
SRINTIL : gawe rok mexy pendek malah awak'e kethok sexy nek mlaku bokonge iso megal megol,
mas paijo aku terne neng pasar?
PAIJO : (saking semangate) sampean numpak mbak srintil,tak genjote eh kliru tak becak'e ‪#‎guyonanjowokangmen‬
SRINTIL : mas mbayare piro?
PAIJO : kanggo tonggo dewe,sampean ora usah bayar
SRINTIL : sesok'e jaluk tulung kon ngeterne neng pasar maneh,
Mbayare piro mas?
Paijo : ora usah mbayar,(jenenge wong seneng karo paijo ora oleh mbayar)
saben dino paijo ngeterne srintil neng pasar,
Lha iki wes enek telung dino paijo ora tau moro neng omahe srintil,srintil marani neng omahe paijo
SRINTIL : mas sampean enek telung dino kok ora tau neng omahku enek opo?
PAIJO : mbak aku sak iki wes dadi wong berhasil dadi ora becak maneh
SRINTIL : emange hasile sampean opo kok ora gelem becak maneh?
PAIJO : hasilku becak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SIKIL KU LUMPU.H, bendino becak 30kilo
.
SRINTIL : @???!!!! Ngrakoti ban serep becak
Monggo dipun LIKE lan BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Mar 2014

Parikan Edisi Tua Tua Keladi

3/16/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
Parik'an Edisi tua tua keladi
Nanging ora mampu

1~Mangan duren neng ngisor wit
Di rubung pithik sak tarangan
~ngakune keren,jebule akeh penyakit
Di senggol sithik mlakune sempoyongan
(Mlaku gawe teken kok nyenggol perawan mbah

――≠――

2~Ijek isuk moco koran
Ngombe es kacang ijo karo gorengan
~moto ngantuk tangi gelagapan
Nelpon bojo kliru selingkuhan
(Antemen hulek hulek sak layahe mbok)

――≠――

3~Jarik suwek gone si mbah
Di tambal koran malah kenek ompol
~ Wes tuwek ojo kakean polah
di goyang pisan dengkule protol
(Oalah mbah,dengkulmu kari balung karo kulit kok aneh aneh)

――≠――

4~Enek ketek gendong anak'e
Anak telu podo irenge
~Bojo tuwek akeh bondone
Dijak turu kumat stroke
(Ambekan dino senin karo kemis kakean polah)

――≠――

5~Enek tekek nguntal kupat
Tekek lorek awak'e GEDE
~Senajan tuwek pengen bojo papat
Giliran mbok wek malah mlebu UGD

――≠――

Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

13 Mar 2014

Parikan Lagi Kasmaran

3/13/2014 Posted by Unknown 1 comment
Parik'an edan kang men
Parik'an lagi kasmaran
1.~Lampu abang lampune disko
Goyang gergaji tombone moto
~Kadung nyawang ora dadi bojo
Mendingan mati ora opo opo
――≠――
2.~gunung semeru gunung lawu
Tengah blumbang akeh welute
~Etan lemu kulon yo lemu
Tak timbang podo abote(bodine koyok gajah angkrem)
――≠――
3.~tuku duku kliru manggis
Di sigar dadi telu
~parasmu ayu nek mesem manis
Arep tak lamar dadi bojo ku
――≠――
4.~Andeng andeng neng pilingan
~Ojo di pandeng mundak kelingan
――≠――
5~andeng andeng neng pinggir lambe
~Ojo mung mandeng golek ono ngendi omahe
――≠――
6~Nyangking rantang karo mlaku
Mlaku ngetan golek suket
~Suwe ora nyawang,parasmu sing ayu
Nyawang pisan sirahku mumet
――≠――
Pilih parik'an sing kok senengi lur...
OJo lali di LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

11 Mar 2014

Tuyul Part #6

3/11/2014 Posted by Unknown No comments
Tuyul part 6#
Tuyul update status neng perkumpulan bongso lelembut,tuyul iki pengen tobat lan nyatakne marang konco konco nek ora gelem nyolong maneh
Tuyul oleh mention teko konco konco ne
@W3w3_9omb4l : bener iku botak,senajan awak dewe bongso demit nanging ijek duwe perasaan
@7uYul_94ul : matur suwun
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
kang 9oMB4L,tak tompo saranmu
@W3W3_9omb4l : Nanging nek nyeluk aku ojo 9omb4l COKKK@%#&(kowe ojo marai esmosi)sing bener kang W3W3
tuyul oleh mention maneh
@Sund3l_bokon9 : nek ngono aku yo tak tobat,nyawang raiku dewe ae aku wedi opo maneh menungso nyawang raiku,aku setuju karo kowe yul
7uyul_94ul : WOOOIII! kong,nek nyeluk aku ojo yul,emange jenengku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
YULIA,celuk ae botak
@Sundel_bokon9 : Nanging cangkemu ojo bleyer bleyer,aku wes moco ora buta huruf
Tuyul oleh mention maneh teko koncone
@Suster k3s3l_n93pot : mulai dino iki aku yo tobat botak,mergo aku dewe yo k3s3l nek n93pot terus ngedeni menungso
7uyul_94ul : mangkane mlaku ora usah n93pot,delok'en
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
B¤k¤n9mu nganti tipis mergo kesuwen nek n93pot
Tuyul ngandani konco koncone sing neng grup perkumpulan bongso demit
@7uyul_94ul : kabeh bon9so demit kudu moco semboyan teko aku, semboyane iku ngene
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
7UYUL OL3H BOT4K N4NGING BISUL NENG RUP4MU OJO NG4NTI BENGK4K
Mention teko konco koncone sing podo esmosi
''kowe ngenyek koncomu,ora usah bisulen ae wes serem rupaku blokkk@&#%''
Saknaliko tuyul di pentungi karo konco koncone nganti mumet
Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men]]

10 Mar 2014

Tuyul Part #5

3/10/2014 Posted by Unknown No comments
Tuyul part 5#
sejak tuyul di adopsi paiman,tuyul wes ora oleh nyolong

PAIMAN : yul,kowe sak iki neng ngendi

TUYUL : aku neng ngisor wit pak lek

PAIMAN : rumangsamu aku opo rabi karo bu lek mu,ojo nyeluk aku pak lek

TUYUL : lha,aku kon nyeluk piye...

PAIMAN : celuk ae MAS KEREN,ngerti ora

TUYUL : ngeRti banget MAS KEREN alias
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kethek leren

PAIMAN : ora ngono COKKK#*&%(ngemut kayu garing)
mulai dino iki kowe ora oleh nyolong maneh

TUYUL : aku wes kadung nyolong,terus barange sing tak colong iki arep di kapakne

PAIMAN : emange barang sing kok colong opo ae

TUYUL : salah siji ne enek kain

PAIMAN : kowe nyolong opo njarah,barange wehno konco koncomu
Tuyul bukak HP ANDROID bukak facebook jur inbox koncone

@7uYul_94ul : h3ll¤ c¤n9

@PO_CONG : 3n3k opo bot4k

@7uYul_94ul : kain sing kok gaw3 iku kan w3s r3g3t tur kusut,nek tak wei kain sing anyar g3l3m
gak...

@PO_CONG : gel3m botak,w3s kirim3n n3ng omah ku

@7uYul_94ul : b3r3s con9,t4k kirim liw4t
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JNE yo b3n c3p3t

Akhire kain sing dikirim wes nyampek omahe,pocong jur inbox neng tuyul

@PO_CON9 : yul,kain sing kok pak3tn3 w3s t3ko

7uYul_94ul : cocok ora n3k kok gaw3

PO_CON9 : cocok dengkulmu mlocot kuwi(esmosi tingkat setan)

7uYul_94ul : opo 3n3k sing kliru cong

PO_CON9 : yo jelas kliru blokkk%#&*

7uyul_94ul : sin9 kliru apan3 con9

PO_CON9 : cangkem rusak,sing kliru iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Warnane IJO,EMANGE AKU Panganan LEMPER KON Gawe warna ijo,
kain mu tak balekne maneh gawenen dewe

7uyul_94ul : nek aku sing gawe,emange aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku KOLOR IJO muehe...he...he...(karo ngelus ngelus gundule)




Monggo di LIKE & BAGIKAN sinambi ngrantos tuyul part 6#
By
.
.
.
[[ kang men ]]

9 Mar 2014

Parikan Ora Wani Rabi

3/09/2014 Posted by Unknown 1 comment
Parik'an edan kang men
Parik'an ora wani rabi

1.~golek welut nyambi ngemut gelali
~isane mung gelus
Wis ora usah rabi

――≠――

2.~Tuku kebab asli turki
Wadahe besek mergone gedi
~ora tanggung jawab
kok njaluk rabi
Nganti tuwek teruso onani

――≠――

3.~Etan kali gununge pegat
Akeh kayune podo gapuk
~arep rabi yo kudu ragat
Ora jamane mung modal manuk

――≠――

4~golek jangkrik nemune bolongan ulo
~ditinggal pacare purik
Ngentekne kloso

5.~Asale areng,teko bakaran kayu
~Opo artine ganteng
Nek ora payu payu

――≠――

6~Teko solo numpak kereto
Oleh olehe telo diandumne tonggo
~golek bojo sing gelem dijak soro
Saben dino gelem nyitak boto

