Jaman biyen Durung enek handphone utowo alat komunikasi koyok jaman sak iki sing wes modern
Paijo lan srintil iki pacaran lewat layang (surat)
Iki surate srintil sing di kirim,
karo paijo jur diwoco
Monggo di woco lan di resapi lur
Assalamualaikum mas paijo,neng kene kabarku sehat,mugo mugo mas paijo di paringi kesehatan lan ketabahan moco surat sing tak tulis iki
(PAIJO walaikum salam dik sri,amin...3x)
Mas paijo sing dadi gandolane atiku,aku ngirim surat iki mergo ijek duweni tresno marang sampean,
Senajan wong tuo ku ora ngrestoni hubungane awak dewe nanging aku tetep setio ngenteni sampean
(PAIJO jebule srintil ijek seneng karo aku)
Aku ora iso ketemu sampean saben dino,nanging atiku ijek iso nyanding tresno teko sampean
(PAIJO senajan hubungane awak dewe adoh aku yo tetep setio sri)
hubungan awak dewe ora direstui aku tetep nekat merjuangne tresnoku,mergo
aku ora biso nglalekne sampean,
Aku mung biso pasrah mas,mugo mugo aku kuat ngadepi masalah neng keluargaku
(Paijo aku mung iso bantu dongakne sri)
Atiku sing keronto ronto saben dino mung iso pasrah marang sing KUOSO
Tetesan banyu eluh mRipatku netes neng surat iki sing dadi saksi tresno ku marang sampean
Nek pancene awak dewe ditakdirne jodo marang gusti,wong tuo ku loro (2) ora iso ngalangi,
lan
Nek seumpomo awak dewe ora jodo relakno sapu tangan teko sampean iki tak simpen gawe bukti
(Paijo,sabar yo sri)
Cukup sakmene aku iso nguwei kabar sampean,
Sak durunge nyowo ku di jabut mugo mugo aku iso moco balesan surat teko sampean mas paijo
Iki tondo sayangku gawe sampean,
(Srintil gawe gincu trus ngambung neng pojok ngisor surat,sing mbekas lambe)
Nek pacaran model jaman sak iki,karo pacare mung di wei tondo jempol wae wes seneng
By
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar