Parik'an edisi bojo ngamuk
1. ~Kurungan ijo
manuk'e pentet
Ngunduh klopo
gowo raket
~Duwe bojo lambene cerewet
Lambene dowo kunciren karet
――≠――
2. ~Wit waru mangklung
Neng kali
Wit telo
Ojo di jeboli
~Tangi turu
Kon ngorah'i panci
Mangkat kerjo wes di omeli
――≠――
3. ~pak camat
Ngingu manuk
Jam papat jagone kluruk
~muleh kerjo telat
Bojone ngamuk
Ndok papat
Kabeh di remuk
――≠――
4. Wit gapuk di gawe mbakar
Mripat ngantuk koPi tombone
~bojo ngamuk gowonen neng pasar
Ijolno gethuk gawe tombo luwe
――≠――
Pilih parik'an sing kok senengi
Sing cocok karo kisah lan tragedimu
.
.
.
.
[[ kang men ]]
0 komentar:
Posting Komentar