25 Feb 2015

Paijo Ketemuan Neng Taman Tresno Sudro

2/25/2015 Posted by Unknown , , No comments
Naliko paijo kerjo neng perantauan kenal cewek sebut wae jenengenge srintil,sing
bocahe ayu,meneng,ora tau neko neko

Senajan pacaran suwe paijo ora wani nyekel tangan utowo ngambung koyok sing di lakoni bocah nom nom sak iki,nek gandengan tangan iku wae wektu nyebrang dalan utowo nyebrang kali

Akhire Wong 2 iku podo duweni tresno sing koyok koyok ora biso di pisahne
Ing salah sawijine dino srintil kepengen ketemuan marang paijo,sopo sebenere srintil

Wong 2 iku ketemuan ning taman tresno sudro

SRINTIL : Mas,sak durunge aku crito,penjalukku sampean ojo gelo marang aku

PAIJO : sampean kepengen kondo opo marang aku

SRINTIL ; saktenane arek cilik sing jenenge STELLA(nama samaran)neng njero omahku ora adikku nanging anakku

PAIJO : (BLEDARRR....BLEDERRR rasane awan iku koyok enek bledhek sing podo nyamber)dadi selama iki sing kok anggep adik iku anakmu

SRINTIL : iyo mas,kejadian iku wes suwe banget jaman aku ijek sekolah,
Aku duwe pacar nanging ora gelem ngakoni nek STELLA iku anak'e(ora kroso mripat iki kebak banyu sing mestine ora iso kebendung)

.
.
.
Semenjak kejadian ning taman paijo lan srintil ora pernah ketemu

Wes enek telung ulan sak wise kejadian ning taman paijo ngejak srintil janjian mlaku mlaku golek nasi goreng

Dilalah Sak durunge mlebu neng njero bakul nasi goreng,enek wong lanang sing lagi telpon karo mangan,nanging wong iku cepet cepet metu teko warung kiro kiro nasi goreng sing wes di pesen mung di pangan telung sendok

Paijo lan srintil lingguh ning panggonan sing di panggoni wong sing cepet cepet metu teko warung

SRINTIL : mas,aku arep ngomong

PAIJO : sampean arep ngomong opo dik

SRINTIL : awak dewe iki wes suwe pacaran,ibuk lan bapakku yo wes ngerti nek awak dewe pacaran,opo sampean jek kepikiran kejadian ning taman biyen

PAIJO : selama iki,aku jek kepikiran

SRINTIL : dadi sampean ora biso nrimo kejujuranku opo sing tak critakne wektu neng taman,opo mergo aku bekase wong liyo sampean ora gelem nompo aku(neng njero dodo rasane pegel,perih sing ora biso di roso karo wong liyo)

Paijo jupuk nasi goreng bekase wong liyo jur di wehne srintil

PAIJO : nek sampean gelem iki sampean maem dik

SRINTIL : nek sampean ora iso nukokne nasi goreng,aku jek iso tuku dewe,
Ora bekase wong liyo sampean wehne aku

PAIJO : Ngene lho dik,senajan nasi goreng iki bekase wong liyo nanging rasane iku podo wae ora enek bedane,aku iki nrimo sampean nanging yo butuh wektu ora nafsu

Ibaratne wae koyok nasi goreng iku mau,senajan rondo utowo dudo nanging rasane podo wae ora enek bedane

Akhire paijo lan srintil bungkus nasi goreng jur muleh neng omahe dewe dewe

Neng njero kamar wong 2 iku podo ora turu malah podo tangisan

Pesenku mung siji neng dulur dulur guyonan jowo kang men ''JOGONEN BARANG MU KUWI''


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar