7 Apr 2013

Kang Men Curhat

4/07/2013 Posted by Unknown No comments
Sabtu sore,nek arek enom ngarani malam minggu aku wes siap siap dadan arep budal kencan

Ora nyongko lan ora di undang udan deres malah sing teko

Atiku bingung ora iso kencan,atiku pegel celono karo kaos tak sampirne,neng duwur kasur awakku tak rebahne

Mripat wes gak iso melek sesosok sing lembut gerayahi awakku

Kowe tego tenan gerayai sirahku medun neng gulu awak lan sikilku

Aku lagi ngerti yen maksudmu iku mung siji kepengen ngepek darahku

Sak iki kowe guya guyu mergo wes puas jupuk darahku sing kececer nek awak lan duwur kasurku

Dasar ora duwe ngesakne awan bengi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AWAKKU KOK DICOKOT LAN DIKERUYUK KEWAN TINGGI

(IKI CURHATKU SOKO JERO ATIKU LUR
By mohtarida@yahoo)

6 Apr 2013

Merk Mobil

4/06/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng injing menjelang siang lur...

Sore iku mendunge peteng udan deres jemblung dolan neng omahe kang paijo

Senambi ngobrol guyonan karo ngombe kopi jan mantep tenan lur...

PAIJO : woi mblung kowe mari tekan ngendi...

JEMBLUNG : tekan ngomah jo arep dolan mrene

PAIJO : nek dolan mrene biasane
Wetengmu keluwen,kono ndang mangan neng buri enek lawuh pakan kucing maksudku iwak pindang mblung(kwakwakwakwakwak guyu bebek)

JEMBLUNG : I'm sorry jo aku wes mari BMW

PAIJO : Kwakwakwak rupo maesan bahasa inggris barang,opo BMW iku...

JEMBLUNG : BAR MANGAN WAREG kik...kik...kik guyu *S* kecepit lawang)

PAIJO : oalah mblung koyok ora ngerti sopo kowo,biasane kowe kan PANTHER

JEMBLUNG : Lha opo maneh iku PANTHER...

PAIJO : PANGANANMU BANTHER (guk...guk...guk...guyu golong golong neng latar)

JEMBLUNG : senajan aku MERSI tapi aku ora gragas koyok kowe to jo

PAIJO : Iku kan wes gawanmu tekan lahir nek kowe
MERSI : PAMER GUSI ALIAS MRONGOS(kwakwakwakwakwak karo nyruduki pager omah)

JEMBLUNG : ora usah kakean ngommg,aku iki tamu ndang di gawekne
ISUZU : KOPI + SUZU

PAIJO : si...siap mas JEEP

JEMBLUNG : opo maneh kok gawe boso JEEP barang

PAIJO : JEEP iku,..
JEMBLUNG : maksudmu siip

PAIJO : ora kuwi maksudku,JEEP iku

JEMBLUNG : aku wes ngerti paling SIAP to

PAIJO : ora kuwi,JEEP iku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JEMBLUNG
ELEK
EDAN
PENGANGGURAN

Saknaliko Jemblung geblak kijang kijang(kejang kejang)

Cerito iki di request by kebru'an gedhek judule merk mobil

Mohtarida@yahoo.com

4 Apr 2013

Jemblung Maling

4/04/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng injing luuur

Bengi iku jemblung arep maling neng omahe paijo

sore wes direncanakne bengi tinggal ngelaksanakne

Jam 1 bengi jemblung siap maling jur mlebu neng omahe paijo,ora di sengojo jemblung nyenggol panci GLONDANG...GLONGDANG

PAIJO : tangi turu woiii...kuwi kucing oPo maling...

JEMBLUNG : saking bingunge golek panggon delik(ngumpet) karo jawab Kucing (guyu karo ora ambekan)

PAIJO : ooo kucing to jebule,doyan lontong opo ndas pindang(karo gowo pentung)

JEMBLUNG : lontong enek jangane(kik...kik...guyu demit)

PAIJO : cing kucing kono ndang mangan neng mejo makan

JEMBLUNG : ngeong alias siappp

Wes oleh 15 menit karo paijo di takoni

PAIJO : wes wareg opo durung

JEMBLUNG : urung,..ijek kurang

PAIJO : kuwi weteng opo joglangan

JEMBLUNG : makSudte ijek kuRang urung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Disangoni duwit

