28 Feb 2015

Paijo Bapak Seng Cerewet

2/28/2015 Posted by Unknown , , No comments
Paijo jr lagi dolanan motor motoran neng emperan omah
Saking suwene nek dolanan paijo jr wetenge luwe

PAIJO JR : pak'e wetengku luwe

PAIJO : kono ndang mangan,nanging ojo akeh akeh nek mangan(boros beras)

PAIJO JR : pak'e, aku pengen ndelok TV acarane JODHA AKBAR

PAIJO : kowe opo ngerti ceritone,

PAIJO JR : aku mung ngerti cewek'e ayu ayu lan semok semok

PAIJO : wow,...S€MP@K AMOH jek cilik ngerti cewek,
nanging ojo suwe suwe(mundak boros listrik)

PAIJO JR : pak'e,aku arep tuku jajan yo

PAIJO : oalah mari mangan kok njaluk jajan,wetengmu kuwi weteng opo

PAIJO JR : iki jenenge weteng karet nek kewareken mung molor muehe...he...he....

PAIJO : bocah edan,ora usah jajan (mundak boros duwit

PAIJO JR : pak aku arep adus yo

PAIJO : ndang cepet nek adus ojo suwe suwe(mundak boros banyu),
Le,..nek mari adus bapak tukokne racun tikus

PAIJO JR : di gawe opo pak'e

PAIJO : Diemplok BLOKKK!!!

Paijo jr budal tuku obat racun tikus jur muleh
Tekan omah paijo jr dikongkon bapak'e gawekne teh anget

PAIJO : le,nek gawe teh gulone saitik wae(mengko ben ora boros gulo)

PAIJO JR : injih pak'e,(grandong anak'an wong tuwek iki rewel wae)

PAIJO : dengaren le,teh gaweanmu enak banget

PAIJO JR : enak yo pak'e teh gaweanku

PAIJO : : Iyo le,lha obat racun tikuse ndi?

PAIJO JR : iku mau
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak campurne teh(ben ora boros nyowo)

Paijo langsung mendem wedok'an



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

27 Feb 2015

Paijo Dadi Buronan Tingkat Kelurahan

2/27/2015 Posted by Unknown , , , No comments
Paiman sing lagi tenguk tenguk neng emperan omah lakokne di tubruk karo paijo

PAIMAN : WOI.,.Dengkulmu opo ora nyawang nek neng kene enek menungso

PAIJO : sepurone man,aku ora nyawang

PAIMAN : Kowe iki kenopo mlayu mlayu koyok di uber demit

PAIJO : ceritone dowo man(ambekane karo ngos ngosan)aku iki di uber kucing

PAIMAN : muehe...he...he...karo kucing wae wedi

PAIJO : lha neng mburine kucing enek kirek'e

PAIMAN : nek iku kowe ora opo wedi,neng mburine kirek enek sing nguber maneh ora

PAIJO : enek man,rentenir sing arep nagih utang aku

PAIMAN : kowe iki urip kok gawe mampir utang,kudune gawe mampir ngombe,
Lha neng mburine rentenir enek sopo

PAIJO : enek pak lurah arep bacok aku

PAIMAN : kenopo pak lurah nguber kowe

PAIJO : Anak'e tak gendak terus aku titip momongan 3 ulan aku di kongkon ngrabi

PAIMAN : bocah J*NC*K anak'e wong gawe barang titipan

PAIJO : enek siji maneh man sing nguber aku

PAIMAN : sopo jo wonge

PAIJO : iki mau aku di uber pak lurah, aku langsung wae mlebu pawonmu,
Dilalah bojomu lagi masak
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Tak ambung pipine,aku di uber bojomu pisan

PAIMAN : G*T*L*SASI kowe wani ngambung bojoku
(langsung wae paiman nguber paijo gowo pacul)

Member guyonan jowo kang men guya guyu kemekelen karo muni muni

(MATEK KOWE JO,MODAR ORA KOWE,PACUL WAE MANUK EMPRITE)



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

26 Feb 2015

Paijo Edan Anyaran Lagi Adzan

2/26/2015 Posted by Unknown , , No comments
Awan iku enek wong lanang lagi adzan neng masjid

Dilalah sing adzan neng masjid iku jebule paijo sing edan anyaran

Wong kampung podo moro neng masjid termasuk ketua RT ne sing jenenge paiman


PAIMAN : kowe opo kentek'an obat

PAIJO : ora pak RT,Obatku jek ijek

PAIMAN : opo kowe di kirim nen RSJ wae

PAIJO : ampun,mboten usah pak RT

PAIMAN : lha kowe nyapo awan awan adzan neng masjid

Wong kampung podo ngomel ora karu karuan
''WOI BOYO KATHOK'AN, kowe edan opo waras
'' DASAR KETHEK PANUEN,gebuk'i wae pak RT
''LANGSUNG WAE DIMUTILASI TAEK'E

PAIMAN : kowe mesti melu Aliran SESAAT

PAIJO : aliran SESAT COKKK!! RT edan

PAIMAN : sing edan kowe,kowe mesti melu aliran sing ora genah

PAIJO : mboten pak RT

PAIMAN : nek ora melu aliran sesat kenopo iki mau kowe adzan ,kok ora kawit mau ae

PAIJO : lha dek mau wayah adzan
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
JUM'AT wong kampung podo ora enek sing ning masjid,

Bareng aku adzan sak iki kok podo arep jamaah neng masjid

Wong kampung sak pak RT ne langsung muleh dewe dewe

Pesen moral :
Mendeng edan nanging ngelakoni kewajiban,
Tinimbang waras ora gelem ngelakoni kewajiban



LIKE & BAGIKAN
.
.
.
[[ kang men ]]

25 Feb 2015

Paijo Ketemuan Neng Taman Tresno Sudro

2/25/2015 Posted by Unknown , , No comments
Naliko paijo kerjo neng perantauan kenal cewek sebut wae jenengenge srintil,sing
bocahe ayu,meneng,ora tau neko neko

Senajan pacaran suwe paijo ora wani nyekel tangan utowo ngambung koyok sing di lakoni bocah nom nom sak iki,nek gandengan tangan iku wae wektu nyebrang dalan utowo nyebrang kali

Akhire Wong 2 iku podo duweni tresno sing koyok koyok ora biso di pisahne
Ing salah sawijine dino srintil kepengen ketemuan marang paijo,sopo sebenere srintil

Wong 2 iku ketemuan ning taman tresno sudro

SRINTIL : Mas,sak durunge aku crito,penjalukku sampean ojo gelo marang aku

PAIJO : sampean kepengen kondo opo marang aku

SRINTIL ; saktenane arek cilik sing jenenge STELLA(nama samaran)neng njero omahku ora adikku nanging anakku

PAIJO : (BLEDARRR....BLEDERRR rasane awan iku koyok enek bledhek sing podo nyamber)dadi selama iki sing kok anggep adik iku anakmu

SRINTIL : iyo mas,kejadian iku wes suwe banget jaman aku ijek sekolah,
Aku duwe pacar nanging ora gelem ngakoni nek STELLA iku anak'e(ora kroso mripat iki kebak banyu sing mestine ora iso kebendung)

.
.
.
Semenjak kejadian ning taman paijo lan srintil ora pernah ketemu

Wes enek telung ulan sak wise kejadian ning taman paijo ngejak srintil janjian mlaku mlaku golek nasi goreng

Dilalah Sak durunge mlebu neng njero bakul nasi goreng,enek wong lanang sing lagi telpon karo mangan,nanging wong iku cepet cepet metu teko warung kiro kiro nasi goreng sing wes di pesen mung di pangan telung sendok

Paijo lan srintil lingguh ning panggonan sing di panggoni wong sing cepet cepet metu teko warung

SRINTIL : mas,aku arep ngomong

PAIJO : sampean arep ngomong opo dik

SRINTIL : awak dewe iki wes suwe pacaran,ibuk lan bapakku yo wes ngerti nek awak dewe pacaran,opo sampean jek kepikiran kejadian ning taman biyen

PAIJO : selama iki,aku jek kepikiran

SRINTIL : dadi sampean ora biso nrimo kejujuranku opo sing tak critakne wektu neng taman,opo mergo aku bekase wong liyo sampean ora gelem nompo aku(neng njero dodo rasane pegel,perih sing ora biso di roso karo wong liyo)

Paijo jupuk nasi goreng bekase wong liyo jur di wehne srintil

PAIJO : nek sampean gelem iki sampean maem dik

SRINTIL : nek sampean ora iso nukokne nasi goreng,aku jek iso tuku dewe,
Ora bekase wong liyo sampean wehne aku

PAIJO : Ngene lho dik,senajan nasi goreng iki bekase wong liyo nanging rasane iku podo wae ora enek bedane,aku iki nrimo sampean nanging yo butuh wektu ora nafsu

Ibaratne wae koyok nasi goreng iku mau,senajan rondo utowo dudo nanging rasane podo wae ora enek bedane

Akhire paijo lan srintil bungkus nasi goreng jur muleh neng omahe dewe dewe

Neng njero kamar wong 2 iku podo ora turu malah podo tangisan

Pesenku mung siji neng dulur dulur guyonan jowo kang men ''JOGONEN BARANG MU KUWI''


LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]

24 Feb 2015

Ngapusi Pak Polisi

2/24/2015 Posted by Unknown No comments
Wektu iku paijo muter muter neng kuto,tekan perempatan enek operasi polisi,enek Sing ngarani operasi zebra,enek sing ngarani operasi batu ginjal opo jantung muehe....he...he...(guyon lur ojo di lebokne ati

Mari kenek operasi paijo malah bangga jur muleh curhat marang koncone sing jenenge paiman

PAIMAN : mari tekan ngendi jo

PAIJO : mari kenek operasi polisi muehe....he...he..(guyu bangga)

PAIMAN : kowe mari kenek operasi kok malah guya guyu

PAIJO : yo jelas bangga man,wong aku iso ngapusi polisi muehe...he...he...(ngelap iler gawe gombal koMPor)

PAIMAN : emange kowe ngapusi opo karo polisi

PAIJO : pertamane polisine marani aku

PAIMAN : terus

PAIJO : aku di takoni ngene (tolong SIM dikeluarkan)

PAIMAN : kowe jawab piye

PAIJO : aku ora gowo SIM,trus aku ditakoni maneh karo polisine (Kalau begitu STNK nya di keluarkan)

PAIMAN : terus Kowe jawab piye

PAIJO ; Ora gowo pak

PAIMAN : jarene kowe iso ngapusi polisi

PAIJO : padahal aku iku Gowo SIM karo STNK nanging polisi tak apusi nek aku ora gowo

PAIMAN : Lha terusane piye

PAIJO : Aku mung
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Bayar denda 300 Ewu nanging iso ngapusi polisi

PAIMAN langsung bunuh diri nguntal BUSI(mergo isin duwe konco paijo)



LIKE & BAGIKAN
.
BY
.
.
.
[[ kang men ]]

23 Feb 2015

Paiman Gawe Sayembara Gedhe

2/23/2015 Posted by Unknown No comments
Paiman ngenekne sayembara gede gedean,wong sak kampung podo kumpul ndelok sayembara iku
Hadiahe yo gede pisan,sepeda motor anyar jek tas mudun teko deler

Sayembara iku ngalahne ulo sing neng njero sumur,gak trimo ulo kasur,ulo kobra,ulo pyton pokok'e isi sumur ulo sing ganas ganas lan gede gede

PAIMAN : sopo sing wani nyemplung sumur hadiahe HONDA JAZZ

Wong sak kampung podo meneng ora jawab

PAIMAN : hadiahe di tambah omah sak isine

Wong kampung podo meneng ora jawab

PAIMAN : Hadiahe di tambah tanah landasan pesawat juanda sing gede

Wong kampung ora enek sing wani ngomong,kabeh podo meneng

Ora di nyono paijo nyemplung sumur
Wong kampung podo Sorak sorak enek sing jogetan mergo paijo wani nyemplung sumur
Akhire ulo neng njero sumur iku matek kabeh di kalah ne paijo,nanging rupane paijo dedel duwel lambene nyonyor di cokot ulo

PAIMAN : pemenange sayembara iki paijo,oleh hadiah omah sak isine + parkiran mobil ombene sak landasan pesawat juanda

PAIJO : aku ora
Gelem nompo hadiah iku

PAIMAN : hadiah ditambah emas 1kg

PAIJO : tetep ora gelem nompo hadiahe sing diwei paiman

PAIMAN : hadiah di tambah keliling dunia numpak pesawat pribadi

PAIJO : tetep wae ora gelem nomPo

PAIMAN : SAk jane iku,penjaluk opo

PAIJO : penjalukku mung siji

PAIMAN : sebutne penjaluk'anmu mesti tak turuti

PAIJO : AKU MUNG JALUK
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
SOPO SING JUNGKRAKNE AKU NENG NJERO SUMUR



LIKE & BAGIKAN
by
.
.
.
[[ kang men ]]