25 Apr 2014

Parikan Edisi Golek Jodo

4/25/2014 Posted by Unknown No comments
PaRIk'an edan kang men
parik'an edisi golek JODO,
monggo merapat mrene

~Tuku klopo kliru markisa
~Lengo secanting gawe goreng telo
~Mboh jodo mboh ora
Sing penting dadi konco

――≠――

~Ngarit suket budale sore
~ndasku mumet mikirne kowe

――≠――

~Kathok'e cino warna warni
~wong londo neng stasiun
~kethok moto ora ndang dirabi
Kadung lungo sak iki getun

――≠――

~gandeng kethek mlebu kamar
~nek wes kenek ndang di lamar

――≠――

~kethek mangani telo
~nek wes kenek jenenge bejo
(Mergo rupamu semrawut)

――≠――

Monggo di LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Parikan Edisi Tobat

4/25/2014 Posted by Unknown No comments
Parik'an edan kang men
Parik'an edisi tobat

~anak boyo nguntal kupat
~mandek kerjo,ayo sholat jum'at
~sinta jojo ngombe AUTAN
~kerjo yo kerjo,ojo lali jum'atan

LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

22 Apr 2014

Neng SD Maju Mundur Lagi Enek Ujian Nasional

4/22/2014 Posted by Unknown No comments
Neng SD maju mundur lagi enek Ujian nasional
Salah sijine peserta iku paijo jr kelas 3 SD
saking pintere paijo jr murid 20 rangking 21,dadi ojo kuwatir nek paijo jr munggah kelas
nganti nulis biodata wae leren takon marang pengawas ujian sing jenenge pak guru jemblung

PAIJO JR : pak guru nama niku nopo?

PAK GURU : kuwi di tulis jenengmu le,bocah ganteng koyok brutu kethek

PAIJO JR : jeneng kulo PAIJO JUNIOR ANGGE ORONG ORONG ORA ENEK BAPAK'E NANGING AKEH SING NGEMONG

PAK GURU : woi jeneng sak kabupaten ojo kok gawe kabeh (esmosi tingkat RW )

PAIJO JR : lha nek hoby niku nopo pak guru

PAK GURU : hoby kuwi kegiatan sing kok senengi terus ditulis neng lembar kertas kono

PAIJO JR : hoby kulo nyolong anduk'e tonggo sak ngincenge nek adus

PAK GURU : ngono yo kenek COKKK (esmosi tingkat kelurahan )

PAIJO JR : alamat niku nopo pak guru?

PAK GURU : alamat iku omah sing kok panggoni utowo jenenge desomu yo tulisen pisan

PAIJO JR : alamat kulo gang menggak menggok mlebu sitik kuburan londo ngetan sitik kuburan cino,omah kulo enek neng tengah tengahe

PAK GURU : sak karepmu sing penting kok tulis (esmosi tingkat kecamatan nganti pak guru gerah polone)

PAIJO JR : nek Jenis cowok/cewek niku nggih di tulis pak

PAK GURU : yo mesti to le...

PAIJO JR : Pak guru,nek jenise
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Kelamine di GAMBAR pripun pak,mergine kulo mboten saget nulis
Saknaliko PAK guru golong neng latar,nangis koyok bencong TOMBOY

Monggo DI LIKE & BAGIKAN
By
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Moro Neng Omahe Paiman

4/22/2014 Posted by Unknown No comments
Paijo moro neng omahe paiman

PAIJO : man,aku arep nyileh celonomu

PAIMAN : golek ono neng lemari,kowe arep nengdi nyileh celono barang

PAIJO : aku arep kencan,sekalian nyileh kaos pisan yo man?

PAIMAN : WEDUS GEMBEL@¤#*,gendaan ora gelem ragat

PAIJO : minyak wangimu neng ngendi man

PAIMAN : ASEM KOWE!, Kowe jan ora tau ragat,neng nduwur lemari kono

PAIJO : (sak awak paijo semprotan minyak wangi)siap budal gendak'an

PAIMAN : JIANGKRIK,Ambumu koyok bencong mangkal

PAIJO : menengo cangkemu man,sepedah motormu tak gawe yo

PAIMAN : iyo,wes ndang budal,kebelet neng WC aku nek nyawang rupamu

Paijo budal numpak sepeda motor neng omahe srintil,tekan tengah dalan paijo enek sing lali jur
balik muleh neng omahe paiman

PAIJO : (bengok bengok neng omahe paiman)
WOI...MAN kowe neng ngendi?