――≠――

~sinta jojo, dolanan nari remong
~nek gelem bojo,iki enek bekase bencong

――≠――

Sing wes hadir,Monggo di pancal LIKE & BAGIKAN nggih
By
.
.
.
[[kang men]]

7 Mar 2014

Tuyul Part #4

3/07/2014 Posted by Unknown No comments
Tuyul part 4#

Mergo di pentungi,tuyul mlayu teko omahe paijo

Pas tekan pinggir dalan tuyul ketemu paiman

PAIMAN : WOI,kowe sopo kok lingguh neng pinggir dalan

TUYUL : jenengku tuyul mas brow

PAIMAN : kowe tuyul (keweden nganti ngompol neng katok)

TUYUL : ora usah wedi mas brow,sampean iki Koyok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngerti setan ae wedi karo tuyul

PAIMAN : jiangkrik@#%&,tuyul kuwi setan

TUYUL : ngono yo,aku lagi ngerti
Nek tuyul iku setan,

Tapi tenang wae mas brow,aku iki tuyul gaul

PAIMAN : gaul apane,sirahmu ae gundul

TUYUL : sampean mesti menungso bongsone wong deso,iki twitter ku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
@7uYul_94ul ojo lali di follow yo

#guyonanjowokangmen

PAIMAN : aku ora ngerti twitter,kowe nyapo bengi bengi neng pinggir dalan

TUYUL : aku di usir teko omah karo BOS ku

PAIMAN : nek ngono turu neng omahku ae

TUYUL : siap mas brow

Si tuyul di ajak muleh neng omahe paiman,nanging panggon turune neng wit sing wis garing

Sak durunge mapan turu,tuyul bukak hape TAB ANDROID jur update status neng twitter

@7uYul_94ul : s4k 3l3k-3l3k'3 m3nun9so mesti 3n3k ap1k'3

Tuyul Oleh mention teko koncone

9€nd3ruwo_9ondron9 : panc3n3 b3n3r botak,sing at1-at1 yo n3ng kono muach...muach...

7UYul_94ul : ora usah ngambung COKKK,ababmu mambu s3pit3ng

9end3ruwo_9ondrong : ngerti ae kow3 yul n3k aku mari
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
nguntal T@€K

7uYul_94ul : cangkem murko,koyok ora enek panganan liyo

Yo wes aku tak turu disek muaah..muach..muach....DA...DA

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

6 Mar 2014

Tuyul Part #3

3/06/2014 Posted by Unknown No comments
Tuyul part 3#

PAIJO : yul,iki tak gawani plastik kresek

TUYUL : gawe opo bos

PAIJO : gawe nutupi raimu nek enek sing masang CCTV neng omah wong sing arep kok colong

TUYUL : beres bos,siap laksanakan


PAIJO : yen ngono ndang budal dines

TUYUL : ojo sak iki bos,dino iki aku tak libur disek

PAIJO : WOI...kowe iki demit nek iso ora usah libur nek golek duwit

TUYUL : WAH! iku jenenge pemaksaan bos

PAIJO : emange kenopo nek pemaksaan

TUYUL : si bos iso
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak laporne neng KOMNASHAM perlindungan anak,mergo si bos ngongkon arek di bawah umur kon kerjo

#guyonanjowokangmen

PAIJO : kowe biyen sekolah neng ngendi kok pinter,
yo wes lah kowe istirahat di sek

Sesok bengi tuyul budal dines jur muleh di takoni paijo

PAIJO : mrene yul,duwite oleh piro

TUYUL : lumayan bos oleh akeh

PAIJO : gowo rene duwite

TUYUL : duwite iki mau tak sumbangne

PAIJO : BOKONG KISU@&*%aku iki juraganmu,kok sumbangne sopo yul

TUYUL : tak sumbangne mbah-mbah sing klambine lungset(kusut) neng ngarep omah kae lho bos

PAIJO : kuwi ora lungset klambine yul,tapi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kulite kriput mergo ora gawe klambi,
iku mbah ku GOBLOK%#&#

Saknaliko tuyul di pentungi karo paijo

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

5 Mar 2014

Tuyul Part #2

3/05/2014 Posted by Unknown No comments
Tuyul part 2#

PAIJO : iki yul klambi lan katokmu wes tak tukokne

TUYUL : matur suwun bos

PAIJO : iki kan wes tak tukokne klambi lan katok,nek nyambut gawe sing sregep

TUYUL : siap!!!,tapi siji (1) sing kurang bosss

PAIJO : cangkemu ojo rewel ae,kowe njaluk opo maneh...

TUYUL : aku njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Rambutku di rebonding bos,ben gaya sitik(karo kukur kukur gundule)

PAIJO : ora usah ndagel,
kowe opo arep dadi tuyul gondrong,rambut ae ora duwe njaluk direbonding

TUYUL : guyon bos

PAIJO : wes ndang berangkat nyambut gawe

Bengi iku tuyul berangkat dines karo nyangking karung

PAIJO : piye yul hasil kerjomu mambengi

TUYUL : beres bos,iki oleh sak karung

PAIJO : Pinter,gowo rene karunge...

TUYUL : iki bos tak uncalne,
AWAS! kenek raimu

PAIJO : lho! Isine kok
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SUKET yul,kerjomu iku golek duwit ora suket

TUYUL : jenenge ae karung bos,mosok di isi duwit kan yo ora pantes

PAIJO : geblak kejet kejet kenek SROKE jur tangi maneh

Iki tak gawani dompet gawe ngisi duwit

Tuyul jur budal maneh nyambut gawe

Banjur tekan omah tuyul di takoni paijo

PAIJO : piye yul,dompete kebak duwit ora

TUYUL : sorry bos,dino iki ora oleh duwit

PAIJO : opo kowe ora budal dines

TUYUL : yo budal bos

PAIJO : LHA kok ora oleh duwit

TUYUL : mergo saben omah sak iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Di pasang CCTV bos,aku kan jadi malu muehe...he...he...(guyu genderuwo manak)

PAIJO : krukupan plastik kresek COKKK...Pancene tuyul edan%&#*

Sak naliko paijo ngrawuk'i raine dewe

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

4 Mar 2014

Tuyul Part #1

3/04/2014 Posted by Unknown No comments
TUYUL PART 1#

Paijo iki kepengen sugeh jur ngingu anak buah TUYUL

PAIJO : piye yul,kerjomu mambengi oleh hasil piro...

TUYUL : lumayan pak lek

PAIJO : pak lek bokongmu kisut kuwi,nek nyelok aku iku SI BOS,ngerti ora

TUYUL : ngerti SI BOS alias
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SILITE NGOBOS

PAIJO : JIANGKRIK kowe #@&%(tibo glundung ngemut jempolan),
gowo rene hasilmu dino iki oleh duwit piro...

TUYUL : dino iki oleh 100 ewu bos

PAIJO : kok sitik

TUYUL : tenang wae bos iki ijek enek tambahan

PAIJO : WHAT! tambahane piro

TUYUL : tambah
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
25 bos

PAIJO : woi kuwi ora tambahan wedus gembel,yo wes ora opo kenek gawe tuku lombok muehe...he...he...(guyu kethek ngesot)

TUYUL : BOS wetengku luwe sedino durung mangan,
tak mangan disek yo

PAIJO : kowe njaluk mangan opo...

TUYUL : aku kepengen mangan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SOTO karo ES TEH bos

PAIJO : hadech! Ngopeni kowe ora sugeh malah bangkrut

Bengine tuyul dines trus sesok'e di takoni karo paijo

PAIJO : piye yul hasilmu dino iki

TUYUL : sorry bos dino iki mung oleh sitik

PAIJO : mangkane nek kerjo iku sing sregep,jane enek opo olehmu kok mung sitik

TUYUL : masalahe
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
ora kok tukokne KATOK LAN KAOS bos, mosok nyolong karo bugil aku yo isin bos disawang menungso

PAIJO : kowe iku demit COKKK@*%#
kejet kejet ayane kumat

Monggo di LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

3 Mar 2014

Parikan Versi Tresno Sudro

3/03/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men versi tresno sudro

1.~Nguber asu ora sandalan
Asune mlayu neng ngisor wit manggis
~nyawang sliramu neng pelaminan
rasane atiku koyok di cubles keris

――≠――

2.~Pak carik ngucapne salam
~ora ketemu sedetik
Rasane koyok selawe likur jam

――≠――

3~sego gurih campuran klopo
~atiku perih
Sliramu mlaku karo wong liyo

――≠――

4.Mangan kripik di sambi ngaret
~cintaku iki dik,asli lan unlimited

――≠――

5.~gawe jamu peresan timun
~nyawang sliramu
ngentekne stok sabun

――≠――

6~Mongso rendeng bulane telu
~aku iklas gendeng nek kowe iso guyu

――≠――

7~Anak asu nguntal jenang
~tak elem ayu jebule lanang

――≠――

8~anak asu nguntal gombal
~kok tolak cintaku rasane koyok di rudal

――≠――

9.~tora sudiro mangan lontong kikil
~parasmu koyok dian sastro
Guyumu koyok buto cakil

――≠――

Monggo dipilih parik'an sing kok senengi lurrr...

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Dadi Buruh

3/03/2014 Posted by Unknown No comments
Paiman sing dadi mandor neng PT MLARAT JAYA,ngecek siji siji karyawane

Pas lagi ngecek karyawane paiman ngerti paijo sing lagi enak enak'an rokok'an

PAIMAN : Woiii,iki jam kerjo ora malah nyantai neng kene,iki pabrik gone mbahmu opo piye

PAIJO : tenang wae man,sing penting kan
DUREN CANGKOK'AN = LINGGUH LEREN KARO ROKOK'AN Muehehe...he..he..(malah guyu cengengesan)

PAIMAN : Dengkulmu kuwi sing di CANGKOK

PAIJO : oalah man, kowe kuwi dadi MANDOR KAWAT wae gaya

PAIMAN : aku iki mandor neng PT MLARAT JAYA

PAIJO : koyok aku ora ngerti kowe kan
MANDOR KAWAT = KERJO KENDOR MANGAN KUWAT Muehehe...he..he..(guyu ngakak

PAIMAN : jiangkriiik, kowe niat kerjo opo cangkruk'an

PAIJO : yo jelas kerjo,mosok arep dodolan K¤T@NG neng pabrik

PAIMAN : yo wes nek ngunu bayaran ulan ngarep
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : arep kok tambah'i
.
.
.
.
.
PAIMAN : tambahi untumu ambrol kuwi
.
.
.
.
PAIJO : AREp kok wei bonus
.
.
.
PAIMAN : bonusi gingsulmu limo likur kuwi
.
.
.
.
PAIJO : LHA terus arep kok wei duwit opo

PAIMAN : nek kerjomu koyok ngono
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
DUWIT SANTUNAN KEMATIAN WAE GAWE MBAYARI KOWE

Saknaliko paijo njaluk sepuro karo ngrikiti pendoso

Monggo di LIKE & BAGIKAN LUUUR #guyonanjowokangmen

By
.
.
.
[[ kang men ]]

2 Mar 2014

Paijo Nyambangi Srintil

3/02/2014 Posted by Unknown No comments
Wektu pacaran paijo iki jan setia, sayang lan perhatian marang srintil

Pirang pirang dino iki srintil loro(sakit), paijo jur sambang srintil neng omahe

PAIJO : dik sri sampean opo loRo

SRINTIL : (nangis neng pundak'e paijo)
Hik...hik...iyo mas

PAIJO : yo sing sabar dik sri

SRINTIL : Hik.,hik...mas,penyakitku iki arep tak operasi

PAIJO : tak dongakne mugo mugo wektu operasi sampean slamet

SRINTIL : tapi mas,nek seumpomo wektu operasi aku mati piye

PAIJO : huzz, ojo ngomong koyok ngono to dik( karo ngelus ngelus rambute srintil)

SRINTIL : matur suwun mas, senajan sampean duwe pacar koyok aku, duwe penyakit koyok ngene tapi sampean tetep wae setia

PAIJO : iyo sampean tetep tak pertahanne, dik sri sakjane penyakite sampean iku opo kok nganti di operasi

SRINTIL : tolong sampean ojo ngomong sopo sopo, Mrene mas tak bisik'i, AKU kENEK PENYAKIT
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
paijo masang rupo kaget
.
.
.
.
.
.
SRINTIL : penyakit...penyakit...
.
.
.
.
.
.
.
Paijo siap Siap histeris
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PENYAKIT PANU NENG BOKONG

saknaliko paijo ngrawuk'i raine dewe

PAIJO : dik sri penyakite sampean iku ora usah di operasi, Mreneo dik SRi tak bisik'i penyakitmu iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
IJEK ADOH(JAUH) KARO NYOWO,GOWO MRENE TAK KEROK'E GAWE PACUL

Monggo dipun LIKE & BAGIKAN #guyonanjowokangmen

By
.
.
.
[[Kang Men]]

Test Tok

3/02/2014 Posted by Unknown No comments
mari dhuhur kuwi ASHAR...

Ngucapne janji kuwi NADAR...

ngenteni sepur yo kudu SABAR...

Budal nyambut gawe ojo lali IKTHIYAR...

Sing wis hadir neng guyonan jowo kang men APA KABAR?

Sing wis hadir tak dongakne rejekine katah duwite barokah, sing lanang oleh bojo sing sholekah nek wedok oleh bojo sing sholikin

By
.
.
.
[[ kang men ]]