20 Feb 2014

ilate Pajo CADEL

2/20/2014 Posted by Unknown No comments
Kisah perjuangan cintane paijo marang srintil, Wektu iku paijo lan srintil lagi mampir neng warung makan, pas warunge lagi rame paijo pesen neng bakule sing jenenge paiman

PAIMAN : mas pesen nopo nggih

PAIJO :  kulo pesen
.
.
.
.
.
.
.
.
MIE GOLENG (tibakne paijo ora iso ngomong huruf R alias CADEL,wong sing neng warung podo guyu ngakak nganti geblak-geblak muehe...he...he...)

mergo isin srintil langsung ngejak muleh paijo karo krukupan kresek

SRINTIL : mas nek sampean ora iso ngomong huruf R ojo pacaran karo aku

PAIJO : tenang wae dek, aku mesti iso ngomong huruf R

DINO SENIN
Ngomong Mie goreng 100X

DINO SELOSO
Ngomong mie goreng 200X

DINO REBO
Ngomong mie goreng 300X

DINO KEMIS
Ngomong mie goreng 400X

DINO JUM'AT
ngomong mie goreng 500X nganti lancar

Dino sabtu paijo ngejak srintil neng warung makan karo PD  benakne krah klambi
Paijo lan srintil mlebu warunge paiman langsung pesen karo semangat 45 jaman perjuangan

PAIMAN : mas Pesen nopo?

PAIJO : kulo pesen MIE GORENG ( bisik bisik neng kupinge srintil,piye sri cintaku kok trimo to)

PAIMAN : ngombene opo mas?

PAIJO : ngombene
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
ES CAMPUL

Wong sing neng warung podo guyu nganti guling guling ping suwidak likur

srintil langsung ngejak muleh paijo karo krukupan sempak seken

SRINTIL : sepisan maneh sampean ora iso ngomong R awak dewe putus ae mas

PAIJO : tenang wae dek, ojo kuwatiiirrr

DINO SENIN
ngomong es campur 100X

DINO SELOSO
ngomong es campur 200X

DINO REBO
ngomong es campur 300X

DINO KEMIS
Ngomong es campur 400X

DINO JUM'AT
ngomong es campur 500X nganti lancar

Dino sabtu malem minggu paijo pengen buktekne marang srintil neng warung makan gone paiman

PAIMAN : pesen nopo mas?

PAIJO : mie goreng

PAIMAN : ngombene nopo mas?

PAIJO : es campur(bisik bisik neng kupinge srintil,sampean tetep milih raden kang mas paijo delahoho to?, ngelap iler)

PAIMAN : ngapunten mas,es campur sampun telas(habis)

PAIJO : nek ngono di ganti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JUS DULEN

srintil koprol maju mundur nganti semaput

Waduh! Sepurane sri nek iki aku durung latihan,
Paijo mringis ngemut pojok'an mejo

monggo di LIKE & BAGIKAN #guyonanjowokangmen
by
.
.
.
[[ kang men ]]

19 Feb 2014

Sego Pecel Siap Anter

2/19/2014 Posted by Unknown No comments
Bengi iku paijo wetenge luwe jur telpon neng warung sego pecel siap anter,

sebut wae sing dodolan sego pecel iku jenenge Paiman

PAIMAN : kring...kring...kring...hallo,sopo iki?

PAIJO : aku paijo,neng kono opo dodolan sego pecel?

PAIMAN : (esmosi 1)neng kene bakul semen,matamu opo durung melek,
Yo jelas enek to mas

PAIJO : aku mung takon

PAIMAN : woi,wong edan*%&#

Telpon di tutup karo paijo

PAIMAN : kring...kring...kring...iki opo mas paijo

PAIJO : Lho! Kok ngerti mas

PAIMAN : yo ngerti mergo ambumu koyok batang urip

PAIJO : mas,sampean kok yo nglawak muehe...he...he..

PAIMAN : pancene bocah nek gerah polone*%&@#

Telpon di tutup maneh karo paijo

PAIMAN : kring..kring...kring..kowe maneh enek opo mas

PAIJO : aku arep takon,sampean bukak warung sego pecel opo 24jam

PAIMAN : iyo mas,emange kenopo

PAIJO : sampean opo ora tau turu

PAIMAN : dasare,bocah koyok kethek ngendok*%&#

Telpon ditutup karo paijo

PAIMAN : kring...kring...kring...enek opo maneh mas

PAIJO : Sego pecelmu enek lawuhe wedus karo kulup gak mas?

PAIMAN : enek mas

PAIJO : nek ngono pesen siji,tapi weduse di dewekne kulubpe yo di dewekne,mergo nek di campur kulubpe mengko di pangan wedus

PAIMAN : nek wani reneo brutu kethek*%&#

Telpon di tutup maneh karo paijo

PAIMAN : kring...kring...kring..wedus gembel sido pesen gak

PAIJO : sido mas,enek lawuh tempe gak

PAIMAN : enek mas

PAIJO : teMPene piroan mas

PAIMAN : Tempene (rong ewu telu)

PAIJO : kuwi mesti tempe mambu kok yo di dol mas,
sak iki
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
thn RONG EWU PAT BELAS

PAIMAN : cangkem ora tau dislameti(karo ngemut gagang telpon sroke stadium 9)

PAIJO : keplok keplok gawe sikil karo jogetan

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

18 Feb 2014

Curhate Kewan Marang Paijo

2/18/2014 Posted by Unknown No comments
Ojo kondo sopo sopo lur,jebule Paijo iki ngerti bosone kewan

Iki curhate kewan marang paijo

PITIK : mas brow,saben dino ndok ku kok jupuk'i daginge kok pangan nanging aku ora tau kok pakani

PAIJO : iki tak pakani beras,nek wes wareg ndang turu kono

PITIK : nek aku wes wareg tak langsung mapan turu yo

PAIJO : ora usah kakean ngomong,matane ndang merem(nyusahne wong urip ae kowe iki)

Sak iki giliran wedus

WEDUS : mas brow,mongso udan ngene iki aku kademen mosok ora kok wei slimut karo di gawekne kandang

PAIJO : iki tak wei slimut,sesok wae tak gawekne kandange

WEDUS : nek ngono aku tak turu disek yo

PAIJO : Ojo kakean ngomong,ndang merem kono(ngrepotne menungso wae)

[ ‪#‎guyonanjowokangmen‬ ]

SAk iki giliran Sapi

SAPI : mas brow,saben dino susu ku kok elus-elus trus diremet-remet nganti kemeng

PAIJO : trus penjaluk opo,
Opo njaluk di pakani koyok pitik

SAPI : ora,aku ojo mung kok pakani ae

PAIJO : opo jaluk selimut koyok wedus

SAPI : ora,aku ora butuh selimut

PAIJO : wes ora usah kakean cangkem,njalukmu opo

SAPI : aku mung njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tanggung jawabmu kapan AKU KOK RABI, wes ngelus ngelus lan ngremet ngremet susuku mosok ora gelem tanggung jawab

PAIJO : woiii! rumangsamu aku lanangan sapi@%¤#

Saknaliko paijo minggat soko ngomah

Monggo di LIKE & BAGIKAN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

17 Feb 2014

Mbayangne Nek Wis Rabi

2/17/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo lagi pacaran karo srintil neng ngisor wit cempluk'an

Paijo ngrayu srintil sing paling romantis,wong 2 bayangne nek wes bebojoan

PAIJO : dik sri,nek seumpomo awak dewe dadi wong ndeso aku kepengen nyeluk (panggil) sampean ibu (mlintiR brengos)

SRINTIL : yen ngono aku bapak(masang rupo unyu unyu)

PAIJO : nek seumpomo awak dewe dadi wong arab,kepengenku nyeluk UMI( nyisir brengos)

SRINTIL : Sing mesti aku ABI mas(masang rupo imut imut)


PAIJO : nek awak dewe dadi wong inggris aku nyeluk sampean MOM(kukur kukur panu)

SRINTIL : aku nyeluk DAD(mbatine rupo koyok ganjel trek gandeng)

PAIJO : Nek awak dewe dadi wong sugeh,kepengenku sampean tak celuk MAMI ( guyu bangga)

Sampean kan yo ngerti to dik,nek aku dadi ustadz neng kampung kene

SRINTIL : yo sampean tak celuk AA' mas

PAIJO : nek ngono aku ora usah nyeluk sampean dik

SRINTIL : emange kenopo mas

PAIJO : aku ora mentolo dik

SRINTIL : kan yo ben Serasi mas

PAIJO : mosok aku nyeluk sampean
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
EE' dik,pancene awak dewe jodo

saknaliko Srintil brakoti godong cepluk'an
Monggo di LIKE & BAGIKAN
#GUYONANJOWOKANGMEN

By
.
.
.
[[ kang men ]]

16 Feb 2014

Bos Rosok

2/16/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo duwe konco akrab jenenge paiman,pas neng dalan paijo karo paiman ketemu, mergo wes enek 10 thn ora kepethuk

PAIJO : man,piye kabare?

PAIMAN : aku panggah apik jo,senajan dadi wong kere gak duwe penggawean, kerjomu sak iki opo?

PAIJO : aku sak iki dadi bos ROSOK biyen awale yo dadi pemulung ,ayo mampir neng omahku

Wong 2 numpak mobil wuzzz...wuzzz...wuzzz

PAIMAN : kwakwakwak (guyu tengu PUS UP)raimu koyok gogrokan gedhek kok yo numpak mobil jo, Banjur tekan omahe paiman kaget,gede banget omahmu jo enek tamane karo kolam renange,lha bojomu ndi?

PAIJO : ora usah gumun (karo mlintir brengos)aku jek arepe rabi,awakmu turu kene wae man timbang muleh engko kebengen,paijo karo paiman ngobrol crito ngalor ngidul nganti bengi trus keturon kabeh

PAIMAN : jo...jo...tangi jo iki wes isuk

PAIJO : krukupan sarung karo ngomong,ora opo anggepen iki omahmu dewe

PAIMAN : Iyo aku ngerti tapi IKI

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NENG EMPERAN TOKO JO AREP DI BUKAK TOKONE AYO PINDAH PANGGON,Tinimbang awak dewe di sawat tugelan boto maneh

PAIJO : oalah man,AKU GAK SIDO SUGEH KARO RABI NEK KOK GUGAH turuku

-AWAN AWAN GORENG KOPI DI GORENG AMBUNE SANGIT
-SUGEHE PAIJO MUNG NGIMPI TIMBANG NGIPI DI UBER DEMIT

LIKE & BAGIKAN #guyonanjowokangmen

by
.
.
.
[[kang men]]

15 Feb 2014

Paijo Dodol Daging

2/15/2014 Posted by Unknown No comments
wektu iku paiman arep tuku daging pitik sing dodol paijo

PAIMAN : pak daging pitik 1kg piro...

PAIJO : pitik biasa nopo pitik kampung (esmosi stadium 1)

PAIMAN : pitik biasa mas

PAIJO : biasa niku lokal nopo ekspor

PAIMAN : lokal wae mas

PAIJO : lokal sing teko suroboyo opo jakarta

PAIMAN : sing teko suroboyo

PAIJO : suroboyo ndeso opo sing kuto

PAIMAN : (esmosi stadium 9 )mas,lapangan sing cedak teko kene ngendi mas

PAIJO : ngarep iku mas,wonten nopo nggih

PAIMAN : ayo mas melu aku neng lapangan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Awak dewe gelut wae

PAIJO : muehe...he...he...(guyu bencong TOMBOY)
sampean iso ndagel jebule

PAIMAN : kowe niat dodolan gak

PAIJO : aku iki niat dodolan

PAIMAN : daganganmu oleh di tuku opo gak

PAIJO : yo mesti oleh to mas,masalahe iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AKU DODOLAN BAKSO neng sampinge iki pak,sing dodolan daging pitik ijek neng WC.
Lha aku iki mau dikon ngejak omong omongan sing tuku nganti lambene lower karo ngenteni sing dodol daging pitik iki mbalek rene maneh

PAIMAN : ngomong kawit mau blok GOBLOK %*@#

Nek sing tuku poro member,paling penak bakule diapakne luuur...

Monggo diLIKE & BAGIKAN #guyonanjowokangmen
By
.
.
.
[[ kang men ]]