KANG MEN : jo,kowe sak iki dadi artis neng guyonan jowo,member akeh sing ngomong nek kowe pinter
PAIJO : iyo kang men selama iki aku durung enek sing nandingi (kwakwakwak guyu bangga karo nyisir gingsule pitu likur)
KANG MEN : aku kepengen ngerti kepinteranmu
PAIJO : wes ngene wae kang men,sampean iso jawab bedek'an ku ora...
KANG MEN : bedek'an mu opo,jajal tak jawabpe
PAIJO : bedek'an ne ngene: Metune alon mlebune banter opo
KANG MEN : nek iku jawabane wong umbelen : umbele nek metu alon nek di sedot mlebune banter,bener opo ora
PAIJO : bener iku,iki enek bedek'an maneh, Di cokot bongkote sing kurang pucuk'e
KANG MEN : iku kan wong ngrokok,bener ora
PAIJO : bener kang men,wes aku nyerah
KANG MEN : sak iki kowe tak takoni,nek aku takon iyo kowe jawabpen ora,nek aku takon ora jawabpen iyo, wes ngerti durung kowe jo
PAIJO : Nek ngono yo gampang to kang men
KANG MEN : sak iki takonku ngene, Jo kowe opo ora tau ngerti telek kebo
PAIJO : iyo ngerti
KANG MEN : bentuk'e telek kebo iku cilik iyo
PAIJO : ora gede
KANG MEN : kiro kiro nek jek tas nelek opo ora anget
PAIJO : iyo anget
KANG MEN : nek kowe wes ngerti telek kebo iku anget,kenopo ora kok EMPLOKKK
PAIJO : IYO TAK EMPLOK
KANG MEN : Rasane ora enak to,,
PAIJO : IYO ENAAAKKK,
KANG MEN : aku ngono ku opo iyo kok turah'i
PAIJO : ORA TAK TURAH'I, Sak naliko paijo kejang kejang kenek STROKE STADIUM 9 . . .
Ojo lali LIKE lan BAGIKAN, met malem minggu luur
By
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar