15 Des 2013

Srintil Lan Paijem Pamer Parfum

12/15/2013 Posted by Unknown No comments
Srintil lan paijem iki wonge ayu bodyne semok montok pisan mergo nyambut gawene dadi sekertaris neng PT MLARAT JAYA sing gedunge lantai limo likur (25)

Wektu iku srintil lan paijem munggah neng lantai nduwur gawe lif ketemu karo clining servis jenenge paijo

Srintil lan paijem ngobrol neng njero lif

SRINTIL : jem,dino iki parfum sing kok gawe opo...
Ambune jan wangi lan seger

PAIJEM : aku gawe parfum produk luar merk GUCCI,mergo aku mari teko kono

(Batine paijo, gombal karo nyangking timbo )

PAIJEM : yen kowe sri,gawe parfum opo

SRINTIL : nek aku gawe parfum luar negeri merk SHOPIE PARIS,kado teko pacarku xi...xi...(mringis pitik arep ngendok)

(Batine paijo,kemenyek ambu prengus muehe...he...he...)

Paijem lan srintil jur nyawang paijo sing kawit mau pringas pringis

SRINTIL + PAIJEM : yen mas paijo gawe parfum opo ( wong 2 karo nyumpeti irung )

PAIJO : yen aku parfum produk lokal mbak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sambel JENGKOL + PETE
(Paijo mbatin,rasakno ambune parfum lokalku,nyambi ngentut jur metu tekan lif)

Saknaliko srintil lan paijem muntah muntah
By
.
.
.
[[ kang men ]]

0 komentar:

Posting Komentar