PAIJO : kowe delik neng ngendi

JEMBLUNG : neng ngisor cendelo

PAIJO : Njaluk sangu piro

JEMBLUNG : aku njaluk sangu nol kabehe limo

PAIJO : nyoh iki tampanono neng ngisor cendelo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DIUNCALI(LEMPAR) TUGELAN BOTO KABEHE LIMO

JEMBLUNG : MLAyu muleh karo oleh sangu bathuk'e mentol limo

Kiro kiro rupone jemblung koyok opo yo lur mari keblekan boto...
CERITO IKI DIREQUEST BY BOYAN JUDULE JEMBLUNG MALING

(Mohtarida@yahoo.com)

27 Mar 2013

Parik'an Tali Kotang

3/27/2013 Posted by Unknown No comments
SUGENG INJING DULUR DULUR KUMPULAN CERITO & GUYONAN BOSO JOWO

~Enek tekek mangani peyek
Peyek'e alot campuran teri
~Tanggal tuwek duwite entek
Kotange bojo pedot njaluk di ganti

~neng njero got tekek lagi ngendok
Ngendok siji sedino sewengi
~ kotang pedot di tali debok
Saben bengi di rubung tinggi

Sepurane mas jemblung dik, iki tanggal tuwek

Parik'an iki di request by DIMAS PRASETYO judule tali kotang

(Mohtarida@yahoo.com)

26 Mar 2013

Padepokan Jemblung

3/26/2013 Posted by Unknown No comments
Panggonan neng pucuk gunung jemblung duwe perguruan silat jenenge PADEPOKAN JEMBLUNG

wes kondang teko ngendi ngendi paijo pengen tarung karo jemblung

JEMBLUNG : hei bocah dowo ulune arep nyapo kowe munggah neng gunung kene

PAIJO : ojo kakean cangkem ndang tokno jurus pamungkasmu

JEMBLUNG : siap ngetokne juruse eker eker lemah karo salto neng ngarep

PAIJO : kuwi jurus opo?

JEMBLUNG : iki jurus kethek golek kacang

PAIJO : Pasang kuda kuda tangane nuthuli neng lemah

JEMBLUNG : jurus opo kuwi?

PAIJO : iki jurus pithik nutuli jagung

ADMIN : WOI kesuwen ndang tarung,mengko nek menang tak warisi ilmune kang admin teko cino

JEMBLUNG : opo min jeneng jurusmu

ADMIN : JURus jenenge
SING MEK KONG SING SEK NANG
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
JEMBLUNG : jurus opo kuwi min
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SING DEMEK BOKONG
SING DISEK MENANG

Ora suwe jemblung karo paijo cakar cakaran demek bokong

Cerito iki di request by elliya dboqesth trisnobudy judule jemblung jagoan silat

(mohtarida@yahoo.com)

Jemblung Dadi Pemborong

3/26/2013 Posted by Unknown No comments
Sugeng siang luuur

Wes enek 10thn jemblung ora tau muleh neng ndeso sak iki tambah sukses nyambut gawene

Mergo wayah prei jemblung muleh neng omah jur sowan neng mbahe

singkat cerito jemblung ngobrol karo mbahe

MBAH :lho le kapan kowe teko

JEMBLUNG : kolo wingi mbah kulo dugi

MBAH : kerjomu sak iki dadi opo neng jakarta

JEMBLUNG : dados pemborong mbah

MBAH : emange borong opo ae neng kono

JEMBLUNG : kulo borong tanah,lumayan teng mriko regone larang 1meter 10 juta

MBAH : sak jane ki mbah wes bosen urip neng ndeso aku kepengen neng kuto kan sak iki tanahmu ombo mbok aku di gawekne omah neng kono

JEMBLUNG : ngapunten kulo sak niki dereng saget damelke griyo

MBAH : BRUAKKK mbahe gebruk mejo,kowe ki putu kurang ajaR MBahmu wes tuwek ora kok turuti kenopo

JEMBLUNG : ampun ngoten mbah,jenengan dereng wayahe kulo gawekne omah teng mriko

MBAH : lha ngenteni kapan kowe iso gawekne aku omah

JEMBLUNG : njih ngentosi riyen to mbah

MBAH : ora usah kakean cangkem GELEm ora gawekne(si mbah metu sungune),sak jane opo ngenteni mbahmu mati truS kok gawekne

JEMBLUNG : lha
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Njih Niku mbah sing kulo rantos,KULO KAN PEMBORONG NGEDOK (GALI) KUBURAN MBAH

Mbahe kejet kejet jantunge kumat

Cerito iki di request by BEND BENDOEL judule jemblung tukang gali kubur

(Mohtarida@yahoo.com)