15 Des 2013

Srintil Lan Paijem Pamer Parfum

12/15/2013 Posted by Unknown No comments
Srintil lan paijem iki wonge ayu bodyne semok montok pisan mergo nyambut gawene dadi sekertaris neng PT MLARAT JAYA sing gedunge lantai limo likur (25)

Wektu iku srintil lan paijem munggah neng lantai nduwur gawe lif ketemu karo clining servis jenenge paijo

Srintil lan paijem ngobrol neng njero lif

SRINTIL : jem,dino iki parfum sing kok gawe opo...
Ambune jan wangi lan seger

PAIJEM : aku gawe parfum produk luar merk GUCCI,mergo aku mari teko kono

(Batine paijo, gombal karo nyangking timbo )

PAIJEM : yen kowe sri,gawe parfum opo

SRINTIL : nek aku gawe parfum luar negeri merk SHOPIE PARIS,kado teko pacarku xi...xi...(mringis pitik arep ngendok)

(Batine paijo,kemenyek ambu prengus muehe...he...he...)

Paijem lan srintil jur nyawang paijo sing kawit mau pringas pringis

SRINTIL + PAIJEM : yen mas paijo gawe parfum opo ( wong 2 karo nyumpeti irung )

PAIJO : yen aku parfum produk lokal mbak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sambel JENGKOL + PETE
(Paijo mbatin,rasakno ambune parfum lokalku,nyambi ngentut jur metu tekan lif)

Saknaliko srintil lan paijem muntah muntah
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Gawe Wong Wedok

12/15/2013 Posted by Unknown 2 comments
Parik'an edan kang men

Iki parik'an gawe wong wedok kudu ngati ngati marang wong lanang

~Godong kemlade di gawe jamu
Bonggole gede warnane iju
~ganteng rupane pancen idamanku
Tapi sayange duwite ora tau metu

(Bojo ganteng ora Jamane sing penting kandel dompete)
By
.
.
.
[[ kang men ]]

14 Des 2013

Ngrayakne Ulang Tahune Srintil

12/14/2013 Posted by Unknown 3 comments
Dino iki paijo ngrayakne ulang tahune srintil,jur ngapeli neng omahe

Paijo gowo kembang karo roti ngrayu Srinthil

PAIJO : dik sri nek seumpomo aku dadi kumbang sampean dadi opo???

SRINTHIL : aku yo mesti dadi kembang to mas

PAIJO : kik...kik...iyo dik aku ben iso ngisep madumu(fikirane paijo lagi ngeres),
nek aku dadi coklat arep sampean apakne???

SRINTHIL : tak cokot trus diemut sampek lemes

PAIJO : (paijo mripate merem melek)ngerti ae sampean dik sri,aku tambah sayang karo sampean (karo ngelus rambute srinthil tapi fikirane kotor),

nek aku dadi KUNCI sampean dadi opone???

SRINTHIL : yo aku dadi GEMBOK to mas ben iso gandeng terus kik...kik...

PAIJO : nek seumpomo KUNCI ku ilang piye dik?

SRINTHIL : yo aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NYELOK TUKANG KUNCI GEMBOK'E DIRUSAK TERUS TAK KON NGEDEL NGEDEL GEMBOK KU BEN KENEK DI BUKAK

paijo ginjal ginjal neng latar
Karo ngrikiti watu

SRINTHIL : emange kenopo mas karo gembok'e

PAIJO : lha terus aku opo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
KEBAGIAN GEMBOK SING WES LOWER GAREK AMOH'E

Tinimbang gembok'e di di rusak karo tukang kunci,
Saknaliko paijo nguntal gembok sak kuncine

Met Malem Minggu Luuur
Seng jomblo tulen met murep neng duwur kasur
Muehehehehehe.....

Ojo lali di LIKE lan BAGIKAN

By
.
.
.
.
[ kang men ]

13 Des 2013

Dodolan Neng Pasar

12/13/2013 Posted by Unknown No comments
Paijo lan paiman iki dodolan neng pasar

PAIJO : man, ngene iki dodolanku tambah lancar wae

PAIMAN : ngono iku yo disyukuri to jo

PAIJO : nek daganganmu piye man laris ora

PAIMAN : lumayan jo untunge,senajan mung dodolan sayuran

PAIJO : dodolan iki koyok aku,di krubungi cewek cewek sing ayu
HUAHA...HA.,HA...(guyu bangga)

PAIMAN : opo yo enek dodolan di krubungi cewek

PAIJO : buktine aku dodolan 15thn sukses di keruyuk cewek

PAIMAN : lha awakmu dodolan opo
 
PAIJO : aku dodolan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SEMPAK CEWEK KARO KOTANG
(Mringis codot )

PAIMAN : WAH!!! bener kuwi jo kenek di tiru,nek menurutmu dodolan barang gelap ngono iku gak enak'e opo?

PAIJO : Barang gelap dengkulmu anjlok kuwi iki ora barang gelap,ora kepenak'e iku...

PAIMAN : sing tuku tuwek HUAHA...HA...HA...(GUyu karo koprol)

PAIJO : ora iku,ora kepenak'e sing tuku njaluk...

PAIMAN : njaluk kon mraktekne neng awakmu,carane nek kotangan HUAHA...HA...HA...(guyu karo koprol neng mburi)

PAIJO : bathukmu sempal ora iku,lambemu iso mingkem ora

PAIMAN : lha trus ora kepenak'e opo

PAIJO : ora kepenak'e iku nek ngikuti trend jaman sak iki,sing tuku njaluk
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SEMPAK SING ENEK SAK KEMPOLANE KIWO TENGEN
Huaha...ha...ha...Paiman koprol maju mundur ping 15

Ojo lali di LIKE lan BAGIKAN LUR...

By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parik'an Rondo Sexy

12/13/2013 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men

~Enek kirek mangan koro
Kirek siji buntute dowo
~Wani nglirik mung karo rondo
Rondo sexy anak'e limo

Penak pilih mbok'e opo anak'e...
By
.
.
.
[[ kang men ]]

12 Des 2013

Parik'an Sunnah Rosul

12/12/2013 Posted by Unknown No comments
Parik'an Edan Kang Men

~Pak camat bojone mandul
Ngombe obat wetenge abuh
~malam jum'at wayahe sunnah rosul
kadung semangat gak duwe musuh

(penak'e ngene iki dimusuhne opo luur?)

By
.
.
.
[[Kang Men]]