PAIMAN : aku neng mburi mu COKKK,bengok bengok koyok lambemu ora tau di slameti

PAIJO : WALAH...jebule kowe neng kono,tak kiro kowe mau
.
.
.
.
.
.
.
.
‪#‎guyonanjowokangmen‬
.
.
.
.
.
ASU ANGKREM muehe...he...he...(mringis asu didis)

PAIMAN : enek opo maneh kowe rene maneh

PAIJO : enek sing lali (lupa) man

PAIMAN : opo sing lali

PAIJO : aku lali arep
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NYILEH duwit 50 ewu gawe tuku bensin

PAIMAN : JIANCOKKK,kowe genda'an mung ragat
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MANUK,(karo nyawat duwit 50 ewu recehan)

PAIJO : suwun man,aku tak mangkat yo(cipika cipiki pipi ne paiman)nek tuku bensin neng ngendi man?

PAIMAN : NENG HONGKONG (kaRO ngidu metu rodo becak) rumangsamu aku maho


Lur,Nek awakmu duwe konco koyok paijo,penak'e dikapakno???
Kiro kiro awakmu opo duwe konco sing koyok paijo??

By
.
.
.[[ kang men ]]

21 Apr 2014

Paijo Diparani SPG Ayu

4/21/2014 Posted by Unknown No comments
Isuk isuk Paijo lagi leyeh leyeh neng ngarep omah karo rokok'an mbako

Paijo di parani SPG sing ayu semok montok bakulan panci jenenge paijem

PAIJEM : kulo nuwun pak

PAIJO : monggo mbak,sampean arep golek'i aku muehe...he...he...(guyu bangga)

PAIJEM : aku golek'i bojone sampean mas

PAIJO : tak kiro golek'i aku,bojoku enek,nanging iki mau jek metu (keluar) mbak

PAIJEM : nek ngono tak enteni pak

PAIMAN : sampean enteni neng ruang tamu kene mbak

PAIJEM : injih mas,matur suwun


Karo paijo ditinggal macul neng kebonan kiro kiro enek 5 jam baru muleh neng omah
Paijem sing kawit mau ngenteni boyok'e kemeng bokonge nganti kisut, jur takon marang paijo


PAIJEM : mas,tak enteni kawit mau bojone sampean kok ora ketok

PAIJO : Opo bokonge sampean wes kemeng ngenteni bojoku teko

PAIJEM : ora trimo kemeng mas,nek ku ngenteni nganti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
PAIJO : nganti kesel
.
.
.
.
.
.
PAIJEM : ora mas,tapi nganti
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
BOKONG KU LUMUTEN MAS

PAIJO : jebule sampean iso ndagel mbak muehe...he.,he...(mringis mesum)

PAIJEM : emange bojone sampean metu neng ngendi kok suwe

PAIJO : bojoku metu neng kuburan

PAIJEM : kiro kiro kapan nek muleh

PAIJO : kiro kiro
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ora muleh,wes enek 25 tahun ora muleh

PAIJEM : JIANGKRIK TENAN WONG IKI@#&*

Saknaliko paijem pamit muleh karo krukupun panci

Monggo Di LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

Paijo Oleh Surat Teko Srintil

4/21/2014 Posted by Unknown No comments
Ceritone Paijo oleh surat teko srintil
Surat iku ngene munine
Assalamualaikum mas paijo,
Sak durunge aku njaluk sepuro mas,nek aku ngirim surat iki marang sampean
(batine paijo,walaikum salam,ora opo dik)
Nek kelingan jaman biyen aku iki seneng lan tresno marang sampean sing ora iso tak lalekne,
Nanging sampean ojo duwe prasangka elek marang aku
Sak tenane iku aku di JODOHNE wong tuoku mas
(Batine paijo : BLEDERRR,rasane kilat nyamber mbun mbunane paijo)
Aku dewe ora iso nolak mas,aku kepengen nyenengne wong tuoku nanging aku yo ora gelem ninggalne utowo nglarani ati ne sampean
(Paijo ngelus dodo,sing rasane koyok di tubles keris)
Anggep ae aku iki wes ora ono neng ati sampean
(Paijo netes eluh sirah'e di senden ne cagak)
Atiku iki ora iso nglalekne sampean,aku mung iso pasrah opo jarene wong tuoku(eluh neng pipine srintil netes netes neng kertas surat)
Aku mung iso ngirim foto iki,ugo iso gawe tombo kangen sampean nek kelingan aku
(Paijo Nempelne foto neng dodone,nangis lahir batin)
Sepurone mas,cukup sakmene aku ora iso dowo dowo nulis surat iki ,wasalam.
Dadi inti cerito iki:
Sak tenane Wong lanang iku yo duweni perasaann,ojo gampang gawe dolanan atine .
Mugo mugo member guyonan jowo Lanang utowo wedok ugo iso jogo perasaane pacare,
Lorone panu kenek di obati,tombone loro ati golek neng ngendi



By
.
.
.
[[ kang men ]]