Surat iku ngene munine
Assalamualaikum mas paijo,
Sak durunge aku njaluk sepuro mas,nek aku ngirim surat iki marang sampean
(batine paijo,walaikum salam,ora opo dik)
Nek kelingan jaman biyen aku iki seneng lan tresno marang sampean sing ora iso tak lalekne,
Nanging sampean ojo duwe prasangka elek marang aku
Sak tenane iku aku di JODOHNE wong tuoku mas
(Batine paijo : BLEDERRR,rasane kilat nyamber mbun mbunane paijo)
Aku dewe ora iso nolak mas,aku kepengen nyenengne wong tuoku nanging aku yo ora gelem ninggalne utowo nglarani ati ne sampean
(Paijo ngelus dodo,sing rasane koyok di tubles keris)
Anggep ae aku iki wes ora ono neng ati sampean
(Paijo netes eluh sirah'e di senden ne cagak)
Atiku iki ora iso nglalekne sampean,aku mung iso pasrah opo jarene wong tuoku(eluh neng pipine srintil netes netes neng kertas surat)
Aku mung iso ngirim foto iki,ugo iso gawe tombo kangen sampean nek kelingan aku
(Paijo Nempelne foto neng dodone,nangis lahir batin)
Sepurone mas,cukup sakmene aku ora iso dowo dowo nulis surat iki ,wasalam.
Dadi inti cerito iki:
Sak tenane Wong lanang iku yo duweni perasaann,ojo gampang gawe dolanan atine .
Mugo mugo member guyonan jowo Lanang utowo wedok ugo iso jogo perasaane pacare,
Lorone panu kenek di obati,tombone loro ati golek neng ngendi
By
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar