18 Okt 2013

Paijo Versus Kang Men

10/18/2013 Posted by Unknown 2 comments
Paijo dolan neng omahe [kang men]

KANG MEN : jo,kowe sak iki dadi artis neng guyonan jowo,member akeh sing ngomong nek kowe pinter

PAIJO : iyo kang men selama iki aku durung enek sing nandingi (kwakwakwak guyu bangga karo nyisir gingsule pitu likur)

KANG MEN : aku kepengen ngerti  kepinteranmu

PAIJO : wes ngene wae kang men,sampean iso jawab bedek'an ku ora...

KANG MEN : bedek'an mu opo,jajal tak jawabpe

PAIJO : bedek'an ne ngene:
Metune alon mlebune banter opo

KANG MEN : nek iku jawabane wong umbelen : umbele nek metu alon nek di sedot mlebune banter,bener opo ora

PAIJO : bener iku,iki enek bedek'an maneh,
Di cokot bongkote sing kurang pucuk'e

KANG MEN : iku kan wong ngrokok,bener ora

PAIJO : bener kang men,wes aku nyerah

KANG MEN : sak iki kowe tak takoni,nek aku takon iyo kowe jawabpen ora,nek aku takon ora jawabpen iyo,
wes ngerti durung kowe jo

PAIJO : Nek ngono yo gampang to kang men

KANG MEN : sak iki takonku ngene,
Jo kowe opo ora tau ngerti telek kebo

PAIJO : iyo ngerti

KANG MEN : bentuk'e telek kebo iku  cilik iyo

PAIJO : ora gede

KANG MEN : kiro kiro nek jek tas nelek opo ora anget

PAIJO : iyo anget

KANG MEN : nek kowe wes ngerti telek kebo iku anget,kenopo ora kok EMPLOKKK

PAIJO : IYO TAK EMPLOK

KANG MEN : Rasane ora enak to,,

PAIJO : IYO ENAAAKKK,

KANG MEN : aku ngono ku opo iyo kok turah'i

PAIJO : ORA TAK TURAH'I,
Sak naliko paijo kejang kejang kenek STROKE STADIUM 9
.
.
.
[[ kang men ]]

2 komentar: