Parik'an Edisi tua tua keladi
Nanging ora mampu
1~Mangan duren neng ngisor wit
Di rubung pithik sak tarangan
~ngakune keren,jebule akeh penyakit
Di senggol sithik mlakune sempoyongan
(Mlaku gawe teken kok nyenggol perawan mbah
――≠――
2~Ijek isuk moco koran
Ngombe es kacang ijo karo gorengan
~moto ngantuk tangi gelagapan
Nelpon bojo kliru selingkuhan
(Antemen hulek hulek sak layahe mbok)
――≠――
3~Jarik suwek gone si mbah
Di tambal koran malah kenek ompol
~ Wes tuwek ojo kakean polah
di goyang pisan dengkule protol
(Oalah mbah,dengkulmu kari balung karo kulit kok aneh aneh)
――≠――
4~Enek ketek gendong anak'e
Anak telu podo irenge
~Bojo tuwek akeh bondone
Dijak turu kumat stroke
(Ambekan dino senin karo kemis kakean polah)
――≠――
5~Enek tekek nguntal kupat
Tekek lorek awak'e GEDE
~Senajan tuwek pengen bojo papat
Giliran mbok wek malah mlebu UGD
――≠――
Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar